WorksheetsGladhen Panatacara XI
Total questions: 50
Worksheet time: 29mins
Tiyang ingkang gadhah jejibahan nglantaraken titilaksana kasebut...
Sabdatama
Pambagyaharja
Panatacara
Pambuka
Panutup
Kuwajiban ingkang baken lan kedah dipuntindakaken dening panatacara inggih punika...
Nyamektakaken piranti ingkang kaginakaken ing adicara
Ngaturi pirsa dhumateng tiyang ingkang badhe medhar
Caos panglipur dhumateng tamu
Damel rantaman balunganing adicara
Nglantaraken lampahing adicara
Nalika dados panatacara pocapan/ lafal kedah cetha, wiramanipun sae. Punika atges nggatosaken...
Olah swara
Olah busana
Olah karsa
Olah raga
Olah basa
Patrap panatacara kedah jejeg, boten kendho utawi dhoyong. Punika ateges panatacara nggatosaken...
Magatra
Mawastha
Malagawa
Malaksana
Mawwat
Malagawa tegesipun...
Nggladi dhateng bleger
Nggladi anggenipun tindak tinata runtut, luwes
Ngadeg jejeg mboten dhoyong
Mboten grogi, mboten gumeter, anten lan anteng
Mboten ngleler lan mboten kesesa, trampil lan trengginas
"Sumangga tansah ngunjokaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT." Dasanamanipun puji inggih punika...
Dedonga
Panyuwun
Asta
Raos
Atur
Patrap utawi sikep ingkang kedah dipungladhi dening panatacara kadosta tanggap, trapsila, mantep, pantes, lan wibawa. Tanggap punika tegesipun...
Saged maos kawontenan
Gadhah subasita ingkang sae
Mantep ing manah lan boten kuwatos
Boten ajrih satemah anggenipun ngayahi kanthi kapitadosanipun pribadi
Saged mapanaken dhiri kaliyan kawontenan
Ngayahi jejibahan mranata adicara kedah mranani penggalih, bab ingkang kirang mranani ing penggalih, inggih punika....
Jumeneng kanthi jejeg
Jumeneng kanthi nglebetaken asta wonten ing sak
Swantenipun kedah wijang
Paningalipun mboten asring ningali nginggil
Mboten kepareng mbesengut
Amrih lampahing adicara kasil lan sae prayoginipun panatacara kedah kados ingkang kasebutaken ing andhap punika, kajawi....
Mangertos kanthi peprincenipun saben acara
Saged nyebut utawi mratelakaken punapa kemawon kanthi leres lan jangkep. (Umpaminipun nama, gelar, dedunung/ alamat lsp)
Tumanggap saha nuhoni keparenganipun (karepe) ingkang hamengku karsa (ingkang kagungan damel)
Saged damel suasana regeng kanthi gegojegan kepara nglantur boten dados punapa
Saged damel keprananing para tamu
Ingkang kalebet peranganipun teks inggih punika...
Wekdal
Tema saha ancaing acara
Salam pambuka
Papan panggenan
Tata basa
Bangsa Indonesia nampi kanugrahaning Gusti Allah awujud kamardikan ingkang dumados rikala tahun 1945. Pamaosing angka tahun ingkang leres inggih punika...
Sewu sangangatus sekawandasa gangsal
Setunggal ewu sangangatus sekawan dasa gangsal
Setunggal ewu sangangatus sekawan dasa lima
Sewu sangangatus sekawandasa lima
Setunggal ewu sangangatus patangpuluh gangsal
Kanthi Rahmating Gusti ingkang Maha Agung, ing wekdal punika kula panjenengan sadaya taksih pinaringan karaharjan saha kawilujengan. Satemah kula lan panjenengan saged pepanggihan wonten ing ngriki. Perangan wacana panatacara ing nginggil punika minangka...
Pakurmatan
Puji syukur
Panutup
Wosing gati
Isi
Panutuping atur saking kula, kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun pangapunten. Atur panutup ing inggil ngginakaken...
Cangkriman
Sanepa
Parikan
Wangsalan
Paribasan
Panjenenganipun Bapak Dhukuh ingkang tansah...., para sepuh saha pinisepuh ingkang dhahat kinakbeten. Kangge jangkepi ukara ing inggil ingkang trep inggih punika....
Kula ugemi
Kula tresnani
Kawilujengan
Kinurmatan
Paring kanikmatan
Hambok bilih anggen kula ndherekaken lampahing adicara kathah kekirangan lan kalepatanipun kula tansah mawantu-wantu lumunturing sih samudra pangaksami. Perangan bab kasebut ing....
Uluk salam
Pakurmatan
Puji syukur
Wosing gati
Nyuwun pangapunten
Ginanipun panatacara ing salah satunggaling acara inggih punika supados...
