wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Untitled Quiz

Total questions: 25

Worksheet time: 14mins

Name
Class
Date
1.

Rahwana duweni jejuluk yaiku

a)

Dasanama

b)

Dasamuka

c)

Indrajit

d)

Leksmana

2.

Anake bebek diarani

a)

Meri

b)

Kuthuk

c)

Piyik

d)

Gudel

3.

Ing ngisor iki kang kalebu kadang kurawa, kejaba

a)

Indrajit

b)

Duryudana

c)

Kartamarma

d)

Dursasana

4.

Negara kang dadi rebutan pandawa lan kurawa ing prang Bharatayuda diarani negara

a)

Ngalengka

b)

Ngastina

c)

Dwaraka

d)

Kekaya

5.

Crita Ramayana minangka crita ngenani lakon-lakon kayata Rama, Sinta, Rahwana, lan ..............

a)

Puntadewa

b)

Dursasana

c)

Semar

d)

Anoman

6.

Ukara ing ngisor iki kang mbutuhake aksara rekan yaiku

a)

Gajah Mungkur ana ing Wonogiri

b)

Indonesia dijajah bangsa Walanda

c)

Sasi Februari aku ulang taun

d)

Zaki lan Gani lunga menyang Solo

7.

Aksara murda digunakake kanggo nulis tetembungan ing ngisor iki, kejaba

a)

Jenenge dhiri

b)

Panggonan

c)

Jenenge kewan

d)

Gelar/pangkat

8.

Bapak ........... nalika adhik ...........

a)

Rawuh, maos

b)

Dugi, maca

c)

Teka, maca

d)

Rawuh, maca

9.

Kowe wingi sore lunga menyang angkringan ngendi, Bud?

Yen didadekake ngoko alus yaiku

a)

Sampeyan wingi sonten kesah menyang angkringan pundi, Bud?

b)

Panjenengan wingi dalu tindak menyang angkringan ngendi, Bud?

c)

Kowe wingi sore tindak menyang angkringan ngendi, Bud?

d)

Panjenengan wingi sore tindak menyang angkringan ngendi, Bud?

10.

Bu Cakra ................. Selvi ............... aksara Jawa ing papan

a)

Ngengken, nyerat

b)

Ngutus, nulis

c)

Ngutus, nyerat

d)

Ngengken, nulis

11.

Ing ngisor iki kang kalebu ukara tanggap yaiku

a)

Aku nyuwun kembangmu iki Kar

b)

Kang Fadil ngopi karo Gus Baha

c)

Sapine dicencang rapet

d)

Kancaku daktukokne tahu mercon

12.

Aku durung sida nyambangi Antok.

Ukara kasebut kalebu jenise ukara

a)

Pitakon

b)

Pakon

c)

Andharan

d)

Sananta

13.

Ing ngisor iki kang kalebu jenise ukara pakon yaiku

a)

Bocah-bocah apa sida melu rene?

b)

Cah, ndang disapu kelase!

c)

Kartolo durung mulih sekolah.

d)

Dhik, lawange tutupen ya!

14.

Pilihen miturut jenis ukara Sananta

a)

Budhe benjing badhe sowan simbah

b)

Kula dereng mantuk sekolah sakniki

c)

Arif sampun mantun anggenipun maos

d)

Nina esuk mau tuku jangan lodeh

15.

Pandu wis abang kupinge amarga antri ora mari-mari.

Abang kupinge tegese

a)

Ora sabar

b)

Nesu banget

c)

Arep mulih

d)

Lemes awake

16.

Bocah sing dolanan pas udan kuwi padha karo ula marani gepuk, tegese

a)

Ora kena dikandhani

b)

Marani bebaya

c)

Ora bisa meneng

d)

Atine seneng banget

17.

Dadi bocah kudu tansaya andhap.....

a)

Geni

b)

Mengisor

c)

Asor

d)

Kalap

18.

Wingi bengi Pak Barus oleh telpon saka perusahaane, dheweke oleh kabar yen arep nrima bonus taunan.

Bebasan kang cocok karo kahanane Pak Barus yaiku

a)

Karubuhan gunung

b)

Kriwikan dadi grojogan

c)

Kebanjiran segara madu

d)

Ketiban ndaru

19.

Yogi pancen bocah pinter, mulane dheweke dadi kepercayaane bos BUMN.

Tembung entar kang cocok karo kahanane Yogi yaiku

a)

Gedhe sirahe

b)

Amba atine

c)

Bau tengene

d)

Cilik atine

20.

Saiki aku wis kelas 9.

Ukara kasebut ngandhut jenise tembung kajaba

a)

Kriya

b)

Wilangan

c)

Katrangan

d)

Aran

21.

Pak Tani macul ing sawah ledhokan.

Ukara ing ndhuwur kalebu jenise ukara miturut wasesane yaiku

a)

Tanduk

b)

Tanggap

c)

Andharan

d)

Pakon

22.

Ari ngeterne Ara menyang Stasiun.

Tembung kang kacithak miring kalebu jenise tembung

a)

Katrangan

b)

Kahanan

c)

Kriya

d)

Sesulih

23.

Ing ngisor iki kang kalebu aksara murda, kejaba

a)

Ka, Ta, Sa

b)

Ba, Na, Pa

c)

Ta, Sa, Ga

d)

Sa, Na, Da

24.

Lakon wayang ing ngisor iki kang sipate ora kena diconto yaiku

a)

Puntadewa

b)

Janaka

c)

Sengkuni

d)

Nakula

25.

Kembang tebu arane

a)

Pandul

b)

Glagah

c)

Menik

d)

Sinuwun