WorksheetsKUIS MATERI UPACARA ADAT
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
(1) Upacara kang wis disarujuki dene masyarakat lan bisa nggawe panguripan sosial sajrone masyarakat luwih becik disebut…
Upacara Adat
Upacara Temanten/ Panggih manten
Upacara Bendera
Upacara ruwatan
Upacara Kenduren
(2) Upacara adat Jawa kanggo mengeti Ibu sing lagi ngandhut pitung sasi…
Tingkeban
Ruwatan
Mantenan
Wetonan
Larung Sesaji
(3) Ing upacara mantenan ana kegiyatan kang diarani wiji dadi utawa midak tigan. Tigan/ ndhog kang digawe ing rantaman kasebut yaiku…
Ndhog bebek
Ndhog Jawa
Ndhog Manuk Dara
Ndhog Iwak Nila
Ndhog gemak
(4) Upacara adat tedhak siten iku salah sawijine upacara adat jawa kanggo bayi umur…
5 Sasi
7 sasi
9 sasi
setaunan
selapanan
(5) Salah sawijining ubarampe sing ana ing upacara adat tedhak siten yaiku….
Kurungan pitik
Kembang api
kasur
kain mori
Sega rawon
(6) Jadah pitung werna ing upacara adat tedhak siten nduweni tujuwan kanggo…
Gambarake Kamulyan bocah
Supaya dadi wong dermawan
Supaya dadi wong sing aweh pitulungan
Supaya dadi bocah sing waspada saka goda kang maneka warna.....
Supaya dadi wong kacukupan
(7) Upacara sing nduweni gegayutan marang alam.....
Tingkeban
Tedhak siten
Temu manten
Larung sesaji "Pethik muncar"
Wetonan
(8) Upacara adat Jawa tedhak siten iku kanggo ngenalake jabang bayi marang…
Banyu
Siti/ lemah
Langit
Manungsa
Eyange
(9) Nalika tingkeban ibu calon bayi disalini busana kaping pira…
7
8
9
3
6
(10) Kang dikarepake cengkir gadhing digambari tokoh pewayangan…
Supaya bisa niru lan pinter nggambar wayang
Supaya si bocah mbesuk seneng marang wayang
Supaya si bocah mbesuk seneng ndalang
Supaya bocah nduweni watak satriya yen lair lanang yen lair wanita nduweni sipat becik.
Supaya si bocah bisa meranake tokoh satriya lan bisa meranake putri kang becik kaya ing gambar
