wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SAS Basa Jawa 7 Ganjil 24/25

Total questions: 40

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Tlaga Ngebel

Tlaga Ngebel minangka  salah sijine  destinasi wisata alam  kang kawentar ing tlatah kutha Ponorogo, Jawa Timur. Dumunung  30 km saka  punjere kutha, Tlaga Ngebel nduweni kaendahan kang nglamlami, hawa kang seger, lan swasana kang endhum amarga saka akehe wit-witan ing sakiwa tengene. Tlaga Ngebel kalebu salah sijine panggonan pilihan kanggo ngenggar-enggarake pikiran saka pakaryan saben dina.

Tlaga Ngebel ambane  kurang luwih 150 hektar lan kinupengan dataran kang ijo royo-royo. Banyu tlaga kang bening lan gawe adheme driya, nalika wayah isuk ana pedhut tipis kang nutupi tlaga saengga ngripta swasana mistis kang bisa gawe tentreme panyawang. Kajaba kuwi,  isih akeh jinise manuk, kethek, lan flora khas wewengkon  pegunungan kang ditemokake ing kene.

Para wisatawan kang  pengin ngrasakake adheme banyu tlaga lan pengin ngrasakake sensasi ngubengi tlaga bisa nyewa prahu. Kanggo wisatawan kang seneng mancinguga nyiyapake papan pemancingan kayata iwak nila lan iwak mujair.  Sakliyane iku, mlaku-mlaku ngubengi tlaga uga bisa dadi aktivitas pilihan liyane. Dalan sing wis diaspal sakiwa  tengene tlaga bisa digunakake wisatawan kanggo ngrasakake kaendahane Tlaga Ngebel saka pirang pirang panggonan.Tlaga Ngebel ora mung nyamaptakake kaendahan panyawang ananging uga katentreman driya, ndadekake papan kang sampurna kanggo ngenggar-enggar lan ngademake pikiran.

Destinasi wisata Tlaga Ngebel dumunung ing kutha Ponorogo. Penere saka punjere kutha Ponorogo manggon ing sisih….

a)

wetan

b)

ngalor

c)

kidul

d)

kulon

2.

Para wisatawan padha dolan menyang Tlaga Ngebel  amarga duweni tujuwan. Tujuwane yaiku….

a)

kanggo sarana olahraga

b)

kanggo sarana enggar-enggar pikiran

c)

kanggo sarana golek ilmu kanuragan

d)

kanggo sarana ngucapake rasa syukur

3.

Tlaga Ngebel

Tlaga Ngebel minangka  salah sijine  destinasi wisata alam  kang kawentar ing tlatah kutha Ponorogo, Jawa Timur. Dumunung  30 km saka  punjere kutha, Tlaga Ngebel nduweni kaendahan kang nglamlami, hawa kang seger, lan swasana kang endhum amarga saka akehe wit-witan ing sakiwa tengene. Tlaga Ngebel kalebu salah sijine panggonan pilihan kanggo ngenggar-enggarake pikiran saka pakaryan saben dina.

Tlaga Ngebel ambane  kurang luwih 150 hektar lan kinupengan dataran kang ijo royo-royo. Banyu tlaga kang bening lan gawe adheme driya, nalika wayah isuk ana pedhut tipis kang nutupi tlaga saengga ngripta swasana mistis kang bisa gawe tentreme panyawang. Kajaba kuwi,  isih akeh jinise manuk, kethek, lan flora khas wewengkon  pegunungan kang ditemokake ing kene.

