wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BIMA BUNGKUS

Total questions: 10

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Paraga baku sing ana ing sajroning crita Bima Bungkus yaiku …

a)

Bathara Naradha

b)

Gajahsena

c)

Bathara Indra

d)

Bratasena

e)

Duryudana

2.

Miturut saka wacan kang wis kok semak, paraga sing lagi nandhang susah yaiku ...

a)

Prabu Pandudewanata lan Dewi Kunthi

b)

Gajahsena

c)

Permadi

d)

Bratasena

e)

Kurawa

3.

" Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakake si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus kinen nyingitake ana ing alas Winangsraya”. Tembung lelamisan sing ana ing pethikan teks ing dhuwur tegese …

a)

Tenanan

b)

ethok-ethok

c)

mimisen

d)

ora goroh

e)

umuk

4.

Paraga sing bisa ngruwat utawa mecah marang si Bungkus miturut teks ing dhuwur yaiku …

a)

Bathara Brama

b)

Bathara Endra

c)

Gajahsena

d)

Dewi Umayi

e)

Gajahmada

5.

Setting papan panggonan nalikane si Bungkus bisa ruwat / pecah yaiku ana ing …

a)

Astina

b)

Amarta

c)

Kayangan Suralaya

d)

Alas Krendhawahana

e)

Bumi Retawu

6.

“Wong urip iku aja seneng meksa kekarepane marang wong liya”

Pratelan iki cocok kanggo paraga ing crita Bima Bungkus, yaiku mapan ing paraga …

a)

Bathara Guru

b)

Prabu Pandhu

c)

Bratasena

d)

Gajahsena

e)

Werkudara

7.

Pitutur luhur sing ana ing crita wayang lakon Bima Bungkus yaiku …

a)

wong yen pengin kepenak rasah nglakoni rekasa barang

b)

dadi wong urip iku aja seneng tetulung marang sapadha-padha

c)

wong kuwi manawa gelem nglakoni rekasa mesthi ing akhire bakal nemu kamukten

d)

urip sepisan ing alam donya iku kudu tansah tetulung marang wong liya, ngenani bab sing becik lan ora becik

e)

urip bebrayan kuwi rasah preduli marang wong liya

8.

Bungkus sakwise bisa pecah wujud pawongan gedhe dhuwur prakosa banjur pinaringan jeneng Werkudara, Bratasena, Bimasena, Gandawastratmaja ya sang Bayusuta. Bayusuta tegese dipundhut anak dening Bathara Bayu dewaning …

a)

Banyu

b)

Geni

c)

Angin

d)

Samudra

e)

Bumi

9.

Ngisor iki kalebu dasanamane utawa jeneng liyane Bimasena yaiku …

a)

Werkudara, Permadi

b)

Abilawa, Yudakanaka

c)

Bayusuta, Werkudara

d)

Abiyasa, Hendratanaya

e)

Puntadewa, Haryasena

10.

Pethikan lakon wayang Bima Bungkus iku nyritakake babagan...

a)

laire Antasena kang ditulungi dening gajah sena

b)

laire Bratasena kang awujud bungkus

c)

laire Gajahsena kang diutus menyang suralaya

d)

laire Werkudara kang dibuwang menyang suralaya.

e)

laire Bimasena kang ditulungi Batara Guru