wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal Pranatacara XI

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Bapak saiki duwe pimpinan anyar. Dene pimpinane iku biyen kancane sakelas nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake Bapak marang pimpinane yaiku ....

a)

krama madya

b)

krama inggil

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

krama andhap

2.

Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wanita mliginipun remaja putri kedah cangcut taliwanda tumut menggalihaken drajat ing wanita, sampun ngantos dipun anggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged aruming bangsa. Gempilan sesorah ing nging dhuwur bisa kalebu ing perangan ....

a)

atur pakurmatan

b)

panutup

c)

isi

d)

salam pambuka

e)

pambuka

3.

Dene wose medhar sabda kang surasane njumbuhake karo kahanan yaiku ....

a)

Sapa kang medhar sabda

b)

Sepira bayarane

c)

Apa kang kawedhar

d)

Kepriye swasanane

e)

Kepriye tujuwane medhar sabda

4.

Kekendelan neng kene tegese ....

a)

wani dadi pamedhar sabda lan pranatacara nalika piyambakan

b)

mboten ndredeg yen micara ing njero kamar

c)

asring gladhen supaya mboten demam panggung

d)

tansah kendel nalika dadi pamedhar sabda lan pranatacara, tatag, teteg, titis, tetes, wani micara ing sangarepe wong akeh

e)

micara kanthi, seru, gamblang, banter

5.

Dene perangan teks pamedhar sabda kang isine ngaturake raos sokur yaiku ....

a)

salam pambuka

b)

atur pakurmatan

c)

isi

d)

pambuka

e)

panutup

6.

Medharake utawa njlentrehake sarasa basa utawa amanat marang wong liya diarani ....

a)

kampanye

b)

pamedhar sabda

c)

atur-atur

d)

wara-wara

e)

sayembara

7.

Gatekna pratelan ing ngisor iki! Nuwun, Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMAN 1 Magetan ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru sarta Tenaga Kependidikan SMAN 1 Magetan ingkang kula urmati. Sarta siswa-siswi SMAN 1 Magetan ingkang kula tresnani. Sumangga kula dherekaken atur konjuk puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, amarga awit saking rahmat sarta hidayahipun, kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal wonten ing papan menika kanthi kawontenan sehat walafiat. Pratelan ing ndhuwur perangan sesorah diarani ....

a)

pambuka

b)

isi

c)

panutup

d)

salam pambuka

8.

Gatekna pratelan ing ngisor iki!

(1)    Manteb

(2)    Teteg madhep marang pamriksa

(3)    Tangan ngapurancang

(4)    Tumungkul

(5)    Kemrungsung

Ora klebu solah bawane nalika maca sesorah yaiku ....

a)

a. (1) lan (2)

b)

b. (1) lan (3)

c)

c. (2) lan (4)

d)

d. (3) lan (4)

e)

e. (4) lan (5)

9.

Eyang mundhut pirsa, “Apa bapakmu wis mangkat?” “Inggih, Yang. Bapak sampun ...” Tembung kang mathuk kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ....

a)

lunga

b)

mangkat

c)

budhal

d)

kesah

e)

tindak

10.

Gatekna pratelan ing ngisor iki!

(1) Kudu mantep lan teteg madhep marang pamriksa

(2) Sesorah sing ora nyana-nyana sadurunge

(3) Ngasta naskah nalika ning sesorah banjur diwaca sawutuhe

(4) Kudu pawongan trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe

(5) Sugih pengalaman uga kawruhe.

Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah Pawongan sing dadi pamedhar sabda kanthi cara impromtu utawa dadakan yaiku ....

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (3)

c)

(2) lan (4)

d)

(1) lan (4)

11.

Bapak-bapak dalah ibu-ibu, amarga kahanan pandemi covid-19 taksih wonten ing pundi-pundi. Pramila sumangga panjenengan sedaya sami njagi kasarsakan kanthi nggatosaken protokol kesehatan ingkang sampun dipunandharaken andharakan dening Pemerintah, inggih nganggé masker, wisuh, njagi jarak, dipunkirangi mobilitasipun, lan nebihi napa mawon kang rame, supados kula lan panjenengan tansah kajaga saking virus menika. Pretelan teks kasebut nduweni ancas ....

a)

nggawe panglipur

b)

pitutur

c)

pangeling-eling

d)

nggawe kawruh

e)

nggawe panjurung

12.

