wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Lembar Kerja Basa Jawa Kelas VII

Total questions: 50

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Susi Pudjiastuti diangkat dadi menteri kelautan lan perikanan sajrone kabinet kerja Joko Widodo–Jusuf Kalla ing tanggal 26 Oktober 2014.

Susi Pudjiastuti diangkat dadi Menteri Kelautan lan Perikanan, tanggal...

a)

15 Januari 2014

b)

08 Desember 2014

c)

26 Oktober 2014

d)

26 September 2014

2.

Susi Pudjiastuti miyos ing Pangandaran, 15 Januari 1965. Piyambeke nate sekolah ing SMP Negeri 1 Yogyakarta lan banjur metu saka sekolah nalika kelas loro SMA. Pihak sekolah ngandharake yen Susi aktif ing gerakan golput kang nalika semana dilarang.

Pihak sekolah SMA Negeri 1 Yogyakarta ngetokake Susi Pudjiastuti, amarga...

a)

ora manut aturan sekolah

b)

aktif ing gerakan golput

c)

seneng tukaran karo kancane

d)

aktif melu lomba-lomba

3.

Susi Pudjiastuti raket kanthi istilah “tenggelamkan”, alesane yaiku...

a)

menehi ijin marang kapal-kapal asing legal ing perairan Indonesia

b)

menehi ijin marang para nelayan Indonesia ing perairan Indonesia

c)

menehi ukuman ngeremake kapal-kapal asing legal ing perairan Indonesia

d)

menehi ukuman ngeremake kapal-kapal asing ilegal ing perairan Indonesia

4.

Sawisé mutusaké ora sekolah manèh, sing ditindakaké Susi Pudjiastuti yaiku...

a)

mung dolan wae ora ngerti wayah

b)

pindhah sekolah ing sekolah liya

c)

ngedegaké perusahaan pengepul iwak

d)

dadi menteri kelautan lan perikanan

5.

“Ki Hajar Dewantara miyos ing Yogyakarta tanggal 3 Mei 1889, kagungan asma asli RM Suwardi Suryaningrat. Panjenengané miyos ing lingkungan kulawarga bangsawan saka trah kraton Ngayogyakarta. Ki Hajar Dewantara kepigin bisa srawung lan cedhak karo kawula cilik, mula gelar kebangsané ora digunakaké lan Ganti Ki Hajar Dewantara.”

Pethikan teks ing dhuwur klebu pethilan teks bagean...

a)

orientasi

b)

prastawa

c)

reorientasi

d)

pamawas

6.

Tuladha tembung sing nganggo swara [i] miring yaiku...

a)

wajik, sapi, ublik, petis

b)

siji, sawi, klambi, mati

c)

lading, kalis, arit, alis

d)

wiwitan, dhuwite, adhine

7.

Waca pethikan deskripsi iki banjur jawab. Candhi Borobudur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pesagilan telu wujud bunder, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Budha cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong. Objek sing dirembug teks ing dhuwur yaiku...

a)

Candhi Prambanan

b)

Candhi Ringin Lawang

c)

Candhi Borobudur

d)

Candhi Bajang Ratu

8.

Waca pethikan deskripsi iki banjur pilih struktur sing pas. Candhi Borobudur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pesagilan telu wujud bunder, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Budha cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong. Pethikan wacan deskripsi kasebut nerangake struktur teks...

a)

identifikasi

b)

deskripsi bageyan

c)

simpulan

d)

klasifikasi

9.

Waca pethikan deskripsi iki banjur tentukna ukara utama. Candhi Borobudur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pesagilan telu wujud bunder, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Budha cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong. Ukara utama saka pethikan teks ing dhuwur yaiku...

a)

Candhi Borobudur dumadi saka 9 tataran.

b)

Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Budha cacah 504.

c)

Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72.

d)

Ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong.

10.

Struktur teks tanggap deskriptif sing nerangake aran lan ciri-ciri utawa tandha, yaiku...

a)

identifikasi

b)

klasifikasi

c)

bageyan

d)

deskripsi bageyan

11.

Perangan saka teks profil tokoh ing bagian penutup uga diarani...

a)

reorientasi

b)

prastawa

c)

pamawas

d)

orientasi

12.

