wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

Total questions: 10

Worksheet time: 4mins

Name
Class
Date
1.

Guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur kang bener yaiku ....

a)

8a, 11o, 8u, 7a, 12a, 8i, 8u

b)

8a, 11o, 8u, 7u, 12a, 8i, 8i

c)

8u, 11o, 8u, 7a, 12a, 8i, 8i

d)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

e)

8a, 11a, 8u, 7a, 12a, 8i, 8i

2.

"Nanging janma ingkang wus waspadeng semu". Nitik ukara kasebut tembung janma tegese ....

a)

tetuwuhan

b)

manungsa

c)

kewan

d)

donya

e)

peksi

3.

"Nggugu karsane priyangga". Ukara ing tembang kasebut duwe teges ....

a)

ora kena manut mring karepe wong liya

b)

wong kang mung nggugu karepe dhewe

c)

wong kang nggugu karepe wong tuwa

d)

wong kang mituhu mring kersane Gusti

e)

pawongan kang duwe kekarepan dhewe

4.

"Mingkar mingkuring angkara". Ukara ing tambang Pangkur kasebut tegese ....

a)

tumindak nyedhaki tumindak kang ala

b)

nyedhaki tumindak becik kanthi tekun

c)

ngedohi sawenehe tumindak kang ala

d)

prayoga nggunakake tumindak becik

e)

tumindak becik lan ala kudu digugu

5.

Tembang Pangkur ing Serat Wedhatama iku kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra.

Kang diarani guru wilangan yaiku ....

a)

cacahing wanda ing saben sagatra tembang

b)

tibaning swara ing saben pungkasaning gatra

c)

cacahing gatra ing saben sapada tembang

d)

cacahing pada tembang saben sagatra

e)

cengkok lan titi laras tembang macapat

6.

"Ngalingi marang si pingging". Tegese ukara ing tembang gatra pungkasan iku yaiku ....

a)

nuruti kekarepane wong kang ora pinter

b)

wong kang omongane kaladuk dhuwur

c)

paribasan wong kang pinter ing micara

d)

nutupi polahe wong kang ora pinter

e)

wong kakehan omong nadyan ora pinter

7.

"Si wasis waskitha ngalah". Tembung waskitha ing ukara kasebut padha tegese ....

a)

bodho

b)

loma

c)

jirih

d)

kumaki

e)

lantip

8.

"Mrih tan kemba kembenganing pambudi, mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, ....". Nadyan wong tuwa yen tumindake ora nganggo rasa temtu bakal ....

a)

luwih mumpuni

b)

ora ana apa-apane

c)

digugu lan ditiru

d)

nemu kabegjan

e)

bakal disepelekake

9.

"Jinejer ing Wedhatama". Tembung jinejer padha tegese ....

a)

gela

b)

dirakit

c)

nyatane

d)

satenane

e)

nalika

10.

Menawa ana wong kang sejatine bodho nanging rumangsa pinter. Wong iku bungah yen dianggep luwih pinter dening wong liya. Panemuku saka kedadeyan iku yaiku ....

a)

Pancen wong bodho iku kudu disubya-subya jalaran mesakke uripe.

b)

Wong kang duwe ilmu mesthine gelem nggladhi wong kang bodho.

c)

Wong kang bodho ora perlu ngaku pinter, prayogane sregep sinau.

d)

Wong pinter kudu samadya lan ora perlu bungah yen diugung wong.

e)

Wong bodho malah katon bodhone yen pancen rumangsa paling pinter.