wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PRA ASTS Bahasa Jawa

Total questions: 35

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.
Paraga ingkang nggadhahi jejibahan mranata lampah wonten ing acara disebut...
a)
pamupu sayembara
b)
pamedhar sabda
c)
paniti laksana
d)
pamintasraya
2.
Pundi ingkang boten nedahake dasanama pranatacara?
a)
Pranata laksitaning adicara
b)
Master of Ceremony (MC)
c)
Pambiwara
d)
Pengacara
3.
Supados dados pranatacara ingkang sae kedah purun nyinau bab-bab ing ngandhap menika, kejawi ....
a)
olah wiraga, olah wicara
b)
olah busana, olah basa
c)
olah swara, olah raga
d)
olah sastra, olah basa
4.
Pranatacara menika setunggaling jejibahan kang mbetahaken keahlian mirunggan amargi kedah ngertos urutanipun acara lan bisa migunakake basa Jawa, jejibahan tegesipun ....
a)
prayogi
b)
pakaryan
c)
waskitha
d)
mumpuni
5.
Gladhi olah swara setunggaling pranatacara kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirunggan. Tegesipun kawigatosan inggih menika...
a)
gladhen
b)
perhatian
c)
keperluan
d)
kepentingan
6.
Supaya anggone mranata ora mboseni mila pranatacara kedah nyinau tembang, parikan, wangsalan, supados saged narik kawigatosan. Perangan menika dipunwastani nglatih bab ....
a)
olah sastra
b)
olah swara
c)
olah raga
d)
olah basa
7.
Pranatacara kedah nglarasaken busana kaliyan acara ingkang dipunacarani. Bab menika kalebu syaratipun pranatacara ingkang sinebut ... .
a)
olah raga
b)
olah swara
c)
olah busana
d)
olah basa & sastra
8.
Pranatacara kedah nglatih awak supaya duwe daya kekuwatan (stamina) saengga bisa ngobahake awak kanthi becik. Bab menika kalebu
a)
olah swara
b)
olah raga
c)
olah busana
d)
olah basa lan sastra
9.
Tiyang mranatacara badan kedah teteg, jejeg, mantep, asta ngapurancang. Bab menika ateges nggatekake ... .
a)
wirama
b)
wiraga
c)
wicara
d)
wirasa
10.
Kang kudu ditindakake pranatacara nalika ngayahi kewajiban yaiku ....
a)
ora perlu nyiapake rantaman acara/teks kang bakal di tindakake
b)
wiraga kang di gawe-gawe supaya katon nyengsemake
c)
nyamektakake penampilan kanthi premati lan uga nyiapake rasa percaya diri
d)
nganggo busana kang gemebyar, mblerengi para tamu, kudu anyar lan larang
11.
Andharan ing ngandhap menika ingkang kedah dipuntebihi satunggaling pranata adicara...
a)
tumindak kang kebak subasita lan prasaja
b)
jumeneng sumendhe ing papan pangandikan
c)
ngaturaken reroncen adicara kanthi nyenengake lan cetha
d)
tata basa kang digunakake nganggo basa kang baku lan bener
12.
Ukara ingkang trep katindakake pranatacara kangge miwiti acara tuladhanipun ....
a)
"Para tamu sedaya mangga kita sesarengan panjataken puji syukur dhateng Gusti.”
b)
"Ingkang sepindhah sumangga bareng-bareng ngonjukake puji syukur dhateng Gusti.”
c)
“Kangge mbikak adicara punika sumangga kita bebarengan ngaturaken puji syukur dhateng Gusti."
d)
"Ingkang sepisan sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT.”
13.
Adhedhasar andharan ing ngisor ingkang kalebet ukara kangge atur pakurmatan dhateng priyantun sepuh inggih menika...
a)
"Bapak Kepala Sekolah ingkang dhahat kinurmatan.”
b)
"Kula dalah panjenengan pinanggih wilujeng.”
c)
"Kanca-kanca ingkang kula tresnani."
d)
"Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Alloh SWT.”
14.
“Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan mbok bilih cekap semanten rumiyin atur kula menawi wonten atur ingkang kirang mranani ing penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.” Andharan kasebat kaaturaken dening pranatacara wonten perangan....
a)
atur puji syukur
b)
atur pakurmatan
c)
acara sumene
d)
acara panutup
15.
“Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan, langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Alloh ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rohmat, nikmat, hidayah, sarta inayah dhumateng kula panjenengan sedaya.” Andharan ing nginggil minangka tuladha perangan teks pranatacara perangan...
a)
pambagyaharja
b)
pangajab
c)
panuwun
d)
puji syukur
16.
“Menggah rantamaning adicara ing siyang menika, nun inggih : 1) Pambuka, 2) Pangayubagya saking Panawung Kridha, 3) Pangayubagya saking Pangarsa Pawiyatan, 4) Pariwara asil lomba Dhimas Diajeng, 5) Manca warni, 6) Panutup.” Adhedhasar susunan acara kasebut jumbuh ing adicara ....
a)
Adicara syawalan
b)
Adicara dinten Kartini
c)
Adicara malam tirakatan
d)
Adicara pepisahan siswa kelas 9
17.
Saking andharan ing ngandhap, ingkang nedahaken perangan atur pamuji syukur inggih menika ....
a)
"Sugeng siyang, salam karaharjan tuwin kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira tumrap kula saha panjenengan sedaya.”
b)
“Nuwun ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru ingkang kula hormati, Bapak Ibu wali murid, tamu undangan ingkang kinurmatan, para kanca/kadang nunggal pawiyatan ingkang sutresna."
c)
"Langkung rumiyin mangga kula dherekaken muji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan ingkang arupi kasarasan, sehengga ngantos wekdal menika panjenengan sedaya dalasan kula, saged ngrawuhi acara Perpisahan Kelas IX.”
d)
"Bapak Kepala Sekolah tuwin Bapak Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan kula ingkang kadhapuk mingangka adicara, langkung rumiyin badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadang panitia.”
18.
Saking andharan ing ngandhap, kangge atur pakurmatan nalika mranatacara ingkang trep inggih menika ...
a)
“Ingkang dhahat kinurmatan para siswa kelas pitu, wolu lan sanga, ingkang dhahat kinurmatan bapak saha ibu guru, ingkang dhahat kinurmatan bapak kepala sekolah.”
b)
"Ingkang dhahat kinurmatan bapak ibu karyawan, ingkang kinurmatan bapak kepala sekolah, ingkang satuhu kinurmatan bapak saha ibu guru SMP 45 Bantul.”
c)
"Ingkang dhahat kinurmatan bapak kepala sekolah, ingkang satuhu kinurmatan bapak saha ibu guru, ingkang kinurmatan bapak saha ibu karyawan ing SMP 45 Bantul.”
d)
"Ingkang satuhu kinurmatan bapak kepala sekolah, ingkang satuhu kinurmatan para kanca kelas pitu, wolu lan sanga, ingkang kinurmatan bapak saha ibu guru ing SMP 45 Bantul.”
19.
Tuladha andharan kangge pranatacara rikala ndherekaken acara ingkang leres inggih punika....
a)
"Menginjak adicara ingkang kaping gangsal inggih menika lain-lain.”
b)
"Samenika acara ingkang kaping gangsal inggih menika sanes-sanes.”
c)
"Ndungkap adicara ingkang kaping gangsal inggih menika manca warni.”
d)
"Dumugi susunan acara ingkang kaping gangsal inggih menika sanes-sanes.”
20.
“Saderengipun adicara kita wiwiti, mangga kita sesarengan ngaturaken . . . . wonten ngarsa Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng kita sedaya.” Kajangkepana titik-titik kanthi tembung ingkang trep!
a)
atur panyuwun
b)
puja-puji syukur
c)
panyuwunan ingkang kathah
d)
pangalembana dhateng dhiri kita
21.
"Para lenggah ingkang tansah winantu ing sagung pakurmatan, saderengipun acara kita milai, mangga sesarengan kita tansah manjataken puji syukur alhamdulillah wonten Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun caos karahmatan saha kasarasan, saengga saged pepanggihan wonten ing aula pawiyatan punika.” Pranyatan ing nginggil saged trep menawi tembung-tembung kang kacithak kandel dipungantos mawi tembung .....
a)
acarani, maringaken, nyukani
b)
awiti, masrahaken, ngluberaken
c)
wiwiti, ngaturaken, paring
d)
awali, konjukaken, ngaturaken
22.
“Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, menawi wonten atur ingkang kirang mranani ing penggalih panjenengan sami kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.” Andharan kasebat mujudaken tuladha atur pranatacara perangan...
a)
atur pamuji (puji syukur)
b)
atur pambagyaharja
c)
atur pangaksama
d)
atur pangajab
23.
