Font size
WorksheetsLATIHAN ASAS KELAS 7
Total questions: 50
Worksheet time: 38mins
Teks tanggapan deskriptif biasane nggambarake...
runtutane wektu
ciri-ciri utawa kahanan sawijining barang, wong, utawa papan
panemune wong marang prastawa
pitudhuh marang wong liya
Swara "e" ing tembung "enak" kalebu swara...
jegeg
miring
pepet
tengah
Swara "o" ing tembung "omah" kalebu swara...
jejeg
miring
pepet
wulu
Tembung "mangan" kalebu jinis tembung...
aran
kriya
kahanan
wilangan
Tembung "kowe" iku kalebu unggah-ungguh basa...
krama inggil
ngoko alus
ngoko lugu
krama
Bagian sing ngemot jeneng lan identitas liyane saka sawijining tokoh kalebu struktur teks profil tokoh ing papan...
orientasi
peristiwa utawa pengalaman
reorientasi
identifikasi
Tembung "pangan" yen diweni ater-ater "m" dadi "mangan". Tembung "mangan" iku kalebu...
tembung lingga
tembung andhahan
tembung camboran
tembung entar
Tembung "tuku" sing diweni seselan "in" dadi "tinuku" tembung tinuku iki kalebu...
tembung lingga
tembung andhahan
tembung aran
tembung entar
Tembung "dolanan" asale saka tembung lingga...
dolan
dolanan
main
dolanané
Tembung "saputangan" iku kalebu jinis tembung...
tembung lingga
tembung andhahan
tembung camboran
tembung entar
Tembung "sampeyan" yen diowahi dadi basa ngoko lugu dadi...
kowe
panjenengan
awakmu
sliramu
Tembung sing nuduhake jenenge barang, wong, kewan, utawa papan panggonan diarani...
Tembung Kriya
Tembung Katrangan
Tembung Sipat
Tembung Aran
Ngoko Lugu Ukara ing ngisor iki sing nggunakake Basa Ngoko Lugu yaiku...
Bapak arep tindak menyang Semarang.
Aku sesuk arep lunga menyang Solo.
Panjenengan sampun dhahar?
Simbah ngunjuk teh anget.
Tembung "ditukokake" asale saka tembung lingga...
Tuku
Dituku
Tukokake
Ditukok
Dhapukan Ukara Ing ukara "Adhiku nulis layang ing kamar.", sing dadi jejer (subjek) ukara yaiku...
Nulis layang
Adhiku
Layang
Ing kamar
Tembung "bocah-bocah" iku kalebu tembung rangkep jinis...
dwilingga
dwilingga salin swara
dwiwasana
dwipurwa
Sandhangan "wigyan" (dituduhake nganggo lambang ing gambar) iku kalebu sandhangan...
swara
panyigeg
wyanjana
murda
Sandhangan "cakra" (dituduhake nganggo lambang ing gambar) iku kalebu sandhangan...
swara
panyigeg
wyanjana
pasangan
Ukara ing ngisor iki sing bener miturut unggah-ungguh Basa Ngoko Alus yaiku
Kowe wis ngunjuk kopi?
Bapak lagi teka saka kantor.
Ibu wis sare jam pitu.
Simbah maem sega pecel.
