Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PRA PAS BHS JAWI XI

Total questions: 50

Worksheet time: 11hrs 18mins

Name
Class
Date
1.

Tatacara mantu kang duwe makna yen penganten putri iku ora entuk metu saka kamar, amarga ing acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari yaiku ….

a)

Kacar-kucur

b)

Siraman

c)

Midodareni

d)

Sungkeman

e)

Upacara wiji dadi

2.

Struktur teks eksposisi inggih punika ...

a)

Orientasi, komplikasi, resolusi, koda/ending

b)

Tesis, argumentasi, penegasan ulang

c)

Identifikasi, klasifikasi, deskripsi bagian

d)

Alenia: pambuka, isi/penjelas, panutup

e)

Pendahuluan, tubuh argumen, kesimpulan

3.

Ingkang dados titikanipun teks eksposisi inggih punika ...

a)

Lugas, lan basanipun baku

b)

Subyektif, miturut pamanggihipun panyerat

c)

Paring katrangan babagan gambaran obyek/prastawa/kahanan

d)

Tanpa: data, grafik, foto ingkang akurat

e)

Informatif, obyektif, nyata

4.

Urutanipun damel teks eksposisi ingkang kapisan inggih punika ...

a)

Ngempalaken bahan/materi/referensi

b)

Damel cengkorongan teks

c)

Nemtokaken tujuan/ancas nyerat teks

d)

Nemtokaken tema teks

e)

Revisi

5.

Prosesi ingkang kapisan ing pahargyan panganten adat Jawi inggih menika pasang tarub, bleketepe, lan tuwuhan. Kerata basanipun tarub inggih punika ....

a)

ditata ben murub

b)

ditawur ben rubuh

c)

ditawani ben rubah

d)

ditata ben rubuh

e)

ditatani ben ora ana rubeda

6.

Pundi ingkang dipunwastani tarub?

a)
b)
c)
d)
e)
7.

Sasampunipun masang tarub, dipun lajengaken masang bleketepe. Bleketepe dipundamel saking anyaman janur minangka tandha dipunwiwiti adicara hajatan. Pundi ingkang dipunwastani bleketepe?

a)
b)
c)
d)
e)
8.

Pisang ingkang dipunpilih ing prosesi masang tuwuhan inggih punika ....

a)

pisang ambon

b)

pisang ijo

c)

pisang susu

d)

pisang raja

e)

pisang kreas

9.

Siraman ing prosesi adicara mantu gadhah werdi ....

a)

tiyang sepuh sampun lila menawi putranipun badhe krama

b)

bapak lan ibu paring pangestu dhateng putranipun

c)

nyucikaken jiwa amargi badhe nindakaken adicara ijab ingkang sakral

d)

tandha bektinipun lare dhateng tiyang sepuh

e)

lare pingin dipapungi tiyang sepuh

10.

Adicara sasampunipun siraman inggih punika dodol dawet. Bapak lan ibunipun pengaten putri ingkang sadean. Para tamu ingkang rawuh sami tumbas mawi ....

a)

arta

b)

kreweng

c)

koin

d)

e-money

e)

barkot

11.

Calon penganten kakung ing pahargyan midodareni rawuh saperlu srah-srahan. Punapa niku srah-srahan?

a)

Calon penganten kakung masrahaken jiwa lan raganipun dhumateng penganten estri.

b)

Calon penganten estri masrahaken jiwa lan raganipun dhumateng penganten kakung.

c)

Calon penganten kakung masrahaken saprangkat perhiasan, rasukan, alat rias, arta lan jajanan dhumateng penganten estri.

d)

Calon besan masrahaken calon penganten kakung.

e)

Calon besan masrahaken calon penganten estri.

12.

Adicara iki diarani ...

a)

balang-balangan

b)

balangan sandal

c)

balangan bantal

d)

balangan gantal

e)

balangan gantar

13.

