WorksheetsPretest Unggah ungguh basa
Total questions: 5
Worksheet time: 7mins
Tuladha tata krama sing becik ing ngisor iki, yaiku ...
Nalika diterangake bapak utawa ibu guru sinambi caturan karo kancane
Nggunakake unggah-ungguh basa kang trep marang wong liya
Nggunakake unggah-ungguh basa mung karo tanggane
Nggunakake unggah-ungguh basa mung karo wong tuwane wae
Nggunakake basa krama mung karo bapak utawa ibu guru
Ukara sing salah panganggone unggah-ungguh basa yaiku ...
Saenipun bapak kondur rumiyin
Ibu tindak dhateng Surabaya
Kula badhe wangsul
Bapak nitih sepedha motor
Kula sampun dhahar
Apa Retno wis ngerti omahe Pak Sastra?
Ngoko lugu ing dhuwur yen diowahi dadi krama lugu ....
Menapa Retno sampun mangertos griyanipun Pak Sastra?
Apa Retno wis ngerti dalemipun Pak Sastra?
Menapa Retno sampun mangertos dalemipun Pak Sastra?
Menapa Retno sampun ngerti griyanipun Pak Sastra?
Apa Retno sampun ngerti dalemipun Pak Sastra?
Aku lagi mangan, dene adhik turu nalika ibu mulih saka pasar. Ngoko lugu ing dhuwur yen diowahi dadi krama alus...
Aku lagi mangan, dene adhik turu nalika ibu kondur saka pasar
kula nembe nedha, dene adhik tilem nalika ibu kondur saking peken.
Kula nembe nedha, dene adhik tilem nalika ibu wangsul saking peken
Kula nembe nedha, dene adhik sare nalika ibu kondur saking peken.
Aku lagi nedha, dene adhik tilem nalika ibu wangsul saka peken.
Yen arep nyinaoni unggah-ungguh basa kudu mangerti luwih dhisik undha usuke basa. Sing diarani undha usuke basa yaiku ...
Carane anggone basa
Carane ngajeni wong
Tatarane basa manut panggonane
Solah bawane anggone basa
Carane nggulawentah
