wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

REMEDI ASAS X 2025

Total questions: 50

Worksheet time: 3hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

“Warga Desa Sumber Mengeti Tradisi Kupatan Bulusan” 

Saka irah-irahan pawarta kasebut, yen dijlentrehake nganggo pitakonan Apa yaiku?

a)

Apa sing diarani tradisi kupatan bulusan?

b)

Apa sing dilakoni warga Sumber ing kono?

c)

Apa sebab warga Sumber mengeti tradisi?

d)

Apa kedadeyan ing pawarta kasebut?

e)

Apa gunane mengeti tradisi bulusan?

2.

"Warga Desa Sumber Mengeti Tradisi Kupatan Bulusan"

Saka irah-irahan pawarta kasebut, yen dijlentrehake nganggo pitakonan Sapa yaiku?

a)

Sapa sing ngakon melu tradisi bulusan?

b)

Sapa sing mimpin tradisi kupatan bulusan?

c)

Sapa sing disabda dadi bulus?

d)

Sapa sing mengeti tradisi kupatan bulusan?

e)

Sapa sing melu dodolan ing bulusan?

3.

"Warga Desa Sumber Mengeti Tradisi Kupatan Bulusan"

Saka irah-irahan pawarta kasebut, yen dijlentrehake nganggo pitakonan Kenapa yaiku?

a)

Kenapa padha dikongkon melu tradisi kupatan bulusan?

b)

Kenapa diadhakke pengetan tradisi kupatan bulusan?

c)

Kenapa ana warga sing ora melu tradisi kupatan bulusan?

d)

Kenapa tradisi kupatan bulusan ana isih kudu dipimpin?

e)

Kenapa bisa dadi bulus?

4.

Warga Desa Sumber Mengeti Tradisi Kupatan Bulusan Saka irah-irahan pawarta kasebut, yen dijlentrehake nganggo pitakonan Kepriye yaiku?

a)

Kepriye critane ana warga sing ora melu tradisi kupatan bulusan?

b)

Kepriye lakune prosesi tradisi kupatan bulusan dumadi?

c)

Kepriye kok bisa diadhakke pengetan tradisi bulusan?

5.

Sapa sing dodolan es teh ing harlah MAN 1 Kudus?

Pitakonan kasebut bisa takonke ing pawarta kang irah-irahane kaya..

a)

Entek Resik! Laris Dodolan Es Teh ing Harlah MAN 1 Kudus

b)

Harlah MAN 1 Kudus

c)

Harlah MAN 1 Kudus bareng Azzahir

d)

Habib Bidin lan Azzahir Ngramakake Harlah MAN 1 Kudus

e)

Harlah MAN 1 Kudus Rame Digruduk Bakulan

6.

Hari Musik Nasional (HMN) utawa dina musik nasional dipengeti dina rebo (9/3/2022) minangka dina kang wigati, mligine babagan musik lan tembang dhaerah.

Solo kuwi minangka kutha kang dadi punjere seni kabudayan lan nduweni pengaruh gedhe ing bab tembang dhaerah, sebabe ana akeh banget seniman kang lair lan makarya ing kutha kasebut.

Ukara kang digunakake ing teks Pawarta kasebut nggunakake basa Jawa ragam apa?

a)

Ngoko

b)

Krama Alus

c)

Krama Lugu

d)

Ngoko Alus

e)

Ngoko Lugu

7.

//Sugeng enjing Mas Mbak sedaya, sugeng pepanggihan malih ing pasinaon basa Jawi//.

Ukara iki ngganggo basa Jawa ragam apa?

a)

Krama Alus

b)

Krama Lugu

c)

Ngoko Alus

d)

Ngoko Lugu

e)

Ngoko

8.

//Mas sampeyan arep tindak neng endi kok ora nitih montor//.

Ukara iki ngganggo basa Jawa ragam apa?

a)

Krama Alus

b)

Krama Lugu

c)

Ngoko Alus

d)

Ngoko Lugu

e)

Ngoko

9.

//Mas sampeyan ajeng kesah teng pundi kok mlampah ngaler?//.

