NEW
Font size
WorksheetsPSAS BAHASA JAWA Kelas XII
Total questions: 40
Worksheet time: 1hrs 20mins
Ing pacelathon kasebut, Ani migunakake basa.....
Ngoko lugu lan ngoko alus
Ngoko alus lan krama lugu
Ngoko alus lan krama alus
Krama lugu lan krama alus
Ngoko lugu lan krama alus
Tembung: tumut, kula, kesah, mujudake tembung-tembunge basa....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama alus
Krama lugu
Ngoko madya
Dipuntepangaken nama kula Renita, griya kula wonten ing Jl. Nias nomer 2 Mojokerto.
Ukara kasebut migunakake undha usuk basa....
ngoko alus
ngoko lugu
krama alus
krama lugu
ngoko krama
Tataran basa Jawa sing digunakake kanggo ngajeni wong sing diajak guneman nanging ora sepira kurmat diarani basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko krama
Tataran basa Jawa sing digunakake kanggo ngajeni wong sing diajak guneman kanthi rasa kurmat banget diarani basa...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko krama
Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake....
Uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk
Uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan
Uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung
Uripe manungsa lumantar kesenian tradhisional
Uripe manungsa lumantar sutradhara
Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku....
Gancaran ‘prosa’, cerkak ‘cerpen’, lan sandhiwara ‘drama’
Gancaran ‘prosa’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
Tembang ‘nyanyian’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
Pertunjukan ‘tontonan’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
Babad ‘cerita sejarah’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang....
Jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
Pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
Pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
Basa rinengga (gaya bahasa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
Dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
Wujud pasulayan ‘konflik’ yaiku....
Psychological conflict, yaiku pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan liyane.
Social conflict, pasulayan ing sanjerone batin sawijining pawongan.
Social conflict lan psychological conflict.
Antarane perangkat desa karo institusi Dewan Perwakilan Desa.
Amarga rebutan warisan.
Ing ngisor iki kang kalebu drama tradhisional, kajaba....
Wayang Wong
Lenong
Seni drama lan tari
Sanghyang
Sinetron
Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani....
Jejer (orientasi)
Pasulayan (komplikasi)
Pangudhare prakara (resolusi)
Pungkasaning crita (kodha)
Owahing crita (
Umume, sandhiwara migunakake alur....
Maju
Flash back
Campuran
Mundur
Wolak-walik
Teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku, ananging mbutuhake ....
Kramagung
pituduh akting
pituduh pocapan
pituduh bloking
pituh gladhen
Amarga antawacana ing teks sandhiwara radhio iku mujudake teks tulis kang arep diucapake kanthi lesan, mula ....
bisaane migunakake basa baku
basane kecampuran tembung ora baku
basane trep karo unggah-ungguh basa
ukarane dawa lan jangkep
basane standar kaya basa Jogja-Solo
Maneka jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi (dikonversi/alih wahana) dadi teks sandhiwara radhio. Carane, yaiku ....
ngowahi gancaran dadi prosa
ngowahi guneman dadi dhialog
ngowahi guneman dadi antawacana
ngowahi janturan dadi antawacana
ngowahi antawacana dadi janturan
Jalaran mung disemak kanthi dirungokake, mula pamaraga/pemain sandhiwara radhio kudu temen-temen nduweni swara ...
kang bisa kaprungu endhek-dhuwur dening panyemak.
kang bisa nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani.
kang bisa kaprungu kanthi jelas dening panyemak.
kang bisa diatur intensitas, intonasi, lan artikulasine.
kang bisa kepenak dirungokake kaya swarane waranggana.
Tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa), bisa diceritakakae dening ....
Sutradara
Pamaraga
penulis naskah
narator
editor
Wayang mujudake seni pertunjukan asli Indonesia kang ngrembaka ing...
Pulo Jawa lan Bali
Pulo Jawa lan Madura
Pulo Jawa lan Lombok
Pulo Bali lan Lombok
Pulo Jawa
Wayang reriptane Sultan Hamangkurat I ing taun 1731 aran...
Wayang Kulit
Wayang Golek
Wayang Krucil
Wayang Kayu
Wayang Uwong
Seni tradhisional Wayang Golek, asale saka...
Cirebon
Bandung
Betawi
Yogyakarta
Sunda
Seni tradhisional Sintren lan Kuda Kepang, asale saka...
Cirebon
Bandung
Betawi
Yogyakarta
Sunda
Cikal bakal ludruk yaiku kesenian....
Lerok
Lorek
Remo
Besutan
Bandhan
Tari pambuka ing pagelaran ludruk yaiku....
Tari srimpi
Tari merak
Tari remo
Tari gambyong
Tari kreasi
Tokoh ludruk kang dipateni Jepang, yaiku ....
Cak Kartolo
Cak Kirun
Cak Durasim
Cak Supali
Cak Agus Kuprit
Para dhagelan ludruk biasane miwiti lawakane kanthi....
Lagu dolanan
Tembang macapat
Tembang kenangan
Tembang campursari
Ngidung jula-juli
Titikane crita ludruk yaiku ....
Critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur.
Critane nggambarake siagane para pahlawan nglawan penjajah.
Critane nggambaraken panandhanging kawula cilik.
Critane kapethik saka babad tanah Jawa.
Critane kapethik saka epos Ramayana lan Mahabharata.
Ludruk ora bisa diuwalake saka perjuangan bangsa Indonesia, awit ...
ora bisa ditlesih wektu lahire lan sapa kang nyipta.
ludruk minangka sarana propagandha nglawan penjajah.
para nayaga ludruk wong lanang kabeh kang seneng berjuang.
para pejuang seneng nonton pagelaran ludruk.
sumber critane saka sejarah perjuangan nglawan penjajah.
Kethoprak sing manggung kanthi pindhah-pindhah panggonan yaiku….
Kethoprak jangkep
Kethoprak lesung
Kethoprak pendhapa
Kethoprak gejog
Kethoprak tobong
Crita kethoprak biasane njupuk saka crita babad, tegese ....
nggambarake panandhanging kawula alit
crita kang ngandhut unsur sejarah
crita bab asal-usul panggonan
crita saka manca Negara
Crita carangan
Kang dadi ciri wancine kethoprak, yaiku ....
Para pamaraga/ pemain kudu bisa nembang
Para pamaraga/ pemain kudu bisa nari
Para pamaraga/ pemain kudu bisa bela dhiri
Para pamaraga/ pemain kudu bisa nabuh gamelan
Para pamaraga/ pemain kudu bisa dadi sutradhara
Umume cerita ing kethoprak nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka....
Dhagelan, jejer, pasulayan, perang, lan wasana
Dhagelan, jejer, perang, pasulayan, lan wasana
Jejer, pasulayan, dhagelan, perang, lan wasana
Jejer, dhagelan, pasulayan, perang, lan wasana
Jejer, perang, dhagelan, pasulayan, lan wasana
Para pemain ludruk profesional, biasane tampil tanpa naskah, ananging...
Tata laksana (pengelolaan) tontonan kaatur kanthi longgar lan spontan.
Sutradhara sing netepake casting (milih pamaraga) lan menehi andharan.
Pendhukunge ora andadekake ludruk minangka sumber pengasilan.
Pendhukunge ludruk durung kulina main, mula tampilane ora perlu naskah.
Isih perlu katuntun minangka paugeran pagelaran tontonan ludruk.
Asil utawa orane pakaryan kang dilakoni bebarengan ing sajerone kelompok tontonan, gumantung marang....
Sutradhara lan sing nanggap tontonan.
Sutradhara, pemain, lan prodhuser.
Kepriye anggone sutradhara ngatur paraga.
Kepriye promosi lan tanggapane penonton.
Kepriye manajemen tontonan ing kelompok iku.
Minangka asil cipta sastra, teks sandhiwara nduweni mupangat Kultural, yaiku....
Mupangat kang bisa dirasakake langsung dening panyemak.
Mupangat kang arupa wewarah bab seni utawa kaendahan kang bisa ditiru dening panyemak.
Mupangat kang arupa wewarah bab pranatan lan kabudayan ing bebrayan.
Mupangat kang arupa wewarah bab tata krama, budi pakerti, lan agama.
Mupangat kang arupa piwulang bab ketrampilan praktis kang bisa ditrepake ing bebrayan.
Aturan etis iku gegayutan klawan...
Tata kesopanan
Nilai keindahan
Tata panglolane
Nilai keagamaan
Tata busanane
Fungsi seni tradhisional yaiku...
Ritual, pendhidhikan, kritik sosial
Panglipur, ritual, pendhidhikan
Pendhidhikan, ritual, kabudayan
Ritual, panglipur, pendhidhikan
Pendhidhikan, upacara, ritual
Nalika seni tradhisional duweni fungsi ritual, mula seni kasebut awewaton...
Aturan-aturan umum
Aturan-aturan mligi
Aturan-aturan budaya
Aturan-aturan tradhisi
Aturan-aturan hukum
Nalika seni tradhisional duweni fungsi pendhidhikan, mula seni kasebut...
Nransformasekake nilai-nilai sosial kang ana
Nransformasekake nilai-nilai lumrah kang ana
Nransformasekake nilai-nilai mligi kang ana
Nransformasekake nilai-nilai budaya kang ana
Nransformasekake nilai-nilai sekolah kang ana
Jroning pagelaran wayang kulit adegan perange satriya karo bala raseksa (buta) kang nggambarake lelakone satriya kang dikanthi dening para abdine ketemu karo buta banjur perang diarani adegan....
perang kembang
perang gagal
perang brubuh
perang sampyuh
perang baratayudha
Jroning pagelaran wayang kulit sing diarani adegan kedhaton iku mujudake...
adegan kapisan kanggo miwiti lakune crita wayang
adegan ing papan pasemeden (sanggar pamujan)
adegan pasebane patih karo para andhahane
adegan perange para prajurit saka paraga becik
adegan metune para punakawan lan satriya