Acaranipun enggal rampung
Dipungatosaken tamu
Acaranipun mboten boseni
Acaranipun tumata
Acaranipun gayeng lan regeng
Salah satunggaling sangunipun ingih punika 4 W: wicara, wirasa, wirasa saha wiraga. Ingkang dipunwastani wiraga inggih punika....
Andhap inggilipun saha cepet rindhiking swanten mboten namung ajeg
Pocapan kedah cetha, las-lasan, boten bindheng lan ugi boten blero
Nalika micara kedah saged nglaras surasa
Pilihan tembung lan purwakanthi ingkang sae
Pangolahing raga, kados pundi solah bawa utawi tindak tanduk ingkang trep kaliyan jiwa ingkang empan papan
Kedah saged ngadi sarira lan ugi ngadi busana, ukara punika jumbuh kaliyan unen-unen...
Ajining dhiri gumantung saka ing lathi
Ajining awak gumantung saka tumindak
Ajining mustaka gumantung saka wibawa
Ajining raga gumantung saka busana
Ajining badan gumantung saka dandan
"Kanthi mekaten sampun paripurna adicara Tanggap Warsa SMK Panyebar Semangat ingkang kaping 48. Kula ngaturaken panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun kepareng rawuh. Hambok menawi anggen kula matur saha ngaturaken adicara wonten kalepatan kulo nyuwun pangaksama..."
Pambuka
Atur panuwun
Atur pambagyaharjaI
Isi
Panutup
Nindakaken panatacara punika boten gampil, amargi kedah saged ngracik tembung ingkang ngginakaken basa rinengga. Basa rinengga tegesipun...
Basa ingkang dipundamel endah
Basa ingkang angl dipunmangertosi
Basa ingkang ngginakaken basa Jawa kuna
Basa kangge sekar macpat
Basa kangge manten
Blangkon, beskap/ surjan, bebd, selop. Busana punika kaagem wonten ing acara...
Sripah
Syawalan
Tanggap warsa sekolah
Rapat wali murid
Pawiwahan temanten
Saged maos kawontenan nalika ngayahi, punika pangertosan saking...
Tanggap
Trapsila
Mantep
Pantes
Wibawa
1. Panutup
2. Atur kinurmatan
3. Atur puji syukur
4. Salam pambuka
5. Isi
2-3-4-5-1
2-4-3-1-2
2-3-5-4-1
4-2-3-5-1
4-2-5-3-1
Dasanamanipun panatacara inggih punika...
Pambiwara
Prabawa
Pramudya
Prahastha
Nirbaya
Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal punika kita sedaya saged manungal pepanggihan ing papan ngriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambika, dipun wastani minangka...
Salam
Syukur
Panutup
Atur pambagyaharja
Wosing wicara
Atur pakurmatan wonten ing teks panatacara punika dipunserat sasampunipun perangan...
Salam pambuka
Salam panutup
Atur syukur
Panuwun
Inti acara
Nalika dados panatacara, paraga kedah mangertos saha nguwaosi bab ing ngandhap punika supados anggenipun ngayahi saged lacar. Andharan ing ngandhap punika leres, kejawi...
Acara
Materi
Kahanan
Jejibahan
Papan
Sae saha botenipun lampahing acara gumantung saking panindaking. Pramila kedah samekta ing gati, sawega ing dhiri saben-saben ngayahi pakryan punika. Tegesipun tembung sawega ing ngandhap punika leres, kajawi...
Samapta
Siap
Samekta
Samanta
Sadiya
"Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kinurmatan, saha para kanca ingkang sanget kula tresnani" Dasanamanipun guru inggih punika...
Pandhita
Winasis
Dwija
Punggawa
Edi
Olah busana utawi ngadi busana inggih punika anggenipun ngadi busana kedah kados ing ngandhap punika, kajawi...
Pantes
Gandhes
Prasaja
Mopyor-mopyor
Luwes wibawa
Titi laksana acara pengetan dinten kamardikan ing andhap punika ingkang kirang trep inggih punika...
Pambuka
Sambutan
Tigas tumpeng
Musyawarah
Panutup
Titi laksana ing pangrukti jenazah ingkang leres inggih punika...
Pambuka-isi-donga hastungkara-panutup
Pambuka-atur bela sungkawa-atur pambagyaharja-donga hastungkara-panutup
Pambuka-atur pambagyaharja-atur bela sungkawa-donga hastungkara-panutup
Pambuka-atur belasungkawa-donga hastungkara-panutup
Panutup-atur pambagyaharja-donga hastungkara-panutup
Manawi dados panatacara kedah gadhah patrap wibawa. Punapa ingkang dipunwastani wibawa?
Gadhah subasita ingkang sae
Kedah mantep ing manah, boten kuwatos, lan boten wigah-wigih
Saged mapanaken dhiri kaliyan kawontenan
Boten ajrih satemah anggenipun ngayahi kanthi percaya dhiri
Saged maos kawontenan
Nalika dados panatacara pocapan/ lafal kedah cetha, wiramanipun sae. Punika ateges nggatosaken...
