Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Bahasa Jawa

Total questions: 31

Worksheet time: 31mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan iku kalebu...

a)

puisi Jawa modern

b)

karangan anyar

c)

rura basa

d)

purwakanthi

2.

Maca geguritan kudu ngerti munggah mudhune swara lan pocapan yaiu kang diarani ...

a)

Wicara

b)

Wirasa

c)

Wiraga

d)

Wirama

3.

Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi….

a)

Solah bawa lan patrape dhewe-dhewe

b)

Nuladha solah bawa lan patrape liyan

c)

Tanpa solah bawa lan patrap

d)

Solah bawa sing digawe-gawe

4.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

5.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Sapa sing nulis geguritan ing duwur?

a)

R. Widiyati

b)

Jeng Kitut

c)

Bunda Etik Kusweni

d)

Astuti

6.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....

a)

Bisa ngarang

b)

Pinter nembang

c)

Ngerti pengarange

d)

Paham isine

7.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia

c)

Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

d)

Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

8.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Tembung santosa pada tegese karo ...

a)

rusak

b)

mulya

c)

rukun

d)

rembug

9.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese …

a)

Rukun ndadekake kuwat, cecongkrahan marakake bubrah

b)

Rukun bisa kuwat, nanging bisa marakake bubrah

c)

Rukun ndadekake bubrah, cecongkrahan marakake kuwat

d)

Rukun kadhang-kadhang kuwat, kadhang-kadhang marakake bubrah

10.

Nalika maca geguritan kuwi gatekake obahing awak kang diarani ....

a)

wirasa

b)

wicara

c)

wiraga

d)

wirama

11.

Mandheg lakune pocapan sajroning maca geguritan kang ditemtokake dening gantining gatra (larik) yaiku ....

a)

intonasi

b)

tandha wacan

c)

jedha

d)

titik

12.

Geguritan asale saka tembung gurit kang ateges ....

a)

intonasi

b)

tulisan kang awujud tatahan

c)

ekspresi

d)

swara-swara endah

13.

Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika maca geguritan, kejaba ....

a)

intonasi

b)

ekspresi

c)

klambi

d)

lafal

14.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

15.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

16.

Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!

a)

mundhut

b)

nyuwun

c)

tanglet

d)

njaluk

17.

Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara !.

a)

njaluk, aweh

b)

nyuwun, paring

c)

njaluk, caos

d)

njaluk, paring

18.

diparingi hadiah bapak ngucapake ... .

a)

matur nuwun

b)

kula nuwun

c)

tindak pundi

19.

Pak Lik aturana ... wedang kopi

a)

ngombe

b)

dhahar

c)

maem

d)

ngunjuk

20.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

21.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

22.

momong - ayo - adik

tatanane tembung iki yaiku ... .

a)

adik ayo momong

b)

ayo adik momong

c)

ayo momong adik

23.

Teks percakapan utawa dialog ing Basa Jawa diarani ....

a)

geguritan

b)

parikan

c)

pachelathon

d)

tembang

24.

wong Jawa yen pacelathon diatur dening ...

a)

ungah-unguh kata

b)

ungah-unguh basa

c)

ungah-unguh kalimat

d)

ungah-unguh wicara

25.

Teks pachelathon iku katulis kanthi wujud ...

a)

gancaran (prosa)

b)

pada (bait)

c)

imbal wacana (dialog)

d)

geguritan (puisi)

26.

Sakabehane ukara ing teks pacelathon iku nggunakake ...

a)

ukara kandha (kalimat langsung)

b)

ukara crita (kalimat ora langsung)

c)

ukara pakon (kalimat perintah)

d)

ukara panjaluk (kalimat permohonan)

27.

isine teks pachelathon yaiku ...

a)

muji Gusti kang Maha Kuwasa

b)

nelakake rasa tresna asih

c)

nyritakake lelakone manungso

d)

pangajak lan panerangan

28.

cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku ana ...

a)

loro utawa luwih

b)

akeh banget

c)

siji utawa luwih

d)

ora bisa dietung

29.

salah siji titikane teks pachelathon yaiku ...

a)

ukara ing teks pachelahon dawa boseni

b)

cacahing paraga akeh banget

c)

nggunakake ukara pakon

d)

ukara ing teks pacelathon cekak aos

30.

miturut unggah-ungguh basa, Basa Jawa kaperang dadi loro yaiku ...

a)

basa ngoko lugu lan ngoko alus

b)

basa krama lan basa ngoko

c)

basa krama alus lan krama lugu

d)

basa ngoko lugu lan krama alus

31.

Adhiku ditumbasake roti dening Hari. Ukara kasebut nggunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus