wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BASA JAWA KD 3.5

Total questions: 15

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Mangga kula lan panjenenengan tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, inggih awit sih wilasanipun kita pinaringan kanikmatan, satemah saged kempal ing pahargyan PEPISAHAN SISWA KELAS VI tamatan warsa 2015/2016 ing dinten Kemis Wage 9 Juni 2015 ing SD Pamardi Putri kanthi widada nir ing sambekala.

Nitik saka ukarane, pethikan ing dhuwur klebu perangan ... sesorah.

a)

isi

b)

salam

c)

pambuka

d)

panutup

2.

Ukara ing ngisor iki kang klebu tuladhane wasana basa sesorah yaiku….

a)

Mekaten atur kula, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten

b)

Matur nuwun bilih panjenengan sampun saged ngrawuhi wonten adicara menika

c)

Katur Panjenenganipun Bapak saha Ibu Guru saha Kepala Sekolah

d)

Mangga kula dherekaken ngunjuk syukur dumateng Gusti Allah

3.

Soroting mripat nalika maca teks pidhato becike….

a)

jlalatan rono rene tanpa maca teks

b)

tunuju ing pamireng diselingi ing teks

c)

mandhuwur karo maca teks

d)

mangisor karo maca teks

4.

Gatekna perangan sesorah ing ngisor iki!

1) Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh.

2) Bapak Ibu Guru ingkang tuhu kinurmatan, rencang-rencang SD Arum Dalu ingkang minulya.

3) Wasana cekap semanten atur kula. Mbok bilih wonten atur ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agenging pangaksami.

4) Kanthi punika panitia rumaos entheng anggenipun nindakaken acara. Mugi-mugi acara perpisahan punika saged kaleksanan kanthi sae.

5) Kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sadaya kemawon ingkang kersa paring pambiyantu amrih kaleksananipun perpisahan punika.

6) Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Urutane sesorah sing bener yaiku nomer....

a)

6, 2, 4, 3, 5, 1

b)

6, 2, 5, 4, 3, 1

c)

1, 2, 3, 4, 5, 6

d)

1, 5, 3, 4, 2, 6

5.

1. Gatekna pethilan teks sesorah ing ngisor iki!

Bapak Kepala Sekolah, Saha Bapak/ Ibu Guru ingkang kinurmatan, Bapak/ Ibu tiyang sepuh murid ingkang kula bekteni, ugi para kanca ingkang kula tresnani, … ingkang paring nikmat dhumateng kita saengga saged makempal ing papan pepisahan kelas 6 dinten punika.

Ukara sing trep kanggo ngganepi teks sesorah ing dhuwur yaiku…

a)

Sumangga kita tansah ngabektik dhumateng ibu pertiwi.

b)

Sumangga kula dherekaken kondur dhateng dalem.

c)

Sumangga kita sami-sami nyuwun idi pangestu.

d)

Sumangga kita munjukaken syukur dhumateng Gusti.

6.

1. Kula minangka wakil adhik-adhik kelas kepareng matur dhumateng kakak-kakak kelas. Kula nderek bingah amargi sampun lulus lan ngrampungaken pasionan ing SD Negeri Sukamaju mriki.

Isi pidhato ing dhuwur yaiku lare-lare adhik-adhik kelas …

a)

atur panuwun dhumateng kakak-kakak kelas

b)

atur pamitan dhumateng kakak-kak kelas

c)

atur pangapunten dhumateng tiyang sepuh

d)

ngaturaken kenang-kenangan dhumateng kakak-kakak kelas

7.

Gatekna perangan pidhato ing ngisor iki!

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kawula urmati, rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani. Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan saged makempal wonten ing papan punika kangge ngawontenaken pepisahan.

Tembung kang kacetak miring ing dhuwur tegese ….

a)

kanca ; dhuwur

b)

kanca ; gedhe

c)

rewang ; gedhe

d)

rewang ; dhuwur

8.

Wacanen pidhato kang ora urut ing ngisor iki !

1) Babagan kebersihan lingkungan dados masalah ingkang penting amargi panggenan punika kangge gantungake urip manungsa sedaya. Mila kita njaga

lingkungan kanthi sae.

2) Cekap semanten atur kula, menawi wonten lepatipun nyuwun pangapunten.

3) Assalamualaikum warahmatullahiwabarakatuh

4) Ingkang kinurmatan Ibu Kepala Sekolah saha Bapak / Ibu Guru ugi rencang-rencang ingkang kula tresnani

Parangane pidhato ing dhuwur kang kalebu penutup diwenehi tandha nomer ….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

9.

1. Kula minangka wakil adhik-adhik kelas kepareng matur dhumateng kakak-kakak kelas. Kula nderek bingah amargi sampun lulus lan ngrampungaken pasionan ing SD Negeri Sukamaju mriki.

Pidhato ing dhuwur disampaike dining …..

a)

Siswa Kelas 6

b)

Adhik-adhik kelas

c)

Bapak/ Ibu Guru

d)

Bapak Kepala Sekolah

10.

Jeneng liyane pidato basa jawa yaiku ....

a)

cerita

b)

sesorah

c)

geguritan

d)

nembang

11.

Tembung "warsa" tegese ....

a)

taun

b)

sasi

c)

dina

d)

minggu

12.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Ukara iku ing pidhato kalebu….

a)

purwaka

b)

pangarep-arep

c)

salam pambuka

d)

surasa basa

13.

Basa sing digunakake kanggo pidato perpisahan kelas 6 yaiku basa ....

a)

ngapak

b)

ngoko

c)

krama

d)

daerah

14.

Sawise Kemis Wage, esuke banjur ...

a)

Jemuwah Legi

b)

Jemuwah Pahing

c)

Jemuwah Kliwon

d)

Jemuwah Wage

15.

" Pinanggih kanthi widada nir ing sambekala." Widada tegese

a)

urip

b)

becik

c)

seneng

d)

slamet