Olah guru
Olah basa
Olah raga
Olah swara
Olah busana
Sipat-sipatipun panatacara miturut ancas saha tujuan, kajawi....
Pambagyaharja
Mamitaken jenazah
Ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
Ilmiah
Pamedhar sabda
Dene sipat-sipatipun panatacara miturut isi lan basa, kajawi...
Mamitaken jenazah
Rowa lan rinengga
Popular
Ilmiah
Mligi lan umum
Ing ngandhap punika isinipun perangan purwaka ing teks panatacara, kajawi...
Uluk salam utawa salam pambuka
Pakurmatan dhateng tamu
Nyuwun pangapunten
Puji syukur dhumateng Gusti
Ngaturaken ayahan
Basa ingkang gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin trep utawi pas ing panganggenipun kedah migatosaken bab-bab ing ngandhap punika, kejawi...
Sinten ingkang gineman
Sinten ingkang dipunajak gineman
Sinten ingkang dipunginemaken
Swasana nalikanipun gineman
Sinten ingkang badhe pidhato salajengipun
Ingkang ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning acara ingkang badhe dipunngendikakaken, punika kanthi cara...
Apalan
Teks/naskah
Ekstemporan
Impromtu
Dadakan
Pak Gunawan ing salah satunggaling acara dipundhawuhi dados panatacara pengajian. Ananging ing wekdal dinten pengajian Pak Gunawan gerah. Supados acara saged kalaksanan, Pak Narto dipundhawuhi nggantos Pak Gunawan amargi sampun kulino medhar sabda. Jinisipun panatacara ingkang dipun ginakaken Pak Narto inggih punika....
Apalan
Teks/ naskah
Ekstemporan
Impromtu
Dadakan
Salah satunggaling sarat dados panatacara ingkang gamben inggih punika kedah gladhen olah swara ing antaranipun kedah wasis wonten babaganwirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara punika ugi kasebut...
Artikulasi
Lafal
Wirama gendhing
Intonasi
Vokal
Kanthi pangertosan paramasastra pantacara saged ndhapuk mocap, tembung, ukara, wacana kanthi laras lan leres. Laras tegesipun...
Panatacara saged ngrantam trep kaliyan kawontenan saha swasana
Panatacara saged ngrantam saha mbabar titi laksana trep kaliyan kawontenan saha swasana
Saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastra
Panatacara saged nguwaosi kawontenan kanthi sae
Saged maos titi laras kanthi trep
Tuladha wicara panatacara ingkang leres inggih punika...
Adicara ingkang angka gangsal inggih punika lain-lain
Dumugi adicara ingkang kaping gangsal inggih punika mancawarni
Acara ingkang angka gangsal inggih punika sanes-sanes
Susunan acara ingkang pungkasan inggih punika sanes-sanes
Sapunika susunan adica ingkang angka gangsal inggih punika acara adiwarni
"Para pepundhen para pinisepuh ingkang dhahat kinabekten." Ukara punika kalebet perangan
Salam pambuka
Tetepungan
Atur pangayubagya
Atur pakurmatan
Atur puji syukur
Dhateng bapa Slamet ingkang kula...saha para kadang ingkang kula tresnani. Tembng ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat inggih punika...
Tresnani
Urmati
Kinabekten
Minulya
Bagya
Panatacara kedah tanggap ing swasana, saged gumbira, punika ateges panatacara ngugemi prinsip...
Matanggap
Mawwat
Magatra
Mawastha
Malaghawa
Panatacara kedah tanggap ing swasana, saged gumbira, punika ateges panatacara ngugemi prinsip...
Matanggap
Mawwat
Magatra
Mawastha
Malaghawa
Paraga panatacara punika kedah saged ngolah raganipun, ing ngandhap punika ingkang leres dipuntindakaken dening paraga inggih punika...
Badan dhoyong
Paningalipun namung ningali teks
Astanipun ngapurancang
Tansah lenggah anggenipun ngaturaken acara
Mangu-mangu
Ukara ingkang trep kangge murwakani adicara tuladhanipun...
Ingkang sepindhah sumangga kita dedonga rumiyin
Kangge mbikak adicara punika sumangga kita dedonga miturut agami sowang-sowang
Pertami-tami sumangga kita sesarengan panjataken marang Gusti Allah
Ingkang sepisan sumangga kula lan panjenengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung
Kula minangka panatacara badhe ngaturaken rantamaning adicara ing dinten menika
Supados saged ngolah basa lan sastra panatacara kedah saged mangertosi...
Paramasastra
Unggah-ungguh
Tatakrama
Unggah-ungguh lan tatakrama
Undha usuk
