wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

wulangan ing pungkasan taun kelas kalih welas

Total questions: 50

Worksheet time: 4hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

cikal bakal ludruk yaiku kesenian ......

a)

lerok

b)

lorek

c)

remo

d)

besutan

e)

bandhan

2.

tari pambuka ing pagelaran ludruk yaiku ....

a)

tari srimpi

b)

tari merak

c)

tari remo

d)

tari gambyong

e)

tari kreasi

3.

para dhagelan ludruk biasane miwiti lawakane kanthi .....

a)

lagu dolanan

b)

tembang macapat

c)

tembang kenangan

d)

tembang campursari

e)

ngidung jula-juli

4.

ludruk ora bisa diuwalake saka perjuangan bangsa indonesia, awit .....

a)

ora bisa ditlesih wektu laire lan sapakang nyipta

b)

ludruk minangka sarana propagandha nglawan penjajah

c)

para nayaga ludruk wong lanang kabeh kang seneng berjuang

d)

para pejuang seneng nonton pagelaran ludruk

e)

sumber ceritane saka sejarah perjuangan nglawan penjajah

5.

tokoh ludruk kang dipateni Jepang yaiku ....

a)

cak kartolo

b)

cak kirun

c)

cak durasim

d)

cak supali

e)

cak agus kuprit

6.

titikane crita ludruk yaiku ......

a)

critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur

b)

critane nggambarake siagane para pahlawan nglawan penjajah

c)

critane nggambarake panandhaning kawula cilik

d)

critane kapethik saka babad tanah Jawa

e)

critane kapethik saka epos Ramayana lan Mahabharata

7.

kethoprak sing manggung kanthi pindhah-pindhah panggonan yaiku ....

a)

kethoprak jangkep

b)

kethoprak lesung

c)

kethoprak pendhapa

d)

kethoprak gejog

e)

kethoprak tobong

8.

crita kethoprak biasane njupuk saka crita babad, tegese ....

a)

nggambarake panandhaning kawula alit

b)

crita kang ngandhut unsur sejarah

c)

crita bab asal-usul panggonan

d)

crita saka manca negara

e)

crita carangan

9.

kang dadi ciri wancine kethoprak, yaiku ....

a)

para pamaraga/pemain kudu bisa nembang

b)

para pamaraga/pemain kudu bisa nari

c)

para pamaraga/pemain kudu bisa bela dhiri

d)

para pamaraga/pemain kudu bisa nabuh gamelan

e)

para pamaraga/pemain kudu bisa dadi sutradara

10.

umume crita ing kethoprak nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka ....

a)

dhagelan, jejer, pasulayan, perang, lan wasana

b)

dhagelan, jejer, perang, pasulayan, lan wasana

c)

jejer, pasulayan, dhagelan,perang, lan wasana

d)

jejer, dhagelan,pasulayan, perang, lan wasana

e)

jejer, perang, dhagelan, pasulayan, lan wasana

11.

para pemain ludruk profesional, biasane tampil tanpa naskah, ananging .....

a)

tata laksana (pengelolaan) tontonan kaatur kanthi longgar lan spontan

b)

sutradhara sing netepake casting (milih pamaraga) lan menehi andharan

c)

pendhukunge ora andadekake ludruk minangka sumber pengasilan

d)

pendhukunge ludruk durung kulina main, mula tampilane ora perlu naskah

e)

isih perlu katuntun minangka paugeran pagelaran tontonan ludruk

12.

titikane basa lan sastra ludruk, uga padha karo titikane masyarakat Jawa timur kang nduweni sipat tinarbuka lan apa anane (ceplas-ceplos),mula guneman ing ludruk ....

a)

migunakake basa kang lungit

b)

migunakake lelewaning basa

c)

dadi spontan lan prasaja

d)

dadi kaku kebak tatanan

e)

tansah cengengesan

13.

asil utawa orane pakaryan kang dilakoni bebarengan ing sajerone kelompok tontonan, gumantung marang ...

a)

sutradhara lan sing nanggap tontonan

b)

sutradhara, pemain, lan prodhuser

c)

kepriye anggone sutradhara ngatur paraga

d)

kepriye promosi lan tanggapane penonton

e)

kepriye manajemen tontonan ing kelompok iku

14.

manajemen tontonan nduweni peranan, yaiku ....

a)

netepake rancangan, ngorganisir, lan nandhingake

b)

netepake rancangan, ngoreksi, lan ngendhaleni

c)

netepake rancangan, ngorganisir, lan ngendhaleni

d)

netepake koordinasi,ngorganisir, lan ngendhaleni

e)

netepake jadwal, ngorganisir, lan ngendhaleni

15.

