NEW
Font size
WorksheetsLATIHAN SOAL KELAS 4 PAS BASA JAWA
Total questions: 40
Worksheet time: 1hrs 20mins
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese ....
Cecongkrahan ndadekake kuwat, nanging rukun ndadekake
korat-karit.
Rukun kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa koratkarit.
Cecongkrahan kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa
korat-karit.
Rukun ndadekake kuwat, nanging cecongkrahan ndadekake
korat-karit.
Geguritan, yaiku: ....
Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket
dening paugeran (aturan) sing gumathok.
Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket
dening paugeran (aturan) sing gumathok.
Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening
paugeran (aturan) sing gumathok.
Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening
paugeran (aturan) sing gumathok.
Tema karangan, yaiku ....
gagasan pokok sing arep diwadhahi sajerone tulisan
gagasan tambahan sing arep diwadhahi sajerone tulisan
gagasan tambahan sing diandharake sajerone tulisan
gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan
Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan
dadi ....
alus lan nrenyuhake
endah lan aji
kasar lan mangkelake
suci lan nyenengake
Saben sapada geguritan, dumadi saka siji ....
tema
gagasan
gagasan tambahan
gagasan pokok
Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi
ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran
(prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani ....
ngowahi gancaran
prosa/crita
ngarang gancaran
parafrase
Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku ....
kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe
kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan
kanthi tanpa solah bawa lan patrap
kanthi solah bawa sing digawe-gawe
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....
katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng
katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah
katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih
katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng
Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani ....
wirama
purwakanthi
surasa
sastra
Kita kudu gemi energi supaya ora kentekan. Tembung gemi tegese
yaiku....
awet
boros
utuh
irit
Bensin, pertalit, pertamak lan batubara iku kalebu energi kang
diasilake dening....
pabrik
bumi
manungsa
omahan
Pacelathon tegese ... .
beda karo percakapan utawa dialog ing Basa Indonesia.
ing bahasa Indonesia diarani drama utawa teater.
pangudarasane pawongan ngenani sawenehe bab.
rembugane wong loro utawa luwih ngenani sawenehe bab.
Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, basa Jawa kaperang
dadi loro, yaiku ....
ngoko lugu lan ngoko alus
krama lugu lan krama alus
basa ngoko lan basa krama
krama lugu lan krama inggil
Pacelathone bocah marang wong tuwa nggunakake basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Pacelathone batur marang juragan nggunakake basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bu Dewi : Surti, kowe arep nyang ndi?
Surti : ....
Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku....
nyang omahe budhe.
dhateng dalemipun budhe.
nyang griyane budhe.
tindak griyane budhe.
Budhe badhe ....pundi? Tembung kang trep kanggo njangkepi
ukara kasebut yaiku....
tindak
lunga
kesah
wangsul
Salah sawijine titikan teks pacelathon yaiku ... .
katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana)
mung nggunakake ukara crita
diparagani dening pawongan siji
nggunakake ukara sing ngambrawara.
Bapak mundhut jajan kanggo Bima lan Rini. Ukara kasebut
nggunakake basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Gugon-tuhon, yaiku ... .
piwulang sing ora tinemu nalar mula ora digugu lan dituhoni
dening masyarakat.
piwulang sing ora digugu lan dituhoni mula ora digatekake
dening masyarakat.
piwulang sing ora tinemu nalar nanging digatekake lan
dituruti dening masyarakat.
piwulang sing tinemu nalar mula digugu lan dituhoni dening
masyarakat.
Para leluhur ing tanah Jawa, menawa nyebut angkasa kanthi
sebutan ... .
bapa angkasa
ibu pertiwi
langit
jonggring saloka
Aja ngidoni sumur, mundhak guwing. Gugon tuhon iku tujuane
... .
njaga sumur supaya ora reged.
ngajari carane idu.
njaga lambe supaya ora guwing.
njaga supaya ora ketularan penyakit.
