WorksheetsPAS Bahasa Jawa
Total questions: 55
Worksheet time: 1hrs 27mins
10.Salah sijine tembang sing lumrahe ditembangake bocah-bocah nalika dolanan diarani ....
tembang jawa
tembang macapat
tembang dolanan
tembang campursari
1.Menthok-menthok tak kandhani.
Mung rupamu angisin-isini.
Mbokya aja ngetok.
Ana kandhang wae.
Enak-enak ngorok.
Ora nyambut gawe.
Judul tembang dolanan ing ndhuwur yaiku . . . .
Padhang bulan
Menthog-menthog tak kandani
Menthog-menthog
2.Gundhul-Gundhul Pacul, Menthog-menthog
termasuk golongan tembang
. . . .
Delikan
Makaryo
Dolanan
Kagatekna tembang iki !
Gundhul-gundhul pacul-cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul-kul
gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi saklatar
Wakul ngglimpang segane dadi saklatar.
Tegese tembung wakul ing tembang kasebut yaiku wadhah ….
bumbon
gabah
sega
beras
Kagatekna tembang iki !
Menthog-menthog takkandhani,
Mung rupamu angisin – isini,
Mbokya aja ngetok ana kandhang wae,
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe,
Menthog-menthog mung lakumu,
Megal-megol gawe guyu.
Pranyatan iki minangka isine tembang dolanan menthog-menthog yoiku ….
kanggo intropeksi dhiri,ora kena isinan,ora kena kesed, kudu bisa mangerteni kaluwihan lan kekurangane wong liya.
kanggo intropeksi dhiri,ora kena ambeg, ora kena kesed, ora kudu bisa mangerteni kaluwihan lan kekurangane wong liya.
kanggo intropeksi dhiri,ora kena metu-metu,ora kena turu awan, kudu bisa mangerteni kaluwihan lan kekurangane wong liya.
kanggo intropeksi dhiri,ora kena isinan,ora kena kemayu, kudu bisa mangerteni kaluwihan lan kekurangane wong liya.
Kagatekna pethikan tembang iki !
Mumpung padhang rembulane,
Mumpung jembar kalangane
Yo suraka surak iiyoo.
Tegese ukara ing gatra kang kaping 2 lan 3 yaiku mumpung ….
isih padhang ayo surak-surak
isih akeh wektu urip ing alam donya
padhang mbulan ing wayah bengi
jembar wektune kanggo seneng-seneng
Ukara ing ngisor iki nganggo basa ngoko Alus
Bapakku arep tindak menyang Jakarta nitih sepur.
Aja rame adhiku lagi turu !
Ibu mundhut sayuran wonten peken Jati.
Kancaku akeh sing ora mlebu sekolah.
Dipun rantos rumiyin inggih bapak taksih siram.
Ukara ing dhuwur nganggo basa : ...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Sing kalebu struktur fisik teks geguritan, yaiku :
Amanat
Tema
Swasana
Diksi
Punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi utawa bakuning gagasan uga diarani :
Purwakanthi
Amanat
Tema
Majas
Gagah prakosa, sakti mandraguna, arum wangi, kalebu wernane :…
Tembung entar
Paribasan
Tembung saroja
Purwakanthi
Tembung saroja yaiku : ...
Tembung sing duwe teges ora salugune
Tembung loro sing padha tegese utawa meh padha digandheng mawa teges mbangetake.
Tembung loro sing beda tegese digandheng nduweni teges siji
Tembung beda wujude lan ucapane nanging padha tegese
Paugeran utawa aturan cacahe wanda (kecap) saben sagatra ing tembang macapat, diarani :
guru gatra
guru wilangan
guru lagu
pada
Wernane tembang macapat ana ....
8
6
9
11
Karya sastra sing wujud gancaran, ing ngisor iki yaiku:
tembang macapat
geguritan
Cerkak
parikan
Tuladha tembung entar ...
kaca mata
gagah prakosa
ngabangake kuping
jungkir walik
Sekawit langite padhang ndhrandhang weruh-weruh dadi peteng ndhedhet lelimengan. Saka pethilan crita kasebut tembung sing kalebu ing tembung saroja yaiku....
Sekawit
Padhang ndhradhang
eruh-weruh
Lelimengan
Iku wong durbala murka,
Nora nana mareme jroning ati
Sabarang karepanipun
Sanadyan wus katekan
Arep maneh nora marem saya mbanjur
Luwamah lawan amarah
Iku kang den tut wuri
Apa isi tembang Pangkur ing dhuwur?
Wong murka iku atine ora nduwe rasa seneng mung tansah sedhih wae
Wong urip seneng nuruti hawa nepsu sing ora cetha
Wong murka iku atine atos lan senenge arep nesu-nesu saben dinane
Wong murka iku atine ora duwe rasa marem mung tansah nuruti hawa nepsu
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik peniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Guru gatra tembang pangkur yaiku....