Ukara iki nganggo basa Jawa ragam apa?

a)

Krama Alus

b)

Krama Lugu

c)

Ngoko Alus

d)

Ngoko Lugu

e)

Ngoko

10.

//Aku balik sekolah bareng bapak sing lagi balik saka kerja// Ukara iki yen diowahi nganggo basa krama alus kang bener yaiku …

a)

Kula kondur sekolah sareng bapak ingkang nembe mantuk saking nyambutdamel

b)

Kula mantuk sekolah sareng bapak ingkang nembe wangsul saking nyambutdamel

c)

Kula wangsul sekolah sareng bapak ingkang nembe kondur saking nyambut damel

d)

Aku wangsul sekolah bareng bapak kang nembe kondur nyambutgawe

e)

Aku mantuk sekolah bareng bapak sing lagi wae kondur saka nyambutgawe

11.

Panganggone basa krama alus digunakake marang sapa wae?

a)

Bocah marang wong tuwa

b)

Cah nom marang kancane

c)

Wong tuwa marang bocah cilik

d)

Guru marang muride

e)

Marang sapadha padha

12.

Panganggone basa ngoko alus digunakake marang sapa wae?

a)

Bocah marang wong tuwane

b)

Cah nom marang wong tuwa

c)

Marang tokoh sing diurmati

d)

Mbakyu marang adine

e)

Ponakan marang Paklik sing akrab

13.

“Sugeng sonten para pamiyarsa ing pundi kemawon. Program giyaran pawartos Lereng Muria saged panjenengan mirengaken malih sareng kaliyan kula, Afrian Nada, ing saluran Pro 4 FM, ingkang samangke badhe ngaturaken pawartos ingkang akurat saha ngrakyat.

Pawartos ingkang sepisan saking tlatah Kudus. Regi lombok ing peken peken Kudus ngantos sakmenika tasih dereng mandhap. Miturut para pedagang ing peken kudus, regi lombok sansaya mundhak terus. Lombok ingkang sewau regi 70.000 sakmenika sampun dugi 105.000. Kawontenan kasebat njalari para pedagang mboten kiyat kulakan lan mboten saged nyade amargi para warga sami ngirangi konsumsi lombok.” 

Pawarta ing dhuwur disiarke ing media apa?

a)

Televisi

b)

Youtube

c)

Radio

d)

Koran

e)

Media online

14.

“Sugeng sonten para pamiyarsa ing pundi kemawon. Program giyaran pawartos Lereng Muria saged panjenengan mirengaken malih sareng kaliyan kula, Afrian Nada, ing saluran Pro 4 FM, ingkang samangke badhe ngaturaken pawartos ingkang akurat saha ngrakyat.

Pawartos ingkang sepisan saking tlatah Kudus. Regi lombok ing peken peken Kudus ngantos sakmenika tasih dereng mandhap. Miturut para pedagang ing peken kudus, regi lombok sansaya mundhak terus. Lombok ingkang sewau regi 70.000 sakmenika sampun dugi 105.000. Kawontenan kasebat njalari para pedagang mboten kiyat kulakan lan mboten saged nyade amargi para warga sami ngirangi konsumsi lombok.” 

Wose pawarta ing ndhuwur yaiku …

a)

Rega lombok larang, pedagang bathi

b)

Rega lombok larang, pedagang rugi

c)

Pasar ing Kudus kangelan kulak lombok

d)

Pedagang pasar bingung ngadhepi kahanan

e)

Siaran saluran Pro 4 FM Kudus

15.

Pawartos ingkang sepisan saking tlatah Kudus. Regi lombok ing peken peken Kudus ngantos sakmenika tasih dereng mandhap. Miturut para pedagang ing peken kudus, regi lombok sansaya mundhak terus. Lombok ingkang sewau regi 70.000 sakmenika sampun dugi 105.000. Kawontenan kasebut njalari para pedagang mboten kiyat kulakan lan mboten saged nyade amargi para warga sami ngringi konsumsi lombok. Tembung “peken” ing pawarta kasebut tegese?

a)

Mall

b)

Indomaret

c)

Swalayan

d)

Pasar

e)

Warung

16.

