wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Quiz Upacara Adat

Total questions: 52

Worksheet time: 46mins

Name
Class
Date
1.

Upacara adat kang isih diuri - uri masyarakat lan dilakoni terus diarani …

a)

Tradhisis

b)

Adat

c)

Budhaya

d)

Pakulinan

2.

Upacara tradhisi kang lumampah ing laladan Bantul iku maneka warna jinis lan wujude. Dene upacara tradhisi kang dilampahi dening para kadang tani nalika mangsa panen pari, kawastanan….

a)

mitoni

b)

selapanan

c)

wiwitan

d)

brokohan

3.

Upacara Wiwitan pancen isih lestari tekaning saiki. Ing ngisor iki kang kalebu ancasing upacara Wiwitan, yaiku....

a)

Minangka sarana bayi kang wus umur 7 selapan ngambah lemah sepisanan.

b)

Minangka pandonganing sang ibu supaya jabang bayi bisa lair kanthi gangsar.

c)

Minangka wujud sokuring para kadang tani kanthi nyepakake sesajen kang lengkap.

d)

Minangka wujud sokuring para kadang tani dhumateng Gusti, awit peparingipun asil panen kang akeh.

4.

Ana ing upacara wiwitan migunakake piranti tetanen. Ing ngisor iki kang mujudake pirantining tani yaiku….

a)

ani-ani

b)

graji

c)

wadung

d)

bendho

5.

Ing ngisor iki tuladha upacara adat kang kadadeyan ing dhaerah-dhaerah, kajaba....

a)

wiwitan

b)

karnaval

c)

ruwatan

d)

merti dhusun

6.

Gatekna gambar ing ngisor iki! Supaya lemah sawah katon subur mula prelu diolah kanthi premati. Sadurunge ditanduri, lemah luwih dhisik diwalik migunakake piranti. Kegiatan kasebut asring diarani….

a)

matun

b)

nggaru

c)

ngluku

d)

ani-ani

7.

Gatekna gambar ing ngisor iki! Sawuse sewulan, tanduran pari ijo royo-royo katon nengsemake. Supaya tandurane tansaya lemu mula kudu diwenehi rabok kang cocok. Ananging amrih rabok mau bisa sampurna, mula tanduran pari luwih dhisik diresiki saka suket kang ngganggu kaya kadang tani ing gambar. Kadang tani kasebut lagi ngapa?

a)

matun

b)

ndhaut

c)

nggaru

d)

ngluku

8.

Gatekna gambar ing ngisor iki! Gambar ing ndhuwur minangka salahsijining urutan nalika arep nandur pari. Sadurunge winih pari ditandur, mula kudu ngurit luwih dhisik. Sawuse umur 20 dina banjur kadang tani njabuti winih kaya ing gambar kasebut kang winastan….

a)

matun

b)

ndhaut

c)

nggaru

d)

ngluku

9.

Gatekna pethikan ukara ing ngisor iki! Upacara Nguras Enceh kawiwitan kanthi kirab budaya awujud gunungan kang diarak dening para abdi dalem lan masarakat. Gunungan kasebut diarak saka Pendhapa Kapanewon Imogiri tumuju Makam-Raja-raja Imogiri.

a)

tembung 'nguras' ing wacan ndhuwur, nduwe teges….

b)

ngejogi

c)

ngresiki

d)

nambahi

e)

ngesokake

10.

Wacanen kanthi premati wacan ing ngisor iki! Upacara tingkeban ugi dipunwastani mitoni. Mitoni asalipun saking tembung "pitu" ingkang ateges angka pitu. Upacara tingkeban dipuntindakake menawi kandhutanipun priyantun estri, yuswanipun sampun pitung sasi saha nembe ngandhut sapisan. Wonten ing upacara kasebut, biyung ingkang nembe ngandhut pitung sasi dipunsiram ngangge toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang mligi kagem biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebut gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti Allah supados tansah paring rahmatipun saengga bayi ingkang badhe dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal menapa.

a)

Tembung kang nduweni teges padha karo tembung 'toya' yaiku....

b)

darma

c)

puspita

d)

tirta, warih

e)

bayu, samirana

11.

Tujuwan dianakake tedhak siten yaiku...

a)

Bocah iku nyeker-nyeker pasir, kang nduweni teges nggolek pangan.

b)

Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane.

c)

Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis dipilih wiwit cilik.

d)

Atur puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, dene wis menehi kekuwatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan bisa urip mandhiri.

12.

