Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan TO3 B Jawa 2023

Total questions: 35

Worksheet time: 9hrs 45mins

Name
Class
Date
1.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

2.

Babagan kang dirembug sajrone artikel kasebut yaiku...

a)

Pemilu Legislatif

b)

Korban Banjir

c)

Omah Rusak

d)

Banjir Bandhang

3.

Wacanen wacan iki kanggo mangsuli pitakon ing ngisore !


Biyantu Bapak


Kaluwarga Pak Ali duwe kandhang bebek samburi omah. Pak Ali ngingu bebek dibantu kaliyan putrane. Jeneng putrane Pak Ali yaiku Vito. Saiki Vito kelas telu SD. Vito bantu bapake makani bebek isuk sakdurunge mangkat sekolah lan sore sakdurunge magrib. Vito seneng banget bisa biyantu bapake ngingu bebek.


Kewan apa kang diingu Pak Ali ....

a)

wedhus

b)

bebek

c)

pitik

4.

Kanggo nulis pawarta eksposisi iku kudu mangerteni 5W + 1H. Salah sawijine yaiku why kang ateges ....

a)

kapan prastawa kedadean

b)

apa prastawa kang kedadean

c)

geneya prastawa kedadean

d)

kepriye prastawa iku kedadean

e)

ana ngendi prastawa iku kedadean

5.

Watake tembang Kinanthi inggih menika ...

a)

galak

b)

tresna asih

c)

getun

d)

kasmaran

e)

nelangsa

6.

Ukara tembang pangkur “Akarana karenan mardisiwi” tegese ....

a)

karana seneng pendhidhikan

b)

karana remen putra putri

c)

karana remen ndhidhik putra putri

d)

karana kedah nggulawentah putra putri

e)

karana manungsa remen pendhidhikan kang sae

7.

titikane tembang sinom, yaiku ...

a)

8i, 8a, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12i

b)

8i, 8a, 8i, 8a, 7a, 8u, 7i, 8i, 12a

c)

8a, 8i, 8a, 8i, 7a, 8u, 7i, 8i, 12u

d)

8a, 8i, 8o, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12o

e)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

8.

Wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.

Paribasane ...

a)

Busuk ketekuk pinter keblinger

b)

Becik ketitik ala ketara

c)

Adigang adigung adiguna

d)

Jer basuki mawa beya

9.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

10.

Pakbomba, paklawa, pakpiut.

Cangkriman wancahan ing dhuwur batangane...

a)

Untu krowok larane ora karu-karuan

b)

Tapak kebo Amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut

c)

Tebu ditata mlebu lori

d)

Yen dijiwit aduh biyung

11.

Sega sakepel dirubung tinggi = ......

a)

salak

b)

nanas

c)

andha

d)

sulak

12.

Ceblok ing ngisor digoleki ing dhuwur = .....

a)

andha

b)

sumur

c)

geni

d)

genteng bocor

13.

Ingakng sepisan sumangga kita sadaya ngaturaken puji syukur dumatheng Gusti Allah ingkang sampun maringaken nikmat saengga kita saged makempal ing adicara perpisahan kelas VI.Kula siswa kls VI. Kula ingkang tinanggenah guru, makili kanca-kanca ngaturaken matur nuwun dhumateng bapak ibu guru, ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil ,saengg a cita-cita kula lan rencang-rencang saged kawujud kanthi lancar.

Isi sesorah ing ndhuwur yaiku....

a)

pamitan arep lunga

b)

perpisahan kelas VI

c)

persiapan ngarepake ujian

d)

pengumuman ujian

14.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

15.

Salam utawa panyapa kanggo bapak-bapak kang rawuh ing pidhato lumrahe ....

a)

ingkang kula pitados

b)

ingkang kula kurmati

c)

ingkang kula sayangi

d)

ingkang kula percaya

16.

Sesorah kudu ditindakake kanthi swara sing cetha kanthi tujuan ....

a)

supaya pamiyarsa betah mirengake

b)

supaya sing dingendikakake gampang ditampa

c)

supaya katon bregas mrebawani

d)

supaya padha seneng

17.

