Font size
WorksheetsSTS KLS 8D
Total questions: 50
Worksheet time: 31mins
Kang nyolong Dewi Sinta yaiku ....
Rahwana
Rama
Leksamana
Resi Jatayu
Rahwana saya cepet lakune anggone nggondhol Sinta, Sinta kelaran, kabeh perangan awake krasa lara, satemene pengen uwal nanging sansaya kenceng sikepane Rahwana. Uwal tegese ....
Lawan
Ucul
Mateni
Nangis
Ingkang katindakaken Resi Jatayu wonten satengahipun wana, inggih punika ....
Perang kaliyan Prabu Dasarata ingkang ndhusta Sinta
Perang kaliyan Prabu Dasarata ngrebat wangsul negari Ayodya
Ngrebat Sinta saking regemaning Prabu Dasarata lajeng kadusta
Mbudidaya ngrebat Sinta saking regemanipun Prabu Rahwana
Tumeka Negara Alengka Sinta dipameri endahing kraton, barang-barang lan prabotan kang edi peni, mawarna-warna mas inten barleyan. Sinta ora gumun lan ora ngrewes. Ngrewes tegese ....
Bungah
Sedih
Peduli
Jengkel
Rahwana nyoba ngarih-arih sarta nglelipur Sinta. Ngarih-arih tegese ....
Ngrayu
Murka
Nesu
Janjeni
Rama nesu marang jagad saisine jalaran ....
Sinta ora ana ing papan marga dicolong
Lesamana ora bisa njaga dewi Sinta
Sinta lunga tanpa pamit marang Rama
Sinta nyuwun kidang kencana
Resi Jatayu iku kalebu ing cerita pewayangan ....
Anoman obong
Mahabarata
Ramayana
Pandawa Lima
Ratu buta iku jenenge ....
Rama
Sinta
Rahwana
Dasarata
Rahwana iku raja ana ing negara ....
Kiskenda
Alengka
Ayodya
Amarta
Nalika Anoman lunga menyang negara Alengka banjur ketemu Dewi Sinta, nalikane arep mulih Anoman konangan lan kacekel dening ....
Rama
Lesamana
Rahwana
Indrajid
Sabanjure Anoman kecekel, dheweke diadhepake marang Rahwana. Banjur Rahwana matrapi paukuman marang Anoman arep ... ing satengahing alun-alun Alengka.
diobong
digantung
ditembak
dipenggal
Rahwana lan Jathayu rebutan Dewi Sinta ing gegana.
ing ngisor iki tembung padha tegese karo tembung gegana, kajaba ...
langit
awang-awang
mega
geni
Sinta diweruhi barang kang sarwa edi peni.
edi peni tegese ...
elek
ala
endah
apik
Ramayana kuwi kitab sing nyritakne lakune ...
Rama lan Lesmana
Rama lan Rahwana
Rama lan Hanoman
Rama lan Sinta
Dewi Sinta ditinggal ing alas ... nalika Rama nguber kidang kencana
Kiskendha
Dhandaka
Balekambang
Pancawati
Resi Jathayu ingkang nulungi Dewi Sinta wujude ...
Peksi Garudha
Peksi Elang
Peksi emprit
Peksi gedhe
Jathayu kuwi mitra rakete Raja Dasarata.
Tembung mitra tegese
mungsuh
kanca
sedulur
sanak
Lesmana bungah amarga ingkang raka sampun boten duka.
tegese tembung raka ing ukara kasebut yaiku ...
adhi
kakang
mbak yu
bapak
Dewi Sinta kadhustha dening Rahwana.
Tembung kadhustha duweni teges ...
dijupuk
dijaga
dicolong
disawang
Sajatosipun kula saged mejahi Rahwana, nanging sasampnipun kuwandanipun kenging siti, piyambakipun saged gesang malih.
tembung siti duweni teges
banyu
lemah
geni
wit
Rahwana kagungan Aji Pancasona, yaiku ajian kang bisa gawe Rahwana urip maneh nalika awake ngambah ...
banyu
lemah
geni
wit
Prabu Rahwana gawa dewi Sinta menyang kraton ...
Pancawati
Kiskendha
Dhandaka
Alengka
Durung bar Jathayu nerangna kedadeyang perange nglawan Rahwana, dheweke koncata nyawa. Banjur Kurnapane diobong dening Rama lan Lesmana.
miturut teks kasebut sing diobong dening Rama lan Lesmana yaiku ...
Swiwine Jathayu
Sikile Jathayu
Awake Jathayu
Sirahe Jathayu
Gambar wayang kasebut arane paraga ....
Brihawan
Sampati
Harna
Jathayu
Gambar wayang kasebut diarani ....
Indrajid
Kalamarica
Kumbakarna
Dasamuka
Gambar wayang kasebut diarani ....
Dewi Madrim
Dewi Sinta
Dewi Kunti
Sarpakenaka
Sing ngonangi Dewi Sinta digawa mabur Rahwana yaiku ....
