NEW
Font size
WorksheetsPTS Bhs. JAWA Kelas : X SMT GASAL 2020 / 2021
Total questions: 30
Worksheet time: 2hrs 30mins
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane KGPAA Mangunegara IV Kang wujude tembang. KGPAA iku kepanjangane . . .
Kyai Gusti Pangeran Adipati Aryo
Ki Gusti Pangeran Adipati Aryo
Kanjeng Gusti Pangeran Adipatih Aryo
Kanjeng Gusti Panembahan Adipatih Aryo
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo
Tembang macapat kang ngajarake piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi pathokaning kanggo lelakune manungsa babagan sopan santun yaiku tembang . . .
Sinom
Pangkur
Pocung
Gambuh
Kinanthi
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamus kawi-indonesia karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese. . .
Situasi
Kahanan
Ilmu pengetahuan
Perhitungan
Cuaca
Wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamus kawi-indonesia karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' lan ''Tama'' kang tegese. . .
Becik
Sitik
Ala
Padha-padha
Rampung
Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nafsu angkara murka. Kang dipikir tansah weweh marang sapadha-padha diarani tembang . . .
Mijil
Sinom
Kinathi
Dandhanggula
Pangkur
Pathokan sajroning tembang kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada diarani . . .
Guru sastra
Guru basa
Guru lagu
Guru wilangan
Guru gatra
Tibaning swara ing pungkasaning gatra ing sajroning tembang diarani . . .
Guru sastra
Guru basa
Guru lagu
Guru wilangan
Guru gatra
Pathokan tembang pangkur, yaiku :
Gatra:3, Wilangan:8,8,8,7,11,8,7 ,Lagu: a,i,u,a,u,a,i
Gatra:4, Wilangan:8,11,8,7,12,8,8 ,Lagu: u,i,u,a,i,a,i
Gatra:5, Wilangan:8,11,8,7,12,8,8 ,Lagu: a,i,u,o,u,a,i
Gatra:6, Wilangan:8,11,8,7,12,8,8 ,Lagu: a,i,u,a,u,a,i
Gatra:7, Wilangan:8,11,8,7,12,8,8 ,Lagu: a,i,a,a,u,a,i
Prethelan kang ateges ngedohi sawenehe tumindak kang ala yaiku . . .
Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenana mardi siwi
Mrih kretarta pakartining ngilmu luhung
Sinawung resmining kidung
Agama ageming aji
Panulise tembung ing ngisor iki kang bener yaiku . . .
bathuk
Dengkul
Lati
Dada
Tukul
Tuturan kang ngandharake sawijining prastawa utawa kedadean, umume awujud lelakon cekak kang wose crita munjerake sawijining paraga diarani . . .
Pawarta
Tembang Macapat
Cerkak
Parikan
Dhagelan
Dene urut-urutane cerita saka awal ngasi rampung diarani..
Alur
konflik
Setting
Penokohan
Sudut pandang
Perkara kang dadi punjering cerita diarani . . .
Alur
konflik
Setting
Penokohan
Sudut pandang
Salah sawijining unsur cerkak minangka latar belakang cerita kang ngemot wektu, papan/panggonan lan sosial budaya ing sajeroning cerita yaiku . . .
Alur
konflik
Setting
Penokohan
Sudut pandang
Nanging kuwi kabeh ora nyuda kekarepane bu Umi kanggo dodol pohung menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas 1 SMP. Miturut pethelan crita ing dhuwur, bu Umi nduweni watak...
jujur
gemi
Nriman
Grapyak
umuk
Sing ora klebu sumber pawarta saka medhia elektronik yaiku . . .
Radio
TV
Internet lan socmed
Koran
Rekaman Video
Unsur-unsur kang mbangun cerkak kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ….
tema lan amanat
alur lan setting
penokohan lan sudut pandang
riwayat pangripta
setting lan tema
Urut-urutaning teks crita sinebut ....
Tema
Alur
Setting
Sudut pandang
Penokohan
Ringkesan crita cekak sing mencakup unsur-unsur cerkak sinebut ….
Sinopsis
Abstrak
Intisari
Kerangka
Cekakan
Tembung liyane unggah-ungguh yaiku tembung ....
Tata krama
Tata basa
Tata ukara
Tata makna
Tata laku
Setitekna aksara jawa ing nduwur iki
Prapta wis mangkat kerja
Prasetya wis mangkat kerja
Prasetya saiki wis kerja
Prasangka saiki ora kerja
Prastio saiki wis kerja
Manawa kowe omongan karo gurumu, ukara sing bener yaiku….
Pak, buku panjenengan sampun kula paringke Pak Harta
Pak, buku panjenengan sampun kula caosaken Pak Harta
Pak, buku panjenengan sampun kula paringaken Pak Harta
Pak, buku panjenengan sampun kula caoske Pak Harta
Pak, buku panjenengan sampun kula wenehaken Pak Harta
Manawa kowe omongan karo pakdhemu sing bener ukarane ….
Pakdhe, kula badhe wangsul
Pakdhe, kula arep wangsul
Pakdhe, kula badhe kondur
Pakdhe, kula ajeng kondur
Pakdhe, kula arep mulih
Mase bapakmu kok celuk....
Paklik
Pakdhe
Simbah
Paktua
Budhe
Bapake Simbah diceluk
Simbah Buyut
Simbah Canggah
Simbah Wareng
Simbah Udheg-udheg
Simbah Gantung Siwur
Serat Wedhatama kang ngripta .…
Sri Paku Buwana IV
R.Ng. Ranggawarsita
K.G.P.A.A. Mangkunegara IV
Sultan Agung
Panembahan Senapati
Guru gatra tembang Pangkur ana . . .
5
6
7
8
9
“Nulodo laku utomo” ngandhut kesalahan ejaan. Yen disunting kanthi bener dadi ….
Nulado laku utama
Nuloda laku utama
Nuladha laku utama
Nuladho laku utama
Nulada laku utama
Manawa kowe omongan karo simbahmu sing bener ukarane ….
Mbah mengko aku bali jam pitu
Mbah mangkih kula mantuk jam 7
Mbah mangkih kula wangsul jam 7
Mbah mangkih kula kondur jam 7
Mbah mangkih aku wangsul jam 7
Pitakon marang simbahmu kang bener yaiku ?
Panjenengan dhahar kaliyan punopo mbah ?
Panjenengan adus jam pinten Mbah ?
Panjenegan badhe tilem jam pinten mbah
Panjenengan ameh maem kalih nopo Mbah
Panjengan badhe tindak nendi Mbah
