wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa bab geguritan kelas 7

Total questions: 40

Worksheet time: 22mins

Name
Class
Date
1.

Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....

a)

Geguritan

b)

Paribasan

c)

Pantun

d)

Tembung

2.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada

Irah-irahan geguritan ing ndhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun

b)

Sapu sada

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Jumat asri

3.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada

Tema geguritan ing ndhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun ing keluarga

b)

Guyub rukun ing sekolah

c)

Guyub rukun ing lingkungan

d)

Guyub rukun ing masyarakat

4.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Para murid ngelakoni kerja bakti ngeresiki sekolahan ing dina ....

a)

Jumat asri

b)

Sabtu asri

c)

Minggu asri

d)

Senin asri

5.

Tembung-tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku tembung-tembung kang ....

a)

Mentes lan mantesi

b)

Lumrah digunake

c)

Angel dingerteni

d)

Ora tau digunakake

6.
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .
a)
tema
b)
inspirasi
c)
bahasa
d)
foto
7.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu...

a)

Mangerteni isine

b)

Mangerteni wujude

c)

Mangerteni tulisane

d)

Mangerteni macane

8.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)

Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane

Sapa kang nulis geguritan ing ndhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. ningsih

d)

R.A. Kartini

9.

Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....

a)

Isine mentes

b)

Nganggo basa padinan

c)

Cacahe larikan ora katemtokake

d)

Migunakake tembung-tembung kang pinilih

10.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

11.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

b)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

c)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

d)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

12.

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

purwakanthi sing digunakake yaiku purwakanthi guru ...

a)

swara i

b)

sastra t

c)

basa/lumaksita kali

d)

sastra g

13.

jalaran dheweke jatining tresna

asalira tresna

busana tresna

watak tresna

jatining tresna.

tembung sing dibolan baleni dening panggurit diarani ...

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi lumaksita

d)

diksi

14.

Kembang Mlathi

(R. Widiyati)


Daksebar kembang mlathi

Ing Taman Makam Pahlawan

Kusuma Bangsa kang sejati

Luhku tumetes... tes... netesi bumi

Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara

Amung sekar mlathi iki

Tandha setya lan janji

Bakal melu napak suci

Labuh nagri alelandhesan ati suci

Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci


Luhku tumetes...tes...nelesi bumi. Ukara ing ngarep nggambarake wong sing lagi...

a)

Ngguyu

b)

Nesu

c)

Nangis

d)

Susah

15.

Supaya bisa mengerteni isine geguritan, mula sing kudu ditindakake yaiku ...

a)

negesi tembung-tembung

b)

maca kanthi mimik kang trep

c)

pocapan kudu cetha

d)

nalika maca kudu nduweni ekspresi

16.

Ing ngisor iki sing ora klebu titikane geguritan, yaiku...

a)

cacahe gatra bebas

b)

basane endah

c)

klebu karya sastra Jawa gagarag anyar

d)

cacahe bait utawa pada kaiket paugeran (aturan)

17.

Gusti...

Aku pengen bali

Ndandani kabeh kaluputan

Awakku kebak nista

Mugi Panjenengan paring pangapura

Panulis geguritan ing ndhuwur lagi ngrasakake....

a)

seneng

b)

getun

c)

gumbira

d)

belasungkawa

18.

Gusti...

Aku pengen bali

Ndandani kabeh kaluputan

Awakku kebak nista

Mugi Panjenengan paring pangapura


Ing geguritan kasebut, si penggurit (penulis) nggunakake tembung "Panjenengan". Sapa sing dikarepake dening tembung "panjenengan"?

a)

Juragane

b)

Kancane

c)

Anake

d)

Allah SWT

19.

Gusti...

Aku pengen bali

Ndandani kabeh kaluputan

Awakku kebak nista

Mugi Panjenengan paring pangapura


Sapa sing ngripta (ngarang) geguritan kasebut?

a)

adik

b)

aku

c)

Gusti

d)

Panjenengan

20.

Gusti...

