wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT Jawa XII IPA

Total questions: 50

Worksheet time: 41mins

Name
Class
Date
1.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

2.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

dolanan

b)

macapat

c)

tengahan

d)

gedhe

e)

geguritan

3.

Teks kang isine ngandharake fakta utawa kenyataan sak benere diarani ....

a)

iklan

b)

slogan

c)

pawarta/berita

d)

narasi

e)

cerkak

4.
a)

ana dina ana upa

b)

ana alangan mungkura

c)

ana catur mingkur

d)

ana catur mungkur

e)

mingkar-mingkuring angkara

5.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

“Kudu bisa njaga lingkungan supaya ora nandhang kapitunan tumrap awake dhewe, uga ana mumpangate kanggo generasi sabanjure”

Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….

a)

Ilang, manfaat

b)

Rugi, manfaat

c)

Rugi, keslametan

d)

Pengaruh, perubahan

e)

Tumindak, perubahan

6.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

”Mula saka kuwi saben pangreka daya pembangunan, sakehe prabeya social sesambungan karo lestarine lingkungan, perlu dipetung luwih dhisik”

Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….

a)

Masalah, kaitane, dikira-kira

b)

Kebutuhan, kaitane, dikira-kira

c)

Kebutuhan, penelitian, diteliti

d)

Kebutuhan, kaitane, dietung

e)

Biaya, kaitane, dietung

7.

Karangan kang ditulis kanthi tujuan kanggo ngandharake gagasan lan fakta sing bisa ngyakinaken, menehi pituduh, lan bisa nyenengane tumrap wong sing maca diarani ....

a)

geguritan

b)

tembang

c)

artikel

d)

pawarta

e)

parikan

8.

Carane mujudake lingkungan omah supaya resik yaiku ...

a)

mbuwang sampah ing panggonan.

b)

njaga lingkungan tetep teles lan garing.

c)

tansah reresik omah, mbuwang sampah ing panggonan kang wis disiapake.

d)

sampah dijarake numpuk lan kebak ing panggonane.

e)

sampah nuwuhake ganda kang kurang enak lan diparani laler utawa coro.

9.

Boso Kromone gulo

a)

mpon-mpon

b)

Krambil

c)

sarem

d)

lisa

e)

gendis

10.

Wong sing neng sekolah, penggawehane ngulang murid-murid yoiku?

a)

Polisi

b)

Dokter

c)

Guru

d)

Penjaga

e)

Ustadz

11.

Pegunungan iku panggonan wisata seng akeh?

a)

Watune

b)

Sapi e

c)

Setan e

d)

Sampah e

e)

Wit witane

12.

Nek ape nyebrangi segoro, kudu numpak i....

a)

Becak

b)

Bis

c)

Prau

d)

Sepur

13.

Bocah wedok-wedok senengane dolenan?

a)

Montor-montoran

b)

Boneka

c)

Duit

d)

Ba-balan

14.

Bakul kewan rajakaya

a)

Empu

b)

Blanthik

c)

Montir

d)

Gerji

15.

Wong sing gaweyane njait klambi jenenge

a)

Sayang

b)

Blanthik

c)

Gerji

d)

Dhalang

16.

Papan kanggo sinau

a)

Pagupon

b)

Omah

c)

Sekolahan

d)

Alun-alun

17.

Plataran amba ing satengahing kutha

a)

Gudhang

b)

Alun-alun

c)

Gubug

d)

Pawon

18.

Omahe dara

a)

Pagupon

b)

Pawon

c)

Kombong

d)

Bango

19.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

20.

Supaya ora gampang lara untu kudu sregep…

a)

Kemu

b)

Sikatan

c)

Ngombe

d)

Mangan

21.

Jahe, kencur, kunir, iku kalebu…

a)

Woh-wohan

b)

Emphon emphon

c)

Gegodongan

d)

Sayuran

22.

