WorksheetsBAHASA JAWA AKL
Total questions: 50
Worksheet time: 2hrs 11mins
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardisiwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Pitutur luhur kang kamot ana ing tembang Pangkur ing ndhuwur yaiku....
Manungsa kudu milih agama kang becik
Manungsa kudu sregep nyambut gawe
Nalika mulang anak kudu nganggo kidung
Nalika ndhidhik anak kudu nyingkiri tumindak angkara
Manungsa kudu gelem sinau
Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan senopati
Kapati amarsudi
Sudani hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
Ing ndhuwur iku cakepan tembang macapat Sinom, cakepan kang unine kapati amarsudi tegese....
Ngendhaleni hawa nepsu
Nyonto tumindak kang becik
Ngupadi kanthi banget
Tansah gawe senenge wong liya
Kanthi cara prihatin
Tembang macapat kaiket dening paugeran kang ora kena diowahi, yaiku guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Tegese guru wilangan yaiku....
Cacahe wanda saben sak gatra
Cacahe wanda saben sak pada
Cacahe gatra saben sak pada
Tibaning swara ing pungkasaning gatra
Cacahe tembung ing tembang
Pendhapa omah joglo dumunung ing ngarep dhewe, perangan iki tansah dibuka tanpa ana wates ruwangan. Wujud ruwangan iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luhuring pribadi Jawa kang tansah pnarbuka lan mentingake karukunan. Salah siji piguna pendhapa ing omah joglo yaiku kanggo....
Nampa tamu
Ngimpul kulawarga
Nggelar wayang
Nyimpen pusaka
Nyimpen pari
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane piguna utama ruangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka warna wujud pusaka lan piranti aji liyane. Semana uga yen nindakkake ibadah ana ing papan iki. Ruwangan iki ateges nudhuhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.
Saka teks ing dhuwur papan kang dimaksud yaiku.....
Dalem agung
Pringgitan
Senthong utawa krobongan
Gandhok
Pekiwan
Ing sajroning crita pengalaman kang nengsemake ngemot bab-bab kang wigati utawa diarani nilai. Nilai kang ana sesambungane karo adat pakulinan ing sawijining daerah, kegiatan kang wis run tumurun saka para leluhure yaiku kalebu ing....
Nilai religius
Nilai etika
Nilai sosial
Nilai estetika
Nilai kultur/budaya
Yen wong tuwa lagi ngendikan kudu digatekake, aja tumindak sakarepe dhewe.
Basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama
Krama alus
Krama andhap
Crita kasebut dumadi ana ing kali kang gedhe iline. Ing kana katon kabeh uwuh lan barang-barang kang bisa ndadekake tekane lelara tumrap kang manggon ing sakiwa tengene. Perangan kang kamot ing unsur intrinsik crita yaiku perangan....
Amanat
Alur
Skenario
Penokohan
Setting
Dhalang nalika ngelakonake crita wayang mesthi duwe ancas kang pingin diandharake, nanging kalamangsa ora kawetu kanthi walaka, nanging sinandhi ing pitutur-pitutre. Perangan iki kalebu unsur intrinsik crita ing babagan....
Tokoh
Alur
Paraga
Amanat
Latar
Nalika perang Baratayuda ora ana Pandhawa kang wani ngadhepi Pandhita Dorna, amarga para Pandhawa ngurmati yen Pandhita Dorna iku gurune Pandhawa. Sikep utawa lelaku ngene iki diarani....
Adil
Mad sinamadan
Tanggung jawab
Tanggap ing sasmita
Ngabdi mring nagara
Sanajan Punakawan (Semar, Greng, Petruk lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti para Punakawan kang jujur, prasaja lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang kang diarani....
Latar
Alur
Watak paraga
Amanat
Setting
Ing wektu saiki thiwul minangka jajanan pasar kang merakyat. Panganan iki gampang ditemukake ing saweneh papan. Yen diturut saka sejarahe, thiwul iki mula bukane minangka panganan pokok masyarakat ing jaman biyen nalika jaman penjajahan Jepang lan udakara tahun 1960 an. Thiwul didadekake panganan pokok kanggo ngganti beras nalika regane larang lan ora bisa ketuku. Thiwul digawe saka pohung kang dipeme nganthi garing utawa diarani gaplek. Pohung iku kalebu....
Woh-wohan
Sayuran
Pala kesimpar
Pala gemantung
Pala kependhem
Purworejo uga nduweni jajanan tradhisional kang khas. Panganan tradhisional iku minangka salah sijining unsur kang narik kawigaten lan dadi unsur kang bisa nambah daya tarik wisata ing Purworejo. Ing ngisor iki jinis panganan tradisional khas Purworejo, kajaba....
Garang asem
Lompong
Dhawet ireng
Geblek
Clorot
Babagan budi pekerti lan tumindak becik iku ora mung tinulis ing tata aturan kang gumathok nanging uga diprangguli ing kasusastran-kasusastran. Patuladhan kang becik uga bisa disinau lumantar karya sastra awujud novel. Nilai kang kamot ing novel sing surasane bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayan pamaca, mula pamaca duwe kapribadhen kang percaya marang dhiri pribadhine, diarani....