Teks profil tokoh nggambarake paraga ing perangan.....

a)

sasuwene urip

b)

wiwitane urip

c)

tengahing urip

d)

pungkasané urip

13.

Ing ngisor iki kelebuk ukara tandhuk...

a)

Yen dikandhani wong tua kudu dirungokake

b)

Senajan pandemi, awakmu kudu sregep

c)

Bung Karno presiden Indonesia sing kapisan

d)

Suyardi nggarạp lan ngirim tugas ing internet

14.

Basa ngoko alus ana ing ngisiri iki...

a)

Sawisé dhahar Mas Tono mirsani TV

b)

Aku nyilih sepédhamu, oleh apa ora?

c)

Panjenengan kalawu ngasta menapa

d)

Aku garap tugas bareng kancaku

15.

Perangan teks deskripsi sing mantha-mantha manut jinis utawa klompoké diarani....

a)

indhentifikasi

b)

klasifikasi

c)

bageyan

d)

dheskripsi bageyan

16.

....................Prabu Puntadewa ratu watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas, ila donya lila ing pati. Apa bae barang darbeké, yen ana sing njaluk mesthi diparingaké. Nadyaṅ sugengé pisan yen ana sing njaluk, mesthi dililaaké. Sajake urip ora tau ngapusi (goroh) lan ora nate perang. Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa goroh kanggo kemenangané Pandhawa, nalika­ne Pandhita Drona jumenenḡ Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa. Prabu Puntadewa tetep ngendika jujur, “ingkang pejahi Hesthitama”. Mung oleh ngendika “Hesthi” lirih, “Tama” ne banter. Satemah dadi jalaran Pandhita Drona bingung, lan bisa dipateni dening Raden Trusthaju­men­a. Amarga saking banget ngati-atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora kersa goroh, mula Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking suciné uripé. ............................................................

Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Ludirane seta ateges...

a)

getihé putih

b)

getihé abang

c)

getihé biru

d)

getihé ireng

17.

Pujering crita wayang “Prabu Puntadewa” yaiku.....

a)

Perang Bratayudha

b)

Laire Pandhawa

c)

Kapribadhene Prabu Puntadewa

d)

Pandhita Drona gugur

18.

Kang bisa dituladhani saka crita “Prabu Puntadewa”, yaiku....

a)

Kawasiane Prabu Puntadewa sajrone olah kanuragan

b)

Wewatekane Prabu Puntadewa kang luhur

c)

Kapinterane Prabu Puntadewa sajrone teknik paprangan

d)

Kasektene Prabu Puntadewa kang ora ngedab-edabi

19.

Srengenge nyunar kulon prenahé. Saka ukara kasebut mrantandhani manawa wis wayah......

a)

sore

b)

bengi

c)

esuk

d)

awan

20.

Amarga nalika lair Tetuka awujud raseksa (buta), Raden Werkudara lan para seduluré Pandhawa ngrasa isin, amarga Tetuka awujud raseksa lan tali pusere durung pedhot-pedhot. Banjur para Pandhawa padha ngupaya kepriye carane supaya Tetuka bisa dadi wujud manungsa biyasa lan medhot tali pusere Tetuka kuwi. Pethikan teks kasebut yen katitik saka struktur teks kalebu perangané.......

a)

orientasi

b)

klimaks

c)

komplikasi

d)

resolusi

21.

Kacarita kaluwarga Pandhawa lagi padha bungah, nanging uga priyatin banget nalika putrané Raden Werkudara lan Dewi Arimbi lair. Amarga bayi kang dilairaké dening Dewi Arimbi awujud raseksa, lan nganti umur sataun ari-ariné isih nempel durung bisa pedhot. Putrané Raden Werkudara lan Dewi Arimbi mau diwenehi jeneng Tetuka banjur ing sawijining wektu dadi Gathut Kaca. Pethikan teks kasebut yen katitik saka struktur teks kalebu perangané.......

a)

Orientasi

b)

Klimaks

c)

Komplikasi

d)

resolusi

22.

Gatekna gambar wayang ngisor iki! Sapa sejatiné tokoh wayang ing ndhuwur?

a)

Bagong

b)

Petruk

c)

Semar

d)

Gareng

23.