Es batune (tutuk) mas Ilham. Yen diowahi dadi ukara tanggap kang bener yaiku...........

a)

Es batune (nutuk) mas Ilham

b)

Es batune (daktutuk) mas Ilham

c)

Es batune (ditutuk) mas Ilham

d)

Es batune (kotutuk) mas Ilham

23.

Sing dicekel wong kasebut basa kramane yaiku....

a)

rambut

b)

sirah

c)

rikma

d)

asta

24.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

e)

sedulur

25.

Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin

Dening Siti Purwati, S.Pd.

....

Nanging, jajalen ..... titenana

Yen panjenengan klakon lungguh kursi

Aja maneh kok takon lan nyalami aku

Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!

Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan


Tembung “lungguh kursi” ing pethikan geguritan iku ateges ...

a)

Dadi pemimpin

b)

Dadi Juwara

c)

Lungguh kepenak

d)

Lungguh empuk

e)

Kursi sing empuk

26.

Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…

a)

ngaturake salam utawa kula nuwun

b)

ngomong sakepenake nganti saktutuge

c)

ndhodhok lawang paling akeh kaping telu

d)

mlebu menawa wis dimanggakake

27.

Pratelan ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko alus yaiku…

a)

Priyayi kakung marang garwane.

b)

Srawunge wong dewasa kang wis kulina.

c)

Bocah cilik karo bocah cilik sing wis akrab.

d)

Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangkate.

28.

Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara !.

a)

njaluk, aweh

b)

nyuwun, paring

c)

njaluk, caos

d)

njaluk, paring

29.

PIRANTI PAGELARAN WAYANG KANG NGGAMBARKE ALAS, KEWAN LAN BUMI SAKISINE!

a)
b)
c)
d)
30.

Sing ora kalebu paraga ing crita mahabarata yaiku,

a)

duryudana

b)

dasamuka

c)

pandawa

d)

krisna

e)

arjuna

31.

Yogyanira kang para prajurit,

Lamun bisa samya anulada,

Kadya nguni caritane,

Andelira sang Prabu,

Sasrabahu ing maespati,

Aran Patih Suwanda,

Lelabuhanipun,

Kang ginelung tri prakara,

Guna kaya purunne kang denantepi,

Nuhoni trah utama,


Guru wilangan lan guru lagune gatra kelima yaiku……………

a)

9i

b)

8a

c)

10i

d)

8i

e)

9a

32.

Kangen

Dening: Edi Winarno


Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama Hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi

dakparani


Ing geguritan “Kangen”, panggurit (pengarang) dadi..

a)

Ibu

b)

Anak

c)

Putu

d)

Tangga

e)

Bapak

33.

Umpama Hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi

Dakparani


Purwakanthi kang digunakake yaiku purwakanthi guru...

a)

Swara i

b)

Sastra t

c)

Basa/lumaksita

d)

Swara um

e)

Sastra g

34.

Ing ngisor iki kang ora kalebu jinise tembang macapat yaiku..

a)

Pucung

b)

Kinanthi

c)

Gambuh

d)

Sinom

e)

Jamuran

35.

Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi

Anemu duraka

Ing donya tumekeng akhir

Tan wurung kasurang-surang


Manut tembang ing dhuwur kepriye dadine menawa anak durhaka karo wong tuwa?

a)

Sengsara uripe

b)

Mulya uripe

c)

Bungah atine

d)

Tentrem uripe

e)

Penak uripe

36.

Naskah crita kang mujudake pirembugan utawa pacaturan (dhialog), kang bisa diparagakake dening para paraga lumantar naskah diarani . . .

a)

tembang

b)

drama

c)

parikan

d)

gancaran

e)

geguritan

37.

“Weh-weh bingung aku ngetunge ….uakeh banget..” kandhane Ika nyengar-nyengir.

“kene taketunge, dhasar gak tau mangan sekolahan!” Kandhane Desi karo nyaut dhuwit saka tangane Ika.


Pesan moral cerkak kang pas kanggo ukara mau, yaiku . . .

a)

religi

b)

sosial

c)

budaya

d)

pendhidhikan

e)

pribadhi

38.