Para wisatawan kang  pengin ngrasakake adheme banyu tlaga lan pengin ngrasakake sensasi ngubengi tlaga bisa nyewa prahu. Kanggo wisatawan kang seneng mancinguga nyiyapake papan pemancingan kayata iwak nila lan iwak mujair.  Sakliyane iku, mlaku-mlaku ngubengi tlaga uga bisa dadi aktivitas pilihan liyane. Dalan sing wis diaspal sakiwa  tengene tlaga bisa digunakake wisatawan kanggo ngrasakake kaendahane Tlaga Ngebel saka pirang pirang panggonan.Tlaga Ngebel ora mung nyamaptakake kaendahan panyawang ananging uga katentreman driya, ndadekake papan kang sampurna kanggo ngenggar-enggar lan ngademake pikiran.

Pranyatan ing ngisor iki kang ora slaras karo wacan kasebut yaiku….

a)

Tlaga Ngebel katon ijo royo-royo amarga kinubengan dataran kang ijo royo-royo.

b)

Kaunikan ing Tlaga Ngebel yaiku sakliyane fauna uga saka flora kang maneka jenise.

c)

Saliyane kanggo ngenggar-enggar pikiran, para wisatawan bisa uga mancing ing Tlaga Ngebel.

d)

Tlaga Ngebel minangka papan kang sampurna kanggo ngademake pikiran.

4.

Tlaga Ngebel

Tlaga Ngebel minangka  salah sijine  destinasi wisata alam  kang kawentar ing tlatah kutha Ponorogo, Jawa Timur. Dumunung  30 km saka  punjere kutha, Tlaga Ngebel nduweni kaendahan kang nglamlami, hawa kang seger, lan swasana kang endhum amarga saka akehe wit-witan ing sakiwa tengene. Tlaga Ngebel kalebu salah sijine panggonan pilihan kanggo ngenggar-enggarake pikiran saka pakaryan saben dina.

Tlaga Ngebel ambane  kurang luwih 150 hektar lan kinupengan dataran kang ijo royo-royo. Banyu tlaga kang bening lan gawe adheme driya, nalika wayah isuk ana pedhut tipis kang nutupi tlaga saengga ngripta swasana mistis kang bisa gawe tentreme panyawang. Kajaba kuwi,  isih akeh jinise manuk, kethek, lan flora khas wewengkon  pegunungan kang ditemokake ing kene.

Para wisatawan kang  pengin ngrasakake adheme banyu tlaga lan pengin ngrasakake sensasi ngubengi tlaga bisa nyewa prahu. Kanggo wisatawan kang seneng mancinguga nyiyapake papan pemancingan kayata iwak nila lan iwak mujair.  Sakliyane iku, mlaku-mlaku ngubengi tlaga uga bisa dadi aktivitas pilihan liyane. Dalan sing wis diaspal sakiwa  tengene tlaga bisa digunakake wisatawan kanggo ngrasakake kaendahane Tlaga Ngebel saka pirang pirang panggonan.Tlaga Ngebel ora mung nyamaptakake kaendahan panyawang ananging uga katentreman driya, ndadekake papan kang sampurna kanggo ngenggar-enggar lan ngademake pikiran.

Teks wacan  “Tlaga Ngebel”  kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks….

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

persuasi

d)

aegumentasi

5.

Tlaga Ngebel ora mung nyamaptakake kaendahan panyawang ananging uga katentreman driya, ndadekake papan kang sampurna kanggo ngenggar-enggar lan ngademake pikiran.

Tegese tembung driya yaiku....

a)

awak

b)

salira

c)

ati

d)

dhadha

6.

Tlaga Ngebel

Tlaga Ngebel minangka  salah sijine  destinasi wisata alam  kang kawentar ing tlatah kutha Ponorogo, Jawa Timur. Dumunung  30 km saka  punjere kutha, Tlaga Ngebel nduweni kaendahan kang nglamlami, hawa kang seger, lan swasana kang endhum amarga saka akehe wit-witan ing sakiwa tengene. Tlaga Ngebel kalebu salah sijine panggonan pilihan kanggo ngenggar-enggarake pikiran saka pakaryan saben dina.

