wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Bahasa Jawa Kelas 9-Semester Ganjil 2023/2024

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Sing dikarepake teks eksposisi yaiku …..

a)

gancaran kang nyritakake proses sawijining kagiyatan

b)

gancaran kang surasane ngandhut panjlentreh

c)

gancaran kang nggambarake salah sawijining objek kanthi cetha

d)

gancaran kang nyritakake sawijining kedadean kang dialami

2.

Cacahing pola pengembangan lan jinising pengembangan eksposisi ana .....

a)

telu

b)

lima

c)

papat

d)

loro

3.

Anane teks eksposisi ngandhut ancas kanggo .....

a)

sarana lelipuran tumraping pamaca

b)

ngandharake trap-trapan proses kanggo ngasilake

c)

medharake asil lapuran pengamatan utawa observasi

d)

menehi informasi awujud fakta kanthi cetha marang pamaca

4.

Ing ngisor iki kang ora nuduhake jalaran anane prastawa banjir saka faktor pokale manungsa, yaiku .....

a)

rusake wangunan sing kanggo ngendhaleni banjir

b)

daerah padhet penduduk ing sadawane kali

c)

buwang sampah ing samubarang panggonan

d)

anane erosi lan curah udan sing dhuwur

5.

Eksposisi berita adate ditemokake ing .....

a)

buku resep

b)

koran

c)

lapuran

d)

cerkak

6.

Kang diandharake sajroning teks eksposisi yaiku .....

a)

gambaran sawijining objek kanthi cetha

b)

ide, panemu, pangerten kanggo nambahi kawruh pamaca

c)

rerangken kedadean sajroning crita

d)

panemu kanggo ngyakinake pamaca

7.

Bagean pungkasan utawa panutup sajroning teks eksposisi uga diarani .....

a)

koda

b)

reorientasi

c)

tesis

d)

penegasan ulang

8.

Teks eksposisi asipat informatif ateges .....

a)

mathuk klawan logika

b)

surasane teks klebu nalar

c)

surasane teks menehi informasi utawa pangerten marang pamaca

d)

teks digawe saka kagiyatan sing bener-bener dilakoni

9.

Struktur teks eksposisi sing runtut yaiku .....

a)

tesis, argumentasi, lan penegasan ulang

b)

argumentasi, tesis, lan penegasan ulang

c)

tesis, penegasan ulang, lan argumentasi

d)

argumentasi, penegasan ulang lan tesis

10.

Ing ngisor iki kang nuduhake karakteristik teks eksposisi kanggo mangaribawani pamaca yaiku .....

a)

surasane adedhasar panemu

b)

surasane ngandhut fakta utawa kasunyatan

c)

surasane teks kawuwuhan pangrekane panulis

d)

surasane teks ngandhut trap-trap an langkah utawa cara

11.

Kang kapisan ditemtokake nalika nulis teks eksposisi yaiku .....

a)

gawe cengkorongan nganthi nulis ukara baku

b)

nliti tulisan sajroning teks

c)

golek maneka sumber kang ana gegayutane karo tema

d)

nemtokake topik utawa tema

12.

Teks eksposisi katulis kanggo nambahi kawruhe pamaca. Anggone nulis teks adhedhasar kasunyatan utawa apa anane tanpa kawuwuhan pangrekane panulis. Ateges nggunakake tetembungan denotatif. KAng mangkono iku klebu siji sipat teks eksposisi sing diarani /....

a)

komunikatif

b)

informatif

c)

objektif

d)

sistematis

13.

Aksara kang digawe kanggo

njangkepi cacahe aksara kang gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, diarani : ...

a)

Aksara Rekan

b)

Aksara Swara

c)

Aksara Murda

d)

Aksara Legena

14.

Wulan April

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
15.

Aksara " E ", yen ditulis nganggo aksara swara : ...

a)
b)
c)
d)
16.

Yen ditulis nganggo aksara latin : ...

a)

Abbas lagi panas.

b)

Arman lagi mangan.

c)

Akbar lagi mangan.

d)

Sabar lagi panas

17.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

18.

Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......

a)

epilog

b)

monolog

c)

dhialog

d)

prolog

19.

"Pakdhe bali saka Semarang numpak bis"


Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku....

a)

Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis

b)

Pakdhe wangsul menyang Semarang numpak bis

c)

Pakdhe kondur dhateng Semarang nitih bis

d)

Pakdhe kondur saking Semarang nitih bis

20.

Pak Sidik ___ kantor ___ mobil. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku …

a)

menyang, numpak

b)

tindak, numpak

c)

menyang, nitih

d)

tindak, nitih

21.

 yen ditulis aksara latine . . .

a)

basa jawa

b)

basa krama

c)

basa lugu

d)

basa mata

22.

Ngalengka, Pancawati, lan segara kuwi kalebu unsur intrinsik kang diarani....

a)

Alur

b)

Paraga

c)

Setting

d)

Tema

23.

"Pakdhe bali saka Semarang numpak bis"


Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku....

a)

Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis

b)

Pakdhe wangsul menyang Semarang numpak bis

c)

Pakdhe kondur dhateng Semarang nitih bis

d)

Pakdhe kondur saking Semarang nitih bis

24.

