wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Luhuring drajat gumantung ilat

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Undha-usuk ing basa jawa iku bakune mung ana loro yaiku...

a)

Ragam ngoko alus lan ragam krama inggil

b)

Ragam ngoko lan ragam krama

c)

Ragam krama lugu lan ragam karma inggil

d)

Ragam ngoko lan krama inggil

e)

Ragam krama alus lan krama inggil

2.

Menawa ana wong enom omongan karo wong tuwa ngrembug babagan wong enom liyane apike/kudune ngenggo ragam basa…

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

3.

Kowe yen dikongkon bapak kudu manut, supaya bapak ora nesu. Tembung sing dicitak miring krama inggile, yaiku ....

a)

dikengken, nesu

b)

diutus, duka

c)

dikengken, duka

d)

diutus, muring

e)

dikongkon, duka

4.

Siska : Cin , iki dhuwit bageyanmu saka Bu Thesa.

Cinta: : …

Siska : isuk mau nalika sadurunge bel mlebu.


Ukara kang trep tumrape Cinta…

a)

Kapan olehe menehke?

b)

Kapan olehe nyaoske?

c)

kapan anggenipun maringake

d)

Kapan olehe maringne?

e)

Kapan olehe nggawakne?

5.

Sedaya kemawon saget rawuh sakmenika. Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko lugu, yaiku....

a)

Kabeh wae bisa teka saiki

b)

Kabeh wae bisa mulih saiki

c)

Kabeh wae saged dugi saiki

d)

Kabeh wae bisa budhal saiki

e)

Kabeh wae bisa lunga saiki

6.

Basa ing ngisor iki sing klebu basa ngoko alus yaiku..

a)

Bapak esuk mau apa wis dhahar ?

b)

Adhik apa sida tindak pasar ?

c)

Simbah apa sios tumbas tepung ?

d)

Gisti apa iki agemanmu ?

e)

Sliramu arep kesah endi ?

7.

Nanda wingi tumbas rasukan wonten celake peken. Ukara iki nggunakake basa…

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

krama inggil

d)

ngoko lugu

e)

ngoko alus

8.

Ukara ing ngisor iki sing klebu basa krama lugu yaiku...

a)

Wingi adhik tilem wonten jogan wingking griya

b)

Wingi adhik ditumbasake rasukan dening ibu

c)

Simbah ngunjuk kopi wonten wingking griya

d)

Griya alit punika dalemipun pak Aldy

e)

Bapak nembe nedha ulam lepen wau enjing

9.

Kowe arep diaajak wong tuwamu menyang Semarang. Anggonmu njaluk idin marang gurumu, yaiku…

a)

Kula benjing kedah panjenengan idini, amargi kula dipunajak lunga madiun dening tiyang sepuh kula

b)

Kula benjing nyuwun idin, amargi badhe dipunajak ibu dhateng madiun

c)

Kula benjing boten mlebet, amargi kula badhe tindak madiun kalih ibu.

d)

Dos pundi menawi benjing kula diajak ibu dhateng madiun?

e)

Kula benjing ijin, badhe tindak kaliyan ibu wonten madiun.

10.

Bapak : Han, apa kowe sida lunga Surabaya?

Rehan :……………………..

wangsulane Rehan kang trep kudune kepriye?

a)

InsyaAlloh siyos Bapak, ketingalipun kula siyos kesah mangke sonten menawi boten jawah

b)

InsyaAlloh siyos Bapak, ketingalipun kula siyos tindak mangke sonten menawi boten jawah

c)

InsyaAlloh siyos Bapak, ketoke kula siyos kesah mangke sonten menawi boten jawah

d)

InsyaAlloh siyos Bapak, ketoke akusiyos lunga mengko sonten yen ora udan

e)

InsyaAlloh sida Bapak, ketoke aku sida lunga mengko sore yen ora udan.

11.

Kalawau enjing wanci bapak … kula nembe… sekul goreng.

a)

Siram, nedha

b)

Adus, mangan

c)

Siram, mangan

d)

Adus, dhahar

e)

Siram, dhahar

12.