4
5
6
7
Tembang macapat kaiket dening paugeran, sing kalebu paugeran tembang macapat yaiku....
A. Kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
A. Kaiket guru sastra, guru wilangan, lan guru lagu
A. Kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru sastra
A. Kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru baku
Sing kalebu tembang macapat yaiku....
maskumambang
jamuran
menthog
jaranan
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Tegese ukara “Ngelmu iku kalakone kanthi laku” ing tembang macapat kasebut, yaiku.
A. ilmu kuwi kudu diburu
A. ilmu kudu diamalake
A. ilmu kuwi kawujud manawa ditindakake
A. kudu sregep golek ilmu
Tembung lungkrah lesu ing tembang prau layar kalebu tembung….
entar
saroja
dasanama
garba
Apa tegese tembung “Sang Hyang Bagaskara”?
srengenge
mbulan
lampu
langit
Saiki jamane wis ora karuan
Manungsa seneng ngomongake liyan
Alane wong dadi guyonan
Apike janma mung dadi drengkian
………………..
Pethikan geguritan ing dhuwur migunakake purwakanthi apa?
Guru swara
Guru sastra
Guru basa
Guru lumaksita
Ing ngisor iki pasangan tembung Ngoko – Krama Inggil kang bener yaiku….
budhal – tindak
mangan – nedha
kondur – bali
tumbas – mundhut
Senajan wis ngrasa dadi bocah pinter, nanging ora kena gedhe sirahe, mundhak disengiti kancane.
..................
Tembung kang digarisi kalebu basa rinengga jinis……
Tembung Saroja
Tembung Entar
Tembung Garba
Tembung Dasanama
Tuladha basa Krama kang bener yaiku….
Ibu mangan, aku melu dhahar
Ibu dhahar, kula tumut mangan
Ibu nedha, kula tumut dhahar
Ibu dhahar, kula tumut nedha
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Tembung "guyub rukun" tegese yaiku ...
Nyawiji
Congkrah
Bubrah
Tukar padu
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...
Yen urip kudu ngati-ati
Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung
Dadi wong kudu seneng golek gegara
Yen urip iku kudu guyub rukun
Isine tembang pocung iku lumrahe ...
Kasmaran
Getun
Susah
Pitutur
Ing ngisor iki kang kalebu tembung garba yaiku....
lebdeng
maharesi
satriya utama
narautama
Tembung ing ngisor iki kang kalebu jinise camboran yaiku....
edi peni
raja lele
adus kringet
gagah prakosa
I. Agnes nangis nggero-nggero ing kamar.
II. Livia nulis aksara Jawa ana buku tulis.
III. Viona nandur kembang ing taman.
IV. Tatang kebentus lawang kelas.
Ukara kasebut kang migunakake pola J-W-L-K.papan, yaiku....
I lan II
I lan III
I lan IV
II lan III
Dewi Suwido disingkirake saka istana Pajajaran.
Ukara kasebut yen diudhal manut kalungguhane, yaiku....
J-W-K.asal
J-W-G-K.asal
J-W-L-K.papan
J-W-G-K.papan
Asal-Usule Tlaga Ngebel
..............................................................
Alon-alon bocah bajang iku mbedhol sada sing diencepake mau. Dumadakan ana lindhu gedhe, langite peteng dhedhet. Saka panggonan sada mau diencepake, bell! Metu banyune kang deres banget. Desa sarta para wargane sing gumedhe lan srakah padha kleleb. Ora ana kang bisa slamet, kajaba Nyai Latung sing wis nyepakake lesung lan enthong kaya kang dikandhakake bocah bajang nalika Nyai Latung menehake segane. Panggonan kang kleleb iku banjur ngembel, suwene suwe dadi tlaga kang dijenengake Tlaga Ngebel.
Sambung rapete teks crita rakyat kasebut karo kasunyatan jaman saiki, yaiku....
Ana sambung rapete, wong kang gumedhe lan srakah iku mesthi ana piwalese.
Ana sambung rapete, urip jaman saiki kudu gumedhe lan srakah yen ora pengin ketinggalan jaman.
Ora ana sambung rapete, wong kang gumedhe lan srakah iku mesthi ana piwalese.
Ora ana sambung rapete, urip jaman saiki kudu gumedhe lan srakah yen ora pengin ketinggalan jaman.
Piwulang kang bisa dijupuk saka pethikan teks crita rakyat kasebut, yaiku....
Yen pengin nggayuh pepenginan kudu wani nindakake cara apa wae.
Yen ora kepengin kalah karo wong liya kudu wani nyingkirake.
Awake dhewe oleh nyingkirake wong liya kanthi cara nenung.
Yen pengin kasil, awake dhewe kudu ngupaya kanthi dalan kang bener.
