wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis B jawa

Total questions: 40

Worksheet time: 1hrs 20mins

Name
Class
Date
1.

Raket Kanca    

Raket kanca iku apik

Raket kanca iku becik

Tukar padu disingkerake

Tukar padu disirnakake

Tansaya suwe aku kelingan

Marang kowe kanca-kancaku

Adohe panggonan

Suwene wayah

Kabeh rumangsa apik

Aku kepingin kekancan kang terus akur

Kekancan nganti tuwa

Marga kekancan iku anjurane agama

Isi geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

     Aku kepingin dolanan karo kanca-kancaku

b)

  Marang kowe kanca-kancaku

c)

   Raket kanca iku perlu disirnakake

d)

Raket kanca iku becik, tukar padu disingkerake

2.

       Grojogan Roro Kuning

Sawise Prabu Erlangga seda, kraton Kahuripan kaperang dadi loro yaiku Jenggala lan Panjalu. Kanggo ndadekake kraton loro dadi siji maneh, Raja Jenggala sarujuk besanan karo Raja Panjalu.

Raja Jenggala kagungan putra kakung asmane Raden Inu Kertapati. Dene Raja Panjalu saka garwa prameswari kagungan putri asmane Dewi Sekartaji, lan saka garwa selir kagungan putri asmane Galuh Ajeng.

Amargi Dewi Sekartaji luwih ayu lan apik budi pekertine yen katandhing karo Galuh Ajeng, mula Raden Inu Kertapati milih Dewi Sekartaji minangka jodhone. Galuh Ajeng sing serik atine banjur golek dalan kanggo nyingkirake Dewi Sekartaji.

Galuh Agung ana crita ing dhuwur nduweni watak

a)

Apik budi pekertine

b)

Serik atine

c)

Sareh

d)

Sabar

3.

           Gundul-gundul Pacul

Gundul-gundul pacul cul gembelengan

Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

      Isi tembang dolanan ing dhuwur yaiku ...

a)

dadi pimpinan kudu  nggatekake  rakyate

b)

   dadi pimpinan kudu gundul

c)

dadi pimpinan kudu nyunggi wakul

d)

dadi pimpinan kudu kejem

4.

Ukara “Bapak dhahar roti”   yen ditulis nganggo aksara jawa sing bener yaiku

a)
b)
c)
d)
5.

Dina Setu ing kelas V ana pelajaran olah raga. Kabeh murid kelas V wis padha baris ing lapangan. Kabeh padha bregas lan seger. Barise manut klompoke dhewe-dhewe. Kabehe ana limang klompok. Saben klompok bocah papat. Budi dadi ketua klompok telu. Dina iki pelajaran olahraga diisi dolanan gobag sodor. Ketua kelompok dadi sodore, sing liyane dadi sing njaga. Bima ngatur klompoke sing arep ngadhepi klompoke Munip. Gobag sodor nglatih kelantipan lan ketrampilan. Bakal menang yen salah siji ana sing bisa ngliwati kabeh sing njaga saka ngarep nganti buri, lan bali ing garis mengarep tanpa kecekel sing njaga. Kabeh klompok wis main. Sing menang klompoke Parto.

     Gagasan pokok paragrap ing dhuwur yaiku ....

a)

dolanan tradisional

b)

gobag sodor

c)

pelajaran olah raga

d)

pemenange klompoke Parto

6.

Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, JawaWetan. Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan. Para tani mbudidaya njejegake pari-parine supaya ora kesuwen kakum banyu udan. Yen ora diangkat, bisa bosok lan ora payu didol amarga wis ora kena dipangan. Senajan bisa dipangan rasane uga wis ora enak.

Ukara ing ngisor iki sing trep karo paragrap ing dhuwur yaiku....

a)

Banjir lan udan dikantheni angin gedhe Dusun Kidul, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang.

b)

Bencana mau ndadekake tanduran parine para tani tambah subur

c)

Para tani mbudidaya njejegake pari-parine supaya kesuwen kakum banyu udan

d)

Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan

7.

   Pak Budhi lagi bingung ngadhepi perkara sing tumpang ... ing uripe.

      Tembung saroja kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

adhem

b)

   getire

c)

    pait

d)

    tindhih

8.

Sigra milir sang gethek sinangga bajul

Kawan dasa kang njageni

Ing ngarsa samiwah ing pungkur

Tanapi ing kanan kering

Kang gethek lampahnya alon

Guru wilangan lan guru lagune gatra kepapat tembang ing dhuwur yaiku ...

a)

12 i

b)

8 o

c)

8 u

d)

8 i

9.

Raden Janaka satriya panengahing Pandhawa putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi. Wujude satria bagus tanpa cacat. Ing jagadora ana tandhingane kebagusane amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunan ing agama kanthi temen.

Amanat wacan ing dhuwur yaiku ... .

a)

Mujudake tumindak becik

b)

  Panengahing pandhawa ingkang tanpa cacat

c)

    Putranipun Dewi Kunthi ingkang nomor tiga

d)

Kebagusane Raden Janaka ora ana tandhingane ing jagad

10.

Aksara jawa ing ndhuwur latinne… .

a)

Mangana saiki

b)

Majalah siji

c)

Mangan roti

d)

Mangan sate

11.

Desi ora seneng mangan Sate.

