WorksheetsSesorah
Total questions: 50
Worksheet time: 50mins
Kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi ide yaiku...
Sesorah
Pranatacara
Gegurit
MC
Tata cara Sesorah kang amung gawe Kerangka/cengkorongan Sesorah yaiku
Hafalan
Impromtu
dadakan
Isi
Ekstempora
Jinis-jinising Sesorah kajaba...
Menehi panglipur
sesorah moral
sesorah resmi
purwakanthi
Sesorah kang katindakake kanthi dadakan utawa ora ana persiapan iku diarani...
Impromptu
hafalan
naskah
ekstemporan
Kula kinten punika ingkang saged kula aturaken. Kathah kalepatanipun atur saha kirang trapsila anggen
kulamatur,kula nyuwun agunging pangapunten. Perangan menika kalebu struktur/ cengkorongan sesorah...
Pambuka
isi
dudutan
panutup
Sumangga kita sami ngonjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Welas lan Maha Asih, ingkang sampun paring kanikmatan saha kasarasan dhumateng kita sedaya saengga wonten ing titi wanci punika kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten papan punika saperlu mengeti HUT kaping 74 RI. Perangan kasebut kalebu ing struktur sesorah menapa
pambuka
Puji syukur
isi
penutup
Bab kang kudu digatekake nalika sesorah, kajaba..
wiraga
wirama
wirasa
wiwitane
Sesorah kanthi cara nggawa catetan cilik kang isine bab bab wigati iku kalebu metode sesorah..
dadakan
impromptu
ekstemporan
naskah
Tujuan/ancase sesorah kajaba..
Kanggo menehi pengerten utawa kawruh
Aweh panglipur
Kanggo nakokake kabar para kadang
Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liyo
Ing acara apa wae sesorah iku biasa katindakake
rapat
mantenan
upacara
kabeh bener
Medharake satunggale pamanggih utawa informasi kanthi lisan ana ing ngarepe wong akeh diarani …
Atur pambagyaharja
Panatacara
Siaran
Ndhalang
Sesorah
Nalika ngandharaken sesorah pamicara kudu nggatekake munggah-mudhune swara lan cepet-lendhete swara, awit saka iku pamicara kudu nggatekake ….
Wicara
Wirama
Wiraga
Wirasa
Winanda
Perangane wasana basa ana ing sesorah padatane ngandharake ….
Nyuwun agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya
Ngajak supados ngaturaken raos syokur wonten ngarsa dalem Allah SWT
Nyuwun pangapunten menawi wonten lepating atur
Ngandharaken sedaya perkawis
Atur pakurmatan sesepuh pinisepuh
Ana ing ngisor iki bab-bab kang kudu ditinggalake pamicara nalika sesorah, kajaba …
Obahing awak kirang becik
Obahing awak boten jumbuh kaliyan ingkang dipunaturaken
Ngadeg kanthi lelamberan sikil siji
Ngadeg tanpa nggatosaken papan panggenanipun
Ngadeg jejeg, swanten sarta iramanipun kedah cetha
Andharan kang minangka wose sesorah ing perangan isi. Mula kang diandharake nalika perangan isi yaiku ….
Salam pambuka
Ngaturaken sugeng rawuh
Ngaturaken wosing pahargyan
Ngaturaken raos syukur
Ngaturaken puja puji
Menawa pamicara anggone sesorah kanthi cara ndadak utawa spontan, diarani sesorah kanthi cara ….
Ekstemporan
Metode maos
Ngapalaken teks
Impromtu
Spontanitas
Perangane sesorah kang wose atur salam ing pungkasan diarani ….
Salam pambuka
Salam panutup
Purwaka basa
Wasana basa
Surasa basa
Anggone ngandharake sesorah pamicara nggawa catetan cilik kang wose cengkorongan kang gunane kanggo pangemut-emut apa kang bakal diandharake. Awit saka iku pamicara nggunakake metode sesorah …
Ekstemporan
Metode maos
Ngapalaken teks
Improptu
Spontanitas
Supri sesuk arep sesorah ing adicara perpisahan kelas. Kang rawuh yaiku Kepala Sekolah, bapak Ibu guru sarta kanca-kanca kelas sewelas. Anggone Supri miwiti sesorah / pidhato yaiku …..
