wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAS GANJIL BAHASA JAWA KLS 9

Total questions: 50

Worksheet time: 4hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Manfaat

2.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

a)

Basa kang kulina digunakake ing karya sastra

b)

Basa Rinengga

c)

Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni

d)

Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna

3.

Ukara miturut kalungguhane tembung-tembunge, perangan kang mratelakake tindakan utawa kaanane jejer diarani : ...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Katrangan

4.

Ing ngisor iki tuladhane ukara tanggap

a)

Kancaku maca buku nganggo kacamata.

b)

Bukuku disilih Darwanto wis telung dina.

c)

Bocah kae nyekel kucing dhewe ora ana kancane.

d)

Ibu masak sayur lodheh senenganku.

5.

Sing diarani ukara andharan yaiku : ...

a)

Ukara kang mratelakake rasa pangrasa

b)

Ukara kang isine aweh pawarta

c)

Ukara kang isine ngongkon

d)

Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan

6.

Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan, diarani : ...

a)

Ukara Sambawa

b)

Ukara Panguwuh

c)

Ukara Pitakon

d)

Ukara Andharan

7.

Ing ngisor iki tuladhane Ukara Panguwuh : ...

a)

Panasa ta klambiku ben ndang garing.

b)

Muraha kae aku ora duwe dhuwit ya ora tuku.

c)

Diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine.

d)

Hore ,aku entuk biji satus !

8.

Aksara kang digawe kanggo

njangkepi cacahe aksara kang gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, diarani : ...

a)

Aksara Rekan

b)

Aksara Swara

c)

Aksara Murda

d)

Aksara Legena

9.

Wulan April

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
10.

Aksara " E ", yen ditulis nganggo aksara swara : ...

a)
b)
c)
d)
11.

Yen ditulis nganggo aksara latin : ...

a)

Abbas lagi panas.

b)

Arman lagi mangan.

c)

Akbar lagi mangan.

d)

Sabar lagi panas

12.

Yen ditulis nganggo aksara latin : ...

a)

Pitri budhal nyanyi

b)

Fitri budhal ngaji

c)

Putri budhal ngaji

d)

Fitri budal ngaji

13.

Bukune ana 25.

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
14.

Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine Ludruk

a)

Migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogja.

b)

Migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran

c)

Sumber critane njupuk saka Kisah Mahabarata

d)

Sumber critane njupuk saka Kisah Ramayana

15.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

16.

Eksposisi, konflik, klimaks, anti klimak, resolusi. Iku kalebu urutaning : ....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Latar

d)

Amanat

17.

Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......

a)

epilog

b)

monolog

c)

dhialog

d)

prolog

18.

Crita sing nyritakake asal-usule papan utawa panggonan diarani ...

a)

fabel

b)

legendha

c)

sage

d)

mite

19.

Sumber crita wayang asale saka ....

a)

Tanah Jawa

b)

Indonesia

c)

India

d)

Arab

20.

"Pakdhe bali saka Semarang numpak bis"


Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku....

a)

Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis

b)

Pakdhe wangsul menyang Semarang numpak bis

c)

Pakdhe kondur dhateng Semarang nitih bis

d)

Pakdhe kondur saking Semarang nitih bis

21.

ing ngisor iki titikane kethoprak yaiku

a)

nganggo dialek surabaya

b)

paraga nganggo busana tradisional

c)

nyeritakake cerita perjuwangan

d)

diwiwiti tari rema

22.

Yen bocah-bocah nonton pagelaran drama tradisional ing Jombang sing paragane nganggo kostum kaya dene kebo, nanging awake manungsa, drama kasebut nyeritakake drama apa?

a)

Cak Besut

b)

Surontanu

c)

Man Gambar

d)

Kebo kicak

e)

kebo-keboan

23.

Ibu mundhut gilingan bumbu. Tembung gilingan tegese ….

a)

piranti/alat

b)

asal

c)

panggonan

d)

tindakan

e)

merk

24.

Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!


Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh


Saka pacelathon drama ing nduwur judhul drama sing trep yaiku ...

a)

Jaka kendhil

b)

jaka tarub

c)

keong mas

d)

andhe-andhe lumut

e)

klenthing

25.

Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!


Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh


Saka pacelathon drama ing nduwur, watek Klething Abang yaiku ....

a)

sabar

b)

wicaksana

c)

ladak/galak

d)

seneng tetulung

e)

gampang iri

26.

Yen bocah-bocah nonton pagelaran darma tradisional ing Jombang sing paragane nganggo kostum bebet putih, nganggo topi ana kuncire, bisa dipastekake yen drama kasebut nyaritakake paraga...

a)

Cak Besut

b)

Surontanu

c)

Man Gambar

d)

Kebo kicak

e)

kebo-keboan

27.

Pgelaran kethoprak umume nyeritakake cerita keratonan. Ragam basa sing digawe ing pagelaran kethoprak yaiku...

a)

krama ndesa

b)

ngoko

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

krama alus

28.

Bener apa salah yen kethoprak kuwi diwiwiti tari sing irama musike sigrak lan cepet

a)

salah

b)

bener

29.

bener apa salah yen ludruk kuwi diwiwiti tari sing irama musike sigrak lan cepet?

a)

bener

b)

salah

30.

bener apa salah yen lagi matur marang bapak nganggo basa krama lugu?

a)

bener

b)

salah

31.

Bener apa salah yen ibu matur marang embah nganggo basa krama alus?

a)

bener

b)

salah

32.

Aku mau lagi mangan nalika bapak budhal menyang kantor.


ukara ing nduwur bener apa salah?

a)

bener

b)

salah

33.

endi sing bener?


a. Aku mau tuku koco moto, amergo mripatku loro

b. Aku mau tuku kaca moto, amerga mripatku loro

c. Aku mau tuku kaca mata, amergo mripatku lara

d. Aku mau tuku kaca mata, amerga mripatku lara

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

34.

Akeh ...... kanggo ngrampungake prakara iki.

a)

coro

b)

cara

35.

Amarga mripatku minus, mula aku tuku ...

a)

kacamoto

b)

kocomoto

c)

kacamata

36.

Mbah, sampean punapa sampun ngombe jamu?


ukara kasebut apa wis bener?

a)

bener

b)

salah, kudune: Mbah panjenengan punapa sampun ngombe jampi?

c)

salah, kudune: Mbah sampean punapa sampun ngunjuk jampi?

d)

salah, kudune: Mbah panjenengan punapa sampun ngunjuk jampi?

37.

Nalika pagelaran drama, ditampilake paraga loro lagi guneman.


Gunemane wong loro ing pagelaran kasebut diarani....

a)

babak

b)

dialog

c)

prolog

d)

epilog

e)

casting

38.

Nalika pagelaran drama, ditampilake paraga loro lagi guneman. Bubar kuwi gleber (tirai) ditutup.


Kahanan kasebut mratandhani yen pagelaran kasebut bakal ganti ....

a)

babak

b)

dialog

c)

prolog

d)

epilog

e)

casting

39.

Sadurunge pagelaran diwiwti, sutradara nganakake sayembara kanggo milih paraga utama kang pas karo karakter ing drama.


Sutradara kasebut lagi nganakake...

a)

chasing

b)

cashin

c)

editing

d)

cushion

e)

casting

40.

bapak: Ibu, anakke dhewe ngunduri gedhe, ayo enggal-enggal disiapake dana pendidhikane.


ibu: iya pak, iki ibu wis usaha nyimpen saka sisane dhuwit belanja. (karo maca daftar menu makanan sing arep dipesen)


saka pacelathon kasebut, settinge ana ing...

a)

omah

b)

warung

c)

rumah makan

d)

meja makan

41.

Kampung Sukuh arep nganakake latian karawitan, mula Pak RW nganakake rapat kang dirawuhi dening tamu undangan. Ing pakumpulan iku, Roni minangka wakil saka pemudha arep nyaruwe wangsulan saka Pak RW kang miturute Roni pamanggihe durung bener. Kepriye ature Roni kang becik nalika nyaruwe wangsulane Pak RW iku?

a)

Miturut kula pamanggihipun panjenengan sae Pak, ananging langkung sae malih menawi wekdal latianipun dalu kemawon.

b)

Miturut kula pamanggihipun panjenengan boten sae Pak, ingkang sae menika menawi latianipun saben dalu.

c)

Miturut kula pamanggihipun panjenengan sae Pak, sae malih wekdalipun latian bebas.

d)

Kula minangka wakil pemudha manut latianipun badhe wayah menapa kemawon.

