wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN SAS GANJIL - BAHASA JAWA

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Idhe baku utawa gagasan baku jroning crita diarani .......

a)

Amanat

b)

Paraga

c)

Alur

d)

Tema

2.

Piwulang kabecikan utawa pitutur luhur kang ana ing sajroning crita diarani ........

a)

Pesen/amanat

b)

Sudhut Pandhang

c)

Setting

d)

Paraga

3.

Karagan kang nggambarake objek kanthi tujuwan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe objek kang digambarake diarani karangan ..............

a)

Narasi

b)

Eksposisi

c)

Dheskripsi

d)

Persuasi

4.

Karangan kang isine nyritakake kedadeyan sing ditulis kanthi urut dijumbuhake karo urutan wektu diarani karangan ...........

a)

Eksposisi

b)

Dheskripsi

c)

Narasi

d)

Persuasi

5.

Gatekna karangan ing ngisor iki!

Bulikku nyambut gawene bakulan jajan pasar. Piyambake sregep, ayu, tur pinter. Piyambake uga kagungan watak sabar, loman, lan tanggungjawab. Tangga teparo padha seneng. Senadyan sinambi nyambut gawe nanging ibadahe tetep ora keganggu.

Karangan ing ndhuwur mujudake tuladha karangan .......

a)

Narasi

b)

Dheskripsi

c)

Argumentasi

d)

Persuasi

6.

Sing kalebu tembang dolanan yaiku .......

a)

Pucung

b)

Kinanthi

c)

Durma

d)

Kidang talun

7.

Tembang dolanan cublak-cublak suweng dumadi saka ....... gatra

a)

4 gatra

b)

5 gatra

c)

6 gatra

d)

7 gatra

8.

Salah sijine ciri-ciri tembang dolanan yaiku ......

a)

Wujude sedherhana

b)

Tembange angel diapalne

c)

Cakepane dawa

d)

Mesthi ana pengarange

9.

Yen diwaca aksara Jawa iki unine ......

a)

Tuku soto

b)

Buku loro

c)

Tugu poto

d)

Guru loro

10.

Yen diwaca aksara jawa iki unine .......

a)

Dudu watu

b)

Tahu bumbu

c)

Tuku sapu

d)

Maju tatu

11.

"Apa sapimu wis ........ pakani?"

Ater-ater tri purusa kanggo ngiseni titik-titik ing ndhuwur yaiku .......

a)

dak

b)

di

c)

kok/ko

d)

ora

12.

Bapak wis ......., adhiku uga wis ...... ing kamar karo aku.

Tebung kang mathuk kanggo ngiseni ceceg-ceceg iku .......

a)

sare, turu

b)

turu, sare

c)

tilem, sare

d)

sare, tilem

13.

Putra pambarepe satriya Pandhawa asmane ..........

a)

Puntadewa

b)

Arjuna

c)

Werkudara

d)

Nakula

14.

Ing ngisor iki tuladhane crita rakyat yaiku ........

a)

Cinderela

b)

Pinokio

c)

Timun Mas

d)

Rapunzel

15.

Mbak Rin nangis jalaran lara untuk, basa kramane untu yaiku .......

a)

Padharan

b)

Rikma

c)

Waja

d)

Asta