Font size
WorksheetsLATIHAN US 1
Total questions: 17
Worksheet time: 51mins
Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
Kang tumrap ing tanah Jawa,
Agama ageming aji.
1. Apa watake tembang macapat ing dhuwur ....
madhep, mantep, banter, nesu
nelangsa, prihatin
sereng, seneng, lan nantang
sedhih, getun, memelas, prihatin
Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
Kang tumrap ing tanah Jawa,
Agama ageming aji.
Wos surasane tembang iku, yaiku ....
yen agama iku minangka cagaking urip kang luhur
ora mendem kahanan donya kang asipat ngereh manungsa liyane
wong bisa empan papan lan manut marang tatanan Negara
nrima ing pandum
1. TIM SAR Brimob Polri, Selasa (31/3) nemolale jenazah wanita korban ambrole tanggul Situ Gintung, Tangerang. Wanita iku tinemu ing sangisore kreteg Perumahan Cirendeu Permai. Kanthi tinemune jenazah kasebut engga Rebo (1/4) awan. Total ana lkurban 99 kang wis dipesthekake tiwas. Koordiantor SAR Brimob Polri Komisaris Polisi Rachmad Effendi mratelakake, time isih mbudidaya nggoleki kurban-kurban kang isih ilang. Manut itungane Rahmad, ana wong enem amneh sing isih durung ditemokake.
Wos surasa kang jumbuh karo teks ing dhuwur kajaba....
korban ambrole tanggul Situ Gintung ditemokake dening Tim SAR Brimob Polri
korban ambrole Tanggul Situ Gintung ditemkake dina Kemis
manut Rachmad ana enem maneh korban Situ Gintung kang durung ketemu
korban musibah ambrole Situ Gintung sing tiwas ana 99 wong
Wujud omah tradisional Jawa iku awujud Joglo. Sanajan awujud Joglo, nyatane ana maneka warna jinise, tuladhane joglo limasan lawakan, joglo sinom, joglo jompongan, joglo pangrawit, joglo mangkurat, joglo hageng, lan joglo semat tinandhu. Wewangune omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok, ing antarane yaiku teras/pendhapa, pringgitan, dalem agung, krobongan/senthong, lan gondhok utawa pawon/pekiwan. Teras utawa pendhapa dumunung ana ing ngarep dhewe, piguna utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruangan. Wujud kang tinarbuka iki pralambang luhure pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh. Pringgitan ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradisionala liyane. Ruwangan iki dibangun nudhuhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-nguri lan ngrembakake seni lan budaya.
Dalem agung wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Ruwangan iki nudhuhake lamun urusan kulawarga iku kanthi dirembug bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusane pribadine kulawarga.
Krobongan/senthong minangka ruwangan kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah. Saliyane iku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti liyane aji liyane. Kang duwe umah nalika nindakake ngibadah uga ning ruwangan iki. Ruwangan iki ateges nudhuhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang apring kanugrahan.
Gandhok utawa pawon/pekiwan iku papane ana ing mburi dhewe. Pigunane kanggo masak lan kamar mandi. Bab iki nuduhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).
Manut wacan ing ndhuwur , wangune omah joglo kang mduweni nilai religi yaiku....
gandhok
dalem agung
krobongan/senthong
krobongan/senthong
Nuladha laku utama,
Tumrape wong tanah Jawi,
Wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senopati,
Kapati amarsudi,
Sudane hawa lan nepsu,
Pinesu tapa brata,
Tanapi ing siyang ratri,
Amemangun karyenak tyasing sasama.
Patuladhan Panembahan Senapati manut tembang macapat ing dhuwur yaiku yaiku ....
reresik jiwa
nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran
babagan karakter lan perilaku kang becik sarta ngendhaleni hawa nafsu
ngedohi sipat angkara murka
Jejer Ngastina, duhkitaning Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi jalaran laire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana senjata kang tumawa kanggo mbedhah Bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah Bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakake si Bungkus. Unsur intrinsik ingkang wonten ing salebeting cariyos kasebut inggih menika ....
paraga
watak
alur
pesen/amanat
Para lenggah kakung putri, kaleksanan liru kalpika, pangandikanipun para pinisepuh, liru kalpika saged kat indakaken saderengipun calon penganten kaijabaken utawi kapanggihaken, wondene menawi sampun kaijabaken saged winastan imbal kalpika, tali minangka pratandha miwah tetenger bilih sampun wonten ingkang nggadhahi. Tegese tembung kalpika yaiku ....
mahar
cincin/ali-ali
kalung
dhuit
Sega gandul Pati. Sega iki diajangi nganggo piring kang dilambari godhong gedhang, diwenenhi duduh kang rada gurih legi, lawuhe daging sapi iris cilik-cilik. Bisa ditambahi lawuh liyane, kayata tahu tempe goreng, ayam bacem, endhog bacem, lan sapiturute.