Adicara iki diarani...

a)

sinduran

b)

ngidak tigan

c)

langkahan

d)

mijiki

e)

siraman

14.

Adicara iki diarani...

a)

sinduran

b)

dituntun

c)

langkahan

d)

kridongan

e)

siraman

15.

Adicara iki diarani...

a)

dhahar klimah

b)

kacar kucur

c)

bobot timbang

d)

lenggah jejer

e)

sungkeman

16.

Adicara iki diarani ... .

a)

dhahar klimah

b)

kacar kucur

c)

bobot timbang

d)

lenggah jejer

e)

sungkeman

17.

Adicara iki diarani...

a)

dhahar klimah

b)

kacar kucur

c)

bobot timbang

d)

lenggah jejer

e)

sungkeman

18.

Wis lumrahe yen wong lanang iku kudu tanggung jawab marang kluwargane, mula kudu bisa menehi nafkah marang kaluwargane. Tatacara mantu kang pas karo pratelan kuwe yaiku …

a)

Upacara wiji dadi

b)

Midodaren

c)

Kacar-kucur

d)

Sungkeman

e)

Siraman

19.

Siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima donya iku sinandi mung Gusti Kang Maha Kawasa kang bakal peparing, nanging kabeh iku uga kudu dikantheni bektine anak marang wong tuwa. Tatacara mantu kang maknane wujud bekti mring wong tuwa yaiku …

a)

Siraman

b)

Sungkeman

c)

Midodaren

d)

Upacara wiji dadi

e)

Kacar-kucur

20.

1. Tatacara mantu kang maknane supaya reresik awak, amarga awak kang resik ndadekake uga sehat lan adoh saka lelara, yaiku….

a)

Siraman

b)

Sungkeman

c)

Midodaren

d)

Upacara wiji dadi

e)

Kacar-kucur

21.

Tujuan pidhato utawa sesorah ing ngisor iki kajaba….

a)

menehi informasi

b)

panglipur

c)

piwulang

d)

acara perpisahan

e)

pangajak

22.

Puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Sae lan Mirah, awit sampun paring kesehatan, kekiyatan, saha keselametan. Karana menika panjenengan saha kula saged makempal wonten adicara silaturahmi.

Pratelan pidhato kuwi kalebu perangan….

a)

surasa basa/isi

b)

salam pambuka

c)

purwaka basa

d)

wasana basa/panutup

e)

pangajeng-ajeng

23.

Ukara ing ngisor iki kang klebu tuladhane wasana basa sesorah yaiku….

a)

Mekaten atur kula, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten

b)

Matur nuwun bilih panjenengan sampun saged ngrawuhi wonten adicara menika

c)

Katur Panjenenganipun Bapak saha Ibu Guru saha Kepala Sekolah

d)

Mangga kula dherekaken ngunjuk syukur dumateng Gusti Allah

e)

Para rawuh ingkang tansah suka bagya

24.

Pidhato ing acara kesripahan iku duwe ancas….

a)

pambagya

b)

pangajak

c)

panglipur

d)

kabar

e)

pitudhuh

25.

Soroting mripat nalika maca teks pidhato becike….

a)

tunuju ing pamireng diselingi ing teks

b)

mandhuwur karo maca teks

c)

mangisor karo maca teks

d)

jlalatan tanpa maca teks

e)

tumuju ing pamireng tanpa maca teks

26.

Kula minangka wakil saking siswa kelas XII, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.


Pidhato kuwi diwacaaken ing acara perpisahan kanggo ….

a)

kanca kang pindah sekolah

b)

guru kang pindah sekolah

c)

siswa kelas XII kang lulus sekolah

d)

guru lan adhik-adhik kelas 1 - 5

e)

wali murid

27.

Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.


Ingkang maos pidhato ing duwur yaiku ….

a)

bapak/ibu kepala sekolah

b)

guru kelas XII

c)

perwakilan siswa kelas XII

d)

adhik-adhik kelas

e)

Wali Murid

28.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.


