wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Unen Unen

Total questions: 40

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Bapak puncung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara

Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….

a)

Tasbih

b)

gelang

c)

sepur

d)

kalung

2.

Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan ...

Tembung kang cocok kanggo njangkepi cangkriman kasebut ing dhuwur yaiku ...

a)

mandheg

b)

lungguh

c)

diliwati

d)

ngadeg

3.

Supaya wong sing mirengake pidhato bisa ketarik, wong kang pidhato kudu nggateake bab-bab ing ngisor iki, yaiku ...

a)

vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan runtute isi pidhato kudu cetha

b)

vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan improviasi kudhu cetha

c)

impromtu, memoriter, intonasi, lan ekspresi kudu cetha

d)

impromtu, vokal/swara, intonasi, lan ekspresi kudu cetha

4.

Pidhato kanthi cara maca teks diarani....

a)

naskah

b)

ekstemporan

c)

memoriter

d)

impromptu

5.

Namung tutuk lan netra kalih kadulu

Yen pinet kang karya

Sinunduk netrane kalih

Yeku saratira bangkit ngemah-ngemah

a)

12u-6a-8i-12a

b)

6a-81-12u-12a

c)

12u-6u-8a-12i

d)

12u-12i-6u-8a

6.

Cacahe wanda saben sagatra diarani

a)

lumaksita

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru lagu

7.

sego sak kepel di rubung... (bedhekane=salak)

a)

tinggi

b)

semut

c)

laler

d)

angkrang

8.

pitik walik sobo ... (badhkane=nanas)

a)

kebon

b)

sawah

c)

ratan

d)

kali

9.

naliko pidhato ana 4 methode sing bisa digunakake apa wae ..

a)

naskah,deskripsi,eksposisi,narasi

b)

impromptu,memoriter,naskah,ekstemporan

c)

persuasi,naskah,deskrisi,ekstemporan

d)

memoriter,sesanti,deskripsi,impromptu

10.

ukara ing ngisor iki minangka tuladhane cangkriman yaiku

a)

dilenokne malah metu

b)

bukune dilebokne tas

c)

klambine dilebokne lemari

d)

klambine gak dilebokne

11.

Cangkriman iku padha karo....

a)

Lok-lokan

b)

Paribasan

c)

Bedhekan

d)

Omong-omongan

12.

Yen arep pidhato , becike gawe......

a)

Struktur teks pidato

b)

naskah pidhato

c)

gagasan baku

d)

cengkorongan

13.

Wong kang ngalah bakal nemu kabegjan ing tembe burine, Paribasane................

a)

Durung becus keselak besus

b)

Sabaya pati, sabaya mukti

c)

Wani ngalah luhur wekasane

d)

Renggang gula kemepyur pulut

14.

Bapak kepala sekolah nimbali bocah kelas enem.

Ukara tanduk ing dhuwur yen didadekake ukara tanggap....

a)

Bapak kepala sekolah timbalana bocah kelas enem

b)

Bapak kepala sekolah ditimbali bocah kelas enem

c)

Bocah kelas enem ditimbali bapak kepala sekolah

d)

Bocah kelas enem nimbali bapak kepala sekolah

15.

yen aksara latin yaiku..

a)

dino rebo 23 juni

b)

dino rebo 26 juni

c)

dina rebo 26 juni

d)

dina rebo 23 juni

16.

saiki umurku 12 taun, yen di tulis aksara jawa dadi

a)
b)
c)
d)
17.

katulis latine ...

a)

supaya penyune lestari

b)

supaya penyu lestari

c)

supaya penyu 2 disate

d)

supaya payu disate karo teri

18.

gambar iku kalebu..

a)

sesanti/slogan

b)

pariwara

c)

pawarta

d)

persuasi

19.

Ing ngisor iki titiane sesanti/slogan sing bener yaiku....

a)

Ukarane Ngajak-ngajak

b)

Ukarane mamerake

c)

Ukarane Nyenengake

d)

Ukarane Ngujuk-ujuki

20.

