WorksheetsUNGGAH - UNGGUH BASA 10
Total questions: 62
Worksheet time: 3hrs 15mins
Unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi loro yaiku. . .
Basa ngoko lugu lan ngoko alus
Basa ngoko lan krama
Basa krama lan krama alus
Basa ngoko lugu lan krama alus
Unggah-ungguh basa Jawa kang awujud basa ngoko, nanging tumrap wong sing diajak guneman lan digunem nggunakake tembung krama inggil yaiku basa. . .
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Ing ngisor iki ukara kang migunakake basa ngoko lugu yaiku. . .
Bapak tindak dhateng Semarang kalawau enjing.
Bapak tindak menyang Semarang mau esuk.
Bapak kesah dhateng Semarang kalawau enjing.
Bapak lunga menyang Semarang mau esuk.
Sampeyan punika yoganipun sinten?
Ukara kasebut ngetrapake panganggone basa. . .
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Anggen kula ngrantos panjenengan kalawau sampun dangu sanget.
Yen diowahi ing basa ngoko lugu yaiku. . .
Anggonku nunggu sampeyan mau wis suwe banget.
Anggen kula nengga sampeyan wau sampun dangu sanget.
Anggonku nunggu kowe mau wis suwe banget.
Anggen kula nengga panjenengan wau sampun dangu sanget.
Bapak mulih saka swah jam sepuluh esuk.
Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .
Bapak kondur saka sawah jam sepuluh esuk.
Bapak kondur saking sabin jam sedasa enjing.
Bapak wangsul saking sabin jam sedasa enjing.
Bapak wangsul saka sawah jam sepuluh esuk.
Omahmu wis disapu apa durung?
Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku. . .
Dalemipun panjenengan sampun dipunsapu punapa dereng?
Griyanipun sampeyan sampun dipunsapu punapa dereng?
Dalemipun panjenengan wus disapu apa durung?
Griyanipun panjenengan wis disapu apa durung?
Kowe digawakake obat saka godhong suruh.
Basa krama aluse yaiku. . . .
Panjenengan diastakake obat saka godhong suruh.
Sampeyan dipunbektakaken jampi saking ron suruh.
Panjenengan dipunastakaken jampi saking ron suruh.
Sampeyan dipunastakaken jampi saking ron suruh.
Ayam punika sampeyan tumbas kemawon regi seket ewu.
Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .
Ayam punika panjenengan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.
Pitik iki tukunen wae rega seket ewu.
Ayam punika sampeyan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.
Pitik iki panjenengan pundhut wae rega seket ewu.
Mangana dhisik wae!
Yen diowahi basa krama lugu yaiku. . .
Panjenengan dhahar rumiyin mawon.
Sampeyan nedha rumiyin mawon.
Panjenengan dhahar dhisik wae!
Sampeyan nedha dhisik wae!
Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 11 yaiku . . .
Lunga
Kesah
Tindak
Minggat
Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 12 yaiku . . .
Mangan
Nedha
Dhahar
Maem
Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 13 yaiku . . .
Mangan
Nedha
Dhahar
Maem
Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 14 yaiku . . .
Tuku
Tumbas
Mundhut
Numbas
Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 15 yaiku . . .
Warunge
Sabine
Wandene
Pekene
Pilihen endi wae ukara kang nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki!
Bapak mau tindak menyang Solo nitih sepur.
Mbak Sari tumbas bakso wonten peken Bungkal.
Pakdhe mundhut jeruk, pelem lan manggis.
Mas Pras dhahar sega pecel ing warung Cak Man.
Ukara kang nganggo basa ngoko lugu ing ngisor iki yaiku. . .
Adhik tuku layangan telu werna abang.
Mbak Sari Ngunjuk jamu beras kencur.
Kowe mau apa wis mangan?
Bapak ngendikan menawi mengke kondur dalu.
Ukara ing ngisor iki kang nganggo basa krama lugu yaiku. . .
Dhik, kowe mau digoleki mbak Sari.
Mas, sampeyan punapa ingkang bekta jeram punika?
Nuwun sewu, sampeyan punika yoganipun sinten?
Sampeyan napa sampun ningali pameran wonten Sasana Praja?
Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa Krama Alus yaiku. . .
Panjenengan midhangetaken musik punapa, Pak?
