NEW
Font size
WorksheetsULANGAN HARIAN UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
Total questions: 10
Worksheet time: 2mins
Bedane unggah-ungguh lan tata krama yaiku...
Unggah-ungguh bab pocapan lan tutur, tata krama bab tumindak lan patrap kang becik
Unggah-ungguh bab pocapan lan patrap, tata krama bab tumindak kang kleru
Tata krama bab micara kang becik, unggah-ungguh bab tumindak kleru
Tata krama kang kudu digatekake minangka guneman karo wong liya ana 3, yaiku...
Tangan ngapurancang, mrengut, asta sembrana
Sumeh, tangan ngapurancang, tangan nyumanggakake
Tangan nyumanggakake, mrengut, ngadeg jejeg
Sumringah, tangan mlebu sak, ngadeg jejeg
Ragam basa Jawa ana 2 yaiku ngoko lan krama. Saka contho ukara ing ngisor iki kalebu contho ragam basa...
"Mas, mbok aku njaluk oleh-olehe. Aku kepengin bakpiane panjenengan."
Ngoko alus
Krama lugu
Ngoko lugu
Krama alus
Basa krama alus dinggo kanggo guneman karo...
Kanca
Murid
Wong sing status sosiale luwih endhep
Wong sing urung kenal
Yen Andi arep takon daleme Pak Lurah marang simbah ing dalan nganggone basa...
Krama Alus
Krama Madya
Krama Ngoko
Krama Lugu
Ing salah sijing dina, Raka dipilih dadi ketua OSIS. Dheweke gawe program Adiwiyata kanggo budidaya tanduran obat. Sekolah wis nyiapake lahan awujud taman paguyuban saben kelas. Ananging, saben kelas kudu nyiapake tanduran dhewek-dhewek. Raka disuwun tulung karo Ibu kepala sekolah kanggo ngumumake lumantar sound sekolah.
Saka kasus kuwi mau, pachelaton kang trep ing ngisor iki yaiku...
"Assalamu'alaikum Wr. Wb. Maturnuwun awit kawigatosanipun para Ibu saha Bapak. Kula minangka ketua OSIS nyuwun idin kanggo atur wara-wara kanggo kanca kelas pithu dumugi sanga. Kanca-kancaku ingkang kula tresnani, dina Jum'at arep dianakake program Adiwiyata. Mangkana atur kula, supadados para kanca saged mbekta taneman obat saking daleme piyambak-piyambak. Ampun kesupen, dina Jum'at lho ya! Matur nuwun"
"Assalamu'alaikum Wr. Wb. Sugeng siyang kanca-kanca. Nyuwun pangapunten ngresahi wekdalipun para Ibu Bapak guru lan kanca-kanca. Kula nyuwun tulung kanggo sedayanipun supados saged mbekta tanduran obat amarga ing dina Jum'at tanggal 22 September sesuk arep dianakake program Adiwiyata bebarengan. Taneman obat kedah dibekta sekurang-kurange 3 tanduran saben kelas. Kala wau atur kula, matur nuwun. Wassalamu'alaikum Wr. Wb"
"Asslamu'alaikum Wr. Wb. Nyuwun kawigatosanipun para kanca kelas pithu dumugi kelas sanga. Maturnuwun awit kawigatosanipun. Sakderengipun, kula badhe atur wara-wara kanggo sedayanipun supados saged mbekta tanduran obat saking dalemipun piyambak-piyambak. Lajeng tanduranipun saged dipunkempalaken wonten ing ruang OSIS. Matur nuwun. Wassalamu'alaikum Wr. Wb."