Andre : Jang, apa ibumu sida lunga Ponorogo?

Ujang :......................

a)

InsyaAlloh sida. ketoke ibu sida lunga mengko sore yen ora udan. paling yen ora lara mbahku ya melu lunga

b)

InsyaAlloh sida. ketoke ibu sida tindak mengko sore yen ora udan. paling yen ora gerah mbahku ya melu tindak

c)

InsyaAlloh siyos. ketoke ibu siyos kesah mengke sore yen ora udan. paling yen orasakit mbahku ya melu lunga

d)

InsyaAlloh sida. ketoke ibu sida lunga mengko sore yen ora udan. paling yen ora lara mbahku ya melu lunga

e)

InsyaAlloh siyos. ketoke ibu sida tindak mengko sore yen ora jawah. paling yen ora lara mbahku ya melu lunga

13.

Ukara ing ngisor iki kang bener manut unggah-ungguh basa yaiku....

a)

“Mbah, panjenengan dhahar rumiyin, kula sampun dhahar.”

b)

“Mbah, panjenengan dhahar rumiyin, kula sampun nedha.”

c)

“Mbah, panjenengan mangan rumiyin, kula sampun dhahar.”

d)

“Mbah, panjenengan nedha rumiyin, kula sampun dhahar.”

e)

“Mbah, panjenengan nedha rumiyin, kula sampun nedha.”

14.

Faiz: Nes, sesuk ayo ngumpulna tugas Biologi

Enes: ngumpulna nang ...... Bu Minah ya. kowe ngerti ta?

Faiz: iya ngerti aku, pinggire ...... Hanif

a)

dalem,omah

b)

griya, omah

c)

dalem, griya

d)

omah, griya

e)

griya, dalem

15.

Bu Lingga: Ros, kanca-kancamu sesuk melu rekreasi apa ora?

Rosita: kalawau terose kanca-kanca........rekreasi Bu. Guru-guru ingkang ...... rekreasi sinten mawon, Bu?

a)

nderek, nderek

b)

tumut, tumut

c)

tumut, nderek

d)

nderek, tumut

e)

melu, tumut

16.

Nalika Simbah taksih ......... kula sampun ...........

a)

adus, siram

b)

sare, adus

c)

tilem, siram

d)

tilem, adus

e)

adus, tilem

17.

anak omongan/matur marang ibuke ngenani bapake, nggunaake ragam basa

a)

krama inggil/alus

b)

krasa lugu

c)

ngoko inggil

d)

ngoko alus

e)

ngoko lugu

18.

Salsa matur marang bapak, mbahas adike Salsa

a)

krama lugu

b)

krama inggil

c)

krama alus

d)

ngoko lugu

e)

ngoko alus

19.

Vinda marang Rozaq, mbahas Tegar

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

20.

nyuwun sewu, Pak. kula badhe nyuwun pirsa, dalemipun Pak Kumara wonten pundi nggih?


kalebu ragam basa apa?

a)

krama inggil/alus

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

ngoko inggil

e)

ngoko lugu

21.

nyuwun sewu, Bu. napa leres menika griyanipun Echa?


kalebu ragam basa apa?

a)

krama lugu

b)

krama inggil

c)

krama alus

d)

ngoko lugu

e)

ngoko alus

22.

basa kang ukarane nggunaake tembung ngoko kabeh

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

e)

krama alus

23.

basa kang ukarane nggunakake tembung ngoko kecampuran tembung krama

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

krama lugu

e)

krama inggil

24.

basa kang ukarane nggunakake tembung krama kecampuran tembung krama inggil

a)

krama inggil

b)

krama lugu

c)

ngoko inggil

d)

ngoko alus

e)

ngoko lugu

25.

basa kang ukarane nggunakake tembung krama sing ora kecampuran tembung krama inggil

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

krama inggil

d)

ngoko lugu

e)

ngoko alus