Gatekna gambar wayang ngisor iki! Sapa sejatiné tokoh wayang ing ndhuwur?

a)

Bagong

b)

Petruk

c)

Semar

d)

Gareng

24.

“Nuwun inggih Kakang Prabu, mangga enggal ngendika kula nglilakaken jiwa raga kuala” Arjuna sumaur.

Ukara kasebut nggunakake basa.....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

25.

Aku budhal isuk. Aksara Jawane yaiku ....

a)

b)

c)

d)

26.

Panulise ukara sing bener yaiku ....

a)

Bu Dewi guru basa Jawa.

b)

Bu Dewi guru Basa Jawa.

c)

Bu dewi guru basa Jawa.

d)

Bu Dewi guru Basa jawa.

27.

Raden Gathutkaca satriya kang gagah .... sekti mandraguna.

a)

dhuwur

b)

prakosa

c)

gedhe

d)

andhap asor

28.

Sadurunge nulis teks deskriptif, sing kudu ditindhakaké yaiku ....

a)

gawe salam pambuka

b)

gawe salam panutup

c)

nemtokake bab kang arep ditulis

d)

wawancara marang sijiwene pawongan

29.

Kalawingi Budhe Narmi tindhak menyang Surabaya amarga arep dherek lomba nembang macapat. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katrangan ....

a)

wektu

b)

cara

c)

upaya

d)

panggonan

30.

Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katrangan ....

a)

upaya

b)

wektu

c)

tujuwan

d)

panggonan

31.

Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik. Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ....

a)

Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik.

b)

Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik.

c)

Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.

d)

Mbak Rani wingi kesah dhateng Pekalongan arep mundhut Batik.

32.

KARNA TANDHING.

Perang Bharatayuda tambah dina ora mendha, nanging tansaya sengit lan nggigirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpena para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambune anyir ludirane para prajurit campur bangere bathang kewan tunggangane.

Perang Bharatayuda yaiku perang antarane ....

a)

Bharata lan yuda

b)

Pandhawa lan Karna

c)

Kurawa lan Karna

d)

Pandhawa lan Kurawa

33.

Wacanen dialog ing ngisor iki!

Anak: Assalamualaikum.

Ibu: Waalaikumsalam, piye kabarmu, Nak?

Anak: Alhamdulillah, kabar sae, Bu.

Ibu: Sliramu apa wis mangan, Nak?

Anak: ...

Manut unggah-ungguh, ukara sing bener kanggo mangsuli pitakone Ibu yaiku ....

a)

Wis, Bu, mau isuk aku wis mangan.

b)

Wis, Bu, wau enjing kula wis nedha.

c)

Sampun, Bu, wau enjing kula sampun dhahar.

d)

Sampun Bu, kalawau enjing kula sampun nedha.

34.

Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis (dicepaki) ubarampene (kelengkapan) sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan. Tembung sang bagaskara tegese ....

a)

Bumi

b)

Lintang

c)

Rembulan

d)

Srengenge

35.

Para pahlawan lila ngorbanake jiwa raga kanggo bangsa lan negara Indonesia. Tembung jiwa raga kalebu jinis tembung ....

a)

Entar

b)

Garba

c)

Saroja

d)

Dasanama

36.

Pak Kardi pingget atine jalaran wis diapusi putrane dhewe. Tembung pingget atine tegese ....

a)

Sabar

b)

Nangis

c)

Jengkel

d)

Lara atine

37.

Crita wayang kulit lan wayang wong padha, mung beda paragané/tokoh. Lakone jupuk saka kitab Mahabarata utawa Ramayana. Salah sawijining paraga (tokoh) yaiku Pandhawa. Kang diarani panengahe Pandhawa yaiku ....

a)

Bima

b)

Arjuna

c)

Sengkuni

d)

Duryadana

38.

Wacanen pacelathon/dialog ing ngisor iki!

Irma: Ran, sesuk apa sida ulangan Basa Jawa?

Rani: Sida, Ir, apa kowe ora ngerti?

Irma: Ora, jalaran aku pertemuan minggu kepungkur ora mlebu sekolah amarga lara.

Rani: Yen ngono mengko sore sinau bareng bae ya, Ir, ning omahmu.

Irma: Ya, kebeneran aku mengko tak ngajak Sinta.

