wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Untitled Quiz

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 47mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki kalebu tembang macapat, kejaba

a)

Pangkur

b)

Pocung

c)

Dhandhang gula

d)

Gundhul - gundhul pacul

2.

Setitekna tembang ing ngisor iki !

Mingkar mingkuringangkara,

Akarana karenan mardi siwi,

Sinawung resmining kidung,

Sinuba sinukarta,

Mrih kertarta pakartining ngilmu luhung,

Kang tumrap wong tanah Jawa,

Agama ageme aji.


Tembang apa iki ?

a)

Kinanthi

b)

Pocung

c)

Pangkur

d)

dolanan

3.

Ana pira cacahing gatra tembang pangkur?

a)

songo

b)

pitu

c)

wolu

d)

enem

4.

Mingkar mingkuring angkara,

Akarana karenan mardi siwi,

Sinawung resmining kidung,

Sinuba sinukarta,

Mrih kertarta pakartining ngilmu luhung,

Kang tumrap wong tanah Jawa,

Agama ageme aji.


Gatra ka-telu ana pirang wanda ?

a)

telu

b)

pitu

c)

songo

d)

wolu

5.

Akarana karenan mardi siwi,


Tembung siwi tegese ... .

a)

murid

b)

anak/putra

c)

bocah wadon

d)

bocah

6.

Gatra tembang sing unine:

Agama ageming aji


Pira lan kapriye guru wilangan lan guru lagune ?

a)

8i

b)

3i

c)

8a

d)

8ji

7.

Setitekna tembang iki !

Bapak pucung,

saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutukira pan persagi,

Saben dina pucung nguntal buntutira.


Tembang apa iki ?

a)

Pocung

b)

Dhandhanggula

c)

Megatruh

d)

Pangkur

8.

Setitekna tembang iki !

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutukira pan persagi,

Saben dina pucung nguntal buntutira.


Guru wilangan lan guru lagune gatra ka-pisan tembang ing nduwur yaiku ... .

a)

6u

b)

12u

c)

12a

d)

6a

9.

Setitekna tembang iki !

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutukira pan persagi,

Saben dina pucung nguntal buntutira.


Tembang ing ing nduwur satemene arupa ... .

a)

lelucon

b)

Cangkriman

c)

pitutur

d)

pasemon

10.

Tembang macapat cacahe ana ... .

a)

10

b)

9

c)

8

d)

11

11.

Cacahing baris saben sapada diarani ... .

a)

pupuh

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru lagu

12.

Tembang macapat kang nggambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadone yaiku tembang ... .

a)

maskumambang

b)

sinom

c)

mijil

d)

kinanthi

13.

Cacahing wanda saben sagatra diarani ... .

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

pupuh

d)

guru wilangan

14.

Tembang kang nduweni watak sembrana parikena yaiku ...

a)

pocung

b)

pangkur

c)

megatruh

d)

sinom

15.

Bapak Pocung, amung sirah lawan gembung,

Padha kinunjara,

Mati sajroning ngaurip,

Mijil baka, Si Pocung dadi dhahana


Batangane (bedhekane) tembang macapat ing nduwur yaiku ... .

a)

sepur

b)

penthol korek

c)

gajah

d)

sentolop/senter

16.

Teks pawarta lan pengalaman pribadi, kalebu teks ... .

a)

narasi faktual

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

persuasi

17.

Telung unsur yaiku kedadeyan, paraga, lan konflik sajroning karangan narasi diarani ... .

a)

tokoh

b)

skenario

c)

paraga

d)

alur

18.

Teks sing isi lan andharan ngajak-ajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca kalebu teks ... .

a)

eksposisi

b)

deskripsi

c)

narasi

d)

persuasi

19.

Karangan sing isine nggambarake sawijining kahanan, saenggo wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan... .

a)

persuasi

b)

slogan

c)

deskripsi

d)

narasi

20.

Gambar ing nduwur kalebu ... .

a)

Iklan

b)

slogan

c)

pawarta

d)

pariwara

21.

Gambar ing nduwur kalebu jenise teks informasi arupa ... .

a)

pawarta

b)

sesanti

c)

pariwara

d)

slogan

22.

Teks informasi sing isine mamerake lan ngajak supaya nuku utawa nggunakake diarani ... .

a)

sesanti

b)

slogan

c)

pawarta

d)

pariwara

23.

Ing ngisor iki titikane teks narasi, kajaba ... .

a)

Critane disampekake kanthi urut

b)

adhedhasar urutan prastawa

c)

Crita arupa kasunyatan utawa khayalan

d)

Nduweni alur Grafik, data, lan itung-itungan kanggo pandukung

24.

Tim kaji cepat Universitas Gadjah Mada (UGM) Yogyakarta bebarengan karo Badan Nasional Penaggulangan Banjir (BNPB) lan Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi (PVMBG), nganakake penelitian langsung ing Ponorogo kanggo mangerteni apa sing dadi sebab bencana tanah longsor tanggal 1 April 2017 kepungkur.


Paragraf ing nduwur kalebu teks ... .

a)

pariwara

b)

pawarta

c)

deskripsi

d)

sesanti

25.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged (tercemar). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

Paragraf ing nduwur kalebu teks ... .

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

pawarta

26.