Tlaga Ngebel ambane  kurang luwih 150 hektar lan kinupengan dataran kang ijo royo-royo. Banyu tlaga kang bening lan gawe adheme driya, nalika wayah isuk ana pedhut tipis kang nutupi tlaga saengga ngripta swasana mistis kang bisa gawe tentreme panyawang. Kajaba kuwi,  isih akeh jinise manuk, kethek, lan flora khas wewengkon  pegunungan kang ditemokake ing kene.

Para wisatawan kang  pengin ngrasakake adheme banyu tlaga lan pengin ngrasakake sensasi ngubengi tlaga bisa nyewa prahu. Kanggo wisatawan kang seneng mancinguga nyiyapake papan pemancingan kayata iwak nila lan iwak mujair.  Sakliyane iku, mlaku-mlaku ngubengi tlaga uga bisa dadi aktivitas pilihan liyane. Dalan sing wis diaspal sakiwa  tengene tlaga bisa digunakake wisatawan kanggo ngrasakake kaendahane Tlaga Ngebel saka pirang pirang panggonan.Tlaga Ngebel ora mung nyamaptakake kaendahan panyawang ananging uga katentreman driya, ndadekake papan kang sampurna kanggo ngenggar-enggar lan ngademake pikiran.

  1. Ukara ing ngisor iki kang kalebu dheskripsi bagean yaiku…

a)

Dalan sing wis diaspal sakiwa tengene tlaga bisa digunakake wisatawan kanggo ngrasakake kaendahane Tlaga Ngebel saka pirang pirang panggonan.

b)

Tlaga Ngebel ambane kurang luwih 150 hektar lan kinupengan dataran kang ijo royo-royo.

c)

Telaga Ngebel minangka salah sijine destinasi wisata alam kang edipeni ing tlatah Kutha Ponorogo, Jawa Timur.

d)

Tlaga Ngebel kalebu salah sijine panggonan pilihan kanggo ngenggar-enggarake pikiran saka pakaryan sabedina.

7.

Bab kang kudu ditemtokake nalika nulis teks dheskripsi ing perangan idhentifikasi yaiku…

a)

nemtokake objek wisata ing dhaerah sing arep ditulis

b)

mantha perangan  saka objek wisata kasebut

c)

jlentrehake perangan umum kanthi ringkes

d)

jlentrehake perangan objek kanthi cetha lan rowa

8.

Gatekna tembung-tembung ing ngisor iki!

1)      kencur

2)      tumbu

3)      pangkur

4)      subuh

5)      mambu

6)      krungu

7)      glepung

8)      wulu

Klompok tembung  kang ngandhut swara ‘u’ miring yaiku…

a)

2, 3, 4, 7

b)

2, 4, 5, 7

c)

1, 3, 5, 7

d)

1, 3, 4, 7

9.

Gatekna tembung-tembung ing ngisor iki!

1)      kencur

2)      tumbu

3)      pangkur

4)      subuh

5)      mambu

6)      krungu

7)      glepung

8)      wulu

Dene klompok kang ngandhut swara 'u' jejeg yaiku....

a)

1, 5, 6, 8

b)

1, 3, 6, 8

c)

2, 4, 6, 8

d)

2, 5, 6, 8

10.

Pasangan pranyatan lan bener-salahe kolom ing dhuwur yaiku…

a)

1: bener ; 2: bener; 3: bener; 4: salah

b)

1: bener; 2: salah; 3: salah; 4: bener

c)

1: salah; 2: bener; 3: bener; 4: salah

d)

1: salah; 2: salah; 3: bener; 4: bener

11.

Katresnane Rahwana marang Dewi Shinta banget gedhene.

Cacahe swara ‘e’ pepet ing ukara ndhuwur ana….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

12.

Ing ngisor iki kang kalebu tembung sing ngandhut aksara konsonan (da) yaiku.....

a)

dara, dadi, dudu

b)

tuku, tutuk, tilas

c)

dhawet, dhokar, dhompet

d)

glathik, kutha, puthu

13.