Teks Crita Wayang Salah sawijining tokoh wayang sing misuwur amarga watake jujur, setya, lan pinter manah yaiku
Duryudana
Kresna
Werkudara
Arjuna
Ing ngisor iki sing kalebu tembung entar yaiku
Lemah teles
Balung kuwuk
Kaca benggala
Kembang lambe
gandhengna nganti trep perangane awak ing ngisor
Asta
tangan
Talinga
kuping
Netra
mata
Suku
sikil
unusan
irung
Tembung rangkep Tembung “tetuku” kalebu jinis tembung rangkep
Dwilingga
Dwiwasana
Dwipurwa
Dwilingga salin swara
Sandhangan wyanjana sing gunane kanggo sesulih wyanjana ra ing tengah tembung yaiku
Wignyan
Cecak
Cakra
Pengkal
sandhangan wignyan digunakake kanggo nutup wanda (suku kata) nganggo wyanjana
R
H
Ng
Y
Pasangan tembung saroja ing ngisor iki yaiku
Tangi – turu
Peteng – padhang
Mlayu – mlaku
Dhuwur – asor
Tembung ing ngisor iki sing kalebu lingga yaiku
Tuwuhan
Tulisen
Tulis
Nulisi
Tembung ing ngisor iki sing rangkep dwilingga yaiku
Bolak-balik
teturu
cengenges
Mlayu-mlayu
Dasanama saka tembung bumi yaiku
Lintang
Jagad
Tirta
Samodra
Ukara “Ana dina ana upa.” kalebu jinis purwakanthi
Guru swara
Guru sastra
Guru gatra
Guru lagu
Sandhangan swara taling tarung digunakake kanggo ngowahi swara Aksara Jawa dadi aksara vokal
a
i
u
o
Dasanama saka tembung wong yaiku
Janma
jagad
bayu
Narendra
gandhengna nganti trep
banyu
tirta
bapak
rama
anak
yoga
ratri
bengi
gandhengne nganti trep
nedha
mangan
tindak
budhal
ngunjuk
ngombe
mirsani
ndelok
Dhapuk ukara "Bapak tuku buku" iku JWL
Bener
Salah
Tembung "saroja" iku tembung loro kang duwe teges padha karo tembung liya
Bener
Salah
Basa krama iku kalebu basa kang digunakake kanggo ngomong karo kancan sekolah.
Bener
Salah
Sandhangan "cecak" (ꦁ) iku kalebu sandhangan panyigeg. Pilih jawaban sing bener.
Bener
Salah
Ing ngisor iki sing kalebu Purwakanthi Guru Swara yaiku...
Laras lurus leres.
Wis wani weruh wewadi.
ana upa ana pangan
Kala kula kelas kalih.
Tegese Tembung Entar "mata dhuwitan" yaiku
Wong sing seneng nglumpukake dhuwit kanggo dienggo dewe.
Wong sing mripate kaya dhuwit
Wong sing kabeh pagawean mung diukur nganggo bandha (dhuwit).
Wong sing jujur ora seneng nyolong dhuwit.
"Dhèkné diwènèhi dhuwit kanggo tuku buku." Tembung "dhuwit" nduwèni fungsi dadi...
WASESA
LESAN
KATRANGAN
JEJER
Tembung rangkep sing diwaca ping pindho kanthi salah siji swarane owah (salin swara) diarani..
Dwilingga
Dwilingga Salin Swara
Dwipurwa
Dwiwasana
Tembung ing ngisor iki sing kalebu Tembung Andhahan amarga diwènèhi ater-ater sa- yaiku...
SATE
SAWAH
SAPADHA
SARANA
Data sing paling wigati kanggo nuduhake kaprigelan (keahlian) sawijining tokoh ing riwayat uripe yaiku..
Papan lairan
Pengalaman kerja lan pendhidhikan
Arane wong tuwa
Kesenengan (Hobi)
Tembung NYERAT ing ukara "Bapak nyerat serat kanggo dhosen." kalebu jinising tembung ARAN
BENER
SALAH
sandhangan panyigeg wanda patetn 'ng' arane layar
bener
salah
sandhangan wyanjana kata ganti 'ya' arane pengkal
bener
salah
Bu Rina mangan soto entek rong piring. Owahana dadi ngoko alus
Bu Rina dhahar soto telas kalih piring
Bu Rina dhahar soto entek rong piring
Bu Rina nedha soto entek loro piring
Bu Rina dhahar soto entek kalih piring
dadi bocah aja gedhe.....supaya ora digething kancane
tangane
sikile
atine
endhase
doni pancen weteng kadhut, panganan apa wae gelem. tegese weteng kadhut yaiku
ora seneng mangan
ora duwe wareg
senengane sega
senengane iwak