1. Manut tata rakite, teks crita rakyat kasebut nuduhake perangan.....
komplikasi
orientasi
resolusi
reorientasi
Aku numpak sepeda, dene bapak ...
numpak
nitih
nganggo
nggawa
Ukara ing ngisor iki paling trep manut aturan unggah-ungguh yaiku ...
kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu
kula sampun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu
kula empun nedha arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu
kula sampun nedhi yatra, nanging dereng diparingi ibu
kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu
Adhik .... susu, kula .... es teh ugi bapak .... kopi
Tembung-tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Ngombe, nginum, ngunjuk
Nginum, nginum, ngunjuk
Ngombe, ngombe, ngombe
Nginum, nginum, ngunjuk
Ngombe, ngombe, ngunjuk
Ibuk : wes mangan le?
anak : ................................
wangsulan sing trep yaiku?
kula sampun dhahar buk
kula sampun nedha buk
sampun
kula sampun mangan buk
Kasunyatan : Bapak lagi lunga menyang Solo.
Nalika, simbah nakoni aku ana ing ngendi Bapak, mula wangsulanku sing pas yaiku ... .
Bapak lagi lunga ing Solo
Bapak lagi tindhak ing Solo
Bapak tindhak dateng Solo
Bapak kesah dateng Solo
Simbah lagi maca koran ing kamare. Yen diubah dadi basa krama alus dadine ... .
simbah lagi maos korang ing kamare
simbah saweg maca koran ing kamare.
Simbah saweg maos koran wonten kamaripun piyambak
Simbah saweg maos koran wonten kamare.
Tembung sing durung owah saka asale diarani tembung ... .
andahan
wod
lingga
rangkep
Bu Dia saweg mucal ing ruang kalih. Polane ukaran mau yaiku ... .
Jejer - Wasesa - Lesan
Jejer-wasesa- ket. wilangan
jejer-wasesa-lesan - ket.
Jejer-wasesa-ket.panggonan
Jejer uga diarani subjek, menawa wasesa diarani...
predikat
objek
katrangan
pelengkap
"pak, wis mangan opo durung?" basa kramane....
pak, sampun sare nopo dereng?
pak, sampun tilem nopo dereng?
pak, sampun dhahar nopo dereng?
pak, sampun tindhak nopo dereng?
Nyi Rara kidul utawa Nyi Lara Kidul minangka ratu ing wewengkon segara kidul. Kabeh tlatah ing sakiwa tengen segara kidul dadi darbeke. Dheweke minangka ratu kang diurmati pandhereke. Watek tegas, wibawa iku didarbeki kanggo mimpin pandhereke. Akeh banget pandhereke nganti ora bisa diwilang. Kabeh pandhereke iku tansah setya tuhu marang Nyi Rara. Menawa nglanggar aturane Nyi Rara mesthi wae katumpas musna tan ana tilase.
Nyi Rara Kidul menawa ngepasi nganglang kratone, menganggo sandhangan werna sarwa ijo gadhung. Yen ana sing ngembari warna ijo mesti bakal dimusnahke. Mula tekan seprene ora ana kang wani nganggo sarwa ijo yen pas plesir ing segara kidul.
Apa kang bakal ditindakake dening Nyi Rara KIdulk menawa mangerteni ana andhahane sing nglanggar aturane?
Diwenehi bebana kang akeh gunggunge
Didhawuhi lunga saka kerajaane
Dituturi kanthi asih lan wicaksana supaya mbaleni nglanggar aturane
Diukum, ditumpes musna nganti ora ana tilase
Menawa nglanggar aturane Nyi Rara mesthi wae katumpas musna tan ana tilase.
Tembung "musna" tegese padha karo tembung...
mati
ilang
ukum
nyawa
"Siyang menika wonten Semarang hawanipun pancen benter sanget. Rikala kula nembe wawan wicanten kaliyan bapak ibu, kula pikantuk telpon saking kangmas kula ingkang nenggani Pakdhe Jakarta. Wosing telpon paring pakabaran manawi Pakdhe dhawah ing kamar mandhi, malah kawontenanipun sampun kritis. Pakdhe dipunbekta dhateng griya sakit. Pakdhe pancen kagungan riwayat gerah jantung coroner saha tensi inggil. Siyang menika prasasat kados kesamber petir, manah kula was-was tuwin dheg-dhegan..."
Ukara kapisan wonten tembung benter sanget. Tembung "benter" tegese...
adhem
atis
panas
seger
Paklik, Budhe, Bangjo minangka tuladha saka tembung . . . .
Camboran wancah
Camboran wutuh
Dwilingga
Paklik, Budhe, Bangjo minangka tuladha saka tembung . . . .
Camboran wancah
Camboran wutuh
Dwilingga
Simbah arep lunga menyang ngendi ?” Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus…
simbah arep tindak menyang endi ?
simbah arep kesah menyang endi?
simbah ajeng kesah dateng pundi?
simbah badhe tindak dhateng pundi ?
Ati ati yen kekancan karo bocah kuwi,dheweke bocah sing dowo tangane. Ukara iku migunakake Tembung...
camboran
entar
dasanama
saroja