Saben sore Dina sregep banget anggone resik-resik. Dheweke nyaponi latar uga nyaponi omah. Tembung linggane nyaponi yaiku….

a)

nyapu

b)

sapu

c)

saponi

d)

nyapon

14.

Tembung lingga saka tembung nggambar, nuthuk, maguru kanthi urut yaiku….

a)

nggambar, thuthuk, aguru

b)

gambar, thuthuk, guru

c)

gambar, thuthuk, guru

d)

agambar, athuthuk, aguru

15.

Susi Susanti wis (bali) nyumbang medhali kanggo bangsa lan negara Indonesia. Pandhapuke tembung ing njero kurung kang trep yaiku….

a)

mbaleni

b)

bola-bali

c)

bali-bali

d)

dibaleni

16.

Gatekna tembung ing ngisor iki

1)      Pilih

2)      Saomah

3)      Gumuyu

4)      Tulis

5) Kelepyur

Tembung ing ndhuwur kang kalebu tembung andhahan dumunung ing nomer…..

a)

1, 2, 3

b)

2, 3, 4

c)

1, 4, 5

d)

2, 3, 5

17.
  1. Tlaga Ngebel ora mung nyamaptakake kaendahan panyawang ananging uga katentreman driya.

Tembung linggane panyawang yaiku….

a)

nyawang

b)

pawang

c)

sawang

d)

awang

18.

Sajrone pasinaon Basa Jawa ana arane tembung lingga lan andhahan. Kaloro tembung kasebut tegese…

a)

Tembung lingga yaiku tembung sing wis owah saka tembung asale, dene tembung andhahan yaiku tembung sing asalé saka basa liyane.

b)

Tembung lingga yaiku tembung sing asale saka tembung liyane, dene tembung andhahan yaiku tembung sing ora bisa diganti.

c)

Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale, dene tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale.

d)

Tembung lingga yaiku tembung sing asalé saka tembung andhahan, dene tembung andhahan yaiku tembung sing langsung saka basa asing.

19.

Pesisir Sendang Biru (.........) obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae sing teka menyang Sendang Biru.

Tembung kang cocog dienggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

minangka

b)

yen

c)

karo

d)

lan

20.

Mojokerto duwe sejarah kang gedhe ajine tumrap bangsa Indonesia amarga ing kutha iki tau madheg kraton gedhe aran Majapahit. Mula ing kono bisa ditemokake petilasan-petilasan kayata Candhi Gentong, Gapura Wringinlawang, Kolam Segaran, Candhi Minakjinggo, Candhi Bajang, Candhi Tikus, Makam Troloyo, lan sapiturute.

Mojokerto duwe sejarah kang gedhe amarga ....

a)

akeh candhine

b)

tau madeg kraton Majapahit

c)

ana petilasan Makam Troloyo

d)

duwe museum kang kondhang

21.

Mojokerto duwe sejarah kang gedhe ajine tumrap bangsa Indonesia amarga ing kutha iki tau madheg kraton gedhe aran Majapahit. Mula ing kono bisa ditemokake petilasan-petilasan kayata Candhi Gentong, Gapura Wringinlawang, Kolam Segaran, Candhi Minakjinggo, Candhi Bajang, Candhi Tikus, Makam Troloyo, lan sapiturute.

Irah-irahan kang cocog karo wacan ing dhuwur yaiku ....

a)

Sejarah Majapahit

b)

Kraton Minakjinggo

c)

Sejarah Petilasan Makam Troloyo

d)

Wisata Sejarah Mojokerto

22.

Tontonan kanthi pepethan uwong lan kewan kang digawe saka kulit utawa walulang lan dilakokake dhalang diarani….

a)

kethoprak

b)

wayang

c)

dongeng

d)

sandiwara

23.