Aja nglungguhi bantal. Gugon tuhon kasebut duwe karep....
njalari udunen
njalari ngompol
njalari kuwalat
ngajeni papane sirah
Crita rakyat, yaiku ... .
crita jaman saiki sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat
kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar lesan.
crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat
kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar tulisan.
crita jaman saiki sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat
kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar lesan.
crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat
kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar lesan.
Crita rakyat sing kondhang yaiku... .
Angling Darma, Calon Arang, Andhe-andhe Lumut
Jaka Seger Sawise Adus, Jaka lara Budhug, Putri Kuning
Asal-Usul Lumpur Lapindo, Asal-Usul Pasir, Lunga Surabaya
Asal-usul lawa ing Guwa Ngerong, Asline Angling Darma
Crita rakyat Roro Kuning yaiku crita saka dhaerah....
Tuban
Surabaya
Nganjuk
Kediri
Underane crita uga diarani ....
latar
wejangan
tema
alur
Kang ora kalebu paragane crita rakyat Roro Kuning yaiku....
Dewi Galuh Ajeng
Dewi Kilisuci
Prabu Erlangga
Angling Darma
Nalika nindakake ayahan crita ing ngarep kelas, bocah-bocah
kudu ... .
nggunakake tembung sing gampang dimangerteni.
ngobahake tangan lan awak supaya ora gampang kesel.
ngarahna panyawang marang penonton sing ana ngarep.
njumbuhake praupan karo perabotan sing digunakake.
Kesed makarya lan mung nyuwun agunge sih Gusti, pada karo ...
ngenteni udan terang banjur ngiyup
ngenteni thukule jamur ing mangsa ketiga
ngenteni bakul jamur liwat ngarep omah
ngobati jamur kulit nganggo macem-macem obat
Para leluhur kita pancen wis kondhang yen makarya tansah ... .
tata, tatas, titi, lan titis
takon, tekun, teken, tekan
gemi lan nastiti
guyub rukun ora cecongkrahan
Narasi, yaiku ... .
teks kang ngandharake lelakon utawa kedadean anut urutan
wektu (kronologis)
pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya
pikirane pengarang dhewe
teks kang ngandharake asil panaliten utawa asil pamawas
marang sawijining kahanan
pengalaman manungsa ngadhepi pacobaning urip saka Kang
Maha Kawasa
Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara
nggambarake objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing
maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek
sing digambarake panulis, diarani ... .
narasi
deskripsi
argumentasi
eksposisi
Pilihan tembung ing teks deskripsi ...
nggambarake konflik / perang sing bisa ndadekake owahowahan
nasibe paraga.
mung nggambarake kahanane objek ing siji wektu,
panggonan, lan sosial.
migunakake tembung/ukara sing biasa digunakake ing
saben dina.
migunakake tembung/ukara sing bisa nggugah rasa utawa
narik kawigaten.
Teks narasi isine ... .
nyritakake proses kedadeyan
nyritakake kahanane objek
nggambarake kahanane objek
nggambarake proses kedadean
Langkah sepisanan nalika ngarang narasi yaiku ... .
nemtokake alur
nemtokake paraga
nemtokake setting
nemtokake tema
Langkah sepisanan nalika ngarang dheskripsi yaiku ... .
milih objek sing migunani, wigati, lan bisa ndudut ati
nepungake objek sing arep didheskripsekna
nyangkut pancadriya, utamakake pancadriya pandeleng
ndheskripsekna perasaane paraga utama
Bahane teks narasi bisa saka ... .
pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya
pikirane pengarang dhewe.
asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan
pengalaman uripe manungsa.
asil rekadaya pikirane pengarang dhewe lan asile panaliten
sing dianakake dening para ahli.
asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan saka
kabar ing ariwarti utawa kalawarti.
Gunane pepindhan (persamaan/perbandhingan) ing teks
deskripsi yaiku ... .
supaya katon endah
supaya katon akeh
kanggo nambahi teks
kanggo nguripake gambaran.
Guyub tegese ....
gregeten mulane ora tumindak
greget tumindak bebarengan
urip sing selaras
urip ngedohi pasulayan