Ukara kasebut nganggo basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

12.

Basa kang wujud tembung-tembunge arupa tembung krama ora kacampuran ngoko utawa krama inggil, dene ater-ater lan panambnag uga krama diarani basa...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

13.

Basa krama alus/inggil dinggo dening....

a)

kanca sapdha

b)

wong tuwa marang anake

c)

guru marang muride

d)

anak marang wong tuwa

14.

Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko yaiku...

a)

aku arep lunga mancing

b)

kowe wis adus apa durung

c)

bapak tindak semarang nitih kereta

d)

anita lagi mangan sate

15.

Bapak ngunjuk kopi, aku ....... wedang putih.

Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaitu....

a)

ngunjuk

b)

ngombe

c)

mangan

d)

dhahar

16.

Basa ngoko lugu lumrahe dianggo dening ....

a)

anak marang wong tuwa

b)

wong kang lagi tetepungan anyar

c)

murid marang guru

d)

wong kang wis pada tetepungan kanthi raket

17.

Basa Krama Inggile lunga, yaiku ....

a)

kesah

b)

lunga

c)

tindak

d)

pergi

18.

Mas Rudi arep siram siki apa engko?

Ukara kasebut migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

19.

Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus yaiku ....

a)

bapak sampun tindak datheng Yogyakarta

b)

kula badhe mangan mas. napa panjenengan badhe tumut?

c)

pak iwan saiki wis rawuh apa durung?

d)

irma ora mlebu sekolah jalaran lara.

20.

Kondur basa ngokone yaiku ....

a)

mulih

b)

wangsul

c)

kondur

d)

tindak

21.

Jeneng museum iki sing ora kalebu museum sing ana tlatah Yogyakarta, yaiku ....

a)

Museum Ullen Sentalu

b)

Museum Sanabudaya

c)

Museum Radya Pustaka

d)

Museum Wayang Kekayon

22.

Sing mbangun museum Wayang Kekayon, yaiku ....

a)

Sultan Hamengku Buwono X

b)

Raden Ranggawarsita

c)

Prof. KPH. Soejono Prawirohadikusumo

d)

Sultan Hamengku Buwana VIII

23.

Niken kae dadi kembang lambe ing sekolahane. Tegese kembang lambe, yaiku ....

a)

ditresnani wong akeh

b)

juara kelas

c)

dadi bahan rasanan

d)

nelangsa uripe

24.

Sesuk Minggu, Dafi arep menyang .... Jogja Kembali.

a)

museum

b)

monumen

c)

gapura

d)

plataran

25.

Ing tembok Candhi Prambanan diukur wujud .... crita Ramayana.

a)

relief

b)

beskap

c)

gapura

d)

watu

26.

Melu menyang museum ya oleh, nanging ing kana aja dadi gawe. Tembung dadi gawe tegese ....

a)

nyambut gawe

b)

ngrepotke

c)

ceriwis

d)

kawanen

27.

Sultan Hamengku Buwana IX seda nalika tahun 1988. Tembung entar seda, yaiku ....

a)

cendhak umure

b)

rupak atine

c)

puput yuswa

d)

luhur budhine

28.

.... Tegalrejo saiki dadi papan wisata.

a)

Monumen

b)

Kampung

c)

Gapura

d)

Plataran

29.

Bise diparkir ana ing .... museum.

a)

plataran

b)

manggon

c)

kampung

d)

gapura

30.

Kapan museum Kereta Kraton Ngayogyakarta dibangun?

a)

3 Februari 1931

b)

jamane Sri Sultan Hamengku Buwono VII

c)

Tahun 1750

d)

30 Desember 1931

31.

Kreta apa sing pir-e digawe saka lulang kebo?

a)

Kreta Kiai Jolo Doro

b)

Kreta Kyai Jetayu

c)

Kreta Kyai Jong Wiyat

d)

Kereta Kanjeng Nyai Jimat

32.

Kapan kreta Kraton Ngayogyakarto sing umure tuwa dhewe digawe?

a)

Tahun 1749

b)

Tahun 1750

c)

Tahun 1751

d)

Tahun 1752

33.

Ing ngendi prenahe Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta?

a)

sisih wetan Alun-Alun Lor Kraton Ngayogyakarta

b)

sisih kidul Alun-Alun Lor Kraton Ngayogyakarta

c)

sisih kidul kulon Alun-alun Lor Kraton Ngayogyakarta

d)

sisih kidul kulon Alun-alun Kidul

34.

Ana ing museum akeh barang pengaji, aja dawa tangane. Tembung entar dawa tangane, yaiku ....

a)

rusuh

b)

pethakilan

c)

seneng nyolong

d)

seneng njilih

35.

Ana ing ngendi dununge Museum Sanabudaya?

(a)  

36.

Sapa pendirine Museum Sanabudaya iku?

(a)  

37.

Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....

a)

Dilebokne malah metu

b)

Klambine dilebokne lemari

c)

Bukune dilebokne tas

d)

Klambine gak dilebokne

38.

Sega sakepel dirubung tinggi = ......

a)

salak

b)

nanas

c)

andha

d)

sulak

39.

Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha

a)

pesawat

b)

montor

c)

andha

d)

Trek

40.

Duwe rambut ora nduwe endhas = ......

a)

jagung

b)

pari

c)

sulak

d)

nanas