Program giyaran pawartos Lereng Muria saged panjenengan mirengaken malih sareng kaliyah kula, Afrian Nada, ing saluran Pro 4 FM, ingkang samangke badhe ngaturaken pawartos ingkang akurat saha ngrakyat Ukara ngade digunakake Pawarta ing ndhuwur nganggo basa Jawa ragam apa?

a)

Krama Alus

b)

Krama Lugu

c)

Ngoko Alus

17.

Pagelaran wayang minangka gegambaran tindak tanduk menungsa ing ngalam donya. Ana becik ana ala, ana bungah ana susah. Sebabe aran wayang kuwi dumadi saka tembung…

a)

Gegrayangan

b)

Ayang - ayang

c)

Bebrayan

d)

Sawang sinawang

e)

Awang – awang

18.

Pagelaran wayang kejaba dadi tontonan uga dadi tuntunan. Tegese…

a)

Dadi sarana menehi pitutur becik

b)

Akeh pitutur kang ngelantur

c)

Ora bisa gawe panutane urip

d)

Ora bisa gawe tontonan

e)

Ngandhut piweling

19.

Sumber crita pewayangan kang ana ing kabudayan Jawa kajupuk saka kitab …

a)

Sutasoma lan Paramasastra

b)

Pararaton lan Negarakartagama

c)

Ramayana lan Mahabharata

d)

Wedhatama lan Wulangreh

e)

Sastra Gendhing lan Tripama

20.

Sawise perang karo Prabu Rama, Rahwana tumapes, negara Ngalengka rusak. Tumindake Rahwana padha karo tembung…

a)

Adigang, adigung, adiguna

b)

Kegedhen pyak kurang cagak

c)

Aja rumangsa bisa nanging bisaa rumangsa

d)

Alon-alon waton klakon

e)

Sapa tekun bakal tekan

21.

Ing jagad pewayangan, Pandhawa lan Kurawa nggambarke lambang sipat koro yaiku..

a)

Lambang menang lan kalah

b)

Lambang tumindak becik lan tumindak ala

c)

Lambang satriya lan kawula

d)

Nggambarke watak bangsawan lan kawula cilik

e)

Nggambarke watak sugih lan mlarat

22.

Ing jagad pewayangan, Pandhawa lan Kurawa dicritakake ing lakon wayang …

a)

Ramayana

b)

Mahabharata

c)

Mahayana

d)

Parikesit

e)

Majapahit

23.

Ing pungkasane crita Ramayana, Rahwana mati diblegi gunung sumawana. Yen dinalar adhedhasar nilai moral, kalahe Rahwana disebabake apa?

a)

kalah sekti karo lawane prabu saka Pancawati

b)

kalah sebab saka tumindake dhewe kang angkara murka

c)

amarga ana pengkhianat ing negarane dhewe

d)

amarga kalah pasukan karo negara Pancawati

e)

amarga kalah janji karo Dewi Shinta

24.

Miturut istilah tembung wayang bisa uga ditegesi minangka gegambaran. Tegese …

a)

Pagelaran wayang kuwi minangka gegambaran watak manungsa kang urip ing bebrayan

b)

Wayang bisa dadi gegambaran kang ana maknane

c)

Gegambaran kang nglipur marang sapa wae sing nonton

d)

Dadi sarana dhalang nggambarke lelakon uripe dhewe

e)

Dadi gambaran yen crita wayang kuwi bisa dadi tuladha

25.

Pagelaran wayang kejaba dadi tontonan uga dadi tuntunan. Tegese…

a)

Akeh pitutur kang ngelantur

b)

Ora bisa gawe panutane urip

c)

Ora bisa gawe tontonan

d)

Ngandhut piweling

e)

Dadi sarana menehi pitutur becik

26.

Ing jagad pewayangan, Pandhawa lan Kurawa nggambarke lambang sipat loro yaiku..

a)

Lambang menang lan kalah

b)

Lambang satriya lan kawula

c)

Nggambarke watak bangsawan lan kawula cilik

d)

Lambang tumindak becik lan tumindak ala

e)

Nggambarke watak sugih lan mlarat

27.

