NEW
Font size
WorksheetsSimulasi PAT II BD 7J
Total questions: 50
Worksheet time: 26mins
Puisi Jawa Kuna diarani…..
Tembang Kakawin
Tembang macapat
Tembang Kidung
Geguritan
Tembang macapat migunakake basa…….
Jawa pertengahan
Jawa kuna
Jawa anyar
Jawa Tengah
Geguritan iku adate migunakake basa kang endah tur mentes, kang diarani basa…..
krama
rinengga
ngoko
bagongan
Saiki jamane wis ora karuan
Manungsa seneng ngomongake liyan
Alane wong dadi guyonan
Apike janma mung dadi drengkian
………………..
Pethikan geguritan ing dhuwur migunakake purwakanthi apa?
Guru swara
Guru sastra
Guru basa
Guru lumaksita
Tegese Purwakanthi yaiku…..
Unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa pepindhan (perumpamaan)
Unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa wantah (utuh)
Unen-unen/rakitan tetembungan kang runtut swara, sastra lan basane
Unen-unen kang runtut tembung, ukara, lan padane
Purwakanthi, wujude dibedakake dadi 3, pamilahe kaya ing ngisor iki, sing dudu yaiku….
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru basa
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru lagu
Timun monte – tela landa – ndemok asu – sugih utang – tanggal siji – jimantolo – lan sateruse.
Rakitaning tetembungan kaya mengkono diarani purwakanthi…..
Guru swara
Guru sastra
Guru basa
Guru lagu
Perangan kang dadi pokok utawa dhasare nggawe geguritan yaiku…..
Diksi
Irah-irahan
Koda / amanat
Tema
Cacahe tembang macapat iku ana…..
12
11
10
9
Paugeran guru wilangan lan lagu tembang macapat Pucung yaiku……..
12u, 8a, 6i, 12a
12u, 6a, 7i, 12a
12u, 8a, 8i, 12a
12u, 6a, 8i, 12a
Cacahing gatra saben sapada ing tembang macapat diarani…..
Guru gatra
Guru wilangan
Guru basa
Guru lagu
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyentosani
Setya budya pangekese dur angkara
Yen disawang saka paugerane, tembang ing dhuwur kalebu tembang…..
Maskumambang
Pucung
Sinom
Dhandhanggula
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyentosani
Setya budya pangekese dur angkara
............................
Saka tembang macapat ing dhuwur, makna sing cocog kanggo negesi ukara “setya budya pangekese dur angkara” yaiku…..
Laku becik lan mantep bakal numpes laku ala (hawa nepsu)
Laku becik bakal aweh nyentosani
Supaya oleh ngelmu kang migunani kudu nglakoni laku becik
Supaya oleh elmu kang migunani kudu nglakoni diwiwiti kanthi niyat
“Kula sebrayat nyuwun agunging pangaksami awit sedaya kalepatan.”
Ukara ing dhuwur migunakake basa….
Krama Lugu
Krama Alus
Ngoko Alus
Ngoko Lugu
“Ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya sanak kadang ingkang sampun rawuh wonten dalu menika.”
........................
Ukara ing dhuwur migunakake basa….
Krama Lugu
Krama Alus
Ngoko Alus
Ngoko Lugu
Basa Ngoko Alus iku basa Ngoko Lugu kang kecampuran basa Krama Inggil.
Ing ngisor iki tuladha ukara Ngoko Alus yaiku…..
Bapakmu mau budhal nang Malang numpak apa?
Ibu menapa kersa kula damelaken wedang kopi?
Mangga bu, kula wangsul rumiyin
Ibu wis sare iki mau
Ing ngisor iki pasangan tembung Ngoko – Krama Inggil kang bener yaiku….
budhal – tindak
mangan – nedha
kondur – bali
tumbas – mundhut
Tembung-tembung kang migunakake swara e pepet yaiku….
apem, bebek, pelem
lele, goreng, pepes
golek, apes, lemper
sepet, seger, kesel
Salah sawijine jinis karangan kang gunane kanggo nggambarake kahanan kanthi rinci yaiku….
karangan eksposisi
karangan deskripsi
karangan pawarta
karangan narasi
Tuladha tembung kang migunakake swara I miring yaiku…….
sapi, ireng, kali, ijo
guling, daging, sapi, siji
kucing, putih, paling, becik
kulit, driji, nganti, ilang
Dina iki aku arep ngumbahi seragam.
Saka ukara ing dhuwur, kang kalebu jejer (J) yaiku…..
Dina iki
Aku
arep ngumbahi
seragam
Wiwit surya kaping 16 Maret siswa SMPN 4 Kepanjen sinau ing omahe dhewe-dhewe.
Ukara ing dhuwur kadhapuk kanthi pola …..
K – J – W - L
J – W – L - K
K – J – W – K
J – W – K - K
Cara ndhapuk tembung lingga dadi tembung andhahan iku bisa diwenehi?
