wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS Bahasa Jawa Kelas 6

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Bu Guru . . . . amarga murid-murid padha rame.

a)

nesu

b)

duka 

c)

ngomel

d)

muni-muni

2.

Nalika mara tamu ing ndaleme Bu Diah, aku dicaosi suguhan gedhang goreng. Tembung dicaosi benere . . . .

a)

diwenehi

b)

diparingi

c)

dicaoske

d)

ditumbasne

3.

Bapak  wis  mulih  saka  sawah. Ukara  kasebut  yen  didadekake  krama  alus yoiku . . . .

a)

Bapak  sampun  wangsul  saking  sabin

b)

Bapak  sampun  kondur  saking  sabin

c)

Bapak  wis  kondur  saka  sawah

d)

Bapak  wis  wangsul  saka  sawah

4.

Bapak : “Le, yen arep lunga pamitan ibu lan ngati-ati!” Ukara sing diucapake bapak klebu . . . .

a)

pakon

b)

paweling

c)

pitakon

d)

prentah

5.

Masyarakat kudu mbudidaya nandur wit-witan kanggo nyegah . . . .

a)

banjir

b)

udan

c)

tsunami

d)

limbah

6.

Mbak Ufa iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane. Tembung isinan iku tegese . . . .

a)

ora nduwe isin

b)

seneng ngisin-ngisini

c)

gampang isin

d)

ora isin blas

7.

Anake  pitik  jenenge . . . .

a)

kuthuk

b)

pedhet

c)

cempe

d)

munyuk

8.

Cekelen iwake aja nganti buthek . . . .

a)

panggone

b)

wadhahe

c)

banyune

d)

kaline

9.

Wong kang penggaweyane nglakokake sepur diarani . . . .

a)

pramugari

b)

kondektur

c)

masinis

d)

sopir

10.

Badriah kuwi pancen bocah sregep. Sregep kosok baline yaiku . . . .

a)

nangisan

b)

bodho

c)

nakal

d)

lumuh

11.

Tukang gawe barang saka wesi iku diarani . . . .

a)

jlagraundhagi

b)

kemasan

c)

pandhe

d)

undagi

12.

Basa ngoko lugu yaiku basa kang tembung-tembunge diucapake kanthi ngoko kabeh. Basa ngoko lugu iku ora pantes diucapake . . . .

a)

wong tuwa marang wong enom

b)

bocah marang kancane

c)

anak marang wong tuwa

d)

wong tuwa marang anake

13.

Alat telekomunikasi, wujude praktis bisa digawa lunga-lunga, ora mbutuhake kabel amarga  migunakake sinyal saka satelit. Alat sing dikarepake yaiku ….

a)

televisi

b)

komputer

c)

telepon

d)

handpon

14.

Wite jenenge damen, wohe kanggo pangan kang pokok, lumrahe ditandur ing sawah ana ing mangsa rendeng. Crita iki cocog kanggo nyritakake sing arane tanduran . . . .

a)

beras

b)

lombok

c)

jagung

d)

seledri

15.

Yen rame dhewe nalika diterangake Pak Guru mengko ora bisa . . . . yen ana tugas.

a)

nulis

b)

nggarap

c)

maca

d)

ngetik

16.

Yen mbuwang sampah iku kudu ana ing . . . .

a)

kali

b)

pawon

c)

latar

d)

tempat sampah

17.

Gambar wayang ing sing duweni kuku dowo jenenge . . . .

a)

bagong

b)

semar

c)

petruk

d)

gatutkaca

18.

Tahu  lan  tempe  kuwi  digawe  saka . . . .

a)

kedele

b)

terigu

c)

beras

d)

daging

19.

Wit gedhang arane . . . .

a)

glugu

b)

sinom

c)

debog

d)

damen

20.

Sing padha sregep sinau . . . . dadi bocah pinter.

a)

amarga

b)

katimbang

c)

supaya

d)

utawa

21.

Mas Hilmi di celuk pakdhe. Tembung di celuk benere . . . .

a)

dikongkon

b)

ditimbali

c)

diutus

d)

diparani

22.

Mbak Anin tuku akuarium kanggo ngingu . . . .

a)

iwak

b)

bebek

c)

macan

d)

pitik

23.

Ibu : “Mar, Mar, tangia!”   

Marni : “Ana apa bu? Aku isih . . . . "
Pacelathon kasebut supaya bener diiseni nganggo tembung . . . .

a)

nulis

b)

maca

c)

ngantuk

d)

sinau

24.

Sepedha montor mlakune luwih . . . . tinimbang sepedha onthel.

a)

alon

b)

suwe

c)

banter

d)

kalem

25.

Emboke  dielus-elus,  anake  diidak-idak. Cangkriman kasebut tegese . . . .

a)

sulak

b)

ondho

c)

nanas

d)

pitik

26.

Pitik walik saba kebon. Cangkriman kasebut batangane . . . .

a)

nanas

b)

salak

c)

genteng

d)

prau

27.

Sego sakepel diribung tinggi. Batangane . . . .

a)

ondho

b)

nanas

c)

salak

d)

pitik

28.

Manuk  tuhu  mencok  pager. Ayo  sinau  ben . . . .

a)

banter

b)

pinter

c)

santer

d)

seger

29.

Lemah kang dikanggokake nandur lan tetanen palawija utawa tanduran diarani . . . .

a)

pekarangan

b)

alun-alun

c)

lapangan

d)

alas

30.

Anak wedus jenenge cempe, yen anak sapi jenenge . . . .

a)

bledug

b)

beyes

c)

pedhet

d)

cemeng

31.

Piranti sing digunakake kanggo nugel kayu yaiku . . . .

a)

pisau

b)

graji

c)

bor

d)

obeng

32.

Armada iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.
isinan kosok wangsule . . . .

a)

Ora nduwe isin

b)

Seneng ngisin-ngisini

c)

Gampang isin

d)

Ora isin blas

33.

Halimah kuwi awakke dhuwur. Tembung dhuwur kosok baline . . . .

a)

putih

b)

cendhek

c)

lemu

d)

cilik

34.

Sing kelebu kebutuhan sekolah yoiku . . . .

a)

buku, tas, mobil

b)

pulpen, garisan, graji

c)

buku, tas, pulpen

d)

sepatu, seragam, lampu

35.

Yoyok didukani Pak Guru amargo mbolos sekolah. Didukani ngokone . . . .

a)

dikongkon

b)

disenengi

c)

dikandani

d)

dikandani

36.

Awakmu apa sido . . . . menyang Surabaya?

a)

tuku

b)

lunga

c)

numpak

d)

mulih

37.

Wong kang gaweyane nglakokake kapal mabur diarani . . . .

a)

sopir

b)

masinis

c)

nahkoda

d)

pilot

38.

Longsore dumadi amarga . . . . deres.

a)

banjire

b)

lemahe

c)

udane

d)

kaline

39.

Nyapu – sabendina – Deo – latar.
Yen ditata murih dadi ukara kang bener dadi ....

a)

Deo sabendina latar nyapu

b)

Nyapu latar sabendina Deo

c)

Sabendina Deo nyapu latar

d)

Latar sabendina nyapu Deo

40.

. . . . jenenge kancamu sing mrene wingi kae?

a)

Pira

b)

Kapan

c)

Apa

d)

Sapa