Jinising drama kang pacelathone dilagokake kanthi iringan musik utawa gamelan diarani .....

a)

melodrama

b)

sendratari

c)

drama tragedi

d)

drama opera

25.

Drama uga bisa diarani sandiwara kang kadhapuk saka rong tembung. Dene tegese tembung sandi yaiku .....

a)

lelakon

b)

samar

c)

wulangan

d)

tontonan

26.

Sing dadi bakune gagasan kanggo ngrembakakake crita drama diarani .....

a)

tema

b)

latar/setting

c)

amanat

d)

alur/plot

27.

Ing ngisor ora klebu unsur intrinsik drama yaiku .....

a)

busananing basa

b)

amanat

c)

paraga

d)

pendhidhikan pangripta

28.

JInis drama kang nyritakake babad kang ana paraga lan kedadeane diarani .....

a)

drama misteri

b)

drama sujarah

c)

drama tragedi

d)

melodrama

29.

Sing diarani alur yaiku .....

a)

pawongan kang nindakake crita

b)

piweling saka pangripta marang pamiarsa

c)

wektu lan prastawa crita iku dumadi

d)

rerangkening crita saka wiwitan tekan pungkasan

30.

Sawijining karya sastra kang dipentasake dening paraga diarani .....

a)

wayang

b)

nembang

c)

drama

d)

gancaran

31.

Pagelaran drama utawa sandiwara klebu seni .....

a)

ephemeral

b)

karateristik

c)

ekspresif

d)

eksklusif

32.

Ludruk iku minangkas salah sawiji seni tradhisional saka .....

a)

Jawa Tengah

b)

Jawa Timur

c)

Sunda

d)

Bali

33.

Kang diandharake sajroning tesis yaiku .....

a)

panemu panulis tumrap surasane teks

b)

urutan kedadean utawa prastawa

c)

dudutan uutawa kesimpulan teks

d)

babagan kang arep dijlentrehake

34.

Ing ngisor iki kang kalebu sajroning struktur teks eksposisi yaiku .....

a)

argumentasi

b)

opini

c)

interpretasi

d)

abstraksi

35.

Ngrembakakake cengkorongan dadi paragrap eksposisi kang jangkep lan becik klebu .....

a)

titikane teks eksposisi

b)

ancas panulisan teks eksposisi

c)

carane nulis teks eksposisi

d)

jinis teks eksposisi

36.

Paraga pambiyantu sajroning crita uga diarani .....

a)

antagonis

b)

utama

c)

tritagonis

d)

protagonis

37.

Miturut etimologi, tembung drama saka basa Yunani draomai kang ateges .....

a)

tontonan

b)

lelakon

c)

wadi

d)

wulangan

38.

Kang diarani monolog yaiku ......

a)

gunemaning para paraga

b)

guneman wong akeh

c)

gunemane paraga ijen karo awake dewe

d)

gunemane wong loro utawa luwih

39.

Alur crita drama kang dipurwakani wiwitan nganti pungkasan diarani .....

a)

flaSHBACK

b)

progresif

c)

rehresif

d)

ekspresif

40.

Ing sandiwara bahasa Jawa iku sing kudu digatekake sakliyane dialog yaiku pilihan tembung. Pilihan tembung iku uga diarani.....

a)

Mentes

b)

Diksi

c)

Fiksi

d)

Non Fiksi

41.

Ing paugeraning nulis naskah drama utawa sandiwara kudu nggatekake unsur-unsur....

a)

Penghayatan

b)

Pengartian

c)

Intrinsik

d)

Implisit

42.

ing crita drama utawa sandiwara kudu ana sing diarani...supaya crita sandiwara mau bisa urip.

a)

Tragedi

b)

Urutan

c)

Alur

d)

Konflik

43.

Paraga kang nduweni watak ala diarani paraga.....

a)

Antagonis

b)

Protagonis

c)

Fiksigonis

d)

Metagonis

44.

Sing kalebu setting yakuwe....

a)

Papan panggonan

b)

urutan crita

c)

paraga

d)

ringkesan

45.

Bab kang dadi dasare naskah drama diarani....

a)

judul

b)

lakon

c)

tema

d)

plot

46.

Paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya diarani paraga apa ?

a)

Paraga biyantu

b)

Paraga utama

c)

Paraga tambahan

d)

Paraga ekstra

47.

Tembung-tembung ngisor kiye sing ana gandhenge karo sandiwara yakuwe (kajaba)....

a)

babak lan adegan

b)

skenario lan prolog

c)

dialog lan epilog

d)

irama/musik lan plot

48.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa ngoko alus yaiku...

a)

Kula kesah sekolah nitih sepedha

b)

Mas Anton mengko Panjenengan arep tindak jam pira?

c)

Bapak sampun tindak kala wau jam sedasa

d)

Andi tuku buku ana ing Pati

49.

Bayu iku tegese.......

a)

Banyu

b)

Angin

c)

Ati

d)

Alas

50.

Bapak : "Bas, ....kowe duwe atlas? Bapak nyilih sedela"

Baskoro : " ..............."


Wangsulane Baskoro kang bener manut unggah-ungguhe yaiku:

a)

Kagungan pak, menika atlasipun

b)

Gadhah pak, niko wonten tas

c)

Gadhah pak, menika atlasipun.

d)

Duwe pak, kae nang tas