minangka asil cipta sastra, teks sandhiwara nduweni mupangat kultural, yaiku .....

a)

mupangat kang bisa dirasakake langsung dening panyemak

b)

mupangat kang arupa wewarah bab seniutawa kaendahan kang bisa ditiru dening panyemak.

c)

mupangat kang arupa wewarah bab pranatan lan kabudayan ing bebrayan

d)

mupangat kang arupa wewarah bab tatakrama, budi pekerti, lan agama

e)

mupangat kang arupa piwulang bab ketrampilan praktis kang bisa ditrepake ing bebrayan

16.

Drama uga diarani .....

a)

sandhiwara

b)

lenong

c)

ludruk

d)

sinetron

e)

kethoprak

17.

titikane teks drama yaiku wacane wujud .....

a)

lelakon

b)

guritan

c)

gancaran

d)

lukisan

e)

pacelathon

18.

yen arep ngarang teks drama, luwih dhisik nemtokake ....

a)

paragane

b)

alure

c)

plote

d)

temane

e)

latare

19.

paraga sing awatak becik diarani

a)

paragon

b)

protagonis

c)

antagonis

d)

tritagonis

e)

figuran

20.

jlentrehan lumakune crita ing drama iku diarani ....

a)

tema

b)

plot

c)

setting

d)

amanat

e)

pamawas

21.

panggonan dumadine crita ing drama iku diarani ....

a)

tema

b)

pamawas

c)

amanat

d)

setting

e)

watak

22.

pagelaran lakon (drama) bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral sing cocok lan trep. jalaran ....

a)

tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon (drama) nduweni sifat doktriner kang meksa

b)

tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon (drama) ora nduweni sifat doktriner kang meksa

c)

kanthi lumantar nonton pagelaran drama, wewarah bab moral ora bisa rumesep lan kajiwa raga.

d)

kanthi lumantar nonton pagelaran drama, wewarah bab moral nduweni sifat doktriner kang meksa

e)

kanthi lumantar nonton pagelaran drama, wewarah bab moral bisa meksa rumesep lan kajiwa raga.

23.

perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks drama (lakon) diarani ....

a)

jejer

b)

pasulayan

c)

pangudhare perkara

d)

pungkasaning crita

e)

owahing crita

24.

dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks drama (lakon) diarani ....

a)

jejer

b)

pasulayan

c)

pangudhare perkara

d)

pungkasaning crita

e)

owahing crita

25.

pungkasan karampungake pasulayan utawa dredah, ing struktur teks drama (lakon) diarani ....

a)

jejer

b)

pasulayan

c)

pangudhare perkara

d)

pungkasaning crita

e)

owahing crita

26.

bab pokok sing mbedakake antarane tek drama (lakon) karo teks prosa (gancaran) liyane yaiku anane ........ ing teks lakon (drama).

a)

urutan crita

b)

tema

c)

wewarah

d)

antawacana

e)

irah-irahan

27.

pagelaran drama (lakon) bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen ....

a)

sekabehe pawongan kasangkut ing pagelaran kanthi linambaran rasa seneng

b)

sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng

c)

sekabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab

d)

sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng

e)

sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng

28.

sing nduweni jejibahan ngatur lumakune pagelaran wiwit gladhen nganti rampung, diarani .....

a)

figuran

b)

blocking

c)

sutradara

d)

wakil

e)

juru paes

29.

Umume drama/sandhiwara migunakake alur...

a)

maju

b)

mundur

c)

campuran

d)

wolak-walik

e)

regresif

30.

teks drama katulis kanthi bleger kang dumadi saka .....

a)

bait, baris, paragraf, lan antawacana

b)

paragraf, antawacana, swasana, lan pituduh laku

c)

tokoh, bait, baris, swasana, lan pituduh laku

d)

tokoh, paragraf, swasana, lan pituduh laku

e)

tokoh, antawacana, swasana, lan pituduh laku

31.

Saka kesenian, kita ora mung bisa seneng-seneng ngrasakake endahing asil karyaning para seniman, ananging kita uga bisa ....

a)

ngundhakake drajat lan pangkat

b)

ngundhakake gelar lan martabat

c)

ngundhakake gengsi lan prestisi

d)

ngundhakake pangkat lan jabatan

e)

ngundhakake ilmu lan kaweruh

32.

