wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BASA JAWA KELAS IX SMPN 2 PATIANROWO

Total questions: 25

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Apa sing diarani teks laporan asil observasi

a)

omongan utawa ucapan sing ditata kanthi apik lan diomongke marang wong liya.

b)

Perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi

c)

teks kang nerangake asil observasi sing wis ditindakake

d)

Perangan utawa bagean sing nerangake titikan(ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane

2.

Struktur teks laporan asil observasi iku kaperang dadi telu, yaiku

a)

Identifikasi, sesorah, kagunan

b)

Dhefinisi umum, dheskripsi bagean, dheskripsi manfaat (simpulan)

c)

Pitakonan, ukara, manfaat

d)

Observasi, klasifikasi, kagunan

3.

Apa iku dheskripsi manfaat (simpulan) /kagunan

a)

Perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi

b)

Carita mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung).

c)

Perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa kelompoke, utawa perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci

d)

Perangan utawa bagean sing nerangake titikan(ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane

4.

Malang salah sawijining kutha ing Jawa Timur, akeh meneka warna usaha indhustri omahan kan bisa ditemoni. Salah sawijining indhustri omahan kang wektu dina iki dadi kembang lambe, yaiku indhustri kripik. Manawa ing masyarakat wis lumrah keprungu lan ditemoke jinis kripik tempe lan kripik tela, utamane kripik maneka woh-wohan. Mula ora aneh yen padha plesiran ing kutha Malang kurang jangkep menawa durung tuku maneka kripik woh-wohan mau.

Teks ing duwur mau kalebu struktur teks laporan asil observasi apa

a)

Dhefinisi umum

i

b)

Dudu kalebu teks laporan asil observas

c)

Dheskripsi bagean

d)

Dheskripsi manfaat

5.

Tembung tanggap yaiku

a)

Tembung lingga kang oleh ater-ater tripusaka (dak, ko/kok, di)

b)

Tembung kang oleh ater-ater anuswara (…-m, …-n, …-ng, …-ny)

c)

Tembung kang ora diwenehi apa-apa

d)

Tembung kang jalok katrangan marang wong liya

6.

Sing termasuk ciri-cirine teks laporan asil observasi yaiku

a)

Teks kudu objektif

b)

Teks kudu nyata/sesuai kedadean (fakta)

c)

Kudu gawe teks basa sing ora apik

d)

Sesuai karo laporan anyar

7.

Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan (akhir). Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomer siji ing Indonesia, saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik, nanging isih akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane.

Ukara ingkang mboten trep (tidak cocok) kalian pranyatan ing inggil (No.1) inggih menika ….

a)

Sampah dadi siji-sijine masalah ing Indonesia

b)

anjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik

c)

Sampah bisa awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas

d)

Akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane.

8.

1). Aku lagi nulis aksara Jawa

2) Ibu lagi masak ing pawon Ing inggil punika kalebet tuladha ukara ..

a)

Prentah

b)

Tanduk

c)

Tanggap

d)

Pitakon

9.

Program adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005. Taun 2006 Kementerian Negara Lingkungan Hidup ngembangake program pendhidhikan lingkungan hidup ing tataran pendhidhikan dasar lan menengah lumantra program adiwiyata. Adiwiyata mujudake sawijine program kang duwe tujuwan kanggo mujudake warga sekolah sing nduweni tanggung jawab marang rasa tresna lan open marang lingkungan lumantar program-program kegiyatan ing sekolah.

Program adiwiyata mujudake program pemerintah tumrap sekolah sing......

a)

Kepingin dadi sekolah taraf internasional

b)

Ora seneng karo kalestarene lingkungan

c)

Peduli marang bocah-bocah sing mlarat

d)

Peduli marang kalestarene lingkungan

10.

Nulis teks laporan asil observasi iku kudu logis lan sistematis. Sistemastis tegese..

mathuk klawan logika

a)

tumata manut sistem

b)

laporan saka kegiyatan sing bener-bener dilakoni

c)

laporane bisa dinalar

11.