Assalamualaikum wr.wb. Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, lan kanca-kanca remaja masjid ingkang bagya mulya
Assalamualaikum wr.wb. Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati, saha wali murid ingkang kula kurmati ugi.
Assalamualaikum wr.wb. Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati, kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Assalamualaikum wr.wb. Kanca-kanca ingkang kula tresnani, Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati,
Assalamualaikum wr.wb. Kanca-kanca, Bapak Ibu Guru saha Kepala Sekolah ingkang kinurmatan
Ana ing pahargyan apa wae, wong kang kagungan kersa wis mesthi ora nglakoni dhewe. Tegese mbutuhake pambiyantune wong liya utawa gotong royong, mula nalika sesorah luwiih becike ngandharake ….
Ngaturaken kawilujengan
Ngaturaken gunging pangapunten
Ngaturaken sugeng kondur
Ngaturaken agunging panuwun
Ngaturaken raos sokur
Pidhato Kenegaraan biasanipun nggunakake metode pidhato….
Metode maos teks
Ekstemporan
Impromptu
Apalan
Spontan
Supaya bisa sesorah kanthi apik, para siswa prelu ngrancang sesorah, kanthi nggatekake bab-bab ing ngisor iki, kajaba …
Ngginakaken basa ingkang awrat/angel dipunmangertosi
Damel cengkorongan (kerangka) sesorah
Mekaraken cengkorongan sesorah menika kanthi milih tembung- tembung ingkang leres
Nggtosaken unggah - ungguh (sesorah dhateng sinten)
Sesorah kanthi lafal, tempo, intonasi, patrap ingkang leres
Pamicara ngandharake alesan, bukti, sarta tuladha supaya pamireng bisa gelem melu kaya apa kang dikarepake pamicara yaiku kalebu tujuan sesorah …
Maringi panglipur
Maringi kawruh/wawasan
Nawakaken barang
Pangajak-ajak
Pendekatan emosional
Murwakaning atur sumangga tansah ngonjukaken puja lan puji sokur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, sarta kalodhangan, satemah kita saged kempal wonten Aula menika kanthi kabagaswarasan lan kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng angga priyangga kita sedaya. Perangan sesorah ing dhuwur kalebu ….
Salam pambuka
Salam panutup
Purwaka basa
Wasana basa
Suras basa
Mugi-mugi adicara menika dados sarana ngleburaken dosa antawisipun kula lan panjenengan sedaya, ingkang rumaos lepat boten dipunambali malih wonten wekdal candhakipun.
Pethalan sesorah ing dhuwur diarani ….
Wosing atur
Dudutan
Wos surasanipun sesorah
Panyaruwe
Pangajab (pangarep - arep)
Surasa basa menehi andharan ngenani ...
panutup
purwaka
dudutan
pangarep-arep
isi
Ingang Sanes uluk salam pambuka
Nuwun
Sugeng siyang
Assalamualaikum warohmatuhi wabarokatuh
Ingkang kinurmatan
Salom
Ingkang kinurmatan kepala sekolah,
ingkang kula hormati bapak lan ibu guru,
saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Salam pambuka
Pambuka
Atur pakurmatan
Pamuji
Surasa
Perangan pambuka ing sesorah
salam pambuka, surasa, panutup
salam pambuka, atur pakurmatan, pamuji syukur
salam pambuka, pamuji syukur, surasa
pambuka, surasa, panutup
surasa, pangajeng-ajeng, salam panutup
Puji syukur dipun aturaken wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sedaya saha kawilujengan saengga kempal wonten acara menika.
Pambuka
Atur pakurmatan
Puji syukur
Surasa
Pangajeng-ajeng
Bapak ibu lan sederek sedoyo ingkang kinurmatan, kula saha panjenengansedaya kados sampun mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 agustus 1945 indonesia mbiyawaraaken kamardhikan....
Purwaka basa
Surasa Basa
wasana Basa
pangarep-arep
Langkung sepindah sumonggo kula saha panjenengan panjatkan puja saha puji syukur maha agung pan sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kula saha panjenengan saget makempal wonten acara punika tanpo alangan pinunggalanipun. Salajengipun kula aturaken sugeng rawuh malam tirakatan indonesia kaping 77.
Surasa Basa
kinurmatan
Purwaka basa puji syukur
pangarep-arep
Jenis sesorah apa kang ditindhakake bapak Presiden Joko Widodo?
