wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH LAYANG KELAS VIII

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Aku mentas nampa layang........budheku sing diterake pak pos.


tembung kang trep kanggo ngisi titik-titik ing ndhuwur yaiku...

a)

Saka

b)

Arep

c)

Menyang

d)

Kanggo

2.

Layang kang isine ngenani kabar kepaten utawa pawongan kang seda diarani layang...

a)

Ulem

b)

Pribadhi

c)

Lelayu

d)

Paturan

3.

Layang sing isine ngaturi rawuh ( ngundhang ) ing sawijine pahargyan diarani layang....

a)

Ulem

b)

Paturan

c)

Dhawuh

d)

Kitir

4.

Sapa sing dijaluki tulung kanggo ngirim kamus Basa Jawa...

a)

Bagus Adriyan

b)

Jesika

c)

Ibu

d)

Kangmas

5.

Perangan layang sing ditulis keri dhewe, yaiku...

a)

Jenenge sing dituju

b)

Alamat sing dituju

c)

Jenenge sing ngirim

d)

Alamat sing dikirim

6.

Titi mangsa yaiku....

a)

Asmane sing nulis layang

b)

Perangan pungkasaning layang

c)

Tandha tangan panulis layang

d)

wektu anggone nulis layang

7.

"Katur dumateng

Eyang Prawiro Utomo

Wonten Solo"


Ukara ing ndhuwur kalebu perangan...

a)

Paprenah

b)

Adangiyah

c)

Surasa basa

d)

Wasana basa

8.

Isi utawa tujuwan ngirim layang ditulis ana ing perangan...

a)

Surasa basa

b)

Purwaka

c)

Wasanabasa

d)

Paprenah

9.

Ukara kang isine njaluk katrangan marang sawijine pawongan diarani ukara...

a)

Crita

b)

Sananta

c)

Sambawa

d)

Pitakon

10.

Ukara Sananta yaiku...

a)

Ukara kang isine ngajak pawongan supaya melu kaya kang dikarepna awakdhewe

b)

Ukara kang isine isih mung niyat lan dhurung mesti kelakon

c)

Ukara kang njaluk katrangan kang cetha marang sawijine pawongan

d)

Ukara kang isine menehi warta marang pawongan liya

11.

Ing ngisor iki kang kalebu ukara Sananta yaiku...

a)

Aku sesuk arep melu nginep neng omahe Fatih

b)

Ayo melu aku menyang Surabaya

c)

Pira regane buku Pinter Basa Jawa?

d)

Aku kelas wolu lan sekolah ing SMPN I Kudu

12.

"Cukup semene wae layang saka aku. Gedhe pangarepku supaya kowe bisa bales layang saka aku. Sepurane menawa ana tetembunganku kang luput"


Pethikan ing ndhuwur kalebu perangan...

a)

Pambuka

b)

Paprena

c)

Surasabasa

d)

Wasana basa

13.

"Ibu tuku beras ing pasar gedhe"


Ukara kasebut yen diowahi menyang basa krama inggil yaiku...

a)

Ibu tumbas uwos ing pasar ageng

b)

Ibu tumbas uwos dhateng pasar ageng

c)

Ibu mundhut uwos dhateng peken agung

d)

Ibu mundut uwos wonten Pasar Gedhe

14.

Piranti kanggo sesambungan (komunikasi) karo wong liya sing awujud tulisan kanthi tujuwan menehi kabar tartamtu diarani...

a)

Layang

b)

Handphone

c)

Email

d)

Internet

15.

Yen arep ngirim layang kudu mara ing...

a)

Telkom

b)

Bank

c)

Kantor pos

d)

BPR

16.

Perangan layang kang isine menehi kabar kaslametan diarani...

a)

Adangiyah

b)

Bebuka

c)

Titimangsa

d)

Surasa basa

17.

Bapak nulis layang kagem simbah. Tembung "nulis" benere...

a)

Nyerat

b)

Nyungging

c)

Maos

d)

Kesah

18.

Kajawi saking punika keng putra badhe ngaturi pirsa menawa keng putra pindah kerja wonten ing PT. Indofood. Keng putra dipunangkat dados bagian marketing.


Pethikan layang ing ndhuwur kalebu perangan...

a)

Surasa basa

b)

Wasana basa

c)

Purwaka

d)

Paprenah

19.

perangan nomer 8 diarani...

a)

Asma Terang

b)

Tapak Asma

c)

Wasanabasa

d)

Paprenah

20.

Perangan nomer 2 diarani...

a)

Adangiyah

b)

Paprenah

c)

Surasabasa

d)

Salam pambuka

21.

Perangan layang kang isine nerangake sapa sing sing dikirimi, tuladhane kanggo ibu, kanggo kancaku, kanggo Bapak, kanggo Pak de diarani...

a)

Adangiyah

b)

Paprenah

c)

Surasabasa

d)

Wasana basa

22.

Dhik, aku njaluk tulung matura Ibu supaya kangmas dikirimi kamus Basa Jawa ya sesuk. Amarga ing Malang ora ana.


Apa isi layang kasebut?

a)

Nyuwun tulung ibu supaya ngutus adhik ngirimi kamus

b)

Nyuwun tulung adhik supaya Ibu ngirimi kamus

c)

Nyuwun ditumbasaken kamus amarga ing Malang ora ana

d)

Nyuwun dikirimi kamus basa jawa saka malang

23.

Ana ing buku paketmu layang diperang dadi pirang jinis?

a)

6

b)

5

c)

7

d)

4

24.

Kula badhe ndherek nyipeng watawis setunggal minggu.


Tembung nyipeng tegese...

a)

Nginep

b)

Dolan

c)

Kerja

d)

Nyekel

25.

Layang pribadhi uga diarani layang...

a)

Iber-iber

b)

Swara

c)

kitir

d)

paturan

26.

Ing ngisor iki kang ora kalebu perangan layang yaiku...

a)

Indentifikasi

b)

Wasanabasa

c)

Surasabasa

d)

Pambuka

27.

Kanthi serat punika keng wayah badhe atur pawarta bilih keng wayah tansah wilujeng slamet.


Tembung pawarta tegese...

a)

Gosip

b)

Kabar

c)

Duwit

d)

Layang

28.

Kanthi serat punika keng wayah badhe atur pawarta bilih keng wayah tansah wilujeng slamet.


Tembung wayah tegese...

a)

Anak

b)

Putu

c)

Simbah

d)

Paman

29.

Buku iki arep dak sumbangake ing panti asuhan.


Ukara kasebut kalebu ukara...

a)

Carita

b)

Pitakon

c)

Sananta

d)

Sambawa

30.

Pacelaton utawa omong-omongan karo wong sing lagi kenal, pantese migunakake basa...

a)

Krama alus

b)

Ngoko alus

c)

Ngoko lugu

d)

Krama lugu