wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH 1 SERAT WEDHATAMA PUPUH POCUNG

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Tembang macapat kang kamot ing Serat Wedhatama, kaya ing ngisor iki, kajaba...........

a)

pocung

b)

gambuh

c)

kinanthi

d)

sinom

e)

dhandhanggula

2.

Serat Wedhatama anggitane

a)

KGPAA Sri Mangkunegara IV

b)

Ranggawarsita

c)

Pakubuwana X

d)

Hamengkubuwana IV

e)

Yasadipura

3.

Pathokane panulisan tembang macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben sagatra yaiku....

a)

Guru Wilangan

b)

Guru Lagu

c)

Guru Gatra

d)

Purwakanthi

4.

Nitik saka guru wilangan, guru lagu, lan guru gatra kang bener kanggo tembang Pucung yaiku....

a)

12u,6a,8a,121

b)

12u,6a,8i,12a

c)

12u,6a,8i,12a,8a

d)

12u,6a,8i,12i

5.

"Angkara gung neng anggga anggung ....

Gegolonganira

Triloka lekere kongsi

Yen den umbar ambabar dadi rubeda"

Ukara utawa kata kang pas/trep kanggo nglengkapi gatra kapisan yaiku....

a)

gumulung

b)

gumolong

c)

gegulang

d)

gegaraning

6.

"Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun

Semune ....

Sesamane bangsa sisip

Sarwa sareh saking mardi martotama"

Ukara utawa kata kang pas/trep kanggo nglengkapi gatra kapindo yaiku....

a)

ngaksama

b)

ngaksami

c)

ngaso

d)

ngarbota

7.

Cacahing pada/bait Pocung ing Serat Wedhatama

a)

13 pada

b)

14 pada

c)

15 pada

d)

16 pada

e)

17 pada

8.

Guru wilangan larik 2 sekar Pocung

a)

12 wanda

b)

6 wanda

c)

8 wanda

d)

11 wanda

e)

10 wanda

9.

keh pra mudha mundhi dhiri lapal makna


tembung pra ngemu paramasastra......

a)

uluran

b)

wancahan

c)

baliswara

d)

plutan

e)

daya sastra

10.

watake tembang pocung yaiku.......

a)

susah, prihatin

b)

bungah, tresna asih

c)

sakepenake, gojegan

d)

nepsu, muntap

e)

manis, luwes

11.

pocung nggambarake......

a)

jabang bayi ing kandhutane ibu

b)

dituntun suoaya bisa mlaku ngambah ing alam donya

c)

nggambarake urip kang lagi seneng-senenge

d)

wis pegat saka ruhe tinimbalan dening Gusti Allah

e)

layon kang wis mati dibungkus mori

12.

satriya tanah jawi ing jaman biyen cekelan karo telung perkara nalika golek ngelmu. Ing tembang pocung serat wedhatama katulisake ing antarane: "lila lamun kelangan nora gegetun" kang tegese.......

a)

trima yen dilarani dening wong liya

b)

tansah menehi pangapura marang wong kang luput

c)

yen nelangsa dipasrahke Gusti Allah

d)

ikhlas yen kelangan orang getun

e)

tansah golek ngelmu kanthi diwiwiti niat

13.

sarwa sareh saking mardi martotama


tembung "martotama" iku kalebu tembung.....

a)

wancahan

b)

plutan

c)

garba

d)

saroja

e)

entar

14.

angka 1 2 3 4 5 6 ana ing tembang macapat diarani....

a)

titi laras

b)

cakepan

c)

andhegan

d)

pathet

e)

slendro

15.

Taman limut durgameng tyas kang weh limput. tembung "taman" ana ing ukara kasebut tegese....

a)

panggonan kang akeh kembange

b)

papan panggonan

c)

peteng

d)

tutup

e)

ati

16.

38. Durung becus kesusu selak besus

Amaknani rapal

Kaya sayid weton mesir

Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma


durung becus kaselak besus tegese.........

a)

durung ngerti nanging kepengin ngerti

b)

Durung bisa nindakake, nanging wis keminter

c)

durung pinter dandan

d)

durung ahli

e)

durung bisa, nanging kepengin bisa

17.

Nora weruh rosing rasa kang rinuruh

lumeket ana ing angga

Anggere padha marsudi

kana kene kaanane nora beda


Tembang pocung ing dhuwur, manut paugerane ana kang luput yaiku gatra.............

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

18.

"Triloka lekere kongsi" ukara kasebut menawa kagancarake dadi.....

a)

nganti lingkungan telung jaman

b)

nganti sasuwene telung wektu

c)

telung jaman lingkungane nganti

d)

nganti telung kongsi

e)

telung papan panggonane kongsi

19.

Rita arep lunga dolan neng Pesisir bareng karo si Dila. Kangsenan ana ing pertelon Pasar Pituruh jam 8 esuk. dienteni nganti jam 9 Dila durung teka-teka. Jebul Dila lali. Rita menehi pangapura marang Dila. Rita wis ngamalake pitutur serat Wedhatama yaiku.....

a)

yeku patut tinulad tinurut

sapituduhira

b)

semune ngaksama

sasamane bangsa sisip

c)

ngelmu iku kelakone kanthi laku

lekase lawan kas

d)

yen den umbar ambabar dadi rubeda

e)

pasahe lan tapa

20.

"Dwi naga rasa tunggal" angka tahune......

a)

2861

b)

1682

c)

1862

d)

1286

e)

2168

21.

Serat Wedhatama ngamot filsafat Jawa mligine bab......

a)

geguyonan para abdi raja

b)

kawruh manungggaling Gusti

c)

rusaking alam donya

d)

denah peta komplek kraton

e)

pepeling tumrap watek gumedhe

22.

" ngulon" dadi " mangulon" teknik iki ana ing tembang macapat diarani.....

a)

wancahan

b)

plutan

c)

sandi asma

d)

uluran

e)

daya sastra

23.

Urip iku madhep mantep lan mituhu

Ja padha sembrono

Nyembaha marang ilahi

Lan uga aja dusta marang sang kuwasa


tembung kang kleru panulisane ana ing tembang kasebut yaiku...

a)

madhep

b)

sembrono

c)

nyembaha

d)

kuwasa

e)

aja

24.

Titi laras iku ana loro yaiku....

a)

nem lan barang

b)

slendro lan pelog

c)

lima lan barang

d)

manyura lan sanga

e)

slendro lan sanga

25.

Jeneng pengarang kang sinandi ing tembang disebut.....

a)

uluran

b)

sandi asma

c)

wancahan

d)

daya sastra

e)

plutan