"Aku lagi sinau nalika bapak nembe ... saking kantor."

4 lines
13.

Aku lagi sinau nalika bapak nembe ... saking kantor.

a)

wangsul

b)

mantuk

c)

kesah

d)

kondur

14.

Ukara kang dipocapake dening Pak Farel kalebu ukara kanggo....

a)

pangalembana

b)

nyuwun ijin

c)

nyuwun tulung

d)

nyuwun kawigaten

15.

Umure bayi kang arep diacarani tedhak siten yaiku …

a)

250 dina

b)

15 minggu

c)

Pitung wulan

d)

Wolung selapan

16.

Ndhog kang digunakake ing upacara Tedhak Siten yaiku …

a)

Ndhog pitik Jawa

b)

Ndhog pitik potong

c)

Ndhog gemak

d)

Ndhog bebek

17.

Piranti kang ora digunakake kanggo upacara adat tedhak siten yaiku …

a)

Klasa kang isih anyar

b)

Udhik - udhik

c)

Pengarong kang diisi kembang

d)

Andha pring

18.

Ing ngisor iki tuladha upacara adat kang kadadeyan ing dhaerah, kejaba …

a)

Mudhun lemah

b)

Larung saji

c)

Karnaval

d)

Ruwatan

19.

Upacara adat tingkeban uga bisa diarani …

a)

Mitoni

b)

Brokohan

c)

Selapanan

d)

Grebeg Sura

20.

Basa kang tetembungane ngoko, ananging kecampuran basa krama kawastanan …

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Karma alus

21.

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku …

a)

Turu

b)

Tangi

c)

Sare

d)

Tindak

22.

Apa tegese tata karma …

a)

Basa kang sae

b)

Tataning basa

c)

Cara migunakake basa ingkang sae

d)

Patrap, ucap utawi tumindak ingkang becik

23.

Apa tujuane aweh pangalembana marang wong liya …

a)

Supaya pasadulurane bubrah

b)

Supaya wong kang dialem marem

c)

Supaya wong kang dialem melu bela sungkawa

d)

Supaya wong kang dialem bungah lan tan saya greget anggone sinau

24.

Apa tegese tembung "idi palilah"

a)

Ijin

b)

Pangapura

c)

Kawigaten

d)

Setuju

25.

Ukara ing ngisor iki kang nuduhake ukara pangalembana yaiku…

a)

"Wah tulisanmu rapi banget Ji, nganti bingung anggonku maca."

b)

"Awakmu ora bakal bias nggarap soal ujian manawa ora sinau."

c)

"Sregep banget awakmu Le, yahmene lagi mangkat sekolah."

d)

"Wah jan marem tenan anggonmu nembang Mbak Siti, awakmu pancen cocok yen dadi penyanyi."

26.

Kepriye anggonmu matur marang Pak guru?

a)

"Nyuwun pangapunten Pak, menawi kepareng kula badhe nyuwun ijin kondur amargi kula sakit."

b)

"Nyuwun pangapunten Pak, menawi kepareng kula badhe nyuwun ijin wangsul amargi kula sakit."

c)

"Nyuwun pangapunten Pak, menawi kepareng kula badhe nyuwun ijin bali amargi kula sakit."

d)

"Nyuwun pangapunten Pak, menawi kepareng kula badhe nyuwun ijin mulih amargi kula sakit."

27.

Kepriye becike anggone matur Galang marang pak guru kang ngasta ing kelas?

a)

"Nyuwun pangapunten bapak, kula sampun nggarap tugas ananging bukunipun kesupen boten kula bekta."

b)

"Nyuwun pangapunten bapak, kula sampun nggarap tugas ananging bukunipun kesupen boten kula asta."

c)

"Nyuwun pangapunten bapak, kula sampun nggarap tugas ananging bukunipun kesupen boten kula bekta."

d)

"Nyuwun pangapunten bapak, kula sampun nggarap tugas ananging bukunipun kesupen boten kula bekta."

28.

Nalika awakmu ketemu Bu Guru ing swalayan wayah wengi, becike awakmu sapa aruh kanthi ukara kepriye?

a)

Sugeng enjing Bu Guru, badhe tumbas menapa?

b)

Sugeng enjing Bu Guru, badhe mundhut menapa?

c)

Sugeng siang Bu Guru, badhe tumbas menapa?

d)

Sugeng ndalu Bu Guru, badhe mundhut menapa?

29.

Adhedhasar pacelathon ing ndhuwur, paraga bapak migunakake basa apa?

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

30.