Ibu : Bapak wis dhahar?

Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.


Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku ... .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko lan krama

33.

Ibu : Aja kesusu turu, solat isyak dhisik, Rin!

Rina : Inggih, Buk. Kula sampun solat. Menawi Ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin!


Ing punggelan teks kasebut, Ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa... .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko lan krama

34.

Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku... .

a)

ragam ngoko alus lan ragam krama inggil

b)

ragam ngoko lan ragam krama

c)

ragam krama lugu lan ragam karma inggil

d)

ragam ngoko lan krama inggil

e)

ragam krama alus lan krama inggil

35.

Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake ... .

a)

rumaket

b)

ngajeni

c)

guyonan

d)

penting

e)

mirunggan

36.

Basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa... .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama

d)

krama lugu

e)

krama alus

37.

Yen kabandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih ... .

a)

kasar lan rumaket

b)

luwih gampang cak-cakane

c)

alus lan nduweni surasa luwih ngajeni

d)

lugu lan kurang ngajeni liyan

e)

endhek tataran undha-usuke

38.

Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake....

a)

uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk.

b)

uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan.

c)

uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung.

d)

uripe manungsa lumantar kesenian tradisional.

e)

uripe manungsa lumantar sutradhara.

39.

ing ngisor iki kalebu struktur tontonan ludruk, kejaba ......

a)

tari remo

b)

bedhayan

c)

dhagelan

d)

crita inti

e)

perang

40.

selingan guyonan, jejogedan, lan tetembangan sing ditindakake para emban lan abdi kanggo nglipur bendarane kang nandhang prakara, kalebu struktur tontonan kethoprak perangan ....

a)

jejer

b)

pasulayan

c)

perang

d)

dhagelan

e)

wasana

41.

puncake pasulayan antarane tokoh protagonis lan antagonis, kalebu struktur tontonan kethoprak perangan ....

a)

jejer

b)

pasulayan

c)

perang

d)

dhagelan

e)

wasana

42.

tari pambuka ing pagelaran kethoprak yaiku ....

a)

tari srimpi

b)

tari merak

c)

tari remo

d)

tari gambyong

e)

tari kreasi

43.

ing ngisor iki kalebu titikane basa lan sastra ing teks sandhiwara ludruk, kejaba ....

a)

ana kidungan/parikan

b)

migunakake basa banyumasan

c)

critane asipat masyarakat sentris

d)

basane spontan lan prasaja

e)

migunakake basa Jawa dhialek arekan

44.

kesenian khas Jawa timur yaiku ....

a)

lenong

b)

tari srimpi

c)

ludruk

d)

kethoprak

e)

jaipong

45.

kesenian khas Jawa tengah yaiku ....

a)

lenong

b)

tari srimpi

c)

ludruk

d)

kethoprak

e)

jaipong

46.

LUDRUK, asale tembung saka obahe penari tari remo kang tansah ......

a)

gela-gelo lan gedrak-gedruk

b)

megal-megol

c)

mangguk-mangguk

d)

gela-gelo lan megal-megol

e)

gedrak-gedruk lan mangguk-mangguk

47.

KETHOPRAK, asale saka piranti gamelan aran ....

a)

kethuk lan kenong

b)

kethuk lan keprak

c)

gong lan kempul

d)

kethuk lan kempul

e)

keprak lan kempul

48.

ing tontonan ludruk, ana sajian tembang-tembang kang diaturake dening para travesty (wong lanang sing dipaesi wadon). Struktur kasebut kalebu perangan ....

a)

dhagelan

b)

pasulayan

c)

bedhayan

d)

ngidung jula-juli

e)

wasana

49.

kidung kang ginawe dening tokoh ludruk yaiku cak durasim, sing nyebabake dheweke ditembak mati jepang, duweni judhul .....

a)

pagupon omahe dara, melok Nipon tambah mulya

b)

pagupon omahe lawa, melok Nipon tambah mulya

c)

pagupon omahe lawa, melok Nipon tambah sengsara

d)

pagupon omahe dara, melok Nipon tambah sengsara

e)

omah lawa, omah dara, melok Jepang tambah rekasa.

50.

tontonan ludruk nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka ....

a)

bedhayan - tari remo - dhagelan - crita inti

b)

bedhayan - crita inti - tari remo - dhagelan

c)

tari remo- bedhayan - dhagelan - crita inti

d)

crita inti - dhagelan - tari remo - bedhayan

e)

tari remo - crita inti - dhagelan - bedhayan