Crita ing  jagade pewayangan biyasane migunakake epos, yaiku…

a)

Mahabharata lan Ramayana

b)

Kidang Talun lan Ramayana

c)

Mahabharata lan kidang Talun

d)

Gathutkaca lan Arjuna

24.

Ing ngisor iki kang kalebu salah sawijining irah-irahan lakon crita wayang yaiku…

a)

Jaka Tarub

b)

Andhe-Andhe Lumut

c)

Dumadine Kutha Surabaya

d)

Anoman Dhuta

25.
  1. Ing sawijine dina, Prabu Pandhu Dewanata karo salah siji garwane kang asma Dewi Madrim mbebedhag kewan ing alas Himawanpada. Dewi Madrim weruh kidang loro lanang wadon kang lagi andon katresnan.

Saka pethikan crita kasebut latar critane yaiku….

a)

sawah

b)

tegalan

c)

ratan

d)

wana

26.

Paraga wayang kasebut jenenge....

a)

Puntadewa

b)

Janaka

c)

Werkudara

d)

Gathutkaca

27.

Sajrone crita Mahabharata nyritakake lakone Pandhawa lan Kurawa. Sing diarani panengahe Pandhawa yaiku…

a)

Puntadewa

b)

Janaka

c)

Werkudara

d)

Gathutkaca

28.
  1. Gatekna ukara ing ngisor iki kanthi patitis!

“Kula rumaos boten saged nglajengaken perang punika, ciyut manah kula.”

Tembung “ciyut manah” kalebu basa rinengga yaiku…

a)

dasanama

b)

entar

c)

saroja

d)

sanepa

29.
  1. Kena dititeni yen sasi sela pasar iki sepi mamring.

Basa rinengga awujud tembung saroja sing ana ing teks kasebut yaiku…

a)

kena dititeni

b)

sasi sela

c)

pasar iki

d)

sepi mamring

30.

Ganda anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan. Tembung ludira dasanamane yaiku…

a)

getih

b)

jisim

c)

rambut

d)

sunar

31.
  1. ” Inggih Bapa sedaya sampun samekta, ananging kula boten saged ngajak adhi Sukrasana, benjang menawi sampun katampi panyuwitan kula, adhi Sukrasana kula papagipun. Kula nyuwun pangestu sapunika ugi kula bidhal.” Sumantri atur sembah pangabekti sarta nyuwun pangestu.

Paragrap kasebut migunakake basa....

a)

ngoko lugu

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

krama alus

32.
  1. Budhe arep tuku woh-wohan, kayata: pelem, jeruk, gedhang, lan anggur.

Ukara kasebut yen diowahi dadi krama alus yaiku...

a)

Budhe arep mundhut woh-wohan, kados ta: pelem, jeruk, pisang, lan anggur.

b)

Budhe badhe tumbas woh-wohan, kados ta: pelem, jeram, gedhang, lan anggur.

c)

Budhe badhe mundhut woh-wohan, kados ta: pelem, jeruk, gedhang, lan anggur.

d)

Budhe badhe mundhut woh-wohan, kados ta: pelem, jeram, pisang, lan anggur.

33.

Gatekna tembung-tembung ing ngisor iki!

1)      kondur

2)      pasar

3)      uwos

4)      paring

5)      maca

6)      numpak

Tembung-tembung kasebut kang kalebu jinise tembung krama inggil yaiku....

a)

2, 3, 5

b)

1, 2, 4

c)

1, 3, 6

d)
  1. 1, 3, 4

34.

Gatekna tembung-tembung ing ngisor iki!

1)      kondur

2)      pasar

3)      uwos

4)      paring

5)      maca

6)      numpak

Dene tembung-tembung kasebut kang kalebu jinise tembung ngoko yaiku….

a)

1, 4, 6

b)

3, 5, 6

c)

2, 4, 5

d)

2, 5, 6

35.

Saupama manungsa ora nebangi alas, ora ngrusak DAS (Daerah Aliran Sungai), lan mbebuwang sampah menyang kali. 