Ing ngisor iki kalebu unsur intrinsik cerkak, kajaba….

a)

kahanan sosial

b)

paraga

c)

piweling

d)

tema

31.

Prakara kang dadi landhesaning crita, disebut….

a)

alur

b)

tema

c)

setting

d)

piweling

32.

Adhedhasar wacan kasebut, latar papan lan wektu kang trep yaiku….

a)

Latar sekolah ing wanci esuk

b)

Kantor guru ing wanci esuk

c)

Kelas ing wanci awan

d)

Kantin ing wanci esuk

33.

Sudut pandang kang digunakake ing pethikan cerkak ing ndhuwur yaiku….

a)

wong kapisan

b)

wong kaloro

c)

wong katelu

d)

wong kapapat

34.

Tembung 'sedya' tegese yaiku….

a)

didol

b)

ditata

c)

karepe

d)

regane

35.

Miturut pethikan cerkak kasebut, nilai moral kang bisa kapethik yaiku….

a)

grapyak sumanak

b)

kumalungkung

c)

deksiya

d)

waskitha

36.

Miturut pethikan cerkak kasebut, piweling kang kang bisa kapethik yaiku…

a)

Dadia wong kang nduweni watak pasrah.

b)

Dadia manungsa kang nduweni rasa sabar.

c)

Manungsa iku kudu gasik anggone makarya.

d)

Manungsa iku kudu tansah ndedonga marang Gusti.

37.

Pethikan cerkak kasebut nuduhake yen paraga 'Le" gadhah watak….

a)

sregep

b)

neson

c)

seneng dolan

d)

seneng ngapusi

38.

Adhedhasar tabel ing ndhuwur, sandhangan aksara Jawa kang nuduhake sandhangan panyigeg wanda yaiku nomer....

a)

1,2,3

b)

1,3,4

c)

2,3,5

d)

3,5,6

39.

Adhedhasar tabel ing ndhuwur, ukara kang bener antarane aksara Latin lan Jawa dumunung ana ing nomer pira?

a)

1,2,5

b)

1,3,5

c)

2,3,4

d)

Kabeh bener

40.

Miturut pratelan ing ndhuwur, tulisan kang migunakake 'panjing la' yaiku….

a)

1,2

b)

1,3

c)

2,3

d)

1,4

41.

Apa arane panganan kasebut?

4 lines
42.

Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku….

4 lines
43.

Tembung-tembung ing ngisor iki endi kang migunakake sandhangan cakra lan kêrêt kang bener?

4 lines
44.

Miturut andharan kasebut tiyang ingkang langkung begja inggih menika.....

a)

Tiyang ingkang ngedan.

b)

Tiyang ingkang boten nindaki.

c)

Tiyang ingkang kaduman melik.

d)

Tiyang ingkang eling saha waspada.

45.

Bab menika jumbuh kaliyan titikanipun pawarta.....

a)

narik kawigaten

b)

aktual

c)

faktual

d)

wigati

46.

Kena ngapa pameran 'Bantul Museum Expo' dianakake ing taun 2022?

4 lines
47.

Apa ancas dianakake pameran 'Bantul Museum Expo 2022'?

4 lines
48.

Kepriye tata urutane pameran 'Bantul Museum Expo 2022'?

4 lines
49.

Kapan pameran 'Bantul Museum Expo 2022' dianakake?

4 lines
50.

Pawarta kasebut ngandharake upacara tradhisi kang isih diuri-uri tekane saiki.

a)

Pawarta kasebut ngandharake upacara tradhisi kang isih diuri-uri tekane saiki.

b)

Upacara tradhisi Grebeg Syawal lan Telempok diadani ing wulan Syawal tanggal 8.

c)

Upacara tradhisi Grebeg Syawal lan Telempok diadani ing Tlatah Klaten, Jawa Tengah.

d)

Pawarta kasebut ngandharake upacara tradhisi kang wiwit pudhar amarga kemajuane jaman.

51.

Tembung 'watu' kang kawrat ing pethikan pawarta kasebut tegese laras karo tembung….

a)

sela

b)

nala, soca

c)

warih, tirta

d)

surya, bagaskara

52.

Ukara ing ngandhap menika ingkang mangsuli pitaken "menapa" inggih menika....

a)

Corona asalipun saking Wuhan China.

b)

Amargi covid menika virus ingkang gampil nular.

c)

Corona utawi covid-19 virus ingkang mbebayani.

d)

Wiwit wulan Maret 2020 siswa sekolah ing griya.