Dhik Hari mau nangis … ora dipundhutake dolanan, … mas Bayu terus nukokne modil-mobilan.

a)

nanging; jalaran

b)

mulane; sebab

c)

jalaran; mulane

d)

utawa; dening

e)

pramila, ewadene

39.

Drama kang nyritakake crita rakyat jaman kuna, lan isine terkadhang ora kelebu ing nalar, kelebu jenise drama ?

a)

Gagrak anyar

b)

Tradhisioanal

c)

Modern

d)

Jaman saiki

e)

Kekinia

40.

Orientasi yaiku sawijining struktur teks drama kang duwe teges ..

a)

Para paraga diadhepake ing prakara (konflik) dhewe-dhewe nganthi klimaks

b)

Para paraga di kenalake watake, uga dhapuke ing drama

c)

Para paraga wis nemokake cara kanggo ngrumpangake prakarane (pelarian)

d)

Pesen utawa nilai-nilai moral kang di sampekake marang pamiarsa

e)

Para paraga bias njupuk amanat lan nilai moral sakjroning drama kang dipentasake

41.

Para paraga diadhepake ing parakara (konflik) dhewe-dhewe nganthi klimaks , kelebu struktur teks drama sing diarani...

a)

Komplikasi

b)

Koda

c)

Resolusi

d)

Orientasi

e)

Reorientasi

42.

Wong sing tugase mimpin lan ngatur lumakune drama yaiku

a)

Actor

b)

Figuran

c)

Antagonis

d)

Sutradara

e)

Protagonis

43.

Paraga ing drama kang nduweni watak ora becik yaiku paraga ...

a)

protagonis

b)

tritagonis

c)

antagonis

d)

sampingan

e)

utama

44.

Paraga-paraga kang ana ing drama yaiku, kajaba ...

a)

Paraga Utama

b)

Paraga Sampingan

c)

Paraga Protagonis

d)

Paraga Antagonis

e)

Paraga Panyerbu

45.

Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....

a)

Isine mentes

b)

Nganggo basa padinan

c)

Cacahe larikan ora katemtokake

d)

Migunakake tembung-tembung kang pinilih

46.

Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ....

a)

Ngatur mlebu metune napas

b)

Kudu ngepasake marang isine geguritan

c)

Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen

d)

Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng

47.

cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba...

a)

diwaca alon kanthi iramane trep

b)

maca karo kesuh-kesuh

c)

macane aja gemrungsung

d)

dhuwur cendheke swara manut ukara

48.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

49.

//gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ing ati/ kricik-kricik kata tatanan tembang kang endah//

Kutipan geguritan ing dhuwur nggunakake imaji ....

a)

paningal

b)

pangrasa

c)

pangrungu

d)

panindak

e)

pandeleng

50.

Angen-Angen

Fara Fitriana


Yen ta iso, aku pengin sampurna

Sakora-orane kaya pari ing sawah

Migunani tumrap bebrayan

Nanging tetep ndingkluk andhap asor

Yen ta isa, aku kepingin dadi kelapa

Migunani wiwit oyot nganti janure

Utawa dadi wit ringin

Kuwat ngayomi sapada-pada

Yen ora aku pengin dadi lilin

Menehi pepadhang kanggo liyan

Ning nyatane aku amung manungsa sawantah

Ora rosa nadhan sesangan

Amung bisa netesake luh ing batin

Nalika gawe gela liyan

Tulung, aku aja dipeksa mbangun turut wae

Aku ngerti,

Aku amung ora pengin ana sing lara ati maneh

Aku lan sapa wae sing iso ngayomi

Aku

Aku mung pengin urip mulya kegaro angen-angenku


(Penyebar semangat, No 18-30 April 2016)


Angen-angen iku ngemu teges ...

a)

Gegayuhan sing wus klakon

b)

Gegayuhan sing durung klakon

c)

Kanyatan sing wis dilakoni

d)

Kanyatan sing durung dilaksanake

e)

Kanyatan sing mokal kelakon