Nilai hedorik
Nilai sosial
Nilai kultural
Nilai spirit
Nilai koleksi
Nuwun para pinisepuh, para sesepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan. Pethilan teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan....
Wasana basa
Surasa basa
Ancasing gati
Purwaka basa
Panutup
Wacanen teks ing ngisor iki kanthi permati!
“ Ibu saha Bapak Toni Suhendra, tuwin putra putri, dalasan sagunging para rawuh. Nuwun keparenga kula matur minangka talanging basa Bapa Rudi Raharjo sakulawarga, kula kadhawuhan masrahaken penganten kakung bagus Rendra Kusuma Adi katur Ibu saha Bapak Toni Suhendra.”
Pratelan sambutan ing dhuwur minangka....
Salam pambuka
Wosing gati
Atur pakurmatan
Atur panuwun
Purwaka basa
Upacara penganten adat Jawa iku salah sawijining upacara sakral adat Jawa sing duwe rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara penganten iki ngelambangake sapatemonan antarane penganten putri lan kakung ing kahanan sing mligi kaya dene raja lan ratu. Padatan, rantaman inti upacara dilakoni ing daleme penganten putri, sing dadi pamengku gati yaiku wong tuwa utawa kulawarga penganten putri dibiyantu dening kulawarga penganten kakung. Rantaman adicara penganten adat Jawa ing saben laladan beda miturut kahanan ekonomi saben kulawarga.
Miturut petilan wacana eksposisi ing duwur, sing ora kalebu filosofi adat tradisi mantu yaiku....
Lakune adicara mantu lumaku miturut adat tradisi ana ing papan panggonan pinamtu
Lakune prosesi pengantenan gumantung saka kersane penganten lan kulawargane
Fitrahe manungsa iku butuh pasangan urip kanggo mbagi rasa seneng lan susah kanthi kebak rasa tresna
Upacara pengantenan duwe tujuan kang mulya kanggo nerusake sesambungan anggone omah-omah
Adicara pengantena kudu bisa gawe seneng para tamu kang rawuh tanpa nggatekake prabeya
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra kang awujud puisi basa Jawa. Miturut surasane kang ngemot pangalembana marang Kang Maha Kuwasa diarani....
Himne
Ode
Etigram
Elegi
Satire
Simaken geguritan ing ngisor iki!
Suweneng suwe...
Dak rasa atiku saya kepranan
Nora bisa bakal selak
Esemmu kang dadi wewayangan ing batinku
Sansaya ndadekake aku wuyung marang sliramu
Duh kakang pepujaning ati...
Muga sliramu uga rinasa
Laraning wuyung kang ana ing kene...
Miturut surasane geguritan ing ndhuwur kalebu....
Ode
Himne
Romansa
Balada
Elegi
Tembung-tembung kang nerangake tumindak pegaweyan diarani tembung....
Sesulih
Kriya
Aran
Katrangan
Pakon
“Nuwun sewu, menapa kepareng kula nyuwun pirsa?”
Ukara ing ndhuwur kalebu ukara....
Pitakon
Pakon
Pawarta
Pangajab
Pamenggak
Ing ngisor iki ana tuladha ukara, kang kalebu ukara pamenggak yaiku....
Kowe ngerti ra, mau esuk ibu bapak e Yogi dadakan tindak Surabaya
Nyuwun tulung, mbenjang injang sami rawuh nindaki pangaosan wonten Mushola Ar Rahman nggih ibu-ibu..
Mbak, sida tindak menyang pasar pora? Yen sido aku melu ya..
Ya muga-muga bisa kaleksanan kanthi lancar lan slamet.
Yen bisa dak elingke, kowe rasah melu-melu kagiyatan sing ora cetha, saiki kowe fokus arep ngadhepi ujian.
Bebasan kaya ancik-ancik pucuking eri, nduweni teges....
Wis ora ana ajine
Kahanan kang nguwatiri
Rebutan barang sepele
Paseduluran kang ora rukun
Andum barang marang wong liya nanging awake dhewe malah ora keduman
Paraga utama sajrone crita Dewa Ruci yaiku....
Arjuna
Dursasana
Duryudana
Bima
Puntadewa
Bima Bungkus, Laire Gathotkaca, laire Wisanggeni, Wahyu Makutharama, Petruk dadi Ratu, kalebu wayang kang kajupuk saka carita....
Mahabarata
Mahadewi
Ramayana
Ramawijaya
Baratayudha
Ana ing tata upacara panggih, dilaksanakake tata cara ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngresiki sikil utawa ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Tata upacara iki diarani....
Upacara balangan gantal
Pupuk
Upacara wiji dadi
Sinduran
Dhahar klimah
Ing tata upacara penganten adhat Jawa uga ana tata upacara minangka pralambang paweh nafkah, sing uga diarani....
