wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Undha-usuk Basa Jawa

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Ukara nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Mbak Rina diutus bapak mundhut gula ing pasar.”

a)

salah

b)

bener

2.

Ukara nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Simbah tindak menyang Siman ningali wayang mau bengi.”

a)

salah

b)

bener

3.

Ukara nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Bagus arep kesah menyang Tulungagung numpak sepur.”

a)

salah

b)

bener

4.

Ukara nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Mas Dhani dhahar sega goreng ing warunge Cak Budi.”

a)

salah

b)

bener

5.

Ukara nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Buku panjenengan daksilih dhisik ya.”

a)

salah

b)

bener

6.

1.    Undha-usuk basa kuwi kaperang dadi loro yaiku . . . . .

a)

a.    basa ngoko lugu lan ngoko alus

b)

b.    basa ngoko lan basa krama

c)

c.    basa ngoko alus lan krama inggil

d)

d.    basa krama lugu lan ngoko lugu

7.

2.    Ing ngisor iki ukara kang migunakake basa ngoko lugu yaiku . . . .

a)

a.    Bapak tindak dhateng Semarang kalawau enjing.

b)

b.    Bapak tindak dhateng Semarang mau esuk.

c)

c.    Bapak kesah dhateng Semarang kalawau enjing.

d)

d.    Bapak lunga menyang Semarang mau esuk.

8.

Pethikan teks drama tradhisional ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan.

Suramenggala             : “Nduk Cempluk! Ana apa iki? Bengok-bengok ana dalan. Byuh-byuh praupanmu pucet kaya kentekan getih. Esuk-esuk masa ana dhemit ta, Nduk?”

Cempluk                                 : “Pak, Panjenengan tulungi tiyang punika, Pak!” (karo nuding menyang pasar) “Panjenengan tulungi Pak!”

Suromenggala                         : “Hentoh-hentoh rak malah saya ora cetha. Ana apa iki? Ayo matura sing genah, ana apa?”

Cempluk                                  : “Gentho, Pak. Gentho putranipun Paman Surogentho ndamel geger wonten peken nggepleg tiyang ngantos klenger.”

Basa kang digunakake dening Suromenggala marang Cempluk ing pethikan teks drama kasebut yaiku . . . .

a)

a.    ngoko alus

b)

b.    ngoko lugu

c)

c.    krama lugu

d)

d.    krama alus

9.

4.    Panjenengan kula bektakaken jampi saking wana, Raden.

Ukara kasebut yen kaowahan nganggo basa ngoko alus dadi . . . .

a)

a.    Panjenengan kula astakaken jampi saking wana, Raden.

b)

b.    Panjenengan dakgawakake jamu saka alas, Raden.

c)

c.    Sampeyan kula bektakaken jampi saking wana, Raden.

d)

d.    Sampeyan dakgawakake jamu saka alas, Raden.

10.

5.    Omahmu wis diresiki apa durung?

Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku .. . .

a)

a.    Dalemipun panjenengan sampun diresiki napa dereng?

b)

b.    Dalemipun sampeyan wis diresiki apa durung?

c)

c.    Griyanipun panjenengan sampun diresiki punapa dereng?

d)

d.    Griyanipun sampeyan sampun dipunresiki punapa dereng?