Para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi migunakaké cara sesorah ....

a)

impromtu/dadakan

b)

naskah

c)

ekstemporan

d)

memoriter

e)

apalan

13.

Beni besuk arep pidato ing acara perpisahan kelas. Sing rawuh yaiku Kepala Sekolah, Bapak Ibu Guru, lan kanca-kanca kelas kalih welas. Anggone Beni miwiti pidato yaiku ....

a)

Sugeng enjing, Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kula urmati, kanca-kanca ingkang kula tresnani.

b)

Sugeng enjing, Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu RT ingkang kula urmati, kanca-kanca remaja desa ingkang kula tresnani.

c)

Sugeng enjing, Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru ingkang kula urmati saha Bapak Ibu Wali Murid ingkang kula tresnani.

d)

Sugeng enjing, Kepala Sekolah ingkang tansah kula urmati, Bapak Ibu Guru ingkang kinabekten, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

e)

Sugeng enjing, Kanca-kanca kelas XII ingkang kula urmati saha Bapak Ibu Guru ingkang kula tresnani.

14.

Perangan panutup sesorah lan pranatacara biyasane isine ....

a)

jaluk pangapura menawa ana kleruning atur utawa pangucap

b)

ngajak supaya tansah ngucap sokur

c)

ngaturake panuwun amarga para tamu kersa rawuh

d)

nyritakake utawa ngandharake adicara

e)

atur pamuji

15.

Jroning madeg dadi pranatacara becike basa sing digunakake yaiku basa ....

a)

ngoko

b)

krama

c)

krama inggil

d)

madya

16.

Ing ngisor iki kang minangka dadi strukture teks pranatacara yaiku ....

a)

A. tema, pambuka, isi, panutup

b)

B. pakurmatan, pambuka, panutup

c)

C. pambuka, rantaman baku, panutup

d)

D. pambuka, isi/karep, lan panutup

17.

Mekaten kalawau ingkang saged kula ..., bilih wonten kalepatan kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami. Tembung ingkang paling trep kanggo njangkepi ukara kasebut inggih menika ...

a)

aturaken

b)

dhawuhake

c)

ngendikakaken

d)

caosaken

e)

paringaken

18.

Nyuwun pangapunten kula mboten saged ... menapa-menapa dhateng panjenengan, wontenipun namung toya pethak kemawon. Mangga ...! Tembung ingkang paling trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ukara kasebut inggih menika ...

a)

maringi, dipuninum

b)

nyaosi, dipuninum

c)

nyaosi, dipununjuk

d)

ngaturaken, dipununjuk

e)

maringaken, dipununjuk

19.

19. Ing ngisor iki mujuhake tujuwane wong medhar sabda, kajaba ....

a)

ngandharake pikiran

b)

nyritakake kedadian

c)

ngajak rembugan

d)

nglairake rasa lara

20.

Kasil orane adicara iku gumantung marang ....

a)

pamedhar sabda/orator

b)

naskah

c)

sing nduwe adicara

d)

panggonane

e)

pranatacara

21.

Wong sing dadi pranatacara iku kudu mangerteni ....

a)

apa adicarane

b)

pira bayarane

c)

sapa gandhengane

d)

menyang endi parane

e)

geneya ana adicara mau

22.

Sing dudu modhel pranatacara lan sesorah kaya ngisor iki, yaiku ....

a)

maca naskah

b)

ngapalna naskah

c)

nggawe rangka

d)

dadakan

e)

dikte

23.

Wong sing dadi pranatacara lan maca sesorah iku kudune ngadeg ....

a)

jejeg lan sedhakep

b)

jejeg lan ngapurancang

c)

ndhingkluk wae

d)

ndhangak wae

e)

ndhoyong

24.

Wong sing dadi pranatacara iku swarane kudu ....

a)

banten ambrebegi

b)

lantang lan banter

c)

lirih banget

d)

banter lan cetha

e)

lirih lan cetha

25.

“Dene wigatosing ancas ingkang kinandhut, mugi-mugi kanthi pahargyan punika saged ndadosaken pecuting lampah ing dinten-dinten salajengipun, ngandelaken tekad mbrastha penjajah saha para durjananing negari, njejegaken kamardikan sarta nyengkuyung majuning pembangunan jiwa raga.” Ukara iki yen ing sesorah kalebu perangan ....

a)

pambuka

b)

wusana basa

c)

pangarep-arep

d)

dudutan

e)

panutup