Mertui
Dhahar klimah
Kacar kucur
Sinduran
Pupuk
Sawijining prosa lawas sing urip ing masyarakat lan anggone nyebarake turun temurun nganggo basa lesan yaiku....
Novel
Cerkak
Babad
Cerita sambung
Cerita rakyat
Dongeng kapercayan jaman kuna kang gegayutan karo dewa dewi utawa titah kang ghaib lan manungsa yaiku....
Legendha
Mite / mitos
Wira carita
Sage
Dongeng lugu
Mangga pamiyarsa menawi mbetahaken winih jagung ingkang top markotop, kula aturi mundhut jagung Bisi 2.
Iklan ing ndhuwur kalebu iklan ana ing....
Kalawarti
Ariwarti
Baliho
Radhiyo
TV
Wayang wong menika salah satunggaling jinis pagelaran tradisional Jawa. Wayang wong minangka gabungan saking seni darama ingkang ngrembaka ing negeri Eropa kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing tanah Jawa. Pagelaran wayang menika ngrembaka ing kraton kangge hiburan golongan priyayi utawi bangsawan. Ana ing pethilan teks eksposisi ing ndhuwur ana tembung “ngrembaka” kang nduweni teges yaiku....
Tumbuh
Rintisan
Bersemi
Berkembang
Kelestarian
Perangan pakaian adhat Jawa kanggo nutup sirah sing digawe saka bahan bathik, lumrahe sing nganggo wong lanang. Biasane ana mondholan ing mburine. Perangan pakaian adhat apa sing dikarepake saka wacan ing ndhuwur?
Blangkon
Barik
Selop
Beskap
Keris
Ing tata upacara adhat penganten, jarik kang arep diagem ora sembarangan bisa digunakake. Jalaran jarik kang diagem duwe makna filosofi kang dianggep donga utawa pangajab. Ing ngisor iki corak jarik kang bisa diagem kajaba....
Batik truntum
Sido mukti
Sidao luhur
Batik grompol
Batik parang
Yen bisa aja lunga ing dina Setu Paing, menenga nang omah utawa lakonono panggaweanmu ana omah, kelingan to, kuwi dina sedane simbah.
Ukara kasebut kalebu gugon tuhon jinis....
Sanepa
Saloka
Wewaler
Pitutur sinandhi
Bocah sukerta
Simaken tembang macapat Gambuh ing ngisor iki!
Sekar gambuh ping....
Kang .... polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa....
Kapatuh pan dadi ....
Tembung-tembung kang jumbuh kanggo njangkepin tembang gambuh ing ndhuwur yaiku....
Catur, cinatur, katutur, awon
Catur, kapatuh, kacatur, olo
Catur, laku, katata, awon
Catur, tinata, katutur, olo
Catur, sinandhi, kapath, awon
Pathokane Tembang kinanthi ana….gatra
6. gatra
7. gatra
9.gatra
4.gatra
8.gatra
Guru wilangane tembang kinanthiyaiku…
8u,8i,8a,8i,8a,8i
8i,8a,8i
7a,7i,7u,7a
12a,12i,8a,
9i,9u,8a,8i
Tembung Mangka tegese…
Nir
B. Dadi
Pituduh
Supaya
Ngopeni
Tembung Supadi tegese…
Kekuatan
Supaya
Yaiku
Ucul
Ngopeni
Aksara swara cacae ana…
7
8
5
10
12
Kang kalebu watake tembang Dhandhang gula yaiku…
Luwes
Seneng
Gembira
Jawaban a,b,c, bener kabeh
Jawaban a,b,c,d bener kabeh
Anak 5 lanang kabeh jenengge…
Uger uger lawang
Ontang anteng
Pendawi lima
Kembang sepasang
Pendawa lima
Mripat soco , menawa lambe…
Grono
Rekma
Lathi
Asta
Samparan
Tangan Asta ,Menawa Susu..
Rekma
Padaran
Prembayun
Samparan
Grana
Anak sapi pedhet ,menawa anak gajah..
Kuthuk
Cempe
Kowe
Meri
Bleduk
Sapa sing kuwat nandhang kahanan
Sapa sing ora krasa kelangan
Ditinggal pas sayang-sayange
Pas lagi jeru-jerune, kowe milih dalan liyane
Ing dhuwur iku pethilan cakepan saka tembang DALAN LIYANE. Tembung sayang-sayange lan jeru-jerune iku kalebu tembung....
Sanepa
Dwilingga
Camboran
Tanduk
Kriya
Aksara jawa cahane ana ....
20
19
22
18
17
Sing ngarang aksara jawa ....
Aji soko
Kurowo
Prabu Dewa Cengkar
Dora
Sembodo
Aksara jawa Ka menawa ditaling tarung unine
ku
ke
ko
kah
ki
Aksara jawa so menawo di suku unine ....
so
sa
se
su
sah