Wuwuhan, seselan, lan camboran
Ater-ater, dirangkep, dicambor
Ater-ater, seselan, lan panambang
Wuwuhan, dirangkep, dicambor
Kang kalebu tembung dwilingga semu yaiku…..
wit-wit
mlaku-mlaku
kupu-kupu
bola-bali
Tuladha ukara kang migunakake tembung kang oleh ater-ater tripurusa yaiku…….
Bukune wis daktitipake Rina
Aku nyilih sepedamu sedhiluk, ya
Berkate gawanen mulih ya!
Ndang pesen panganan kanggo buka!
Tuladha ukara kang migunakake tembung kang oleh seselan –in- yaiku……
Kapan panjenengan saged sowan mriki malih?
Ibu mundhut kain wonten peken
Tindake maestro Didi Kempot gawe warga sedhih
Yen wis tinakdir, ora bakal bisa diowahi
Febri ngombe susu rong gelas.
Tembung “ngombe” kalebu tembung……
Tembung andhahan
Tembung lingga
Tembung camboran
Tembung dwilingga
Ukara ing ngisor iki kang migunakake tembung panguwuh yaiku…..
Yen awakmu lodhang, ayo melu aku ning tegal
Adhuh, sikilku kesleo !
Sing kuat ya, kurang rong kilo meneh tekan panggone
Bapak mau digawakna wedang apa ora?
Kang ora kalebu faktor utawa pangaribawa (unsur intrinsik) ing sajroning Cerita rakyat yaiku……….
Koda
Pamawas (sudut pandang)
Latar / setting
Alur / plot
Perangan ing cerita rakyat kang isine nepungake paragane, papan panggonan kelakone crita, kapan wektu kedadeyane, lan wiwitaning crita yaiku…..
Komplikasi
Orientasi
Klimaks
Resolusi
Ing jaman biyen, dicritakake ana sawijine bocah kang urip dhewe ing tengah alas.
Yen disetitekna saka pola ukarane, kang kalebu wasesa yaiku…..
Ing jaman biyen
sawijine bocah
Urip dhewe
Ing tengah alas
Tuladha basa Krama kang bener yaiku….
Ibu mangan, aku melu dhahar
Ibu dhahar, kula tumut mangan
Ibu nedha, kula tumut dhahar
Ibu dhahar, kula tumut nedha
Senajan wis ngrasa dadi bocah pinter, nanging ora kena gedhe sirahe, mundhak disengiti kancane.
..................
Tembung kang digarisi kalebu basa rinengga jinis……
Tembung Saroja
Tembung Entar
Tembung Garba
Tembung Dasanama
Akeh janma sing seneng ngomongake liyan. Tembung janma tegese……….
Manungsa
Jaler
Bocah
Simbah
Negara Maespati, negara kang subur makmur, gemah ripah, loh jinawi, wargane urip ayem tentrem, lan guyub rukun ora ana kang tukar padu.
Tembung-tembung kang dicethak miring kalebu tembung…
Saroja
Entar
Garba
dasanama
Titi laras ing karawitan, sing duweni 5 swara, dumadi saka 1 2 3 5 6 (ji ro lu ma nem) arane….
Laras pitu
Laras Slendro
Laras Pelog
Titi laras
Ing ngisor iki kang ora kalebu sandhangan swara yaiku…..
wignyan
taling
pepet
wulu
Tembung ing ngisor iki kang migunakake sandhangan suku – taling yaiku…..
Macan luwe
Mangan lawa
Bumi tuwa
Kucing ireng
Pasangan aksara Jawa kang manggon ana ing sisihe, yaiku......
ra-ga-nga-ya
ha-sa-pa
nya-ba-tha-nga
ma-sa-ra
Sandhangan swara iku wujude….
suku, wulu, pepet
cakra, pengkal, cakra keret
taling tarung, pangkon, wignyan
cecak, suku, pangkon
Tuladha tembung yen ditulis ing aksara Jawa mbutuhake sandhangan pepet yaiku….
arep
sate
lemper
lele
Pasangan ka, ta, la bakal owah dadi wujud asline menawa oleh sandhangan…..
cakra
cakra keret
pengkal
bener kabeh
Tembung “arep” ing ukara “aku arep masak” yen ditulis ing aksara Jawa diwehi aksara….
ha – ra – sandhangan pepet – pa – pangkon
ha – pa cerek – pa – pangkon
ha – ra – sandhangan taling – pa – pangkon
ha – ra – sandhangan suku – pa – pangkon
Tembung “lenga” ing ukara “aku tuku lenga klentik” yen ditulis ing aksara Jawa diwehi aksara….
la – sandhangan pepet – nga
la – sandhangan taling – nga
la – sandhangan suku – nga
nga lelet – nga
Tembung “karet gelang”. Kepiye panulisan aksara Jawa sing bener?
Tembung “arep turu”. Kepiye di panulisan aksara Jawa sing bener?
Tembung “nganggo masker”. Kepiye panulisan aksara Jawa sing bener?
Tembung “sawah amba”. Kepiye panulisan aksara Jawa sing bener?
Tembung “numpak pit”. Kepiye panulisan aksara Jawa sing bener?
Aluse atimu kaya beninge tirta.
Dasanamane tembung “tirta” yaiku…
angin
kaca
Mata
banyu