Assalamualaikum wr wb.

sugeng enjang para pamiyarsa....

ukara kasebut kalebu....

a)

purwaka

b)

surasa

c)

salam pambuka

d)

salam panutup

18.

Guru wilangan lan guru lagu tembang ing nginggil inggih menika …

a)

7u,10u, 12i, 8u, 8o

b)

18u, 6a, 8i, 12a

c)

8u, 8i, 8a, 8o, 8a, 8i

d)

12i, 6a, 8i, 8a

e)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a,8i

19.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

20.

Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....

a)

Kebo nusu gudel

b)

Kebo kabotan sungu

c)

Kebo lagi turu

d)

Kebo mangan suket

21.

Mboke diidhak idhak anake dielus-elus =......

a)

sulak

b)

nanas

c)

salak

d)

andha

22.

Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha

a)

pesawat

b)

montor

c)

andha

d)

Trek

23.

Irah-irahan wacan ing dhuwur kang trep yaiku ...

a)

Menyang Kampung Coklat

b)

Blitar Kampung Coklat

c)

Kampung Coklat

d)

Buah Coklat

24.

Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....

a)

nduweni pengin barange kanca

b)

wong tuwa rekasa amarga polahe anak

c)

nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa

d)

karepe ngirit nanging malah entek akeh

25.

(1) Isi/Suroso

(2) Purwaka/pambuka

(3) Panutup

(4) Salam Panutup

(5) Salam Pambuka

Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...

a)

2-5-1-3-4

b)

5-2-1-3-4

c)

5-2-4-3-1

d)

2-5-1-3-4

26.

Bapak ngunjuk kopi nasgithel.


Batangane cangkriman nasgithel yaiku ... .

a)

panas legi kenthel

b)

panas legi tapi ora kenthel

c)

bubur panas kokopen

d)

buah nanas rasane legi

27.

Ngandaraken gagasan kanthi lisan ing ngajengipun tiyang kathah

a)

Sesorah

b)

Wara-wara

c)

Pambyawara

d)

Pranatacara

28.

Bapak saha Ibu Guru ingkang kinabekten, Bapak Ibu ingkang kula kurmati, para kadang lan adhi-adhi kula, saha para rawuh sedaya ingkang bagya mulya. Sesorah ing dhuwur iki urutan sesorah bab….

a)

Atur pakurmatan

b)

Pambuka

c)

Surasa

d)

panutup

29.

Diwenehi ati ngrogoh rempelo, tegese ....

a)

wis diwenehi sathithik, banjur njaluk luwih akeh

b)

ora antep, atine molah malih

c)

bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake

d)

sarwa cilaka, tansah kena paeka

30.

Anak polah bapa kepardhah, tegese ....

a)

sing becik bakal tenemu, sing ala bakal ketara

b)

wis diwenehi sathithik, banjur njaluk luwih akeh

c)

ora antep, atine molah malih

d)

wong tuwo melu repot amarga tumindake anak

31.

Irah-irahan pawarta kang pas kanggo gambar sing ana ing soal yaiku...

a)

Lapangan Reged ing Desa Warak

b)

ana Sapi kang lagi disembeleh kanggo Idul Qurban

c)

Kerja Bakti ing Desa Warak

d)

Masjid Ngadakake Sholat idul Adha

e)

ana wedhus kang lagi dibeleh kanggo Idul Qurban

32.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

33.

Watake tembang Pangkur yaiku ...

a)

ala

b)

becik

c)

kejem

d)

sereng


e)

sedhih

34.

Kula minangka wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.


Pidhato kuwi diwacaaken ing acara perpisahan kanggo ….

a)

kanca kang pindah sekolah

b)

guru kang pindah sekolah

c)

siswa kelas VI kang lulus sekolah

d)

guru lan adhik-adhik kelas 1 - 5

35.

Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.


Ingkang maos pidhato ing duwur yaiku ….

a)

bapak/ibu kepala sekolah

b)

guru kelas VI

c)

perwakilan siswa kelas VI

d)

adhik-adhik kelas