“... boten langkung saking kadang panitia tansah nyuwun lumunturing samodra pangaksami, awit saking kiranging subasita anggenipun ngaturaken papan palenggahan kirang trep lan jumbuh kaliyan kalenggahan panjenengan” nyuwun lumunturing samodra pangaksami ateges....
a)
njaluk longgaring penggalih
b)
njaluk pangapura sing gedhe
c)
njaluk supaya digatekake
d)
njaluk donga pangestu.
24.
“Panjenenganipun ibu Hening Sih Miranti, M. Pd minangka pangarsa pawiyatan madya SMP 45 ingkang dhahat kinurmatan, bapak ibu pengurus Dewan sekolah ingkang dhahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang pantes tinulad sinudarsana saha kanca-kanca kelas 7, 8 lan 9 ingkang sutresna.” Andharan menika minangka tuladha teks pranatacara perangan..
a)
salam pambuka
b)
atur pakurmatan
c)
atur puji syukur
d)
urutaning acara
25.
“Para lenggah ingkang sinudarsana, langkung rumiyin mangga kita sedaya sami ningkataken puja puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT.” Andharan ing ngandhap menika ingkang kalebet tegesipun sinudarsana inggih menika ...
a)
pantes diconto
b)
bisa didadekake guru
c)
apik didadekake kanca
d)
nyenengake para sedulur
26.
“Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya acara selajengipun wonten ing upacara pambidhaling layon siang menika inggih menika atur panglipur.” Andharan kasebat mujudaken tuladha Panatacara perangan...
a)
Pambagyaharja
b)
pamuji (puji syukur)
c)
nglantarake tumapaking acara
d)
nyuwun pangapura ing panutuping acara
27.
Pranatacara ugi kedah rembagan kaliyan operatos soundsystem supados ...
a)
saged milih lagu ingkang dipunremeni
b)
saged nyetel lagu ingkang dipunpesen tamu
c)
swanten ingkang kapireng bisa sakeca kapireng
d)
swantenipun saged ngawonaken swanten sanesipun
28.
Kang bisa diaturake dening pranatacara ing perangan panutup kasebut ing ngisor iki, kejaba ....
a)
ndherekake ndedonga
b)
ngaturake pambagya harja
c)
nyuwunake pangapura kanggo sing nduwe gawe
d)
nyuwun pangapura yen anggone nindakake jejibahan ana lupute
29.
Andharan ing ngisor iki tuladha wangsalan kanggo mungkasi utawa nutup adicara ....
a)
kupat kecemplung santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten.
b)
sawise papat banjur lima, menawi lepat nyuwun pangaksama.
c)
kawat kanggo canthelan klambi, sedaya lepat nyuwun pangaksami.
d)
jenang sela wader kalen sesondheran, apauranta yen wonten lepat kawula.
30.
Tembung saroja yaiku loro tembung kang nduweni teges padha utawa meh padha. Kanthi makaten ing ngisor iki kang ora kalebu tuladhane tembung saroja yaiku ... .
a)
ngedab edapi
b)
andhap asor
c)
adi luhung
d)
akal budi
31.
Warga desa Krebet pada sayuk ..., mula saben dina minggu ing desa iku ana kagiyatan gotong .... mbangun desa. Tembung saroja kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaiku ... .
a)
rukun, mayit
b)
rusuh, mayit
c)
rusuh, royong
d)
rukun, royong
32.
Para warga padha lila legawa ngayahi karyane praja. Tembung ‘lila legawa' kang kacithak miring kasebut mengku teges
a)
eklas banget
b)
seneng banget
c)
sedhih banget
d)
mangkel banget
33.
Soroting srengenge ing wayah esuk edi peni katon ngresepake ati. Tembung edi peni nduweni teges ....
a)
awon banget
b)
elek banget
c)
apik banget
d)
ala banget
34.
Solah tingkahe bocah kuwi pancen angel dikandhani. Tegese tembung ‘solah tingkah' yaiku ....
a)
omongan
b)
pocapan
c)
tumindak
d)
pikiran
35.
Kasunyatan kang diadhepi sawuse bapak seda, gawe pingget atiku. Tembung ‘pingget atiku' mengku teges ....
a)
dadi rumangsa salah
b)
rasane getun banget
c)
bisa nampa kahanan
d)
rasane lara ing ati