Aku pengen bali

Ndandani kabeh kaluputan

Awakku kebak nista

Mugi Panjenengan paring pangapura

Apa pesen kang kinandhut sajrone pethikan geguritan ing ndhuwur?

a)

awake dhewe yen dolan kudu eling bali nyang omah

b)

manungsa kudu eling marang Gustine lan enggal mertobat marang dosa-dosane

c)

yen ngrusak barange wong kudu tanggung jawab didandani

d)

kudu njaluk sepura marang wong tuwa yen nduwe kesalahan

21.

Coba gatekno andharan ngisor iki

1. Tanpa kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra

2. Kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra

3. Carike bebas, bisa wujud pada, bisa uga wujud carita

4. Iki miturut jenise tembang

Sing kalebu struktur wacana geguritan ...

a)

1,2,3,4

b)

1,2,3

c)

1,2

d)

1,3

e)

2,3,4

22.

Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....

a)

Geguritan

b)

Paribasan

c)

Pantun

d)

Tembung

23.

Tema geguritan bisa ditemoake kanthi cara ....

a)

Ngerungokno kanthi saksama

b)

Ngerungokno kanthi ngomong

c)

Maca geguritan kang titi

d)

Maca kanthi ngomong

24.
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
a)
panggurit
b)
penulis
c)
pamaos
d)
dening
25.

Geguritan ing ngisor iki kang nyritaake rasa syukur marang Gusti Allah amarga wes dikaruniai alam kang apik yaiku . . .

a)
b)
c)
d)
26.

Maceme geguritan iku opo ae

a)

Geguritan gagrak lawas

b)

Geguritan gagrak anyar

c)

Geguritan gagrak anyar lan Geguritan gagrak lawas

d)

Kabeh bener

27.
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .
a)
tema
b)
inspirasi
c)
bahasa
d)
foto
28.

cacahe gatra utawa larik saben pada utawa bait diarani

....

a)

Guru Gatra

b)

Guru Lagu

c)

Guru wilangan

d)

Guru Swara

29.

Merapi....,

Saumpama kowe bisa crita

Kabeh kadadean ing tanah Jawa

Wiwit jaman Mataram kuna

Nganti madege Kraton Ngayogyakarta


Purwakanthi sing tinemu ing geguritan kasebut yaiku .....

a)

Purwakanthi guru basa

b)

Purwakathi lumaksita

c)

Purwakanthi guru sastra

d)

Purwakanthi guru swara

30.

Tuladha iki sing kalebu purwkanthi guru sastra yaiku .....

a)

Ana awan, ana pangan

b)

Tiwas sayah, ora paedah

c)

Tata titi titig tatag, tanggung tertib

d)

Urip iki ora angel, angele sok ginawe dhewe,

31.

Jinise geguritan ana pira?

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

32.

Geguritan ana ing duwur iku ana 3 pada. Pada ke loro ana pirang gatra?

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

33.

Geguritan ing basa Indonesia diarani . . .

a)

Puisi

b)

Pantun

c)

Drama

d)

Naskah

34.
Supaya luwih gampang nulis geguritan, mula kudu mangerteni dhisik . . .
a)
ciri-cirine
b)
tulisane
c)
ukarane
d)
jinise
35.
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .
a)
tema
b)
inspirasi
c)
bahasa
d)
foto
36.

Sing ora kalebu tata cara nulis geguritan supaya gampang yaiku . . .

a)

jinise

b)

ciri-ciri

c)

curahan hati

d)

amanat

37.
Geguritan yaiku . . . . ukara sing ditulis dening pengarang, duweni amanat sing apik kanggo pamaos.
a)
rerangkening
b)
urutane
c)
cerita
d)
jinise
38.
Geguritan yaiku rerangkening . . . Sing ditulis kanthi runtut
a)
ukara
b)
tetembungan
c)
curahan hati
d)
amanat
39.
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
a)
panggurit
b)
penulis
c)
pamaos
d)
dening
40.
"Warnamu ireng, bentukmu bunder, sliramu bisa muter" kalebu bait . . .
a)
ciri-ciri
b)
amanat
c)
curahan hati
d)
jinis