Adhedhasar owah-owahane jaman, wayang kang ana saiki beda karo wayang erane kraton Majapahit kang isih wujud hindhu budha. Dene seni wayang sing saiki, corake wis islami. Sebab nilai-nilai kang ana sajroning crita wayang wis diakulturasi karo nilai syariat islam. Tokoh sing misuwur menehi pengaruh marang kabudayan wayang kejaba Sunan Kalijaga yaiku …

a)

Sunan Muria

b)

Sunan Gunungjati

c)

Sunan Drajat

d)

Sunan Bonang

e)

Sunan Kudus

28.

Bukti akulturasi islam ing crita wayang yaiku Raden Puntadewa nduwe pusaka kang arane Jamus Kalimasada. Dicritakake ing pungkasane crita Mahabharata, Raden Puntadewa ora bisa muksa utawa mati sakdurunge bisa maca isine Jamus Kalimasada kang sarate kudu dituntun salah sijine wali ing kraton Demak Bintara. Pratelan kasebut nuduhake yen Putbadewa mati kanthi kahanan jasad kang ....

a)

muksa, sirna nyawa lan jasade

b)

muksa, nanging jasade isih wutuh

c)

wutuh, manjing islam banjur dikubur ing Demak

d)

wutuh nanging dikubur nganggo cara Hindu

e)

wutuh lan diupakara nganggo cara Budha

29.

Tresnaku ora bakal garing ngalingking

Sanajan sliramu minangka ibu

Ora kuwagang nyusoni nganti mlendhing

Anggonmu nggulawenthah si bocah mbeling

Wis dakcandhi ing gumuk sanubari

Lan dakziarahi saben wanci

Isi geguritan ing dhuwur nyritakake babagan apa?

a)

Bektine murid marang guru

b)

tresna asihe wong lanang marang wong wadon

c)

Bektine anak marang wong tuwa

d)

tresnane anak marang kakange

e)

Tresnane wong tuwa marang kulawarga

30.

Tresnaku ora bakal garing ngalingking

Sanajan sliramu minangka ibu

Ora kuwagang nyusoni nganti mlendhing

Anggonmu nggulawenthah si bocah mbeling

Isi geguritan ing ngisor iki, diaturke penulis marang sapa?

a)

Kekasih sing isih setya ngancani

b)

Bapak sing isih sugeng

c)

Ibu sing wis seda

d)

Sedulur wedok kinasih

e)

Sedulur lanang

31.

Tresnaku ora bakal garing ngalingking

Sanajan sliramu minangka ibu

Ora kuwagang nyusoni nganti mlendhing

Anggonmu nggulawenthah si bocah mbeling

Sing diarani si bocah mbeling yaiku..

a)

Paraga Aku

b)

Paraga Ibu

c)

Paraga wong katelu

d)

Paraga wong kapindho

e)

Paraga liya

32.

Tembung geguritan yen dirunut iku asale saka tembung lingga...

a)

gita

b)

gegurit

c)

gurit

d)

guritan

e)

gurita

33.

Dene tegese geguritan miturut basa yaiku..

a)

Tulisan

b)

Wacanan

c)

Lelaglon

d)

Tatanan

e)

Karya

34.

Yen Macapat nduwe paugeran guru lagu yaiku tibane swara ing pungkasane gatra. Nanging yen ing paugeran geguritan diarani…

a)

Paramasastra

b)

Purwakanthi

c)

Purbawasesa

d)

Parikan

e)

Wangsalan

35.

…Ati karep bandha cupet. Pethikan geguritan kasebut tuladha purwakanthi …

a)

Guru lagu

b)

Guru swara

c)

Guru sastra

d)

Guru basa

e)

Guru gatra

36.

…sluman slumun slamet. Tata titi tentrem. Pethikan geguritan kasebut tuladha purwakanthi …

a)

Guru lagu

b)

Guru swara

c)

Guru sastra

d)

Guru basa

e)

Guru gatra

37.

…atur bekti,bekti marang wong tuwa. …witing klapa, klapa mudha saumpama Pethikan geguritan kasebut tuladha purwakanthi …

a)

Guru lagu

b)

Guru swara

c)

Guru sastra

d)

Guru basa

e)

Guru gatra

38.

