Font size
WorksheetsBASA JAWA ASYIK
Total questions: 20
Worksheet time: 13mins
1. Ing ngisor iki kalebet perangane Tanggap Wacana, kejaba ...
Purwaka basa
Wasana basa
Surasa basa
Kerata basa
2. Cekap sementen tanggap wacana kula. Menawi wonten kalepatan, kula nyuwun gunging pengampunten. Nuwun.
Cuplikan Tanggap Wacana punika kalebet ...
Purwaka basa
Wasana basa
Surasa basa
Kerata basa
3. Mangga sami ngaturaken puji syukur ing ngarsaning Gusti Allah ingkang paring kanikmatan dumateng kita sedoyo, saengga kita saged rawuh ing acara puniki.
Cuplikan Tanggap Wacana punika kalebet ...
Purwaka basa
Wasana basa
Surasa basa
Rura basa
4. Ing ngisor iki ciri-cirine geguritan lawas, kajaba ....
Saben sapada (bait) satitike 4 gatra
Diwiwiti tembung "sun gegurit"
Isine piwulang
Saben sa gatra ana 10 wanda
5. Paijo yen dituturi gurune ora tau digugu lan dilakoni alias ndableg. Mula Paijo diarani dening kanca-kanca ...
Dawa tangane
Adus keringet
Kandel kupinge
Tipis lambene
6. Bocah-bocah kelas 9 lagi meres pikir nggarap UN. Meres Pikir tegese ...
Lagi mikir
Temenan anggone mikir
Pikirane diperes kaya keringet
Bathuke kemringet amarga mikir
7. Mbak Yu lagi nguleg sambel. Lho kok sambel diuleg. Maksude ...
Nguleg layah kanggo sambel
Nguleg lombok digawe sambel
Nguleg sambel supaya alus
Nyocol sambel ing layah
8. Suparmin yen arep sholat musti nganggo kupluk. Kupluk tegese ...
Kuku njepluk
Kaku tur nyempluk
Paku kapuk
Nyempluk-nyempluk
9. Wayah udan para petani pada tandur pari. Tandur tegese ...
Tani mundur
Rambutan duren
Nata mundur
Nata duren
10. Kang kalebu gunane basa krama alus, yaiku ...
Ibu marang bapak
Wong tuwa marang wong enom
Adhi marang kangmase
Mbakyu marang adhine
11. Endi basa ngoko alus kang bener ...
Pak Raihan, njenengan sida maring Jakarta?
Mas Nabil, menawi kersa mangke dak ampiri mirsani wayang.
Bu Ais, mengko nek wangsul, kunci lawange dititipaken Bu Hani.
Mbak Amal, nek purun dahar sega goreng mangke dakgawakake.
12. Menawa kowe izin marang bu guru arep menyang perpustakaan, ukaramu ...
Bu, kula nyuwun pamit ajeng dhateng perpustakaan.
Bu, kula nyuwun pamit badhe dhateng perpustakaan.
Bu, kula arep pamit izin dhateng perpustakaan.
Bu, kula badhe teng perpustakaan.
13. Tulisan aksara jawa punika yen diwaos ...
Wit ing krisna jalaran satu kulina
Witing tresna jalaran saka kulina
Wiwit tresna jalaran satu kulina
Wit-witan iku saka kulina
14. Tulisan aksara Jawa punika yen diwaos ...
Kekudhung welut macan
Kekudhung welung macan
Kudhungan kulit macan
Kekudhung welulang macan
15. Aksara Jawa punika yen diwaos ...
Jeng basuki mawa benyamin
Jeng pasuki lara benya
Jer basuki mawa beya
Jer pasuki mangan toya
16. Kudu ana lan kepenak. Kerata basane ...
(a)
17. Tulisan aksara Jawa ing kaos punika diwaos ...
(a)
18. Wong sing seneng nyolong, diarani ...
(a)
19. Ukara kasebut diarani ...
(a)
20. Geguritan niku perangane ana 3, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan ...
(a)