Ukara kang dumadi saka ,loro gagasan lan bisa luwih yaiku

a)

Ukara genep

b)

Ukara Camboran

c)

Ukara Tanduk

d)

Ukara mboten genep

12.

Rudi iku bocah loma.
Adhine Rudi bocah cethil.

Ukara Camboran ingkang pas yaiku

a)

Dene

b)

Karo

c)

Nanging

d)

Lan

13.

Ing ngisor iki sing kalebu sipat utawa ciri-ciri Teks Laporan Asil Observasi, kajaba...

a)

Isine adhedhasar kasunyatan (fakta) nalika observasi.

b)

Katulis kanthi rinci lan jangkep.

c)

Ngandhut panemu (opini) panulis utawa pendhak-pendhakan.

d)

Ditulis kanthi runtut lan sistematis.

14.

Teks kang isine ngandharake asil panaliten utawa pengamatan kanthi tujuwan menehi informasi marang pamaca, diarani teks...

(a)  

15.

Ukara kang kalebu Ukara Hagnya yaiku...

a)

Menyawaa ping telu, aku tetep ora wedi

b)

Lungaa saiki, aku ora bakal ngalang-alangi.

c)

Tekaana ing daleme simbah saiki!

d)

Wacaa bukumu kuwi, muga-muga entuk ilmu sing migunani.

16.

Nalika nulis bagean Dheskripsi Bagean, panulis kudu njlentrehake..

a)

Kapan observasi ditindakake.

b)

Pangajab (harapan) panulis marang objek sing diamati.

c)

Rincian babagan ciri-ciri fisik lan sipat-sipat khusus objek.

d)

Ringkesan saka kabeh asil observasi.

17.

Ukara sing gagasane (informasi/ide) mung siji, lan kasusun saka mung siji (siji-sijine) Jejer (Subjek) lan siji Wasesa (Predikat). yaiku ukara (a)  

18.

Teks Laporan Asil Observasi kudu nduweni sipat objektif. Tembung objektif ing kene tegese...

a)

Isine kudu ana panemu utawa pamawas saka panulis

b)

Isine kudu cocog karo kasunyatan ing lapangan, tanpa dipengaruhi panemu pribadi.

c)

Isine mung kanggo ngyakinake pamaca supaya setuju karo panulis.

d)

Isine kudu jangkep lan rinci nanging ora prelu manut karo fakta.

19.

Ing ngisor iki kang kabeh kalebu Tembung Aran (Kata Benda) yaiku...

a)

Sekolah, pinter, mlaku

b)

Klambi, meja, kertas

c)

Nulis, maca, turu

d)

Dhuwur, jaba, gedhe

20.

Yen ukara "Dhika nyilih sepedha kuwi sedhela" diowahi dadi Ukara Tanggap, kang bener yaiku...

a)

Sedhela disilih sepedha kuwi Dhika.

b)

Sepedha kuwi nyilih Dhika sedhela.

c)

Sepedha kuwi disilih Dhika sedhela. .

d)

Dhika disilih sepedha kuwi sedhela.

21.

Tembung Kriya kang nuduhake Tembung Kriya Tanggap (Kata Kerja Pasif) bisa ditemokake ing ukara...

a)

Lawang omah dibukak karo Dhika.

b)

Bapak nukokake sepedha anyar.

c)

Aji bungah banget.

d)

Dhika nyilih sepedha kuwi sedhela.

22.

Tembung Aran yaiku...

a)

Tembung sing nerangake sipat utawa kahanan.

b)

Tembung sing nerangake pagawean (tumindak).

c)

Tembung sing nerangake jeneng wong, kewan, barang, utawa papan.

d)

Tembung sing gunane kanggo nyambung ukara siji lan sijine.

23.

Ing ngisor iki, ukara kang kabeh kalebu Ukara Tanduk, kajaba...

a)

Bapak ngombe kopi ing teras.

b)

Adhik nulis layang kanggo simbah.

c)

ibu lagi ngetok janganan ing pawon.

d)

Omah anyar kuwi dibangun dina Jumat wingi.

24.

Bapak maca koran, tuladhane tembung kriya (a)  

25.

Sepedha kuwi dituku Bapak wingi. tuladhane tembung kriya (a)