Manut wacan ing dhuwur kang kalebu tembung saroja yaiku ....
sega gandul
cilik-cilik
tahu tempe
endhog bacem
Angkara gung neng angga anggung gumulung,
Gegolonganira,
Triloka lekere kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
Wos surasa tembang ing dhuwur yaiku ....
angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara
yen tumindak ala ora dikendhaleni bakal nyilakani
manungsa iku bakal urip ing telung alam
manungsa iku bakal urip ing telung alam
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang winantu ing ... Bapak Ibu guru ingkang kula urmati. Ingkang winantu ing pakurmatan bapak staf karyawan, karyawati, dalasan kanca-kanca siswa-siswi ingkang winantu ing kabagyan. Puji syukur konjuk ... Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring rohmad dhateng panjenengan lan kula, satemah saged pinanggih ing papan ngriki kanthi wilujeng. Mugi kasarasan, miwah kabagyan katumra pan dhumateng panjenengan dalasan kula.
Isen ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ....
kamulyan, ngarsanipun
pangajeng-ajeng
pakurmatan, ngarsanipun
madya, patuladhan
Tlatah Jawa iku ora bisa uwal saka upacara sakral adat Jawa. Salah sijine yaiku babagan upacara temanten adat Jawa. Upacara temanten Jawa iku duweni rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara temanten iki nglambangake sapatemonan ing antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing mligi kaya dene raja lan ratu. Rantaman adicara temanten adat Jawa ing saben laladan iku beda miturut kahanan ekonomi saben kulawarga. Salah sijine upacara temanten Jawa yaiku upacara paningset. Upacara paningset yaiku peranganing upacara temanten kang tegese naleni lan duweni ancas yen calon penganten wanita wis nampa paningset saka calon penganten kakung. Ubarampe kang utama utawa inti ana ing upacara paningset yaiku….
Kalpika
Centhung
Kalung sungsun
Cundhuk mentul
Samengko ... tutur,
Sembah ... supaya lumuntur,
Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki,
Ing kono lamun ... ,
Tandha nugrahaning Manon.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi cakepan tembang ing nginggil yaiku ....
ingsun; manungsa; kabecikan
ingsun; catur; kabecikan
ingsun; catur; ketemu
ingsun; catur;
Dora sanalika mangkat ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yen mentas sowan gustine. Saiki diutus nimbali si Sembada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sembada ora ngandel marang kandhane si Dora. Banjur padha padu rame. Suwe-suwe padha kekerengan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayane. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perange sampyuh. Si Dora lan si Sembada padha mati kabeh. Pitutur luhur saka cerita rakyat kasebut yaiku ....
prekara kudu age-age dirampungi
ngrampungake prekara kudu kanthi cara apik
aja gumedhe marang liyan
kabeh prekara dirampungi kanthi paprangan
Kagatosna pacelathon ing ngandhap!
Pak Marsudi
: “Lampahanipun dalu menika menapa Mas?”
Pak Susilo
: “Petruk Dados Ratu”
Pak Marsudi
: “We… lha sae menika”
Pak Susilo
: “Ingkang dados petruk dalu menika sinten Mas?”
Pak Marsudi
: “Dalu menika ingkang dados Petruk Mas Surono. Menika keliripun sampun dipunbikak Mas”
Pak Susilo
: “Wah… panggungipun wiyar sanget”
Pak Marsudi
: “Niyaganipun cakrak-cakrak tur taksih enem-enem”
Pak Susilo
: “Mugi-mugi kemawon paraganipun ugi bregas-bregas”
Jinising seni pagelaran Jawa kang wonten sajroning pacelathon ing inggil yaiku ....
Wayang kulit
Wayang golek
Wayang wong
wayang-wayangan
Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.
Paugeraning tembang kasebut inggih menika ....
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
8u, 8i, 8a, 8i,
8u, 8i, 8a, 8u, 8a, 8i
8u, 8i, 8a, 8u, 8a, 8i
Blangkon kang umume digawe saka kain bathik, lan digunakake dening priya. Ing tlatah Jawa akeh jinise blangkon. Sakabehe wujud blangkon kang beda iku ora marakake prakara, nanging sing kudu dingerteni yen piranti iku minangka sawijining busana kang digunakake supaya rambute wong lanang ing jaman semono akeh kang gondrong bisa sinawang katon rapi amarga katutupan blangkon. Wosing teks ing nginggil inggih menika ....
bathik bahan dhasaring blangkon
blangkon asalipun saking tlatah Jawa
blangkon namung diagem piyayi ingkang rambutipun gondrong
blangkon digunakake supaya rikmane boten ketingal awut-awutan
Karna diangkat dening .........
Duryudana
Suyudana
Arjuna
Adirata
