wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Post Test Unggah-ungguh

Total questions: 10

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet saking titikanipun krama alus inggih menika….

a)

Kita piyambak boten kenging dikramakake inggil

b)

Tembung ingkang dipunkramakaken inggih menika: tiyangipun, panindakipun, saha barang ingkang dipunkagungaken

c)

Basanipun langkung inggih tinimbang basa ingkang sanes

d)

dipunagem dening tiyang ingkang drajatipun langkung andhap dhateng tiyang ingkang drajadipun langkung inggil

e)

dipunagem dening tiyang ingkang drajatipun langkung inggil dhateng tiyang ingkang drajadipun langkung andhap

2.

Tuladha ukara ingkang trep menawi matur karo wong tuwa yaiku…

a)

Pak, mangke sampeyan apa tindak kantor?

b)

Sampeyan wau sampun mbeta napa kemawon?

c)

    Ibu, kula ajeng kesah dhateng sekolah

d)

    Mbah, niki kula wenehi nyamikan

e)

Artane wis ana ta, Bu?

3.

“Ibu ana dalem ora, Nang? Paklek arep sowan.”

Ukara ing inggil kalebet ragam basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama alus

d)

Krama lugu

e)

Krama madya

4.

Ing ngandhap punika ukara ingkang kalebet krama alus inggih menika…

a)

Yen arep pinter kudu sregep sinau kaliyan donga

b)

Nyuwun sewu saderengipun, panjenengan ta ingkang asmanipun Pak Kamto punika?

c)

Artanipun wis digawa dening Mbak Sinta

d)

Dhuwite wis diasta dereng?

e)

Matur nuwun marang sapa wae sing wis kersa paring panyaruwe

5.

Ukara ingkang trep miturut unggah-ungguh menika…

a)

Kula dereng saged wangsul amargi taksih wonten acara ing sekolah

b)

Bapak nedha jangan asem yen aku lagi dhahar iwak pithik

c)

Mbaku isih durung bisa bali jalaran ana pasaran

d)

Griyane Bu Nur cerak karo daleme kancaku

e)

Menawi kersa, dhuwitipun saged digawa

6.

Adhi: “Kala wingi Bapak kondur tabuh pinten, nggih?"

Bapak: “Aku … jam setengah papat.”

a)

Kondur

b)

Mulih

c)

Dhateng

d)

Wangsul

e)

Rawuh

7.

“Nang, mbok simbah dipun ….dhahar.”

a)

aturi

b)

dhawuhi

c)

kengken

d)

dikon

e)

kongkon

8.

“Ibu, menapa gadhah tigan saha gendhis?”

Tembung ing inggil menika ingkang kirang trep inggih menika…

a)

Ibu

b)

Menapa

c)

Saha

d)

Gadhah

e)

Gendhis

9.

Bapak: “Mangga, kula aturi dhahar”

Pak Seno: “Matur nuwun, kula sampun ….”

a)

Dhahar

b)

Nguntal

c)

Mangan

d)

Nedha

e)

Badhog

10.

Suntingan ingkang trep tumrap tembung artine ing ukara “Apa kowe ngerti artine momong?” yaiku....

a)

artose

b)

     

maksute    

c)

tegese

d)

karepe

e)

lugune