42.

Menawa kancamu ana sing lagi nandhang seneng merga menang lomba, becike kepriye?

a)

Melu nepungake/ngenalke

b)

Melu mangayubagya

c)

Melu belasungkawa

d)

Melu ngarep-arep

43.

Nalika liwat ing ngarepe wong seng luweh tua, Najwa matur Nnyuwun sewu, nalika ketemu wong najwa aruh-aruh muni monggo.


Sifate Najwa yaiku . . .

a)

Cilik ati

b)

Nduweni tata krama

c)

Pinter

44.

Yen liwat ngarepe wong sing luwih tua matur . . . .

a)

Nyuwun sewu

b)

Sepuntene

c)

awas arep liwat

45.

Ibu : Najwa

Najwa : . . . . .

Ibu : tumbasno gula yo nduk

Najwa: Inggih bu


Ukara kang trep kanggo mangsuli Ibu yaiku . . . . .

a)

Ana apa bu?

b)

Iyo bu

c)

dalem bu

46.

Ngemat Energi


Sak wise sinau Fawwaz lan Ega di dawuhi bapak ibune yen kudu hemat energi. Manfaate hemat energi kuwi akeh banget, contohe hemat duit lan pengeluaran, ngurangi polusi , njaga sumber daya alam lan ngrawat alat elektronik.

Bapak lan ibu ya jelasne cara hemat energi contohe mateni lampu sak wise digawe, nggawe banyu secukupe, lan mbatesi ndelok TV. Fawwaz lan Ega wis ngerti, bapak lan ibu mulai sak iki ngajak dheweke ngemat energi.


Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku . . . .

a)

Ngemat energi

b)

Mateni lampu sawise digawe

c)

Njaga sumber daya alam

47.

Ngemat Energi


Sak wise sinau Fawwaz lan Ega di dawuhi bapak ibune yen kudu hemat energi. Manfaate hemat energi kuwi akeh banget, contohe hemat duit lan pengeluaran, ngurangi polusi , njaga sumber daya alam lan ngrawat alat elektronik.

Bapak lan ibu ya jelasne cara hemat energi contohe mateni lampu sak wise digawe, nggawe banyu secukupe, lan mbatesi ndelok TV. Fawwaz lan Ega wis ngerti, bapak lan ibu mulai sak iki ngajak dheweke ngemat energi.


Paraga wacan ing dhuwur yaiku . . . .

a)

Fawwas, Ega, Bapak lan Ibune

b)

Bapak lan Ega

c)

Tokoh

48.

Ngemat Energi


Sak wise sinau Fawwaz lan Ega di dawuhi bapak ibune yen kudu hemat energi. Manfaate hemat energi kuwi akeh banget, contohe hemat duit lan pengeluaran, ngurangi polusi , njaga sumber daya alam lan ngrawat alat elektronik.

Bapak lan ibu ya jelasne cara hemat energi contohe mateni lampu sak wise digawe, nggawe banyu secukupe, lan mbatesi ndelok TV. Fawwaz lan Ega wis ngerti, bapak lan ibu mulai sak iki ngajak dheweke ngemat energi.


Kepriye carane ngemat energi?

a)

Lampu sawise digawe ora dipateni

b)

Nggawe banyu secukupe

c)

Isuk awan sore ndelok TV

49.

Sing ora termasuk cara ngemat energi yaiku . . . .

a)

Mateni lampu sawise digawe

b)

Nggawe banyu secukupe

c)

Ndelok TV kaet isuk tekan sore

50.

Kenapa menungsa kudu ngemat energi?

a)

Supaya lampune ora cepet rusak

b)

Supaya ora didukani bapak lan ibu

c)

Supaya bisa hemat duit lan njaga sumber daya alam