Ukara ing ngisor iki tuladhane teks pawarta wujud andharan ngenani kedadeane...........

a)

Gunung Kelud njeblug ing tanggal 14 pebruari 2014

b)

Banjir bandang wingi sore dinuga amarga alas kulon kae gundul

c)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

d)

Ibu seneng banget dina iki

21.

Unen-unen ana ing Basa lan Kasusastran Jawa cacahe ana ....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

22.

Sing ora kalebu unen-unen ing Basa lan Kasusastran Jawa yaiku ....

a)

pepindhan

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

saloka

23.

Unen-unen sing ajeg panganggone, ora nganggo jejer, ora nganggo gegambaran, lan tetembungane ora kena diwolak-walik yaiku ....

a)

pepindhan

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

saloka

24.

Unen-unen Basa Jawa sing nganggo gegambaran barang utawa kewan yaiku ....

a)

pepindhan

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

saloka

25.

Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom, paribasane ....

a)

kebo kabotan sungu

b)

kebo nusu gudel

c)

ula marani gepuk

d)

gajah nguntal slangkrah

26.

Wong tuwa nemu reribed amarga polahe anak, paribasane ....

a)

jer basuki mawa beya

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

anak polah bapa kepradah

d)

rawe-rawe rantas malang-malang putung

27.

Melu sengsarane ora melu kepenake, paribasane yaiku ....

a)

bathok bolu isi madu

b)

gupak pulut ora melu mangan nangkane

c)

ana gula ana semut

d)

sepi ing pamrih rame ing gawe

28.

Kriwikan dadi grojogan, tegese yaiku ....

a)

wong asor nanging sugih kapinteran

b)

seneng njejaluk nanging ora tau weweh

c)

prakara cilik dadi prakara gedhe

d)

paseduluran sing ora tau rukun

29.

Kaya banyu karo lenga, tegese paribasan yaiku ....

a)

prakara cilik dadi prakara gedhe

b)

njarag marani bebaya

c)

paseduluran sing ora tau rukun

d)

seneng njejaluk nanging ora tau weweh

30.

Ula marani gepuk, tegese yaiku ....

a)

prakara cilik dadi prakara gedhe

b)

paseduluran sing ora bisa rukun

c)

njarag marani bebaya

d)

melu sengsarane ora melu senenge

31.

Wong tuwa sengsara uripe amarga kakehan anak, paribasane ....

a)

kebo nusu gudel

b)

kebo kabotan sungu

c)

ana gula ana semut

d)

ula marani gepuk

32.

Wong asor nanging sugih kapinteran, paribasane ....

a)

ana gula ana semut

b)

jer basuki mawa beya

c)

bathok bolu isi madu

d)

kebo nusu gudel

33.

Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....

a)

jer basuki mawa beya

b)

sepi ing pamrih rame ing gawe

c)

kriwikan dadi grojogan

d)

kaya banyu karo lenga

34.

Unen-unen Basa lan Kasusastran Jawa sing nganggo jejer yaiku ....

a)

pepindhan

b)

bebasan

c)

paribasan

d)

saloka

35.

Panggonan sing akeh rejekine mesthi diparani wong akeh, diparibasakake ....

a)

ana gula ana semut

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

kebo nusu gudel

d)

kebo kabotan sungu

36.

Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....

a)

Paribasan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Saloka

37.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....

a)

Cangkriman

b)

Geguritan

c)

Wangsalan

d)

Bebasan

38.

(1) ancik-ancik pucuke eri

(2) arep nangkane emoh pulute

(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo

(4) iwak klebu ing wuwu


Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (3)

d)

(2) lan (4)

39.

Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

40.

Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe

paribasane ....

a)

Rawe-rawe rantas, malang-malang putung

b)

Negara mawa tata, Desa mawa cara

c)

Jer basuki mawa bea

d)

Adigang adigung adiguna