Simbah kalawau dhahar bakwan goreng.
Astanipun Mas Wahyu catu kenekan pangot.
Menda punika kagunganipun sinten?
Ing ngisor iki titikane basa krama alus yaiku. . .
Tembung kowe diganti panjenengan
Digunakake kanggo wong sing umure luwih tuwa lan duweni drajat pangkat luwih dhuwur saka awake dhewe
Migunakake tembung ngoko.
Tembung panambah di- lan -ake diganti dipun- lan -aken.
Sampeyan punika yoganipun sinten?
Ukara kasebut ngetrapake panganggone basa. . .
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Bu Dewi, punapa pareng kula ____ pamit sapunika?
nyuwun
njaluk
mulih
Bu Dewi, punapa pareng kula ____ pamit sapunika?
nyuwun
njaluk
mulih
_____ ingkang mundhut buku punika?
sapa
sinten
pinten
Bapak ____ saking Surabaya.
teka
kondur
nyuwun
____ regine kulkas punika?
nyuwun
sinten
pinten
_____ Pak Siwa wonten griya?
punapa
matur
sinten
Menawa mertamu ing omahe liyan matur ____
Nyuwun pangapunten
Kula nuwun
Ndherek langkung
Nalika wayah esuk, Dewi ketemu bu guru.
Dewi matur “ _______ Bu Lusi.”
Sugeng enjang
Kula nuwun
Nyuwun tulung
Bima lan Asri arep sekolah. Bima lan Asri matur _____ marang bapak lan ibu.
Nyuwun pamit
Nyuwun kondur
Ndherek langkung
Menawa diparingi barang saka wong liya matur ____ .
nyuwun pamit
matur nuwun
nyuwun sewu
Menawa kowe mecahke pot kembange ibu matur ____ .
Matur Nuwun
Sugeng sonten
Nyuwun pangapunten
Ing ngisor iki kang kelebu krama inggile “mangan” yaiku...
maem
nedha
dhahar
madhang
Ing ngisor iki kang kalebu krama inggile “ngombe” yaiku...
minum
nginum
ngunjuk
mimik
Ing ngisor iki kang kalebu kramane “adus” yaiku...
adus
siram
iyam
mandi
Ing ngisor iki ukara kang ngandhut krama alus kang trep yaiku...
Kula maca buku
Aku maca buku
Kula maos buku
Aku maos buku
Yen diparingi samubarang karo sing luwih sepuh, kudune matur kepriye?...
suwun
nuwun
matur suwun
matur nuwun
Yen ngliwati wong sing luwih sepuh, kudune matur kepriye?...
nuwun sewu
nyuwun sewu
Basa krama inggile “klambi” yaiku...
klambi
rasukan
ageman
sandhangan
Basa krama inggile “delok” yaiku...
nonton
mirsani
ningali
delok
“Ibu tindak Solo kaliyan bapak nitih sepur.” Ukara kasebut bener apa salah? ...
BENER
SALAH
“Bapak nedha sekul pecel.” Ukara kasebut bener apa salah? ...
BENER
SALAH
Kula sampun sinau unggah-ungguh basa.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Saben bubar maghrib aku ngaji ing mushollah.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kula dipunutus ibu siyam Senin-Kemis.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Adhiku seneng banget nggambar kaligrafi.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Aku dipundhutake Tafsir Al-Qur’an.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Adhik tasih nedha roti bakar.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ibu bapak badhe tindak haji malih.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Aja lali tansah ndedonga ing ngendi wae.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kangmasku sregep sholat Tahajud.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bu guru ngandhani siswa supaya sregep sinau.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ibu lan bapak wis mundhutake laptop adhikku.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Yen panjenengan wis sayah, ya, enggal sare wae.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Mangga, sami dipundhahar dhaharanipun!
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bapak nukokake sepatu aku lan adhiku.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Budhe tasih dereng kondur saking eyang.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kesahipun Mas Bima wiwit enjing kalawau.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Amarga gerah, simbah ora kersa tindak-tindak.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kula niki nembe dugi lan dereng nedha sekul.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Panjenenganipun tasih mboten pareng tindak-tindak amargi tasih gerah.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Pak Tegar mundhut obat resep dhokter, ngandikanipun kala wingi Ibunipun gerah.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