Jathayu
Harna
Anoman
Sampati
Paraga wayang iki raja ing Alengka, yaiku ....
Kumbakarna
Dasamuka
Ramawijaya
Lesmana
Sanajan kakange wujud buta lan sifate ala, nanging paraga iki duwe watak becik kang mbelani Ramawijaya yaiku ....
Indrajid
Sarpakenaka
Kumbakarna
Wibisana
Ingkang katindakaken Resi Jatayu wonten satengahipun wana, inggih punika ....
Perang kaliyan Prabu Dasarata ingkang ndhusta Sinta
Perang kaliyan Prabu Dasarata ngrebat wangsul negari Ayodya
Ngrebat Sinta saking regemaning Prabu Dasarata lajeng kadusta
Mbudidaya ngrebat Sinta saking regemanipun Prabu Rahwana
Basa ngoko lugu digunakake dening ....
Bocah marang bocah
Wong enom marang wong tuwa
Siswa marang guru
Bocah marang wong tuwa
Tembung krama saka duwe yaiku ....
Purun
Gadhah
Kersa
Kesah
Bapak ... dhateng Solo. Tembung sing trep yaiku
Lunga
Sare
Tindak
Siram
aku arep tuku. Basa kramane ....
Kula badhe mundhut
Kula badhe tilem
Kula badhe tumbas
Kula arep mundhut
Menawa matur karo bapak guru nganggo basa ....
Krama alus
Krama
Ngoko alus
Goko lugu
Fitri lunga basa kramane ....
Fitri tindak
Fitri kesah
Fitri wangsul
Fitri kondur
Budhe lara, basa krama aluse yaiku ....
Budhe gerah
Budhe sakit
Budhe sare
Budhe tindak
Ibu ... sayur ing peken. Tembung sing tre yaiku ....
Tumbas
Mundhut
Kesah
Kondur
Bu guru nggawa buku. Tembung nggawa krama aluse ....
Mbeta
Ngasta
Nyangking
Pirsa
Omong omongan wong loro ngenani bab tertamtu diarani ...
narasi
pacelathon
pitakon
tuladha
Ing teks kuwi, Bima migunakake basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Mas Ali tumbas buku ing koperasi. Ukara kuwi nggunakake basa ...
(a)
Budhe Surti lunga dhateng Surabaya. Tembung "lunga" basa kramane ...
sare
tindak
mundhut
remen
Bapak nembe maem soto ugi ngunjuk kopi. Tembung "maem" krama aluse ...
ngunjuk
dimaem
dhahar
dhawuh
Bapak menawi tindak kantor … sepeda, dene kula menawi … sekolah cekap mlampah kemawon.
numpak – mangkat
nitih – tindak
nggenjot – lunga
nitih – bidhal
Unggah-ungguh kang becik nalika tetepungan yaiku ....
bengak-bengok saka kadohan
nyedak karo meneng
nyedak karo ngajak salaman
mripate ngawaske wong liya
Candra : “Bu, dos pundi manawi kula ndherek rekreasi sekolahan?”
Ibu : “Apa sekolahanmu arep nganakake rekreasi?”
Candra : “Inggih , Bu!”
Pethikan pacelathon iku nuduhake tata krama antarane putra marang wongtuwa.
Basa kang digunakake dening Candra yaiku basa ....
ngoko
krama
campuran
ngoko andhap
Kula ngombe es degan, dene Pakde ... kopi tubruk,
Tembung kanggo nggenepi ukara ing ndhuwur yaiku ....
ngunjuk
nginum
ngombe
ngrahapi
Wacanen pacelathon iki!
Firdaus : “Coba padha nyedak mrena dakkandhani, omong-omong sinambi sinau. Listrik iku bisane murup kanthi tenaga kang nggegirisi banget, yaiku disel arane PLTD, banyu arane PLTA, lan uap arane PLTU.
Nurwan : “Mas Firdaus, aku tau krungu saka berita TV kae, jare ana kang nganggo tenaga surya.”
Ardi : “Surya sapa mas? Kancane budhe Anwar kae ya?”
Rembugane para paraga iki mau nggunakake setting ing ....
omah
sekolah
kantor
pinggir dalan
Wacanen pacelathon iki!
Firdaus : “Coba padha nyedak mrena dakkandhani, omong-omong sinambi sinau. Listrik iku bisane murup kanthi tenaga kang nggegirisi banget, yaiku disel arane PLTD, banyu arane PLTA, lan uap arane PLTU.
Nurwan : “Mas Firdaus, aku tau krungu saka berita TV kae, jare ana kang nganggo tenaga surya.”
Ardi : “Surya sapa mas? Kancane budhe Anwar kae ya?”
Paraga sing paling pinter babagan listrik yaiku ....
Ardi
Firdaus
Nurwan
adhine Firdaus