Ukara iku ing pidhato kalebu….

a)

Pangarep-arep

b)

Purwaka

c)

Surasa basa

d)

Salam pembuka

e)

Wasana basa

29.

Basa sing digunakake kanggo pidato perpisahan kelas XII yaiku….

a)

basa ngoko

b)

basa krama

c)

basa ngapak

d)

basa daerah

e)

basa madya

30.

Sikep ingkang kedah dilakoni nalika sesorah ing panggung yaiku...

a)

ngadeg jejeg

b)

senderan

c)

malangkedek

d)

merem

e)

sidakep

31.

Apa kang kudu digatekaken nalikane sesorah?

a)

wirasa, wirama, wiraga

b)

wirasa, wicaksana, wirupa

c)

wiguna, wirama, wirasa

d)

wirama, wicara, wilujeng

e)

waosan, wiraga, wirasa

32.

Rasukan ingkang kedah diagem nalika sesorah yaiku...

a)

Ageman anyar

b)

Ageman resik

c)

Ageman trep adicara

d)

Ageman gebyar

e)

Ageman Larang

33.

Ing ngisor iki jinising sesorah kejaba...

a)

informatif

b)

persuasif

c)

panglipur

d)

deskriptif

e)

komunikatif

34.

Ancasing sesorah perpisahan yaiku...

a)

Nyuwun ngapunten lan maturnuwun

b)

Nyuwun ngapunten lan restu

c)

Nyuwun restu lan maturnuwun

d)

Nyuwun pakurmatan lan panuwun

e)

Nyuwun sangu lan ilmu

35.

Madeg kula wonten ing ngriki kagungan maksud kagem ngajak kula lan panjenengan sedaya supaya sregep anggenipun ngagem masker lan masuh tangan sawise lelungan. Petilan teks sesorah ing nduwur kalebu...

a)

Surasa basa

b)

Wasana basa

c)

Pangajeng-ajeng

d)

Salam pambuka

e)

Salam Panutup

36.

Sing diarani novel yaiku ... .

a)

karya sastra awujud prosa kang misuwur, isine ngemot crita kang rinakit

b)

crita cekak kang misuwur, isine ngemot crita kang rinakit

c)

karya sastra awujud prosa kang dicritakke kanthi ke dawa-dawa

d)

karya sastra kang awujud kidung

e)

karya sastra sing critane ora bakal iso tamat

37.

Novel kang isine ana gegayutane karo cara ngudhari prastawa, kalebu jinising novel ... .

a)

mite

b)

horor

c)

detektif

d)

komedi

e)

kriminal

38.

Novel kang isine crita kang misterius yaiku kalebu jinising novel ... .

a)

komedi

b)

kriminal

c)

inspiratif

d)

misteri/ horor

e)

roman

39.

Unsur instrinsik ana ing novel kang dadi urutaning kedadean kasebut ... .

a)

punjering crita

b)

setting

c)

alur

d)

lakon/ tokoh

e)

amanat

40.

Unsur instrinsik ana ing novel kang dadi perangan sing dadi papan kedadean kasebut ... .

a)

punjering crita

b)

setting

c)

alur

d)

lakon/ tokoh

e)

amanat

41.

Satunggal dinten wonten oto mogok ing satunggaling bulak, kaprenah sangandhaping dhusun Kledung. Wonten 3 priyayi ing salebeting oto wau. Raden Bei asisten, Raden Ayu Asisten saha Raden Ajeng Tien. Sawatawis radi dangu nengga pitulungan lajeng wonten oto sanes mandheg ing sawingkingipun ingkang dipun sopiri dening Rapingun. Boten let suwe oto wau sampun saged dipunstater malih.

Cekakipun cariyos Rapingun ingkang waunipun dados sopiripun Nyonyah Hien, lajeng piyambakipun dados sopir Raden Bei Asisten ing ndalem ngasistenan Ngadirejo. Mlampah setunggal wulan anggenipun Rapingun tumut Raden Bei Asisten. Rapingun dipun anggep kadosta putranipun kiyambak dening Raden Bei.