Karangan kang nduweni ciri ngandarake fakta lan isine bab sing lagi anget dadi bahan omongane masyarakat, diarani teks ... .

a)

pawarta

b)

sesanti

c)

persuasi

d)

deskripsi

27.

Karangan sing nggambarake kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan ...

a)

argumentasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

.narasi

28.

Kutha Malang wis kondhang dadi Kutha Pendidikan. Akehe gedhung sekolah sing didegake, wiwit saka Sekolah Dasar nganti Perguruan Tinggi. Mula akeh wong tuwa saka njaba sing kepingin nyekolahake putrane ana ing Kutha Malang.

Ukara utama ing sajroning paragraf ing ndhuwur yaiku ... . .

a)

Kutha Malang wis kondhang dadi Kutha Pendidikan.

b)

Akehe gedhung sekolah sing didegake

c)

Wiwit saka Sekolah dasar nganti Perguruan Tinggi.

d)

Kepingin sekolah ing Khutha Malang.

29.

Kutha Malang wis kondhang dadi Kutha Pendidikan. Tembung kondhang tegese ...

a)

misuwur

b)

dadi

c)

sarana

d)

kepingin

30.

Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise pariwara/iklan yaiku…

a)

Ngundhuh wohing pakarti.

b)

Gunakna banyu sacukupe!

c)

Lemah longsor mendhem ewonan omah.

d)

Ayo njaga lestarine alam.

31.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

32.

Tulisan kang digunakake kanggo menehi informasi petunjuk penggunaan, urut-urutan carane nggunakae piranti, utawa urut-urutan carane gawe samubarang diarani ....

a)

Teks deskripsi

b)

Teks Prosedhur

c)

Teks eksplanasi

d)

Teks argumentasi

33.

Tatanan kanggo nggawe teks prosedhur sing becik kudu ngemot paramasastra utawa ....

a)

kaidah kebahasaan

b)

Basane elok

c)

Tuntunane maca

d)

Urutane nulis

34.

Titikane teks prosedhur ana ....

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

35.

Tuladhane tembung kriya tanduk ing ngisor iki sing bener ....

a)

Nggawe

b)

Jupukna

c)

Aja mrene

d)

Mangana

36.

Tembung Panggandheng (konjungsi), sing digunakake kanggo ngurutake bagian utawa pandhuan pakaryan sacara kronologis. Contone tembung ....

a)

Terusna

b)

Banjur

c)

Lagek

d)

Kudune

37.

Teks prosedhur sing amung dumadi saka loro utawa telung cak-cakan wae diarani ....

a)

Teks prosedhur Prasaja

b)

Teks Prosedhur Kompleks

c)

Teks Prosedhur Protokol

d)

Teks Prosedhur kronologis

38.

Teks prosedhur kang urutan cak-cakane bisa diwolak-walik waton tujuwane tetep bisa kagayuh iku diarani ....

a)

Teks Prosedhur Prasaja

b)

Teks Prosedhur Kompleks

c)

Teks Prosedhur Protokol

d)

Teks Prosedhur Njlimet

39.

Langkah-langkah gawe teks prosedhur seng sepisan yaiku ....

a)

gawe tujuan

b)

gawe irah-irahan

c)

gawe piranti lan ubarampe

d)

gawe dudutan

40.

Sing ora klebu titikane teks prosedhur yaiku ....

a)

nggunakake tembung kriya tanduk

b)

nggunakake konjungsi (tembung panyambung)

c)

Ana angger-angger babagan ubarampe utawa pakaryan

d)

Tulisane sakpenake wae

41.

Nggunakake tembung katrangan kanggo nerangake papan, wektu lan ....

a)

katrangan

b)

cara

c)

tujuan

d)

saran

42.

Apa tegese tembung bebasan "mikul dhuwur mendem jero" ?

a)

Bisa njunjung drajate wong tuwa

b)

Dituturi bola-bali meksa ora digugu

c)

wong kang ala rupane uga atine

43.

Apa tegese unen-unen " Golek banyu bening " ?

a)

Meguru golek kawruh sing becik

b)

ungak-ungak pager arang

c)

ancik-ancik pucuke eri

44.

Nabok nyilih tangan jenise unen-unen ?

a)

Bebasan

b)

saloka

c)

paribasan

45.

Teks Informasi Yaiku?

a)

Sawijining pesen ucapan tembung saka wang liya liwat sesambungan langsung utawa ora langsung kang dwuweni makna lan manfaat. diwara-waraake soko wong siji marang wong liyane

b)

pesen ucapanine ing tembung liya

c)

supaya bisa critakake kedadean

d)

sawijing crita wong siji marang wong liyane

46.

Kang disebut umbul yaiku ....

a)

sumber banyu bening

b)

sumber banyu panas

c)

sumber banyu asin

d)

sumber banyu kali

47.

Wong kudu ngerti tata krama supaya diarani ....

a)

mingsra

b)

ngraita

c)

tata

d)

trima

48.

6.Wacanen teks ing ngisor iki!

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

fabel

49.

10.Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa prodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur .


Kang ngasilake oksigen yaiku ....

a)

kewan ingon-ingon

b)

banyu kang resik

c)

manungsa

d)

tanduran sing subur

50.

2.Wacanen teks ing ngisor iki!

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur grembug bab ....

a)

banyu sumber penguripan

b)

banyu kali kang resik

c)

limbah omahan

d)

banyu resik ing ngendhi-endhi