NEW
Font size
WorksheetsKuis kelas 8
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Titikane geguritan kacetha ing ngisor iki, kajaba
cacahing gatra ajeg lan wis gumathok
basane kalebu basa endah
tetembungane pilihan
isine mentes
Wong maca geguritan kudu dirasakake sajroning ati isi geguritan kang diwaca.
Maca geguritan kanthi cara mangkana iku ateges nggatekake babagan …..
wicara
wirasa
wirama
wiraga
Gatekna pethikan crita pengalaman iki!
Ing dina selasa wayah liburan sekolah aku lan keluargaku mlaku-mlaku menyang papan wisata tlatah Sleman Puri Mataram....
Pethikan crita pengalaman mau yen dionceki nganggo teori 5W+1H, yaiku...
when,who, what, how
when,who, what, where
why,who, what, where, how
why,who, what, where, when
Ibu kondur saka tindak pasar ngasta oleh-oleh kanggo aku lan adhiku. Ukara kasebut migunakake tataran basa....
Ngoko.
Krama.
Ngoko Alus
Krama Alus
Bapak tindak kantor nitih sepeda motor. Ukara kasebut migunakake tataran basa....
Ngoko.
Krama.
Ngoko Alus
Krama Alus
Gatekna cakepan tembang ing ngisor iki!
Mingkar mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih ketarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji
Tembang ing dhuwur yaiku tembang....
Pocung
Pangkur
Dhandhanggula
Asmarandana
Kabeh kudu nuntut ilmu
Kanggo pedomane urip
Nang donya lan nang akhirat
Dene ilmu dipahami
Mula akeh keuntungan
Lan kententremane urip
Guru lagu guru wilangan tembang ing dhuwur yaiku ...
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
8a, 8p, 8t, 8i, 8n, 8i
8i, 6a, 8a, 9a, 8a,7a
8a, 6e, 8i, 9a, 8a,7i
Jaman geger aku ngungsi kethewer-thewer,
ndhelik sor ngemper ngerti-ngerti ketiban genter
gatra iki migunakake purwakanthi .....
Lumaksita
Basa
Sastra
Swara
Rudi kandha marang Santo, “ Aku diwenehi dhuwit dening simbah Wiryo”.
Ukara mau yen diowahi dadi krama, yaiku kula ....
Dicaosi arta dening simbah Wiryo
Dipunaturi arta dening simbah Wiryo
Dipuncaosi arta dening simbah Wiryo
Dipunparingi dening simbah Wiryo
Ing ngisor iki pigunane basa krama alus, kejaba ....
Wong enom marang wong tuwa
Karyawan marang pimpinan
Wong sing wis kenal akrab
Murid marang gurune
Simbah lagi lara weteng.
Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa krama alus, unine simbah saweg ....
Sakit weteng
Gerah weteng
Sakit padharan
Gerah padharan
Nyemak pawarta saka media elektronik, kaya kang kacetha ing ngisor iki kajaba ….
TV
Radio
Internet
Kalawarti
Titikane pawarta yaiku ….
Anyar, nyata,wigati,karangan
Anyar,nyata,narik kawigaten, karangan
Anyar, nyata, wigati, narik kawigaten
Anyar, nyata, wigati, karangan
Ing ngisor iki kang kalebu tembang macapat yaiku....
Babangrahina,pangkur,mijil,maskumambang
Mijil,pangkur,durma,sinom
cublak-cublak suweng,pocung,mijil,durma
dhandanggula,kinanthi,padhang bulan,gambuh
Nagara ngendi sing nate ngakoni yen Reog Ponorogo kuwi, minangka kabudayane negara mau?
Indonesia
Malaysia
Singapura
Pilipina
Tembang Pangkur kapethik saka serat ....
Serat Wulangreh
Serat Wedhatama
Serat Wulang estri
Serat Wedaraga
Tembang Jawa Macapat iku manut riwayate minangka pralambang uripe manungsa wiwit
lair tekan mati. Kawiwitan saka tembang Mijil kang mengku pralambang ....
Manungsa lair ing alam donya
Manungsa wiwit ngerti sapa wong tuwane
Manungsa wiwit duwe rasa tresna
Manungsa lagi nandhang asmara
Tembang Pangkur iku guru gatrane ana pira ....
5
6
7
8
Ngisor iki wewatone tembang macapat, kejaba ....
Guru lagu
Guru swara
Guru wilangan
Guru gatra
Kanthi anane rasa urmat sajrone sesrawungan iki sing banjur nuwuhake ....
Tata wicara
Tata krama
Tata basa
Tata cara