Sejatosipun Rapingun menika turunan saking tiyang ingkang mulya. nama aslinipun R.M Sutanto. Ananging piyambakipun ngulandara wonten ing pundi pundi.


Saka isine sinopsis ing dhuwur ,bisa diarani nduwe unsur ekstrinsik yaiku ...

a)

nilai ekonomi

b)

nilai pendidikan

c)

nilai sosial

d)

nilai agama

e)

nilai moral

42.

Nalika Surti nyawang ing sajabane jendela, mandeng gegodhongan kang katon ijo royo-royo, angin tumiup ing kupinge sajak mbisiki "aja kuwatir Kang Parjo bakal enggal bali". Surti banjur mesem amarga memang atine nembe ngrasakake kangen karo Kang Parjo. Surti tansah ndedonga muga enggal ketemu Kang Parjo.

Saka pethilan crita ing dhuwur ana unsur lelewaning basa personifikasi, kang dituduhake ing ukara ....

a)

Surti nyawang ing sajabane jendela

b)

Mandheng gegodhongan kang katon ijo royo-royo

c)

Angin tumiup ing kupinge sajak mbisiki

d)

Surti banjur mesem amarga memang atine nembe ngrasakake kangen karo Kang Parjo

e)

Surti tansah ndedonga muga enggal ketemu Kang Parjo

43.

Ing ngisor iki tuladhane tembung penggandheng kang dhuweni teges kalungguhane padha, kejaba...

a)

Ahmad lan aku tuku rujak legi

b)

Ibu kalian bapak tindak menyang Jogja

c)

Adikku tuku golekan lan aku tuku sepatu

d)

Adik serta mbakyuku mlaku-mlaku ing pasar sedayu

e)

Aku lan konco-konconku diskusi bab tugas bahasa daerah

44.

Gebyar-gebyar pating pancurat pating cumlorot kadya taranggana silih sasana, agemane sri panganten sarimbit.

Ukara kang kacetak kandel kuwi minangka gambarane klambi kang digawe manten sarimbit kaya....

a)

Gumebyar kaya cahyane rembulan kang lagi ndadari

b)

Klambine sri panganten cahyane kaya lampu sokle cumlorot

c)

Gumebyar kaya inten kang kena sunare srengenge

d)

Gumebyar kaya kalapis emas

e)

Gumebyar kaya cahyane lintang kang alihan

45.

"R.S Ranuasmara nyeritakake marang Sri Endah Wahyuningsih babagan nom-nomanne R. Sukmana lan R.A Tien Tisnowati sing nduweni rasa katresnanan marang siji lan sijine, ananging bapak R.A Tien Tisnowati ora menehi restu marang hubungan R. Sukmana lan R.A Tien Tisnowati"


petikan novel ing ndhuwur minangka pethikan saka novel kang nduweni irah-irahan ....

a)
b)
c)
d)
e)
46.

Serat Wedhatama Kaanggit dening ...

a)

KGPAA Mangkunegaraan IV

b)

KGPAA Hamengkubuwana IV

c)

KGPAA Paku Alam IV

d)

Prasetya Eka Purnomo

e)

KI Hajar Dewantara

47.

Kang kalebu guru Wilangan lan Guru lagu tembang macapat Pocung yaiku ....

a)

12i ,6a, 8u, 13e

b)

12u, 6a, 12a, 8i

c)

12u, 12a, 6a, 8i

d)

12u, 6a, 8i, 12a

e)

6a, 8i, 12a, 12u

48.

Cacahing gatra saben sapada diarani...

a)

guru gatra

b)

guru lagu

c)

guru wilangan

d)

guru basa

e)

guru wirama

49.

cacahing wanda saben sagatra yaiku...

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru basa

e)

guru wirama

50.

Ingkang kalebet tembang macapat kajaba ...

a)
b)
c)
d)
e)