wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Sastra Jawa

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Karya sastra Jawa awujud puisi kang ora kaiket dening paugeran tartamtu kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani...

a)

Tembang macapat

b)

Parikan

c)

Geguritan

d)

Tembang dolanan

e)

Kidung

2.

Geguritan gagrag lawas (kuna) biyasane diwiwiti kanthi tembung...

a)

"Dening"

b)

"Sun Nggegurit"

c)

"Ana kidung"

d)

"Heh, para mudha"

e)

"Ing sawijining dina"

3.

Perangan kang paling penting lan dadi dhasaring pangripta nalika ngrakit geguritan yaiku...

a)

Diksi (pilihing tembung)

b)

Purwakanthi

c)

Wirama

d)

Tema

e)

Amanat

4.

Cacahe larik (baris) ing saben pada (bait) ing geguritan gagrag anyar iku...

a)

Kudu ana papat

b)

Kudu ana wolu

c)

Ora ditemtokake (bebas)

d)

Kudu padha cacahe saben pada

e)

Mung oleh rong larik

5.

KUDU OBAH (Dening: J.F.X. Hoery)

Yen mung meneng...

Mesthi bakal ketinggalan

Jaman saya maju

Teknologi saya canggih

Yen ora gelem sinau Bakal cilaka uripmu

Apa pitutur luhur utawa amanat kang kinandhut ing pethikan geguritan ing ndhuwur?

a)

Awake dhewe kudu pasrah marang kahanan.

b)

Teknologi canggih iku mbebayani.

c)

Jaman saiki wis maju, mula ora prelu sinau.

d)

Kita kudu sregep sinau supaya bisa ngimbangi majuning jaman.

e)

Wong urip iku mesthi bakal nemoni cilaka.

6.

Tembung "ketinggalan" ing geguritan kasebut nduweni teges...

a)

Kelalen

b)

Keri

c)

Kesel

d)

Kuciwa

e)

Kangelan

7.

Bab-bab ing ngisor iki sing ora kalebu unsur instrinsik geguritan yaiku...

a)

Tema

b)

Latar sosial pangripta

c)

Pilihing tembung (diksi)

d)

Gaya bahasa (lelewaning basa)

e)

Amanat

8.

Runtuting swara, tetembungan, utawa ukara ing sajroning geguritan kang bisa nuwuhake irama diarani...

a)

Tipografi

b)

Imaji

c)

Purwakanthi

d)

Diksi

e)

Wiraga

9.

Salah sijine sing mbedakake antarane geguritan gagrag lawas lan gagrag anyar yaiku...

a)

Geguritan gagrag anyar mesthi nggunakake basa Kawi.

b)

Geguritan gagrag lawas ora duwe amanat.

c)

Geguritan gagrag lawas kaiket paugeran kang gumathok.

d)

Geguritan gagrag anyar ora oleh nggunakake purwakanthi.

e)

Geguritan gagrag lawas isine mung babagan kritik sosial.

10.

Nalika maca geguritan, pangucaping swara lan tetembungan kudu cetha lan gamblang. Babagan iki diarani...

a)

Wirama

b)

Wiraga

c)

Wirasa

d)

Wicara

e)

Wibawa