wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Teks LHO Basa Jawa

Total questions: 15

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Struktur teks palapuran asil observasi kanng ngandharake kanthi jangkep bageyan-bageyan saka objek kang diamati, yaiku ...

a)

Deskripsi gunane

b)

Deskripsi bageyan

c)

Identifikasi bageyan

d)

Identifikasi umum

2.

Teks palapuran asil observasi ngandhut fakta, tegese ...

a)

Ngandharake data manut prasangka panulis

b)

Ngandhut prasangka subjektif

c)

Ora naliti golek data

d)

Adedhasar kasunyatan

3.

Perangan kang isine dudutan (kesimpulan) lan pangajab (harapan) utawa panyaruwe (saran) tumrap kahanan saka asil observasi sing wis ditindakake, kalebu pangerten saka struktur teks lapuran observasi sing diarani ...

a)

Isi

b)

Pambuka

c)

Panutup

d)

Dudutan

4.

Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Manfaat

5.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

a)

Basa kang kulina digunakake ing karya sastra

b)

Basa Rinengga

c)

Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni

d)

Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna

6.

Wacanen wacana ing ngisor iki kanthi titi!

Program adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005. Taun 2006 Kementerian Negara Lingkungan Hidup ngembangake program pendhidhikan lingkungan hidup ing tataran pendhidhikan dasar lan menengah lumantra program adiwiyata. Adiwiyata mujudake sawijine program kang duwe tujuwan kanggo mujudake warga sekolah sing nduweni tanggung jawab marang rasa tresna lan open marang lingkungan lumantar program-program kegiyatan ing sekolah.


Program adiwiyata mujudake program pemerintah tumrap sekolah sing......

a)

Peduli marang kalestarene lingkungan

b)

Peduli marang bocah-bocah sing mlarat

c)

Ora seneng karo kalestarene lingkungan

d)

Kepingin dadi sekolah taraf internasional

7.

Wacanen wacana ing ngisor iki kanthi titi!

Program adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005.

Pengaji-aji adiwiyata mujudake pengaji-aji sing diwenehake marang sekolah-sekolah sing dianggep wis kasil ndhidhik para siswa lan warga sekolah kang nduweni rasa tanggung jawab marang kalestarene lingkungan. Pembiji ngenani sekolah adiwiyata mawa lelandhesan patang ukuran, yaiku pengembangan kebijakan sekolah peduli dan berbudaya lingkungan, pengembangan kurikulum berbasis lingkungan, pengembangan kegiyatan berbasis partisipatif, lan pengelolaan dalasan pengembangan sarana pendukung sekolah.


Pengaji-aji adiwiyata mujudake pengaji-aji sing diwenehake marang sekolah-sekolah sing dianggep wis kasil ndhidhik para siswa lan warga sekolah kang nduweni rasa tanggung jawab marang........

a)

Kalestarene lingkungan

b)

Prestasi non akadhemik

c)

Kalestarene akadhemik

d)

Pendhidhikan budi pekerti

8.

Nindakake laporan asil observasi katulis saka nindakake...

a)

Kagiyatan percobaan

b)

Kagiyatan pengamatan

c)

Kagiyatan rembugan

d)

Kagiyatan pasinaon

9.

Ana pirang struktur teks sajrone laporan asil observasi...

a)

5

b)

7

c)

3

d)

4

10.

Struktur sing ngandharake kanthi rinci objek observasi diarani...

a)

Dhefinisi umum

b)

Dheskripsi bageyan

c)

Dheskripsi manfaat

d)

Idhentifikasi

11.

Ing ngisor iki sing kalebu titikan teks laporan asil observasi, kejaba...

a)

Siji objek bahasan

b)

Informatif

c)

Subjektif

d)

Jangkep

12.

Struktur sing ngandharake objek observasi kanthi umum diarani...

a)

Dhefinisi umum

b)

Dheskripsi bageyan

c)

Dheskripsi manfaat

d)

Kagunan

13.

Titikane teks palapuran asil observasi yaiku asipat objektif. Tembung objektif tegese...

a)

Sumber pawarta

b)

Apa anane

c)

Gampang dipahami

d)

Jangkep

14.

Teks lapuran asil observasi kudu "komunikatif" tegese yaiku....

a)

Asipat apa anane

b)

Bisa dadi sumber pawarta

c)

Gampang dipahami

d)

Ditulis kanthi sampurna lan jangkep

15.

Nindakake panaliten kanthi cara njingglengi utawa nyetitekake samubarang kang awujud barang, papan panggonan, kahanan utawa kedadean supaya antuk katrangan kang mupangat saka samubarang kang disetitekake mau diarani......

a)

objek

b)

subjek

c)

observasi

d)

dheskripsi