Resmi
ora resmi
kemasyarakatan
setengah resmi
Mekaten pidato ingkang saged kawula aturaken, mugi-mugi saged nggina kagem kula saha panjenengan sedaya ugi mugi-mugi Allah SWT tansah ngreksa kasarasan kita sedaya
Salam Panutup
Puji syukur
Pangarep-arep
Kesimpulan
Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten BEBAS NARKOBA, kula ngajak dhateng para tamu, mliginipun kanca-kanca siswa siswi, mangga sesarengan sami nyuksesaken program pamarentah ingkang gadhah pangajab BEBAS NARKOBA TAHUN 2013 (a) (Bacutake dadi surasane sesorah kanthi tema bebas narkoba)
Ancase sesorah yaiku, kajaba ....
menehi kawruh
ajak-ajak
menehi panglipur
menehi informasi
ngrungokake pamicara
"Nuwun panjenenganipun para sepuh, langkung para pepundn ingkang mahambeg drama, panjenenganipun para priyagung ingkang winantu ing pakurmatan, dalasan sadaya para rawuh kakung miwah putri ingkang winantu ing karahayon."
andharan kasebut klebu ing perangan ....
atur sukur
atur panuwun
salam pambuka
isi
dhudhutan
Ingkang kinabekten Bapak Kepala SMA N I Kutowinangun, ingkang kinurmatan Bapal/Ibu Guru saha Staf Tata Usaha SMA N I Kutowinangun, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Andharan kasebut klebu perangan ... ing pidhato
Salam pambuka
Pambuka
Wos
Salam panutup
Panutup
Bab-bab kang perlu digatekake nalika lagi sesorah ing ngisor iki, kejaba ….
Basa
Busana
Intonasi
Pamilihing tembung
Cacahing audiens
Sesorah iku nduweni ancas maneka warna, ing ngisor iki kang kalebu sesorah kanggo ajak-ajak, yaiku ….
Pambagyaharja
Rapat RT
Sesorah 17-an
Orasi kampanye
Sesorah hardiknas
Gatekna pethilan sesorah ing ngisor iki!
Kula namung asung pepenget dhumateng pengurus enggal, supados sami kersa lan saged nyonto pitedah-pitedah saking pengurus lami, pengurus enggal mugi tansah manunggal ing sedya, cipta, rasa, karsa, lan karyanipun.
Tembung asung tegese ....
Ngusung
Asok
Aweh
Piweling
Pituduh
Ing ngisor iki paugerane nulis sesorah, kajaba ....
nemtoakake tema
nemtokake cengkorongan
ngrembakake cengkorongan
nemtokake busana
nemtokake topik
Nalika sesorah tansah migunakake basa kang endah, klebu ing babagan ....
swara
paramasastra
patrap
panyawang
panyandhang
Mugi rahayu sarwi sembada ingkang sindeya. Tembung sarwi tegese ....
slamet
pahargyan
sarta
sapandherek
pakurmatan
Parto sesuk arep pidhato ing acara perpisahan kelas XII. Anggone Parto miwiti pidhato yaiku …
Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani
Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak ibu wali murid ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani
Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak ketua RT ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani
Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak camat ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani
Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak kepala desa ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani
Kulawarga Bapak Sudrajad Djiwandana uga nyuwun idi pangestu saking panjenengan sami, mugi-mugi pinanganten kekalih saged rukun anggenipun mangun bale wisma. Mugi-mugi penangaten kekalih mangkenipun saged atut runtut rerentengan ngantos kaken ninen-ninen, dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah,
Andharan kasebut kalebu ….
surasa basa
pengarep-arep
purwaka
wusana
Busana lan ngadi sarira kudu salaras karo kahanan ing adicara, tujuwane yaiku ...
amarga ana pribahasa ajining raga saka busana.
busana kang endah ndadekake paragane katon sulistya.
supaya katon nengsemake marang para tamu.
amarga busana uga dadi punjaring kawigaten marang para tamu.
Nalika sesorah sesorah marang wong luwih tuwa nganggo basa ….
ngoko
ngoko andhap
krama
krama lugu
Sesorah kang isine ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban tugas utawa kagiyatan, yaiku jinise sesorah ….
pertanggungjawaban
sambutan
pengarahan
laporan
Ing ngisor iki kang ora kalebu peragan /struktur bagian panutup, yaiku ....
pangajab
salam penutup
wosing pranatacara
panutup