"Assalamu'alaikum Wr. Wb. Nyuwun pangapunten kangge Bapak, Ibu guru ingkang wonten ing kelas, kula badhe ngaturaken wara-wara kangge kanca-kanca kelas pithu dumugi kelas sanga. Nyuwun kawigaten kanggo kanca-kanca! Aku Shinta Ramayani minangka ketua OSIS nyuwun idin kanggo atur wara-wara. Dina Jum'at sesuk tanggal 22 September 2023, arep dianakake program Adiwiyata. Pramila, saben kelas kudu nyiapake tanduran obat saka griyane dhewek-dhewek, saben kelas kudu ana 3 tanduran obat kang beda-beda. Mekaten atur kula, maturnuwun awit kawigatosan para kanca. Wassalamu'alaikum Wr. Wb"
Andita bocah sing seneng marang kabudayan Jawa. Dheweke paling seneng bab aksara Jawa. Pas ana lomba Maos Aksara Jawa kang diumumake saka sekolah, Andita njaluk marang guru supayane bisa melu lomba. Dheweke bisa juwara 1 lomba nganti tingkat propinsi Yogyakarta. Sasi ngarep, dheweke nembe arep melu lomba tingkat Nasional kang dianakake ing IKN (Ibu Kota Nusantara).
Saka kasus kuwi mau, Bapak ketua RT arep paring pangalembana. Ukara kang trep yaiku...
"Ndhuk. Sampeyan kok sregep pol. Bisa dadi juwara 1! Mugi-mugi mengko bisa dadi juwara umum ing kancah internasional ya. Ibu dongakake supaya kowe bisa menggapai cita-citamu ndhuk. Aja lali dedunga marang Gusti ya."
"Ndhuk, kowe jos tenan e. Wis ayu, pinter, bisa maca aksara Jawa. Wah gelem dadi mantuku ora."
"Ndhuk, selamat yah sayangku! Mugi-mugi bisa dadi berkah lan jalanmu menuju sukses sayy."
"Ndhuk, awakmu kalebu bocah kang pinter lan gelem nglestarikake budaya Jawa. Selamat ya kanggo usahamu tekan saprene wis bisa entuk juwara 1. Mugi-mugi benjing bisa dadi wong sukses ing bidhangmu ndhuk."
Santi : "Assalamu'alaikum._____."
Bu Asih : "Ya ndhuk. Ibu nitip print uga ya. Dokumene ta kirime ing WA"
Santi : "Inggih, Ibu. Kula pamit rumiyin, Wassalamu'alaikum."
Nyuwun pangapunten, Ibu. Kula badhe nyuwun arto kangge ngeprint dokumen ing ngajeng sekolah.
Nyuwun pangapunten, Ibu. Kula badhe ngeprint ing ngajeng sekolah. Menapa saged Ibu?
Nyuwun pangapunten, Ibu. Kula badhe nyuwun pirsa medal ngajeng sekolah menapa angsal nggih? Amargi kula badhe ngeprint.
Nyuwun pangapunten, Ibu. Kula badhe nyuwun idin medal dhateng fotokopian ngajeng sekolah amargi badhe ngeprint laporan akhir.
Ibu : "Pak, Alhamdulillah lho, putrine kita bijine sae sanget. Ing sekolah ranking 1. Masya Allah."
Bapak : "Wah Alhamdulillah. Lha iki bocahe malah teka, rene ndhuk."
Sinta : "Kados pundi, Pak?"
Bapak : "_______. Kowe arep njaluk apa seka bapak lan ibumu kanggo bebungah."
Sinta : "Matur nuwun sanget Bapak, Ibu."
Putrine Bapak kok ayu pisan! Rene, lungguh.
Masya Allah kowe ndhuk..ndhuk. Ayu lan pintere jos tenan!
Putrine Bapak pancen pinter lan sregep! Aja gedhe sirah ya ndhuk nek bijimu apik, bisa ranking 1. Sinau terus supaya dadi wong sukses!
Wah putrine sapa iki, pinter tenan!
Dika : "Lanang, adhikmu iki nangisna Lini!"
Lanang : "Lha, ngapa ta? gawe prekara apa dheweke?"
Dika : "Mau, bukune kuwi direbut peksa. Aku wis nyeneni dheweke ananging malah lunga."
Lanang : "Yaa,____"
Ngapunten, kula boten ngertos malah.
Banjur aku kudu kepiye? Njaluk ngapura?!
Sepurane, mengko adhikku ta omongi supaya ora kaya ngana meneh.
Dudu urusanku ta kuwi, nek arep njaluk ngapura ya adhikku dudu aku.
