wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Paribasan (ABJ)

Total questions: 15

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Cebol nggayuh lintang tegese...

a)

sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara

b)

wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake

c)

wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe

d)

gawe kerusuhan ing papan kang tentrem

2.

Becik ketitik ala ketara tegese...

a)

wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka

b)

ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane

c)

tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine

d)

karepe arep ngirit jebul malah entek akeh

3.

Anak polah bapa kapradhah tegese...

a)

tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine

b)

lelungan adoh tekan ngendi-endi desa, kutha, negara kabeh wis diparani

c)

karepe arep ngirit jebul malah entek akeh

d)

wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga

4.

Mbantu nyambut gawe mempeng utawa sregep tanpa duwe pamrih apa-apa, paribasane yaiku...

a)

Sepi ing pamrih rame ing gawe

b)

Rukun agawe santosa crah agawe bubrah

c)

Kumenthus ora pecus

d)

Nulung menthung

5.

Saben papan utawa dhaerah duwe adat utawa tatacara dhewe-dhewe, paribasane yaiku...

a)

Njajah desa milang kori

b)

Keplok ora tombok

c)

Desa mawa cara negara mawa tata

d)

Busuk ketekuk pinter keblinger

6.

Diwenehi ati ngrogoh rempela tegese...

a)

wong kang andum barang, nanging dheweke malah ora keduman

b)

yen wong-tuwa oleh prekara, anak uga melu ngrasakake lan tanggung jawab

c)

diwenehi enak, ananging isih kurang trima, njaluk sing luwih enak maneh

d)

barang kang banget ditrisnani

7.

Gupak pulut ora mangan nangkane tegese....

a)

diwenehi enak, ananging isih kurang trima, njaluk sing luwih enak maneh

b)

samubarang kang wis owah saka asale langka bisane pulih kaya maune

c)

wong kang panjangkane kaleksanan, nanging ora gawe gendra utawa ribut

d)

melu rekasa ora melu ngrasakake kepenake.

8.

Kebanjiran segara madu tegese....

a)

wong kang oleh kabegjan kang gedhe matumpa-tumpa

b)

wong kang kakehan omong nanging ora ana nyatane

c)

wong kang weweh marang wong sugih, wusanane ora ana gunane

d)

wong kang kegedhen panjangka kurang sarana

9.

Jjagakake barang kang durung mesthi anane, bebasane yaiku...

a)

Sandhing kirik gudhigen

b)

Njagakake endhoge si blorok

c)

Kakehan gludhug kurang udan

d)

Nututi layangan pedhot

10.

Gampang molah-malih atine, ora teteg , bebasane yaiku...

a)

Dikena iwake aja nganti buthek banyune

b)

Ancik-ancik pucuking eri

c)

Beras wutah arang mulih marang takere

d)

Esuk dhele sore tempe

11.

Dom sumurup ing banyu tegese...

a)

wong luwih dhuwur pangkate lan luwih gedhe panguasane biasane menang perkarane

b)

wong kang tansah kumudu-kudu ditakoni, utawa dijaluki piwulang

c)

wong kang lakune sesindheman kanggo nyumurupi wewadi

d)

wong kang kena apus kanthi gampang, wong nemu bebaya

12.

Gajah ngidak rapah, tegese...

a)

wong kang wis kapok banget ora bakal mbaleni maneh

b)

wong gedhe kang njarak utawa nerak aturane dhewe

c)

wong luwih dhuwur pangkate lan luwih gedhe panguasane biasane menang perkarane

d)

wong kang kena apus kanthi gampang, wong nemu bebaya

13.

Jaran kerubuhan empyak, tegese...

a)

wong kang wis kapok banget ora bakal mbaleni maneh

b)

wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

c)

wong ala kang dipasrahi njaga barang kekaremane, wekasane malah ngentek-entekake

d)

wong wis cocok karo karepe

14.

Wong wis cocok karo karepe, saloka ne yaiku...

a)

Jaran kerubuhan empyak

b)

Kebo kabotan sungu

c)

Tumbu oleh tutup

d)

Kutuk marani sunduk

15.

Wong sing marani bebaya, saloka ne yaiku...

a)

Yuyu rumpung mbarong ronge

b)

Pitik trondhol diumbaring padaringanKebo nusu gudel

c)

Timun mungsuh duren

d)

Ula marani gepuk