NEW
Font size
WorksheetsPH 2 MATERI GEGURITAN KELAS X
Total questions: 20
Worksheet time: 35mins
Ukara ing ngisor iki kang kalebu titikane geguritan gagrag lawas yaiku ...
Diwiwiti tembung sun gegurit
Ora kaiket dening paugeran kang gumathok
Jeneng panulise cetha
Cacahing gatra bebas
Ora diwiwiti tembung sun gegurit
Geguritan iku asale saka tembung lingga “gurit ” kang tegese kidung utawa tembang.
Bener
Salah
Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Cekak tegese duwe makna kang jero.
Bener
Salah
Geguritan kaperang dadi 2 yaiku geguritan gagrak lawas lan geguritan gagrak anyar.
Bener
Salah
Geguritan gagrak anyar yaiku geguritan kang isih kaiket dening wewaton (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu)
Bener
Salah
Tuladha geguritan gagrag lawas yaiku tembang macapat, parikan, lan wangsalan
Bener
Salah
Unsur batin geguritan yaiku unsur pambangun geguritan kang katon ana ing susunan tembung-tembunge
Bener
Salah
Tipografi, dhiksi, majas, citraan, lan rima kallebu unsur batin geguritan.
Bener
Salah
Unsur batin geguritan yaiku unsur pambangun geguritan kang ora katon. Ing ngisor iki kang kalebu unsur batin yaiku ...
Tipografi
Tema
Majas/ lelawening basa
Imaji/ Citraan
Dhiksi
Unsur geguritan kang ngandharake wujud larik geguritan kang ndhapuk wujud tartemtu, kayata bentuk zig-zag utawa lurus yaiku ...
Dhiksi
Citraan
Amanat
Tipografi
Tema
Unsur geguritan kang ngandharake pesen kang dikandhut ana ing jero geguritan yaiku ...
Tema
Dhiksi
Pitutur
Tipografi
Majas
Gatekna ukara ing ngisor iki !
Bagaskara kang ancase nyunari
Cahyane sangsaya angkuh
Ukara ing ndhuwur migunakake majas ...
Metafora
Personifikasi
Hiperbola
Simile
Litotes
Gatekna ukara ing ngisor iki!
Nalika bagaskara tumapak ing angaksa
Tembung bagaskara tegese yaiku ...
Kembang
Wulan
Srengenge
Jagad
Gunung
Jenis geguritan kang surasane babagan piwulang moral, nilai-nilai hidup kang tinulis kanthi ringkes yaiku ...
Epigram
Himne
Romansa
Ode
Satir
Jenis geguritan kang surasane babagan katresnan (ora mung tresna marang pasangan urip, nanging uga maring alam, anak lsp)
Epigram
Ode
Himne
Balada
Romansa
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Tetap Slamet
Dening: Imam A.S
Sliramu gagah kepancar srengenge
Langitmu katon biru ana ing ndhuwurmu
Atine bombong sebab weruh kowe anteng
Awakmu ora mutah-mutah
Sirahe ora mangas-mangas
Tekane ngemben muga kowe tetap slamet
Majas kang ana ing geguritan ndhuwur yaiku majas ...
Metafora
Simile
Personifikasi
Hiperbola
Paralelisme
Gatekna pethilan geguritan ing ngisor iki!
Krodhaning Alam
Dening : Sudi Yatmana
...
Saka pasifik tekan atlantik
El nino la nina nggremet nggrumut nalusur khatulistiwa
Ngganepi gonjang ganjining proses kahanan
Kaprabawan buwengan misteri nyakramanggilingan
Ngebaki bujur barat bujur timur
Lintang utara lintang selatan.
...
Saka pethilan geguritan ing ndhuwur, struktur fisik kang kamot ing sajerone geguritan kasebut yaiku ...
Imajinasi
Majas
Tipografi
Tema
Pitutur
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Kekudanganku
Dening: M Arif Mahmudi
Ngger, awakmu iku isih wayahe luru ilmu
Ora usah mikir kendhil garing
Cukup bapa biyung kang ngupaya boga
Geger iki isih bisa nyonggo abote damen
Balung iki isih rosa kanggo nggaru
Ora usah sumelang anggonmu merguru
Ya mung awakmu kang dak gadhang-gadhang
…
Tegese tembung kendhil garing saka pethilan geguritan ing ndhuwur yaiku …
Kendhil tanpa isi
Golek pangan
Golek beras
Nyambut gawe
Ngumbah kendhil
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Sabar
Dening Dwi Dhaifuloh
Yen tak sawang kanca-kanca sepantaran
Aku rumangsa kadohan
Dandanan mewah ing sekujur badan
Aku kaya ketinggalan jaman
Numpak motor lan gandengan tangan
Kaya uwis dadi kebiasaan
Apa kudu mengkono yen disebut anak jaman
Mugi Gusti Allah tansah maringi kesabaran
Supaya bias ngadohi kemaksiatan
Amanat kang kakandhut ana ing geguritan ing ndhuwur yaiku...
Aja nganti ora padha karo kancane supaya ora ketinggalan jaman
Kudu bisa nggawa awak supaya ora ketinggalan jaman
Kudu bisa njaga dhiri supaya ora kegawa edane jaman
Aja rendah diri karo kahanane kancane kancane
Tetap sabar supaya ora ketinggalan jaman
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Ketikung Kancaku
Dening Rachel Syefa Wardoyo
Diibaratke ban donat lan ban standar
Aku ketikung kancaku dhewe
Pangarepku beda karo kasunyatan
Aku karo kowe amung angen-angen manis
Kang ora bisa diwujudake
Endah esemmu maraih tatu
Iki pancen salahku
Kang wedi ngungkapake rasa
Umpamane kowe begya karo kancaku
Ning kene aku uga melu begya
Pitutur sing kakandhut saka geguritan ing ndhuwur yaiku …
Aja gampang percaya karo wong wadon
Menawa wis dilarani, kudu bisa mbales larane karo sing luwih lara
Senajan wis dilarani, kudu tetep bisa legawa lan semangat ngadepi dina
Kudu bisa nuduhake maring wong liya menawa dhewek luwih sugih
Aja ndongakna sing apik-apik kanggo wong sing wis nglarani dhewek