Tembung kang dicetak kandel kuwi diarani tembung ….

a)

katrangan

b)

wilangan

c)

kriya

d)

aran

36.

Tembung sang, si, para, kalebu jinise tembung .....

a)

tembung kahanan

b)

tembung panyilah

c)

tembung panggandheng

d)

tembung panguwuh

37.

Kacarita, para Kurawa rumangsa bungah atine amarga nampa palapuran menawa para kadang Pandhawa kabeh wis padha turu kepati. Sang Duryudana banjur mrentahake marang para kadang Kurawa sing sadurunge wis padha samapta ing gawe. Omah gedhong kang diwangun katon endah, paleremane Pandhawa sing kabeh sakane wis diblonyohi  nganggo gandarukem banjur diobong bebarengan maju papat saka lor, kidul, wetan, lan kulon. Mung sedhela wae ubaling geni wus katon ngalad-alad ngupengi paleremane para Pandhawa dalah ingkang Ibu.

Para Kurawa rumangsa bungah atine jalaran...

a)

para Pandhawa gelem teka

b)

para Pandhawa padha seneng

c)

para Pandhawa wis padha bali

d)

para Pandhawa wis turu kepati

38.

Kacarita, para Kurawa rumangsa bungah atine amarga nampa palapuran menawa para kadang Pandhawa kabeh wis padha turu kepati. Sang Duryudana banjur mrentahake marang para kadang Kurawa sing sadurunge wis padha samapta ing gawe. Omah gedhong kang diwangun katon endah, paleremane Pandhawa sing kabeh sakane wis diblonyohi  nganggo gandarukem banjur diobong bebarengan maju papat saka lor, kidul, wetan, lan kulon. Mung sedhela wae ubaling geni wus katon ngalad-alad ngupengi paleremane para Pandhawa dalah ingkang Ibu.

Omah gedhong kang diwangun endah,  paleremane para Pandhawa diblonyohi nganggo gandarukem supaya….

a)

katon luwih endah maneh

b)

yen diobong cepet murub

c)

para Pandhawa bisa krasan

d)

bangunane bisa luwih awet

39.

Kacarita, para Kurawa rumangsa bungah atine amarga nampa palapuran menawa para kadang Pandhawa kabeh wis padha turu kepati. Sang Duryudana banjur mrentahake marang para kadang Kurawa sing sadurunge wis padha samapta ing gawe. Omah gedhong kang diwangun katon endah, paleremane Pandhawa sing kabeh sakane wis diblonyohi  nganggo gandarukem banjur diobong bebarengan maju papat saka lor, kidul, wetan, lan kulon. Mung sedhela wae ubaling geni wus katon ngalad-alad ngupengi paleremane para Pandhawa dalah ingkang Ibu.

Sawise Pandhawa katon turu kepati, sing ditindakake dening para Kurawa, yaiku….

a)

padha turu ing cedhake Pandhawa

b)

nerusake anggone suka-parisuka

c)

ng;lereni anggone suka parisuka

d)

ngobong paleremane Pandhawa

40.

Kacarita, para Kurawa rumangsa bungah atine amarga nampa palapuran menawa para kadang Pandhawa kabeh wis padha turu kepati. Sang Duryudana banjur mrentahake marang para kadang Kurawa sing sadurunge wis padha samapta ing gawe. Omah gedhong kang diwangun katon endah, paleremane Pandhawa sing kabeh sakane wis diblonyohi  nganggo gandarukem banjur diobong bebarengan maju papat saka lor, kidul, wetan, lan kulon. Mung sedhela wae ubaling geni wus katon ngalad-alad ngupengi paleremane para Pandhawa dalah ingkang Ibu.

Jroning crita pawayangan tokoh-tokoh sing kena kanggo patuladhan, yaiku….

a)

Kurawa

b)

Raseksa

c)

Pandhawa

d)

Duryudana