Jare simbah,

angger esok krungu jago kluruk disusul manggunge perkutut

Jare simbah, angger sore krungu swarane prenjak.

Manjing surup sinela manuk siyak.

Nanging saiki sing takprungu mung swara alarm lagu jambu kluthuk tangi turu banjur manthuk manthuk

Saben sore tak enteni tekane prenjak, jebul sing keprungu swara mesin mesin pating kemrosak.

 

Tema Geguritan ing dhuwur nggambarke kahanan…

a)

Owah-owahing jaman

b)

Jamane wis modern

c)

Jamane isih kuna

d)

Critane simbah

e)

Dongen arep mapan turu

39.

Jare simbah,

angger esok krungu jago kluruk disusul manggunge perkutut

Jare simbah, angger sore krungu swarane prenjak.

Manjing surup sinela manuk siyak.

Nanging saiki sing takprungu mung swara alarm lagu jambu kluthuk tangi turu banjur manthuk manthuk

Saben sore tak enteni tekane prenjak, jebul sing keprungu swara mesin mesin pating kemrosak.

 

Pitutur sing kakandhut ing Geguritan kasebut yaiku …

a)

Melu njaga lingkungan supaya ora ana bencana

b)

Kudu bisa njaga lingkungan, kanggo lestarine alam

c)

Kudu pinter luru swarane kewan-kewanan

d)

Kudu pinter ndongeng kaya simbah marang putune

e)

Kudu ngguju karo citane simbah

40.

Tegese tembung manjing ing pethikan geguritan ing ngisor iki yaiku.. Manjing surup sinela manuk siyak. Nanging saiki sing takprungu mung

a)

Wayah

b)

Wektu

c)

Mlebu

d)

Wanci

e)

Sakwise

41.

Kenapa aksara Jawa hanacaraka nganti magabathanga diarani aksara nglegena?

a)

amarga aksarane durung bisa kewaca

b)

amarga pangucapane isih mênga, durung bisa gawe nulis aksara kang ana tegese

c)

amarga ana crita tutur kang ngandhakke yen arane aksara nglegena

d)

sebab ana crita tutur Aji Saka lan Dewata Cengkar

e)

sebab ora merga apa-apa, pancen arane

42.

Panulisan ukara “Sega Pecel” nganggo aksara kang trep yaiku ...

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

e)

e

43.

“Srengenge gumebyar”. Yen ditulis nganggo aksara kang bener yaiku...

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

e)

e

44.

“Wit kluwih” yen ditulis nganggo aksara Jawa ora bisa langsung nganggo pasangan, sebab bisa dadi tumpuk 3 utawa luwih. Banjur carane kepiye?

a)

Nulis Wit Kluwih ora perlu nganggo pasangan, cukup nganggo sandhangan

b)

Nulise nganggo sandhangan kabeh

c)

Aksara “Ta” diwehi taling tarung lan cecak

d)

Aksara “Ta” dipangkon luwih ndhisik, banjur aksara “Ka” diwehi pasangan “La” lan suku

e)

Aksara “Ta” dipangkon, banjur diwehi pasangan “Ka” lan “La” disuku

45.

Panulisan aksara angka 8596 kang bener yaiku....

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

e)

e

46.

Yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ...

a)

Doni mangan krupuk

b)

Soni tuku kupluk

c)

Toni kudu kopi krupuk

d)

Toni tuku kopi tubruk

e)

Dhoni nubruk buk

47.

Ing ngisor iki, ukara kang panulisane nganggo sandhangan pengkal yaiku...

a)

Zaky mangan uyah

b)

Prasetya nganggo kopyah

c)

Rikan awake sayah

d)

Keyne lunga menyang Mekkah

e)

Hanif menyang sawah

48.
a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

e)

e

49.

Wacane aksara ing dhuwur kang bener yaiku ...

a)

Kacang lan jaran

b)

Kacang lanjaran

c)

Kacang lonjoran

d)

Kacang panjang

e)

Kakehan ganjaran

50.
a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

e)

e