Rani: Ya tak enteni tekamu, kae bel sekolah wis muni, ayo ndang mlebu kelas.

Pacelathon/dialog ing dhuwur nggunakake ragam basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Krama alus

d)

Krama inggil

39.

Tembung kang gunane kanggo ngurmati wong sing diajak omong-omongan, yaiku:

1) Wong sing durung kenal

2) Wong enom marang wong tuwa

3) Wong sing luwih dhuwur drajat lan pangkate.

Manut unggah-ungguh basane katrangan ing nduwur kalebu basa ....

a)

Krama alus

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Ngoko lugu

40.

Bu Lastri priyantun saking Ngayogyakarta, piyambakipun remen marang budaya Jawi mligine wonten ing nembang, yen nembang swantenipun sae. Tembung nembang yen karunut pikantuk ....

a)

Seselan (N)

b)

Sisipan (in)

c)

Ater-ater (N)

d)

Ater-ater (Ny)

41.

Kang diarani pahlawan/tokoh iku minangka salah sawijining paraga kang bisa dadi patuladhan uga nduweni gegayuhan marang nusa lan bangsa. Piyambakipun mimpin perang gerilya ing jaman penjajahan Walanda. Gambaran kasebut kalebu sawijining tokoh kang melu nyengkuyung kanggo kamardikan Indonesia yaiku ....

a)

B.J. Habibie

b)

Gajah Mada

c)

Jendral Sudirman

d)

Drs. Mohammad Hatta

42.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

1) Wingi Dina nyilih buku ceritamu amarga deweke seneng.

2) Potlote apa wis kokbalekake.

3) Payunge digawa bapak.

4) Amarga kowe bali dhisik dadi tasmu dakgawakna.

Tembung-tembung kang kawuwuhan ater-ater anusuara yaiku apa?

a)

Nyilih

b)

Digawa

c)

Dakgawakna

d)

Kokbalekake

43.

Waca katrangan ringkes iki: Tokoh iki salah siji tokoh bal-balan ing Negara Indonesia. Dheweke nalika dadi pemain bal-balan tau dadi kapten kang kasil nggawa tim Indonesia juwara piala AFF taun 2013. Saka watake kang teges lan disiplin, dheweke bisa mimpin kanca-kancane dadi tim kang kuat lan bisa dibanggakake. Sapa paraga utama miturut crita ringkes kasebut?

a)

Evan Dimas

b)

Lionel Messi

c)

Antony Ginting

d)

Valentino Rossi

44.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

1) Aku tuku gula ing pasar.

2) Kula tumbas gendhis wonten ing peken.

3) Kula mundhut gula ing peken.

4) Kula mundhut gendhis ing pasar.

Ukara kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer pira?

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

45.

Ing taun 2004 ing Negara Yunani dianakake pesta olahraga donya. Saka Negara Indonesia, salah sijining juwara badminton yaiku Taufik Hidayat. Taufik Hidayat uga sinebut pahlawan amarga apa?

a)

Nyiptakake teknologi

b)

Berjuwang mbela kamardikan

c)

Berjuwang ing pendhidhikan

d)

Kasil nggawa medali emas ing olimpiade

46.

Tembung "kurang luwih" yen karunut miturut macane  nggunakake swara....

a)

U jejeg, A jejeg, U jejeg, I miring

b)

U jejeg, A miring, U jejeg, I miring

c)

U miring, A miring, U jejeg, I jejeg

d)

U miring, A jejeg, U jejeg, I miring

47.

Gatekna gambar wayang ing ngisor iki. Sapa sejatine tokoh wayang kasebut?

a)

Puntadhewa

b)

Bima

c)

Arjuna

d)

Antasena

48.

Gatekna gambar wayang ing ngisor iki. Sapa sejatine tokoh wayang kasebut?

a)

Puntadhewa

b)

Bima

c)

Arjuna

d)

Antasena

49.

Pilih tulisan aksara Jawa sing bener kanggo tembung "pramuka lan tri satya".

a)

b)

c)

d)

Gambar pilihan d

Gambar pilihan d

50.

Pilih tulisan aksara Jawa sing bener kanggo tembung "santri sregep".

a)

b)

c)

d)